Anda di halaman 1dari 5

Sesorah Perpisahan Siswa Kelas XII SMA Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak, Ibu guru ingkang kula urmati, sumawana para putra-putra mudha-mudhi ingkang karoban ing raos bagya. Saderengipun kula matur wonten ing ngarsa panjenengan, langkung rumiyin kula nyuwun agunging sih samodra pangaksama, awit kula kumawantun, ngadeg ing ngarsa panjenengan sami. Puji syukur Alhamdulillah mangga kita aturaken dhumateng Allah SWT, awit rahmat lan hidayahipun,ing enjing menika kita sedaya saged kempal sesarengan ing halaman SMA N 1 Jogonalan ingkang tansah kita remeni lan kita banggakan menika,kanti mboten monten alangan saktunggal punapa. Kita sedaya ngempal ing kampus menika nggadahi maksud utawi tujuan ingkang pokok, yaiku ngundhuraken para siswa kelas XII ingkang sampun ngrampungaken UNAS wonten ing dinten Senin tanggal 22 Maret kala wingi ngantos dumugi tanggal 27 Maret, ingkang dados syarat utama,kangge siswa SMA kangge ngelanjutaken ing jenjang ingkang langkung inggil. Enjing menika, enjing ingkang ngerenyuhaken sanget kangge kita sedaya para hadirin. Awit, ingkang slamanipun kita taseh dados siswa mriki, kita kerep tetepungan, sinau sareng, diskusi sareng,lan ing wayah sekedhap malih kita badhe pisahan. Nanging, kita kagungan pangajeng-ajeng supados perpisahan menika boten kita banjur pedhot kekancan. .. Para rencang ingkang badhe pisah menika, sejatinipun nggadahi tugas ingkang langkung abot malih,amargi saya inggil tingkat pendidikan,ugi saya inggil tugas ingkang kedah dipunrampungaken. Mula kita kedah semangat lan sinau mempeng supados menapa ingkang para rencang cita-citaaken saged dipuncapai. Amargi mboten namung kita mawon ingkang bangga menawi sukses, nanging Bapak lan ibu guru kita injih remen lan bangga,langkung-langkung tiyang sepuh kita. Para sedherek sedaya, wayah saged damel kita sedaya tepungan,nanging wayah menika ugi ingkang misahaken kita sedaya. Kita namung saged tansah dedonga, mugi-mugi amal tuwin kesaenanipun para Bpak lan Ibu guru katampi ing sisihipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung. Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, menawi wonten kiranging atur mawantu-wantu kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami. Wassalamualaikum Wr. Wb.

Tuladha Atur Pasrah Calon Penganten (ing upacara Panggih) Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh, Puji panuwun konjuk ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha-welas-asih, awit samukawisipun nugraha ingkang sanityasa tumanduk dhumateng titah ing ngarcapada. Saestu bingah raosipun manahkula dene ing dinten menika saged tumut nekseni acara mirunggan, inggih pawiwahan dhaupipun penganten ingkang regeng-regu sinongsongan rahayu. Pinangka purwaka, kula ngaturaken panakrami dhumateng para sepuh, pinisepuh, ajisepuh, sumarambah para kadang wredha lan taruna, kakung lan putri ingkang sampun kempal-manunggal ing sasana pawiwahan menika. Tamtu kemawon kanthi pangajab, mugi-mugi kalodhangan menika saestu ngraketaken kekadanganipun brayat ageng ing Pacitan lan gotrah ageng saking Ngayogyakarta. Ngemban jejibahan pinangka cundhakanipun atur saking Bapak Mujiono sagotrah, langkung rumiyin kula nyuwun agunging pangaksama, dene sampun kumawantun cumanthoka ing ngarsa panjenengan sedaya. Salajengipun, kula nyuwun lilah, mugi dipunkeparengaken matur, mirungganipun dhumateng Bapak Sumardi. Dene wosipun atur, kula piniji dening kulawarga saking Samirono Ngayogyakarta supados amasrahaken risang atmaja calon penganten kakung, inggih Dhimas Sapta Sutrisna, putra wragilipun Bapak Mujiono lan Ibu Rubiyah ingkang sampun kanthi mantebing tekad sumedya amethik sekar kinarya sesumping, inggih sekar mlathi ingkang angganda marbuk arum saking laladan Pacitan, Jawi Wetan. Sekar menika boten sanes kejawi putri pambayunipun Bapak Sumardi lan Ibu Sukini, inggih ingkang wewangi Rina Febi Pratiwi. Kanthi linambaran tulusing pangajab, kula pinangka talanging basa Bapak Mujiono sabrayat, amasrahaken calon penganten kakung, inggih Sapta Sutrisno, tumuli kadhaupna kaliyan Rina Febi Pratiwi, nut tataning agami lan negari, ugi jumbuh kaliyan adat salebeting kabudayan Jawi. Mekaten wosipun atur-kula. Kejawi menika, kula ugi nyuwun pangaksama hambokbilih anggen-kula sakadang pangombyongipun calon penganten kakung pinarak sowan ing dalem ngriki kirang netepi trapsila. Purnaning atur, kula pribadi nyadhong aksama awit saking kirang jangkeping atur lan tatakrama. Mugi Gusti ingkang Maha-agung tansah paring lumintuning nugraha dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saengga kuwawi ngestreni pahargyan menika ngantos paripurna. Nuwun, Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Tanggap Wacana Atur Pasrah Temanten Assalamualaikum wr. Wb Kawula nuwun. Para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan, panjenenganipun Bp. .. (besan) ingkang satuhu kula bekteni. Kula minangka talanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bp/lbu .. {ingkang mengku gati/nyraya. Ingkang sepisan, Bp. .. (ingkang nyraya) kekalih ngaturaken salam taklimipun konjuk dhumateng Bp. .. {besan) kekalih, kanthi pepuji mugi-mugi Bp/lbu tansah pinaringan berkah rahmating pangeran suka rahayu ingkang sami pinanggih. Kaping kalihipun kula ugi tinanggenah hamasrahaken sri penganten kakung ingkang sesilih Bg . ingkang badhe kadhaupaken Rr.. putra-putrinipun Bp. .. ingkang punika Bp. .. (ingkang nyraya) kekalih ugi ngaturaken talining katresnan ingkang arupi sandhanganpenganten sapendherek. (saged kaaturaken peranga-nipun, contonipun, sangsangan rinonce, kundala krindng, kalpika, ugi rasukan kangge pinanganten putri ingkang sedaya kala wau arupi beburoning wana). Menggah sedaya kala wau kaaturaken kanthi suka renaning penggalih, nadyan ta mboten wonten ajinipun, pramila sampun kaukur kanthi bobot Ian bebeting barang, mugi katampia minangka talining katresnan kangge ngraketaken anggenipun bebesanan. Ingkang punika, mbokbilih sedaya ingkang magepokan kaliyan tata cara Ijab Qobul sampun satata, keparenga ijabing penganten lajeng katindakna. Bp/ibu . .. (besan) ndherek nyenyuwun dhateng Gusti Allah SWT, mugi paringa berkah pangestu wilujeng dhumateng ijabing penganten, sageda kasembadan kanthi wilujeng nir baya nir sangsaya mboten wonten alangan satunggal punapa sumrambah ing sadayanipun. Kula minangka caraka ingkang ngaturaken pasrahan temanten, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur Ian mbok bilih wonten kiranging suba sita, tandang tanduk tuwin tata krami, kula dalah para caraka ingkang nglumantaraken srah-srahan sadaya nyuwun samodraning pangakasama. Akhirul kalam billahit taufiq wal hidayah. Wassalamualaikum wr. wb. . Nuwun.

Atur Panampi Pasrahan Penganten Assalamualaikum wr. wb. Kawula nuwun. Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, ibu-ibu para tamu kakung sumawana putri, kadang muda-mudi ingkang satuhu kula tresnani, maliginipun Bp . sakulawangsa mangka duta saraya saking kadang besan sutresna, ingkang dahat sinudarsana. Saderengipun kula nyuwun sih pangapunten ingkang agung awit kula ngadeg wonten ngarsa panjenengan sami, mboten nami ngirangi tata trapsila, awit ngengeti papan saha kawontenan ingkang makaten, kapeksa kula ngadeg wonten ngarsa panjenengan. Panjenenanganipun Bp . (asmanipun ing kang masrahaken) kula minangka sulih sarira Bp . sekaliyan ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi Bp . sekaliyan nembe ngraosaken bombing mongkog ing penggalih, suka pari suka pikantuk sungsung tetalining katresnan ingkang tanpa pepindhan. Langkung rumiyin Bp . sekaliyan ngaturaken puja-puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhateng Bp . sekaliyan, katitik ing wekdal punika Bp . sekaliyan bangkit ngajangi pawiwahan upacara srah-srahan. Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bp . sekaliyan ngaturaken pambagya rahayu wilujeng dhumateng rawuh panjenengan sadaya, ingkang sampun kanthi rahayu wilujeng nglarapaken sarat sarana palakrama saking dalem dumugining wisma punika. Kaping tiganipun, sampun dipuntampi atur salam taklimipun Bp . sekaliyan ingkang lumantar panjenenganipun Bp . (ingkang ngaturaken pasrahan). Semanten ugi Bp . sekaliyan ugi ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsanipun Bp/lbu . kanthi pepuji mugi-mugi tansaha pinaringan sih kanugrahaning Pangeran, cinelakna ing suka rahayu Ian tinebihna ing godha rencana. Kaping sekawan, Bp . sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene Bp . sekaliyan kersa angenthengaken bot karepotanipun Bp . ingkang punika pasrahing temanten kakung dipuntampi kanthi suka renaning penggaiih. mBok bilih sadayanipun sampun samekta ing gati sri temanten kekalih tumunten badhe kadhaupaken. Mawantu-wantu panyuwunipun Bp . sekaliyan mugi panjenenganipun dalah para pangaraking temanten sadaya kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan kanthi mirunggan ngantos paripurnaning gati. Minangka puputing atur mbok bilih anggen kula ngaturaken panampi punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani anggen kula matur, awit cupet ing nalar kuthunging pemanggih, kula tansah mawantu-wantu nyuwun lumebering samodra pangaksami. Wassalamualaikum wr. wb. Nuwun.

Atur Pambagyaharja Dhumateng Tamu Ing Pahargyan Temanten Assalamualaikum wr. Wb Kula nuwun ! Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kula bekteni, para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya; mugi rahayu saha sih wilasaning Pangeran ingkang Maha Welas Ian Maha Asih winantu sagunging karaharjan, karahayon, kabegjan, kawilujengan mugi tansah kajiwa kasarira sagung para tamu. Kawula nuwun! Keparenga kula sumela atur, nggempil kamardikan panjenengan sekaliyan, rikalanipun nembe eca wawan pangandikan. Kula minangka talanging basa cundhakaning atur, minangkani pamundhutipun ingkang hemengku gati, sepisan, ngaturaken sewu syukur Alhamdulillah dhumateng ngarsa dalem Gusti ingkang Maha Agung, dene hajatipun Bp. .. sekaliyan anggenipun hamengku gati ndhaupaken putranipun ingkang sesilih . sampun kalampahan dhaup kaliyan . rikala dinten tanggal . jam . wonten ing .. kanthi wilujeng nir ing sambekala. Kaping kalihipun, Bp. .. sakulawarga kanthi suka bingahing manah ngaturaken pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur sagung para tamu ingkang sampun kersa hangrawuhi saperlu hanjenengi miwah paring donga pamuji dhumateng sri penganten sekaliyan sumrambah dhumateng sanak sadherek. mBoten kasupen, Bp. .. sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sanak sadherek, pamong mitra, tangga tepalih, saha para kadang mudha-mudhi sadaya ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambyantu Ian panyumbang ingkang awujud punapa kemawon. Sarehning Bp. .. sekaliyan mboten saged ngaturi lelintu punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken puji pangastuti mugi-mugi pikantuka sih kautaman panjenengan sedaya saking Gusti ingkang Maha Agung, sarta tansah pikantuk lelintu sih kanugrahan. Kaping tiganipun Bp. .. sekaliyan sakulawangsa nedha sih panarima panjenengan sadaya kersaa paring donga pamuji pangastuti mugi-mugi sri penganten sekaliyan: sageda ngleksanani kekudanganipun para pinisepuh sadaya, sageda atut runtut dumugining kaken-kaken Ian ninen-ninen, rahayu kalis ing sambekala, tuwin enggal pinaringan momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT, dhumateng rama ibunipun, Ian para pinisepuhipun, sageda mikul dhuwur mendhem jero labuh labet dhateng negari Ian bangsanipun, murakabi dhumateng bebrayan agung. Kaping sekawanipun, mbok bilih wonten kiranging trapsila susila para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu anggenipun ngacarani bojakrama, saha kirang mranani anggenipun mapanaken palenggahan, miwah kirang trapsilaning para kaneman anggenipun ngladosaken pasugatan, kersaa para tamu anglunturaken sih samodra pangaksami. Ing wasana, sagunging para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mirunggan suka mangun suka murakabi sadaya pasugatan Ian lelangen ingkang sampun cumawis ngantos dumugi sak paripurnaning pawiwahan punika. Minangka panutuping atur, mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana pambagya harja punika kathah cupet cewet kuciwanipun, saha kirang trapsilaning atur, kersaa para tamu angluberaken samodra pangaksami. Akhirulkalam, bilahittaufiq wal hidayah. Wassalamualaikum wr. wb. Nuwun.

Anda mungkin juga menyukai