Anda di halaman 1dari 4

Amarga Salah Paham

Sawijining dina Ora kaya biasane Pras lan Pandu sing kawentar minangka kanca raket iku meneng-menengan lan katon wis rong dina ora guneman, amarga kuwi Yudha sing bocah anyar pindahan saka kutha nanging uga kerep srawung karo kekarone nyoba nengahi supaya paseduluran ing antarane bocah loro iku ora pedhot. Pras, aku lihat-lihat wis rong dina iki kok nggak bertegur sapa karo Pandu, memangnya kowe ana masalah ya karo Pandu?, pitakone Yudha nganggo basa jawa sing grothal grathul. Ora kok Yud, ora ana apa apa, jawabe Pras singkat. Ayolah Pras, ora usah ngapusi.. kalian kan sahabat, kanca kenthel malah kata Bu Guru, pasti ada sesuatu kan mungkin wae aku bisa bantu, Yudha tetep ora nyerah mbujuki Pras supaya gelem crita. Yud, sebenere pancen aku karo Pandu wis ora sapa aruh rong ndina iki, tapi iki merga kabeh salahe kok, mosok buku diktat sing disilih Pandu ki ngakune wis dibalikke seminggu kepungkur, padahal kenyataane durung mbalik ning aku, nanging Pandu ngodro yen wis dibalikke pas dolan ning omah malah ganti nuduh aku pikun jan nggregetke tenan bocah iku, pungkasane Pras crita dawa. Ooongono to Pras, tapi memangnya sudah kamu cari ke tempat lain selain di meja belajarmu Pras, ya siapa tahu bukunya ketlingsut dimana gitu?, Yudha nyoba takon kanthi ati-ati. Apa kowe ya nuduh aku pikun, lali ndeleh buku ning endi to Yud?, Pras rada muring-muring ditakoni ngono. Yo nggak gitu, aku kan cuman nanyasapa ngerti gitu, ntar aku boleh kan main ke tempatmu, tak nyoba bantu kamu nyari sekalian belajar bareng kaya biasane, piye Pras?, pitakone Yudha. Yo gak pa pa sih, sinau bareng wae ning nggonku Yud, jawabe Pras. Iya dehsip. Sampai ketemu ngko sore yo Pras. *** Sejam sakdurunge. Dadi ngono critane Yud, mosok aku ki yo ngapusi to wong cetha cetha aku ki wis mbalikke bukune Pras kok pas aku dolan ning omahe. Ooh gitu critanya Pan..hem mungkin saja Pras lupa, lali kalau buku yang kamu pinjam wis mbok balikke yo, ujare Yudha.

Lagian Pras iku kan lalinan Yud, kowe ngerti dhewe kan muga muga sih bukune pancen ming ketlingsut, aku yo dadi ora penak gara-gara buku dheweke dadi meneng menengan ngene, dikirane aku ora njaga amanah to, curhate Pandu maneh. Ya sudah kalau gitu, nanti sore kamu ikut aku saja kita sinau bareng seperti biasanya, nanti sambil njelasin masalah ini biar selesai, gimana? Yo wis aku melu wae Yud, aku yo bakal ngganti bukune yen pancen ora ana. *** Sore iku ing omahe Pras Pandu, aku njaluk ngapura yo jebul buku diktat sing mbok balikke kae pancen wis tak tampa, tapi gara-gara tak nggo sinau bengi-bengi nganti keturon malah tiba ning ngisor dipan, dhek awan tak temu pas resik resik kamar..maaf yo aku wis nuduh kowe rung mbalikke, Pras ngomong sinambi ndhingkluk nalika Pandu lan Yudha teka ing omahe. Wah syukur nek ngono Pras, aku ki yo kepikiran terus, wis ora perlu isin. Aku yo njaluk ngapura amarga ngenengke awakmu.kosong kosong yo Pras dheweke tetep kekancan to?, jawabe Pandu. He em ora ming kekancan tapi seduluran, Pras ngomong sinambi ngrangkul Pandu. Nah gitu dongkalian kan sahabat baik, sudah seharusnya saling memaafkan dan berbaikan lagi seperti ini, Yudha katon seneng amarga usahane kasil. Maturnuwun ya Yudkamu memang baik hati, ujare Pras lan Pandu bebarengan. Okeeesama-sama yuk.sinau bareng e ndang dimulai. Kapethik saka KOMPAS, 21 Februari 2012 Unsur Intrinsik Tema Waraga Watak : : Pras, Pandu, lan Yudha. : : lalen nanging yen rumangsa salah Pras uga gelem

1. Pras njaluk ngapura.

2. Pandu : watake becik, sanajan rumangsa tanggung jawab, upama bukune Pras ilang Pandu wis niat ngganti. Pandu uga ora nesu karo Pras lan menehi ngapura.

3. Yudha : watake becik, ora seneng ndelok kanca rekete padha meneng-menengan, dheweke dadi panengah niate supaya pasedulurane Pandu lan Pras ora pedhot. Alur Latar Wektu Papan Sudut pandang Gaya bahasa : Alur campuran (sejam sakdurunge, sore iku ing omahe Pras) : : sawijining dina, sejam sakdurunge, sore iku : omahe Pras : wong ketelu (orang ketiga) : ngoko lugu, bahasane wong enom (ora resmi)

Amanat : supaya ora dadi salah paham kabeh perkara kudu diteliti sadurunge (Pras ora nggoleki bukune yen langsung nuduh Pandu), karo kanca kudu akur lan upama salah kudu ndadaki lan njaluk ngapura.

Nama Kelas Absen

: Alfina Meidina R. C. : XI-CI : 03

Anda mungkin juga menyukai