Anda di halaman 1dari 2

Astogfirrulloh robbal baroya Astoghfirrulloh minal khothoya, Robbi zidni ilmannafi aa Wawa figni amalan soliha Yarosullalloh salamun

alik Yarofi asa niwada roji Adfatayaji rotol alamin (yauhai lalju diwal karomin )2x Ngawiti ingsun ngarang syiiran kelawan muji mareng pengeran Kang pareng rohmat lan kenikmatan rino wengine tanpo pitungan... 2x Duh bolo konco priyo wanito Ojo gur ngaji syariat bloko Gur pinter ndongeng nulis lan moco Tembe mburine bakal sangsoro... 2x Akeh kang apal quran hadise Seneng ngafirke marang liyane Kafire dewe gak di gateke yen iseh kotor ati akale.... 2x Gampang kabujuk nafsu angkoro Ing pepaese gebyare dunyo Iri lan meri sugihe tonggo Mulo atine peteng lan nesto... 2x Ayo sedulur jo nglaleake Wajibe ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman tauhite Baguse sangu mulyo matine... 2x Kang aran soleh bagus atine Kerono mapan sari ngilmune Laku torekot Ian makrifate Ugo hakekat manjing rasane... 2x Alqur an kodim wahyu minulya Tanpo di tulis iso di woco Iku wejangan guru waaskito Den tancepake ing jero dodo... 2x Kumantil ati lan pikiran Rasuk ing badan kabeh jeroan mukjijat rosul dadi pedoman minongko dalan manjinge iman... 2x Kelawan alloh kang maha suci butuh rangkulan rino laan wengi Ditirakati di riyadohi dikir lan suluk jo nganti lali... 2x Uripe ayem rumangso aman dununge roso tondo yen iman sabar narimo najan pas pasan kabeh tinakdir saking pengeran... 2x Kelawan konco dulur Ian tonggo kangpodo rukun podo prasetyo iku sunahe rosul kang mulyo nabi muhammad panutan kito... 2x

Ayo nglakoni sekabehane Allah kang bakal ngangkat drajate Senajan asor soko dohire Ananging mulyo makom drajate... 2x Lamun palastro ing pungkasane Ora kesasar roh Ian sukmane Den gadang Allah suargo manggone Utuh mayite ugo ulese... 2x Ya rosullalloh salamun alik Yarofi asya niwata roji Adfatayaji rotol alamin yauhai lalju diwal kharomi ... 2x

Anda mungkin juga menyukai