Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

Dumateng pinisepuh, sesepuh, Bapak, Ibu saha para wiranem langkung mboten kesupen monggo kita tansah ngunjukaken puji syukur dumateng ngarsa Dalem Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kulo kaliahan panjenengan sedoyo, sahinggo kita saget makempal manunggal wonten ing papan menika kanthi hadicara malam Tirakatan. Bapak Ibu saha para rawuh sedoyo ingkang tansah kinormatan, kula selaku pranata adicara ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpo pepindan awit rawuhipun Bapak, Ibu lan sedoyo tamu undangan ingkang sampun kerso rawuh wonten ing papan meniko dalam rangka malam Tirakatan mengeti Hari Ulang Tahun Proklamasi ingkang kaping 66 lan sekecakaken anggenipun lampahan dumugi paripurno acara puniko Gegandengan sampun dungkap ndalu monggo adicara wonten ing ndalu meniko enggal dipunpurwakani Sakderengipun kita purwakani, badhe kula waosaken adicara ingkang badhe lumampah Sepisan Pambuko Kaping kalih Atur Pambagyo harjo ingkang dipunslirani panjenenganipun Bapak....... Kaping tiga, Sambetan-Sambetan ingkang sepisan saking Ketua Panitia Ingkang kaping kalih saking Bapak Dukuh Duwet Gentong Kaping sekawan, Pembacaan Naskah Pidato Peringatan 17 Agustus Kaping gangsal,Donga kalihan pemotongan tumpeng ingkang badhe dipunslirani Bapak.... Kaping enem, lain-lain Kaping pitu, panutup Mekaten adicara ingkang badhe lumampah Bapak, Ibu, para lenggah sedoyo, monggo kita purwakani adicara ingkang kaping sepisan inggih menika pambuko, monggo wonten ing adicara puniko kita doa sesarengan ingkang ngrasuk agama Islam monggo maos lafal Basmallah,, ingkang ngrasuk agama sanes kulo sumanggaaken Monggo kulo derekaken Adicara ingkang kaping kalih : Pambagyoharjo ingkang badhe dipunslirani deneng Bapak ...., dumateng Bapak ......... Sumonggo katur Dumateng Bapak .............. kulo aturaken matur nuwun Kito lajengaken adicara ingkang kaping tigo inggih meniko sambetan2 Sambetan saking Ketua Panitia, dumateng ......... sumonggo katur Dumateng ................................kulo aturaken matur nuwun Kita lajengaken,, adicara ingkang kaping sekawan Pembacaan Naskah Pidato Peringatan 17 Agustus ingkang badhe dipunslirani panjenenganipun Bapak....... ,, dumateng Bapak ....................... kulo sumanggaaken. Sakmeniko kita lajengaken adicara ingkang kaping gangsal inggih meniko Donga

kalihan pemotongan tumpeng ingkang badhe dipunslirani Bapak.... Dumateng bapak Tukimin Sumonggo katur Matur nuwun dumateng Bapak tukimin ingkang sampun mimpin donga menika Kita lajengaken,, adicara ingkang kaping enem inggih meniko lain-lain. Monggo para wiranem ............................................. Sakmenika adicara ingkang pungkasan inggih meniko panutup Sakderengipun acara meniko kita tutup kulo minangka pranatacara menawi wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun agunging samudro pangaksami Monggo wonten ing adicara pungkasan meniko kito tutup kanthi maos lafal Hamdallah ingkang ngrasuk Agami Islam, ingkang Agami sanesipun kulo sumanggaaken,, Monggo kulo derekaken Wasalamualaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai