Anda di halaman 1dari 25

KD 1 : Memahami dan menanggapi sesorah dalam berbagai kegiatan di masarakat

A. BUSANA MANTEN GAGRAG NGAYOGYAKARTA

A. Nyemak Tuladha sesorah bab busana manten Gagrag Ngayogyakarta Assalammualaikum wr. Wb. Mugi kawilujengan, kabagaswarasan, saha karahayon tansah kajiwa kasarira dhateng kula tuwin Panjenengan sedaya. Para sesepuh, saha pinisepuh, saha para pepundhen ingkang dahat kinabekten, saha para tamu kakung miwah putri ingkang kinurmatan. Langkung rumiyin mangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring kanugrahan saha kanikmatan tanpa pepindhan, saengga kula Panjengan sadaya saged pepanggihan wonten ing sasana menika kanthi widada nir sambekala. Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para tamu ingkang minulya, wonten ing pepanggihan menika kula badhe ngandharaken busana penganten gagrag Ngayogyakarta . Busana tuwin simbolsimbol ingkang wonten ing busana menika saged kangge titikan kabudayaning bangsa. Mekaten ugi tumraping tiyang Jawa. Wonten reroncening tembung ingkang ungelipun Ajining raga saka busana. Menika mracihnani bilih busana tumraping tiyang Jawa kalebet nemtokaken satunggaling pawongan menika dipunaosi utawi boten. Wekdal samangke busana penganten adat tradhisional taksih dipunlestantunaken, jalaran kayektosanipun sanajan jamanipun sampun majeng, nanging menawi ngawontenaken pawiwahan palakrama, tiyang Jawa taksih remen ngginakaken busana adat trdhisional Jawa. Sarehne penganten menika asring sinebat raja sa-ari, pramila busananipun inggih niru utawi ngemba busananing raja. Kejawi menika, mila keblating kabudayan Jawa menika inggih kraton. Saderengipun jaman kamardikan, upacara dhauping penganten menapa dene busananipun kajumbuhaken kaliyan drajad tuwin pangkat. Jaman rumiyin ingkang ngagem busana kados ingkang dipunagem ing kraton, inggih namung kulawarga utawi sentananing raja. Samenika jamanipun sampun ewah-gingsir, busana penganten kraton sampun dados darbeipun masarakat. Sinten kemawon ingkang badhe krama, badhe milih ageman corak menapa kemawon sampun boten wonten pambenganipun. Bapak-bapak Ibu-ibu ingkang tansah amemayu pepoyaning kautaman, perlu kawuningan bilih busana manten gagrag Ngayogyakarta menika wonten gangsal inggih menika :

1. Busana Penganten Yogya Putri 2. Busana Penganten Kasatriyan 3. Busana Penganten Kasatriyan Ageng 4. Busana Penganten Paes Ageng 5. Busana Penganten Paes Ageng Jangan Menir/Kanigaran Bapak-bapak Ibu-ibu, mangga busana asiling kabudayan luhur menika sami dipunuri-uri kanthi nyinau werdining pralambang utawi simbol-simbol ingkang wonten ing busana menika. Para tamu ingkang pantes sinudarsana, kados cekap semanten rumiyin ingkang saged kula aturaken. Wonten kiranging subasita, saha kirang tumata pangrakiting basa, saestu kula nyuwun gunging samodra pangaksami. Matur nuwun. Wassalamualaikum wr.wb.

B. Busana Temanten saha Titikanipun

NO

Cakrik Manten

Kakung - Kuluk kanigara - Ngagem sumping - Busana bludiran / blenggen keprabon - Kain/jarik pradan - Selop bludiran

Putri - gelung tekuk - Ngagem cundhuk mentul 1 - Busana bludiran/ blenggen/keprabon - Kain/jarik pradan - Selop bludiran

Yogya Putri 2 Busana Surjan Ngagem udheng Selop polos Busana kebaya Gelung tekuk Mentul 5 Kain/jarik pradan Selop polos

Kasatriyan 3 Busana Surjan Kuluk Kanigara - Busana kebaya - Gelung tekuk

Selop polos

- Mentul 1 - Kain/jarik pradan - Selop polos

Kasatriyan Ageng Paes Ageng - Kuluk kanigara rambut ukel Busana bludiran Ngagem kain cinde Ngagem kelat bahu Selop bludiran busana bludiran Ngagem kain cinde Ngagem kelat bahu Selop bludiran Gelung bokor gajah ngoling Kuluk matak rambut kucir Sumping sekar sritaman Celana cinde Kain kampuh/dodotan Busana lukar Ngagem kelat bahu Selop bludiran - Gelung bokor gajah ngoling - Cundhuk mentul 5 - Kain cinde - Ngagem kain kampuh/dodotan - Busana lukar - Selop bludiran

Paes Ageng Jangan Menir/

B. UPACARA TARUB JANGKEP NGAYOGYAKARTA

Upacara Tarub (pasang bleketepe)


Salah satunggaling upacara wonten ing upacara wiwahaning penganten inggih menika upacara pasang tuwuhan ingkang kawastanan upacara tarub. Upacara tarub inggih menika upacara pasang tetuwuhan sarta janur kuning minangka rerenggan papapaning pawiwahan. Janur kuning sarta tuwuhan kapacak ing korining pawiwahan. Miterat tradhsi Jawa, pasang tarub sarta tuwuhan menika mawi dhasar petangan wekdal, dinten, sarta tanggal ingkang sampun kapetang kanthi premati. Pasang tarub menika limrahipun sareng kaliyan upacara siraman. Saderengipun tarub kapasang, langkung rumiyin kacawisaken sajen tarub supados upacara pawiwahan penganten saged lumampah kanthi sae nir ing sambekala.

Sesaji tarub

tumpeng tarub

Dene sajen tarub menika warni-warni kados ing ngandhap menika :


1.

Sanggan, inggih menika ubarame ingkang arupi pisang raja satangkep, sekar telon (kenanga, mlathi, kanthil), kinang, saha lawe wenang dipunpapanaken ing tambir ingkang sampun kalemekan ron pisang. Tumpeng robyong, inggih menika tumpeng ingkang dipunrenggani kuluban. Tumpeng menika kadamel saking sekul ingkang kacithak mawi kukusan supados wujudipun saged kados gunungan. Lajeng kapapanaken wonten ing satengahing tambir. Pucuking tumpeng dipunsukani sundukan tigan godhog, brambang, lombok abrit, kasunduk malang lajeng nginggil piyambak lombok abrit kasunduk mujur. Tumpeng gundhul, kapapanaken ing tengah-tengahing tambir, ing pinggiripun dipunsukani rerenggan sawarnining jajan pasar saha jenang warni pitu. Tumpeng megana, inggih menika tumpeng ingkang dipunjangkepi mawi kuluban bumbunipun pedhes. Sekul liwet dipunlawuhi srundeng, sekul ambeng (SEKUL GOLONG TABURI

2.

3.

4.

5.

JEROAN GORENG), sekul kebuli (NASI GURIH/UDUK) , sekul punar (SEKUL WERNINIPUN JENE (KUNING)), sekul lulut (KETAN), sekul golong sajodho (SETENGAH LINGKARAN LAWUHIPUN TELUR DADAR), kasukakaken sanginggiling tigan dadar lan katutup tigan dadar.
6.

Jajan pasar, menika woh-wohan pala gumantung, pala kependhem kagodhog, pala kasimpar, dhaharan tradhisional kadosta jadah, wajik, gathot, lapis, gethuk, legendar, lsp.

7. Rujak degan, kopi saha teh pait, setunggal lencer udut.


8.

Brokohan arupi dhawet segelas, klapa, tigan ayam mentah, gendhis jawa selirang. Rikala upacara tarub, brokohan kaliyan tumpeng megana kapapanaken ing sangandhaping papan ingkang kangge sare calon penganten.

9.

Ketan mancawarna saha jadah, kolak, apem. Sekar pari, sekar telon, tigan ayam kampung, bumbu pawon, kaca pangilon, serat, krambil, empon-empon.

10. Pisang ayu


11.

12. Toya tempuran saking kalih lepen lajeng dipunwadhahi kendhil alit. 13. Damar/diyan ingkang kadamel saking grabah kaisenan lisah, kasumet rikala upacara tarub.
14.

Tempe mentah ingkang kabuntel mawi ron pisang dipuntangsuli merang, gendhis jawa setangkep.

15. Sajen bucalan. Sedaya ubarampe upacara tarub dipuncepakaken dening para pinisepuh saking kulawarga temanten putri kabiyantu tangga tepallih. Menawi ubarampe sampun cumawis jangkep, sedaya kulawarga lajeng lenggah jajar sacelakipun sajen tarub lajeng sami munjukaken pandonga lan panyuwun dhumateng Gusti mugi anggenipun gadhah damel pinaringan kawilujengan. Kalajengaken pasang tarub, bleketepe. Menawi sedaya sampun rampung, sajen saged kalorod lajeng kadhahar sesarengan. Tata Cara Upacara Awal Mantu A. Pasang Tarub, ancasipun kangge miyaraken sasana pawiwahan, kanthi rerenggan janur kuning. B. Buwangan, Pirantinipun panjang ilang kanthi isi bumbon pawon, kacang, dhele, daging,arta receh. Ancasipun kangge mbuwang sedaya sukerta lan pepalang supados pakaryan ingkang dipunlampahi boten wonten alangan. C. Pasang tuwuhan, ancasipun supados temanten sarimbit saged nuwuhaken gesang ingkang utama, minangka tepa palupining brayat. 1. 2. Pisang Raja satundhun----- pralambangipun bilih manten menika pinindha raja, mugi temanten nggadhahi watak saha nuladha pakarti raja ingkang sae. Cengkir gadhing ----- Salebeting cengkir menika isi toya ingkang suci lan wening, mugi tresnanipun temanten linambaran tresna suci, pamilihing garwa adhedhasar manah ingkang wening. 3. 4. Tebu Wulung ----- pamilihing jodho kinantenan antebing kalbu sinartan teguh ing iman. Ron kluwih ----- mugi anggenipun mantu boten kekirangn syukur kepara malah kaparingan kalangkungan.

5. 6. 7. 8. 9.

Ron alang-alang ----Ron apa-apa ----samukawis pepalang.

sambekalaning (alangan) karsa saged ical satemah amrih anggenipun mantu ora ana apa-apa kalis saking

anggenipun mantu saged wilujeng tanpa alangan.

Pari sawuli ----- amrih gesangipun temanten saged kadya pantun saya isi saya tumungkul tuwin kacekapan ing boga. Sekar saha wohing kapas wastra/sandhang. Ron waringin ----- amrih temanten saged pikantuk pengayoman, kasembadan ingkang dados gegayuhanipun. ----mugi temanten sageda kacekapan ing

10. Pengaron isi sekar setaman ----- mugi gesangipun temanten tansah manggih raos suka sumringah kadya sekar ingkang nedheng anjrah ing taman. 11. Janur ----- jan: temen/sejati, nur : sunar. Nur ingkang sejati ingkang mijil saking Gusti. Mugi gesangipun temanten pikantuk pitedah lan wewarah saking Gusti ingkang mahamirah. D. Siraman, katindakaken sedinten saderengipun temanten dhaup, kirang langkung wanci tabuh sedasa. Ngemu pralambang supados temanten kekalih sageda resik lair batosipun E. F. Paes. Ing salebeting sasana sumbaga, CPP dipunalub-alubi---- dipunkerik rikmanipun ing nginggil palaraban. Sade dhawet, suka pralambang saha pangajab supados benjingipun tatkala upacara dhauping temanten swasana regeng gayeng. Tiyang sepuh paring donga pangestu supados gesangipun temanten sageda murakabi dhateng tiyang sanes, suka paring dana. G. Plangkahan, dipunadani menawi temanten kagungan kadang sepuh ingkang dereng krama. Ancasipun nyuwun donga pangestu supados anggenipun nglampahi gesang bebrayan samangkih saged wilujeng kalis ing sambikala. H. Midodareni, Upacara midodareni minangka srana panebusing kembar mayang, Kembar mayang minangka sarat sarana dhauping rising temanten. Upacara tumuruning kembanr mayang minangka pralambang tumurunipun Dewa Kamajaya lan Dewi Kumaratih. Kembar mayang mengku makna sinandi inggih menika kembaripun temanten kekalih, kembar sih katresnan, kembar cipta, rasa miwah karsanipun. Kembar mayang ugi sinebat Sekar kalpataru dewadaru minangka lambang karahayuan, minangka saran tulak balak amrih lampahing tata upacara penganten saged rahayu kalis ing rubeda.

C. OBAT TRADHISIONAL
Nuwun, ingkang kinurmatan Bapak Supraba minangka kepala Dukuh dusun Karangwuni, ingkang kinurmatan para rawuh kakung miwah putri, lan kadang wiranem ingkang kula tresnani. Assalamualaikum wr.wb. Para lenggah, magga kula Panjennegan sedaya langkung rumiyin ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Mirah awit paringipun rahmat saenga ing titi wanci menika kula Panjenengan saged kempal ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala. Siyang menika kula badhe atur rembag sapala (matur bab ingkang sepele) bab Obat Tradhisiona. Obat tradhisional menika obat ingkang kadamel saking tetuwuhan, kewan, utawi toya. Obat tradhisional ing bebrayan ageng Jawa limarah kasebat jamu utawi jampi. Jampi menika sampun wiwit jaman rumiyin kaginakaken minangka sarana kangge njampeni sesakit ugi minangka sarana kangge njagi kasarasaning badan. Sanajan jaman lan teknologi sampun majeng ananging jamu taksih tetep gesang ing madyaning bebrayan. Para lenggah ingkang minulya, ngginakaken obat tradhisional utawi jampi menika boten nglanggar angger-angger, malah ing bebrayan ageng, mliginipun ing tlatah Jawa, jampi menika migunani sanget kangge njagi kasarasaning badan. Jampi menika saged karacik piyambak lan umpaminipun saged dipunpanggihaken ing peken, wande, malah wonten ing sakiwa tengening pekawisan . Pamarentah ugi paring panjurung bab wontenipun TOGA (Tanaman Obat Keluwarga) . TOGA menika limrahipun dipuntanemi tuwuh-tuwuhan minangka obat ing

padintenan umpaminipun taneman ingkang kapethik pucukipun inggih menika salam, jeruk purut, dene ingkang kaginakaken kangge obat oyotipun utawi empunipun, kadosta jae, kencur, kunir, kunci ingkang kalimrah kasebat empon-empon.

Empon-empon

kunir

jae

TOGA menika saged katanem ing pakawisan kanthi siti ingkang kacawisaken kanthi sae. Saderengipun dpuntanemi TOGA, siti dipunpaculi lajeng dipunrabuk, dipundamel punthuk-punthukan supados boten kelem menawi jawah. TOGA ugi saged katanem wonten ing pot saking piranti plastik ingkang sampun boten kangge, saged ugi ngginakaken polybag. Lajeng pot-pot wau katata miturut remen saha kawontenanipun kangge pasren. Tanemantaneman menika wau gampil sanget gesangipun lan murakabi dhateng gesang padintenan. Asiling taneman wau boten namung kangge jampi nanging nggih saged dipunginakaken minangka tambah bumbu olah-olah. Para lenggah ingkang tansah pinaringan begja mulya saking Ingkang Maha Kuwaos, pigunaning TOGA ing grsang padintenan menika saged kawastanan nguntungaken sanget. Tuladhanipun, menawi wonten ingkang masuk angin, kula lan Panjenengan saged mendhet jae kinten-kinten 10 cm lajeng kapanggang ing latu kados manggang sate, menawi sampun alum dipunonceki, dipungirah ngantos resik, dipunthuthuk nanging boten ngantos ajur, dipunsukakaken gelas dipuntambah gendhis jawa miturut remenipun lajeng dipuncuri toya umub, katutup sawetawis. Menawi sampun kirang benteripun lajeng dipununjuk tiyang ingkang masuk angin. Para lenggah menika kalawau tuladha sawetawis pigunanipun TOGA. Kanthi TOGA kulawarga saged ngirit dana kangge kasarasan. Sejatosipun taksih kathah daya pigunanipun tetuwuhan sanesipun ingkang dipunlarah menapa ginanipun tumrap panggulawenthah bab kasarasaning badan utawi minangka njampeni sesakit. Para lenggah mugi-mugi andharan kula bab obat tradhisional menika wau wonten manfaatipun tumrap Panjenengan sedaya. Ingkang kula andharaken menika adhedhasar rembag gethok tular. Nanging gandheng wekdalipun sampun ndungkap sonten pramila kula namung saged matur jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta yen wonten lepat kawula. Wassalamualaikum wr.wb.

KD 2 : Simulasi berbahasa Jawa dalam keluarga dan masyarakat dengan unggah-ungguh yang tepat.

Busana Penganten Paes Ageng Kanigaran

Paes Ageng Yogyakarta / Kanigaran.

Tuladha pagineman ingkang ngrembag bab busana penganten. Nalika dinten Minggu Paing, surya kaping 7 Mei, wanci jam 4 sonten, Pratiwi ndherekaken ibunipun sowan dhateng dalemipun Ibu Kusuma, satunggaling juru sumbaga ingkang kawentar ing Ngayogyakarta, badhe ngrembag bab tatacara adat penganten tuwin busana ingkang badhe dipunangge dening Pratiwi tigangwulan malih.

Ibu Barata Ibu Kusuma Ibu Barata Ibu Kusuma

: Kulanuwun.... : E... BU Barata, mangga BU, mangga Nak, katuran lenggah. Sugeng Bu, sugeng Nak? : Pangestunipun ...wilujeng sakonduripun Bu Kusuma rak nggih wilujeng ta BU? : Inggih pangestunipun BU Barata inggih tansah manggih karahayon.... kagungan kersa menapa Bu? Njanur gunung Bu Barata rawuh dhateng griya kula?

Ibu Barata

: Menika Bu, anak kula Pratiwi badhe nyuwun pirsa bab busana penganten gagrag Ngayogyakarta, mliginipun busana Paes Ageng Kanigaran. Menawi boten wonten pambengan tigang wlan malih badhe dados manten. Kaliyan benjing nyuwun dipunbusanani. kepareng matur

Ibu Kusuma Pratiwi Bu Kusuma

: O,... mekaten kersanipun, lha sing arep disuwunke pirsa apa ta Nak? : Bab tatacara adat lan busananipun penganten BU? : Bab tatacara adat ing kabudayan Jawa mligine Ngayogyakarta, kawiwitan saka slametan utawa wilujengan amrih apa kang bakal katindakake tansah slamet ora ana alangan sawiji apa. Sabanjure pasang tuwuhan lan bleketepe. Tuwuhan dipasng ing korining pawiwahan, ana tebu , cengkir gadhing, ron kluwih, pisang raja, lsp. Dene bleketepe dipasang neng payon, minangka pralambang yen wong tuwa kuwi minangka

Pratiwi

pangayoman. : Wah kathah sanget Bu, mangkih kula cathet kemawon, kaliyan kula kepengin mangertos menapa bedanipun busana penganten Paes Ageng kaliyan buasa penganten Paes Ageng Kanigaran? Estunipun Ibu kula kepengin sanget sawanci-wanci kula emahemah supados ngangge busana Paes Ageng, nanging kula boten purun, jalaran menawi ngangge rasukan menika kula

Bu Kusuma

lingsem. : O... sejatine ora akeh bedane. Paesing pasuryan, ukel, dodot, selop, sangsangan, canela, gelang, kelat bahu, kabeh padha. Bedane mung ana ing rasukan lan kuluk. Kanggo busana Paes Ageng nganggo kuluk Matak waranane biru laut, dene Paes

Ageng Kanigara nganggo kuluk Kanigaran warnane ireng diparingi plisir benang emas. Bab rasukan, yen busana Paes Ageng kuwi penganten kakung dalah penganten putri ora ngagem rasukan. Kanggo busana penganten Paes Ageng Kanigaran, penganten kakung putri ngagem rasukan. Supaya Pratiwi cetha iki ana fotone, ditingali wae. : Inggih.... Bu , matur nuwun.

KD 3 : Memahami pesan moral dalam teks sastra Jawa

A.

NYAMPING KAGUNGANE EYANG


Langite katon mendhung angendhanu, ampak-ampake kandel dadi pepalang tumrap

wong kang arep ndeleng sesawangan ing sakiwa tengening Bandara Sepinggan, Balikpapan. Esuk kuwi kira-kira jam 08.00 WITA. Saka corong pengumuman keprungu warawara yen motor mabur Garuda kang tumuju Ngayogyakarta liwat surabaya diundur rong jam. Ya ora mokal, wong ampak-ampake kandel banget, gajege pilote rada ringa-ringa yen arep take off. Kabeh kuwi amarga saka akehe alas kang kobong. Karo lungguh ngenteni wektu kang wis ditemtokake, gagasane Pratiwi dadi nglangut. Telung taun kepungkur, sawise winisudha sarjana, dheweke ditampa nyambut gawe ana BUMN kang kondhang ing Balikpapan. Niyate nalika semana, dheweke pancen kepingin lunga adoh ninggalake kutha Ngayogyakarta, kutha kelairane. Kutha kang tansah ngelingake Pratiwi marang Wisnu sawijining pemudha sing tau dadi geganthilaning atine. Wisnu bocahe mrebawani, pakulitane rada ireng nembaga sinangling, manis banget, alise kandel. Dhasare Wisnu dadi ketua OSIS, ya ora mokal yen akeh bocah putri sing seneng marang Wisnu, mula Pratiwi ya rumangsa mongkog dadi kekasihe Wisnu. Eyange putri nate ngendika yen Pratiwi karo Wisnu pancen pacangan serasi. Lulus saka SMA Wisnu kuliah ana ITB Bandung. Seminggu rong minggu Wisnu tansah kirim kabar srana tilpun, kala-kala ya nganggo layang lan ngelingke supaya Pratiwi tansah sregep sinau. Wektu semana Pratiwi ya wis lulus SMA. Dheweke kuliah ing UNY

Program Studi Bahasa Inggris. Neng UNY jane ya akeh sing nyedhaki, nanging atine Pratiwi wis kebacut digondhol Wisnu menyang Bandung. Sawijining sore Eyange Putri nimbali Pratiwi. Ngendikane Eyang Putri : Wik renea Ndhuk, mlebua kamare Eyang kene. Pratiwi banjur mlebu kamare Eyange. Umurmu pira Ndhuk saiki? pandangune eyange. Wangsulane Pratiwi,Kalih likur Yang. Eyange putri mendel karo mriksani, njur ngendika maneh, Wah wis diwasa kowe Wik. Suk yen wis lulus ndang dadi manten wae ya Ndhuk! Iki Eyang wis nyawisi sandhangan dinggo midadareni, ijab, lan panggih. Kanggo midodareni iki nganggo nyamping Wahyu Tumurun, yen ijab nganggo Sida Asih. Lha yen panggih kudu nganggo Sida Mukti, supaya ing tembe uripmu mukti ya Ndhuk! Iki nyampinge Eyang Putri biyen sawitan karo Eyang Kakung. Nyamping-nyamping iki bathik tulis alus tenan, sing mbathik Eyang dhewe lho . Mengko pas panggih kowe nganggo kebayak kuning gadhing dene Wisnu ben nganggo surjan sing wernane uga kuning gadhing. Wah mesthi kaya Bathara Wisnu Karo Dewi Pratiwi ngejawantah. Yen kanggo resepsine nganggo ageman Kanigaran wae ya Wik! Coba waspadakna nyampinge simbah iki, Wik!

Wahyu Tumurun

Sida Asih

Sida Mukti

Halo halo pengumuman penumpang pesawat dengan nomer penerbangan 17 tujuan Yogyakarta segera diberangkatkan. Para penumpang dipersilahkan menuju pesawat melalui pintu V. Gragapan .. Pratiwi enggal-enggal nyaut tas cangklong sing diseleh ing sandhinge. Sanajan jumangkah tumuju kori V, pikirane Pratiwi tansah kelingan welinge Eyange, samangsa dadi manten supaya nganggo nyamping Sida Mukti lan kebayak kuning gadhing. Lungguh cedhak cendhela, atine Pratiwi kaya rinujit-rujit. Dina Wage Kemis sesuk pengetan mendhak pisan sedane Eyange Putri. Pepinginane Eyange Putri supaya Pratiwi nganggo nyamping Sida Mukti sesandhingan karo Wisnu ora bakal klakon. Wisnu wis omah-

omah kecanthol mojang Priyangan, malah kabare saiki wis duwe momongan. Ora krasa eluhe Pratiwi ndlewer nelesi pipine . Sawise ngelapi eluhe, liwat cendhela motor mabur, Pratiwi ndeleng mangisor katon laut Jawa . Ing sela-selaning mega kaya-kaya ana nom-noman sing lagi mesem marang dheweke . Christian Sugiono. Gelem apa ora ya . Christian dibebedi nganggo nyamping kagungane eyang?

B.

UBARAMPE PASRAH SANGGAN SAHA LAMBANG KALPIKA, TATACARA DHAUP


Ubarampening adicara pasrah sanggan saha lambang kalpika kados ing ngandhap menika : 1. Kalpika. Maknanipun: tresnanipun ingkang badhe gesang tembayatan boten wonten telasipun, saking awal lan akhiripun, saking donya dumugi delahan. 2. Ageman putri sapengadeg. Maknanipun: Putra kakung badhe nyekapi sedaya kabetahaning garwa nutupi sedaya wewados utawi saru sikuning garwa, ngemuli lair lan batosipun satemah boten kacingkrangan. 3. Rerenggan pelik-pelik. Maknanipun : Putra kakung tansah badhe ngudi sumoroting garwa, boten badhe tumindak ingkang saged ndadosaken kuceming garwa satemah saged dados tepa palupining brayat. 4. Jadah, Wajik, Jenang, Lsp. Maknanipun : Nadyan awujud jalu tanapi wanita saged saeka kapti ing pakarti saeka praya ing sedya. 5. Woh-wohan. Maknanipun : Mugi tresnanipun temanten kekalih saged mujudaken woh ingkang sejati tumuju ing ancas ingkang sinedya nun inggih palakrama 6. Suruh Ayu lan Pisang Ayu. Maknanipun : Suruh lumah lawan kurep beda ananging yen digeget nunggal rasane. Priya lan wanita menawi sampun dados jatu kramanipun badhe manunggal ing cipta rasa miwah karsanipun. Pisang limrahipun pisang raja, amrih tumindakipun temanten pinindha raja ingkang sarwa-sarwi tanggel jawab. 7. Cengkir Gadhing. Maknanipun : Cengkir menika isi toya ingkang suci, mugi tresnanipun jalwesrti wau linambaran tresna ingkang suci.

8. Arta utawi Buwuh. Maknanipun : Buwuh menawi dipunkerata dados imbuh-imbuh anggenipun bahde ewuh. Tiyang badhe mantu menika betahaken wragad ingkang boten sekedhik. 9. Urip-uripan sajodho. Maknanipun : ingkang bahde jejodhohan sageda tanggel jawab dhumateng brayatipun. Urut-urutaning upacara dhauping temanten utawi panggih sarta maknanipun kados ing ngandhap menika : 1. Penganten putri miyos Penganten putrid miyos saking tepas wangi kalenggahaken ing sasana rinegga. Miyosipun dipunkanthi dening rama, ibu miwah juru sumbaga. 2. Penganten kakung rawuh Rawuhipun penganten kakung limarahipun kadherekaken pangombyong saking pinisepuh, tiyang sepuh, sanak kadang cinaket. 3. Pasrah tinampi penganten Pasrah tampi inggih menika tiyang sepuhipun CPK masrahaken CPK dhumateng tiyang sepuhipun CPP saprelu dipunijabaken. Adicara pasrah temanten dipunadani menawi: a. Ijab sampun kalampahan ing wanci kepengker, dados adicara ngemungaken pawiwahan dhaup. Adicara pasrahipun penganten kakung saprelu kadhaupaken kaliyan temanten putri. b. Ijab badhe kalampahan dados setunggal kaliyan rerangkening pawiwahan. CPK kapasarhaken dhumateng tiyang sepuh CPP saprelu kaijabaken lan kadhaupaken kaliyan rising temanten putri. 4. Panggih/dhaup, kanthi rerangken upacara: a. Balangan gantal Gantalipun temanten putri kawastanan gondhang kasih, tegesipun sisang temanten putri tansaha kagungan rasa tresna asih dhateng kakung. Gantalipun temanten kakung kawastanan gondhang tutur, maknanipun temanten kakung saged dados guru lakinipun temanten putri ingkang tansah paring wewarah saha pitutur dhumateng garwa. b. Minggah pasangan linambaran ron pisang. Temanten kekalih ingkang pinindha raja lan prameswari minggah pasangan. Tegesipun bilih temanten kekalih saestu sampun dados pasangan ingkang sejati. c. Mecah tigan Ngemu suraos bilih nalaripun temanten kakung sampun pecah, samekta mengku saha dados suhing kulawarga.

d. e.

Nyuceni Suku Tegesipun, mugi ical salwiring sukerta kalis ing sambekala. Ngunjuk toya saking kendhi pratala Tegesipun sasampunipun pecah nalaripun sageda menggalih samukawis kanthi wening.

f.

Sinengepan sindur Tegesipun tiyang sepuh taksih kersa paring wewarah saha pitedah lan paring dongan pangestu amrih gesangipun ingkang putra kekalih manggih kamulyan. 5. Upacara Adat Jawa a. Bobot Timbang : Kanthi timbang katresnane rama lan ibu, mugi saged kasembadan kamulyaning gesang temanten sarimbit. b. Wisudha Temanten : Tiyang sepuh sampun saged ngentasake keng putra saprelu bangun bale griya piyambak. c. Kacar-kucur : Temanten kakung badhe nuhoni tanggel jawabipun minangka kakung, paring guna kaya dhateng pawestri. d. Dulangan : penganten kakung sinengkuyung penganten putri badhe budidaya manunggaling brayat, boten badhe pepisahan. e. Bubak kawah : tiyang sepuh sampun kepareng kasil nuhoni jejibahan kanthi malakramakaken putra putrinipun. f. Tumplak punjen : Sampun boten badhe mantu malih. g. Sungkeman : Temanten nyuwun donga pangestu dhateng tiyang sepun saprelu nglampahi gesang bebrayan enggal. h. Kirab : salin busana

KD 4 : Memahami dan menganalisis karya jurnalistik

LUNTURING BUDAYA SJL (srawung, jagong, layat)


Rikala mapag pengetan 61 taun kamardikan RI me kabeh stasiun TV lan ora keri ariwarti, padha umyeg mbabarake omongan bab kandel tipise rasa nasionalisme kang didarbeni saiki. Nitik kahanan padinan katone kang aran semangat nasionalisme awake dhewe wis tipis. Rembug mau lumrah. Jalaran apa? Generasi mudha sajak wis ora tepung maneh karo budayane. Babagan ngendi sing isih bisa diagul-agulke? Jare ujaring kandha, bangsa kita darbe budaya adi luhung. Kasunyatane uripe seni budaya sajak kangelan tuwuh ngrembaka. Jare Indonesia kuwi bangsa kang sumeh, grapyak ing pasrawungan nanging kasunyatane gampang kebrangas kanepson utawa anarkhis, ora bisa nuwuhake rasa sukur tumrap peparinge Gusti Allah. Bangsa Indonesi, mligine suku Jawa uga duwe budaya adi luhung kang dadi werdine wong urip bebrayan. Budaya mau aran SJL. Irah-irahan SJL miturutpangandikane dhalang misuwur saka Surakarta, ura liya werdine yaiku: Srawung, Jagong, lan Layat. Rikalane limbukan, Ki Dhalang mratelakake, yen tetelune kuwi mujudake paugeraning wong urip neng ngalam ndonya. Apa tri paugeran kasebut isih katindakake tumrap saben warganing masyarakat? Wangsulane cekak aos wae, Wallahualam. Sajake yen dititi tenan, ing bab srawung isih adoh saka panjangka. Geleme srawung yen ana pamrihe, dene yen wus katekan karepe ya ditinggal semprung ngono wae. Bebasane, ada udang di balik batu.

Sabunjure ayo ngrembug bab budaya layat. Bab layat tumrap sedulur kang lagi nandang duhkita, sajak setali tiga uang, jas bukak iket blangkon, sama juga sami mawon. Pengalaman pait saka mitra mitrane penulis PS. Panjenengane durung suwe iki, kanthi kebak rasa trenyuh, dheweke nyritakake nalika kesripahan mbakyu pembayune sing wadon. Warta lelayu wis dikirim marang instansine sing lanag, semono uga marang paguyuban pensiunan sarta pengurus koperasi pensiunan. Nanging apa kang dumadi? Tetela saka instansi nalika dheweke ngabdi 25 taun lawase, ora digatekake babar pisan. Aja maneh ana layang sasuwek kang mratelakake melu belasungkawa, mitra sawiji wae ora ana sing teka layat. Ah kok memelas banget nasibe. Sabanjure mitrane penulis mau kanthi kekembang waspane, mratelakake prihatine. Terus terang dhewke ora mikirake antuk dana bela sungkawa apa maneh sing aran santunan, jer kabeh mau wis kapasrahake lan ana kang ngurusi dhewe. Sing digumuni kok ya kaya mengkono patrape para mitrane. Sajroning swasana dhuhkita, koko ya isih ana mungli barang. Maune dipetung bakal antuk pangentheng-entheng prabeya saka perusahaan jasa kematian, ora ngertia saka dana santunan kang ditimpa, malah kudu isih nombok. Bebasane wus kelangan kulawarga isih kesandhung pethi mati. Dikira menawa perusahaan mau nirlaba (ana unsur sosiale) malahan kebak mawa petungan. Liding omongan, majuning era kesejagadan lan modernisasi kang disengkuyung teknonlgi kang canggih pancen ora bisa diselaki. Bab iki merbawani tumindake saben pawongan kudu sarwa instan. Anane pesawat telpon upamane, tetela bisa nyingget wektu ananging ngedohake silaturahmi. Tuladha liyane, halal bi halal maune cukup mawa kirim layang , saiki diganti mawa SMS. Pesawat telepon lan kirim kartu idulfitri wis ora njamani maneh. Yen kabeh mau wis bisa kantindakake sarana SMS, lha kapan bisa ketemu karo priyayine kang kawongan? Ya kemajuan teknologi iki kang njalari budaya SJL banjur dadi luntur. Menawa kita ora kuwat anggone mbetengi budayane dhewe kang adi luhung, temtu bakal suwe mijet wohing ranti, kalindhih dening budaya manca kang tuhu ora cundhuk karo kapribaden kula lan panjenengan. Nuwun. (Eyange Tita)

KD 5 : Menulis surat resmi berbahasa Jawa


A. Pangertosan bab Serat Serat (layang) tumraping bebrayan Jawi taksih asring kaginakaken. Bakunipun serat wau kangge sarana mahyakaken gagasan. Serat saged kaperang dados kalih werni, inggih menika: (1) serat resmi saha (2) serat boten resmi. Serat boten resmi saged kadamel pribadhi ugi saged kadamel dening instansi. Limrahipun serat resmi badhe ngemot bab-bab ingkang boten wadi (personal). Pramila saking menika basanipun ugi ketingal gumathok. Suwalikipun, serat boten resmi adatipun kalebet serat wadi. Ingkang damel inggih menika pribadhi, katujokaken dhumateng tiyang sanes. Serat antawisipun siswa SMA dhumateng kekasihipun temtu klebet surat pribadhi. Liripun basa saha isinipun langkung mardika, kepara boten wonten pathokan mirunggan. Surat resmi saha boten resmi sejatosipun meh sami blegeripun. Paling boten serat wau ngemot (a) titi mangsa, (b) ingkang katuju, (c) ingkang ngirim, (d) pakurmatan, (e) wosipun, (f) panutup, (g) tandha tangan (tapak asma). Reroncening serat makaten ugi asring owah gingsir. Dumugi semanten saged dipunmangertosi bilih ingkang kagolong serat resmi, sampun boten asring kesrambah. Serat resmi kadosta serat lamaran, sampun boten asring ngginakaken basa Jawa. Serat resmi ingkang taksih ngginakaken basa Jawa inggih menika serat undhangan (sedhahan). Serat sedhahan sawau ugi sampun winates penganggenipun, mligi kangge ngaturi adicara ingkang gegayutan kaliyan adat tatacara Jawa. Sinaosa makaten ugi asring wonten serat sedhahan sanes ingkang ngginakaken basa Jawa. Serat sedhahan limrahipun mawi

basa Jawa krama. Ing pengangkah supados ingkang kintun serat rumaos ngaosi dhumateng ingkang katuju.

B. Tuladha Serat Resmi

RUKUN KAMPUNG NGRUKEM Sekretariat: Ngrukem, Rt 18, Telp. 08156805293 Bab : Sedhahan Suran Katur. Bapak/Ibu . Sakulawarga ing Ngrukem Assalamualaikum wr. wb. Rinengga sagunging kabagyan, Panitia Tirakatan Malem Siji Sura 2007 ngajeng-ajeng rawuh Panjengan benjing: Dinten/tanggal Titi wanci Papan Adicara agenging panuwun. Wassalamualaikum wr. wb. : Jumat, 19 Januari 2007 : Jam 20.00 purna : Srambi Masjid Aridla Ngrukem : Tahlil saha Tirakatan 18 Januari 2007

Mekaten serat sedhahan saking panitia, saderengipun kaaturaken

Ndherek ngajeng-ajeng rawuhipun: Ketua RK Ngrukem

Drs. H. Budirejo

C. Tuladha Serat Boten Resmi

Yogya, 17 Januari 2007 Katur Bapak/Ibu . ing Purworejo Kabar kula sae-sae kemawon. Mugi-mugi ing griya ugi makaten. Kajawi saking menika Pak/Bu, caos uninga bilih sekolah kula ing liburan Juli 2007 badhe piknik dhateng Bali. Mbayaripun saben siswa 500 atus ewu. Mila kula nyuwun kacawisaken, minggu ngajeng Insya Allah kula wangsul. Dene menawi kula ribed, boten saged wangsul, kula aturi mbeselaken kados biasanipun. Saderengipun matur nuwun. Nuwun. Sujud sungkem kula katur Bapak/Ibu. Kathah lepat nyuwun pangapunten. Pun nggih. Kula, Sabariman

Serat Resmi Basa Jawa


a. b. c. Serat (layang) tumraping bebrayan Jawa taksih asring kaginakaken. Bakunipun serat Serat saged kaperang dados kalih werni, inggih menika:

wau kangge : sarana mahyakaken gagasan. 1. Serat resmi saha, titikanipun : Saged kadamel pribadi utawi dening instansi Limrahipun ngemot bab-bab ingkang boten wadi Basanipun ketingal gumathok 2. Serat boten resm, titikanipun : a. b. c. d. Wujudipun serat Jawa : Ingkang damel pribadi Adatipun kalebet serat wadi Basa lan wosipun mardika Boten wonten pathokan ingkang mirunggan.

Serat ulem/sedhahan

Serat lelayu Serat Iber-iber Serat dhawuh Serat Kitir Serat Prajanjen Serat resmi saha boten resmi sejatosipun meh sami blegeripun. Paling boten serat

wau ngemot : 1. titi mangsa : papan lan wekdal damel serat. 2. ingkang katuju, 3. ingkang ngirim : peprenah 4. pakurmatan : adangiyah 5. pambuka : kabar keslametan lan donga pangestu. 6. wosipun : suraosing serat. 7. panutup : nyuwun pangapunten lan pangajeng-ajeng. 8. tandha tangan (tapak asma). Reroncening serat makaten ugi asring owah gingsir. Dumugi semanten saged dipunmangertosi bilih ingkang kagolong serat resmi, sampun boten asring kesrambah. Serat resmi kadosta serat lamaran, sampun boten asring ngginakaken basa Jawa. Serat resmi ingkang taksih ngginakaken basa Jawa inggih menika serat undhangan (sedhahan). Serat sedhahan sawau ugi sampun winates penganggenipun, mligi kangge ngaturi adicara ingkang gegayutan kaliyan adat tatacara Jawa. Sinaosa makaten ugi asring wonten serat sedhahan sanes ingkang ngginakaken basa Jawa. Serat sedhahan limrahipun mawi basa Jawa krama. Ing pengangkah supados ingkang kintun serat rumaos ngaosi dhumateng ingkang katuju. Tuladha Serat Resmi :

RUKUN KAMPUNG NGRUKEM Sekretariat: Ngrukem, Rt 18, Telp. 08156805293 Bab : Sedhahan Suran Katur. Bapak/Ibu . Sakulawarga ing Ngrukem Assalamualaikum wr. wb. 18 Januari 2007

Rinengga sagunging kabagyan, Panitia Tirakatan Malem Siji Sura 2007 ngajeng-ajeng rawuh Panjengan benjing: Dinten/tanggal Titi wanci Papan Adicara agenging panuwun. Wassalamualaikum wr. wb. Ndherek ngajeng-ajeng rawuhipun: Ketua RK Ngrukem Drs. H. Budirejo : Minggu, 19 Januari 2009 : Jam 20.00 purna : Srambi Masjid Aridla Ngrukem : Tahlil saha Tirakatan

Mekaten serat sedhahan saking panitia, saderengipun kaaturaken

Tuladha Serat Boten Resmi

Yogya, 17 Januari 2007 Katur Bapak/Ibu . ing Purworejo Kabar kula sae-sae kemawon. Mugi-mugi ing griya ugi makaten. Kajawi saking menika Pak/Bu, caos uninga bilih sekolah kula ing liburan Juli 2007 badhe piknik dhateng Bali. Mbayaripun saben siswa 500 atus ewu. Mila kula nyuwun kacawisaken, minggu ngajeng Insya Allah kula wangsul. Dene menawi kula ribed, boten saged wangsul, kula aturi mbeselaken kados biasanipun. Saderengipun matur nuwun. Nuwun. Sujud sungkem kula katur Bapak/Ibu. Kathah lepat nyuwun pangapunten. Pun nggih.

Kula, Sabariman

Anda mungkin juga menyukai