TATA KRAMA

Tembung tata krama iku kedadean saka rong tembung yaiku tembung tata lan tembung krama . Miturut Baoesastra Jawa karangan WJS Poerwadarminta tegese tembung tata lan krama iku mangkene : Tegese tembung Tata = 1. Beciking pangetrap (pasang rakit), 2. Becik pangetrape , mawa aturan sing becik, Tegese tembung Krama = 1. (kawi) pratingkah, patrap. 2. (kawi) tata pranata kang becik, suba-sita. 3. (kawi) watak, sipat. 4. (krama ngoko) tembung pakurmatan (ing unggah-ungguhing basa). 5. (krama inggil ) laki – rabi. 6. (kawi) bojo. Tembung camboran sing nganggo tembung krama antarane : Kaum krama = wong cilik. Ngapus krama = ngapusi sarana alus. Nyangga krama = ngepenaki rembug. Ngungkak krama = nerak tatanan. Dikramani = dibasani (dijak guneman nganggo tembung krama ). Dikramakake = 1. ditembungake krama 2. (krama inggil) diomah-omahake , dirabekake, dilakekake.

Dadi tembung tata krama iku tegese yaiku patrap utawa pratingkah kang becik pangetrape. Ing Serat Nayakawara anggitan KGPAA Mangkunagara IV diterangake ing tembang Dhandhanggula. Werdingkang wasita jinarwi, wruhing kukum iku watakira, adoh marang kanisthane, pamicara puniku, weh reseping sagung miyarsi, tata-krama punika, ngedohken panyendhu, kagunan iku kinarya, ngupa boga dene kalakuwan becik, weh rahayuning angga.

Saben bangsa nduweni tata krama dhewe, tata kramane wong Jepang, Eropah beda karo tata kramane wong Jawa. Samono uga tata-krama kang lumaku dhek jaman biyen beda karo jaman saiki . kang perlu digatekake , yaiku : yen kita pinuju ana ing kalangan liya kang nduweni tatakrama dhewe, kita sing bisa nglarasake dhiri marang swasana ing kono mau. Kudu eling marang tujuwane njunjung tata krama kang maksude : memayu ayuning pasrawungan. Adat pakulinan kang alus, tingkah laku kang becik, bisa nglarasake marang kahanan , klebu sawijining pranatan pasrawungan sadina-dina.

Bisa nyingkiri tekane pasulayan utawa rasa pangrasa kang bisa njalari seriking atine liyan. Miturut tembang ing dhuwur tata krama iku ngedohken panyendhu, lire bisa nyingkiri anane pasulayan utawa salah tampa. Dhuwuring drajade bangsa bisa katitik saka alusing tata kramane. Mula wis aran wajib, yen para wong tuwa lan para pamong kajabaning paring tuntunan lan kapinteran marang para putra lan para muride , uga anggulawenthah bab kasusilan lan paring tetuladhan ing bab tata krama Tumrap bocah-bocah, para siswa lan para putra semono uga, saliyane sengkud ngudi undhaking kawruh lan kapinteran , aja nganti nglirwakake tata krama. Ana ngendi bae tata krama mau ditrapake ? Pangetrape tata krama antara liya : 1. Nalika tetepungan karo mitra anyar 2. Nalika cecaturan. 3. Nalika mara dhayoh. 4. Nalika kedhayohan. 5. Nalika ana ing dalan 6. Tata cara manganggo 7. Nalika dhahar lan liya-liyane.

Ing ngendi-endi panggonan salagine isih sesrawungan kang liyan panganggone tata krama iki ora kena kari. Tata krama ing basa Indonesia utawa cara Mlayu diarani sopan santun. Elinga : tata krama iku busananing bangsa. Disadhur saka : Tata Krama, Imam Supardi, 1953 .
Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 06:09 Tidak ada komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook

Label: 02 REPUBLIK RASAN-RASAN., 14 TATA KRAMA

Reaksi: Rabu, 29 September 2010

PERCAYA MARANG DHIRI PRIBADHI
Lumrahe yen wong mrangguli alangan nalika nindakake pegaweyane, adate nggoleki dununge pepalang mau : ing panggonan liya. Yen mrangguli ruwet renteng, sing ditliti utawa sing didakwa adate : wong liya. Mangka sanyatane ora sakehing alangan lan rintangan iku tekane saka njaba utawa saka wong liya. Malah kerep banget : asal mulane alangan mau saka kita dhewe, kang banjur gawe akibat nuwuhake kesalahan-kesalahan kang agawe rintangan. Wondene kang kerep nekakake alangan kang sale saka kita (badan) dhewe mau, ora liya : rasa pangrasa kita. Yaiku rasa –pangrasa apes, perasaan sumelang, kuwatir , mamang, gojag-gajeg, cekake ora percaya marang awake dhewe. Tumrap wong urip , lumrahe kang dianggep bebaya utawa mungsuh iku anane penyakit utawa lelara. Ana maneh saweneh kang nganggep mungsuhing wong urip iku sanyatane anane peperangan, pembrontakan, perampogan, begalan, paceklik lan liya-liyane. Nanging sejatine mungsuh tumrap siji-sijine wong kang luwih mbebayani , ora adoh saka badan kita dhewe. Yaiku kang awujud rasa –pangrasa apes-pepes, sumelang, kuwatir, wedi, jirih lan sapanunggalane mau. Iya iki mungsuh kang ora katon, nanging kang tansah ngalang-alangi marang kekarepan utawa panggayuh kita, ngrintangi marang keleksanane pegaweyan kita, ngrintangi marang rahayu slameting urip kita. Anane bebaya pageblug utawa lelara tekane ora temtu. Malah yen rakyat wis ngerti temenan marang ajine kuwarasan langka anane pageblug mau. Balik mungsuh kang ana sajrone badan kita mau, saben dina tansah dumunung cedhak kita. Ing ngendi papan, yen kita ora bisa merangi mungsuh mau, iya kinthil bae. Pegaweyane ora liya, tansah ngalang-alangi laku arep maju. Kita nedya maju upamane, nenging rehne mamang utawa sumelang, satemah meneng utawa mundur. Arep mbeciki pegaweyan, nanging rehne kuwatir mengko gek tuna, gek jatuh, satemah mundur, ora sida. Arep ada-ada pegaweyan anyar utawa arep nggedhekake perusahaan kang wis ana, nanging wedi anane kongkirensi, sumelang yen ora kasil, satemah ya wurung bae, ora sida ada-ada. Wong kang kelangan kapercayan awake dhewe, ora bakal bisa ngrampungi pegaweyan kanthi becik. Luwih-luwih maneh yen arep nindakake pegaweyan kang gedhe lan abot. Suwalike , kapercayan marang awake dhewe mau, bisa neguhake kekarepan, nyantosani tekad, ngyakinake dhiri pribadhi, satemah sarupaning pegaweyan bisa ditandangi. Bisa dirampungi kanthi asil becik. tembunge saiki : sukses. Dhandhanggula ing ngisor iki wejangane Sri Ramawijaya marang Anoman : Kuneng lingnya Ramadayapati, angandika sang Ramawijaya, heh, bebakal sira kiye, gampang kalawan ewuh, apan ana ingkang akardi, yen wania ing gampang, wedia ing kewuh, sabarang ora tumeka, yen antepen gampang ewuh dadi siji, ing purwa nora nana. Terange mangkene: Sawise rampung ature Anoman, Sang Ramawijaya banjur ngendika, yen sanyatane Anoman iku isih bebakal, lire isih durung akeh pengalamane. Mungguh sanyatane : bab gampang angel iku, satemene gumantung ana sing nglakoni. Yen sing nglakoni mung golek gampange bae, wis mesthi ora bakal katekan sedyane. Suwalike yen mung mikir marang kangelane bae, iya ora bakal kelakon anggone ngrampungi gawe. Mula kang perlu kudu mantep. Gampang lan angel

Yen kowe saiki dakculna. Cekake yen percaya marang dhiri pribadhi tartamtu bisa mrantasi gawe. Awit wis ora nduweni rasa-rumangsa kuwatir gagal. Sampeyan mancing malih mangsa ngantos dangu mesthi pikantuk sadasa. bajingan . . lan ora nduweni rasa-rumangsa gumampang kang njalari sembrananing lalu. Juru amek iwak mangsuli :”O. ndhrodhog geter atine = ketir-ketir atine . Bareng nibakake pancinge ora antara suwe ana iwak cilik. Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 08:59 Tidak ada komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: 02 REPUBLIK RASAN-RASAN. nuli metu akale. mengko banjur percaya marang dhiri prinbadhi: ora ana rasa rumangsa wegah arep miwiti nindakake pegaweyan. wiweka = pangati-ati geter = obah kumitir. Kowe ing mengko wis kacekel dening aku. kula sampeyan pancing. njaluk ditresnani. Kowe nedya mblilu aku. kaya-kaya salawase ora kena dakpancing maneh. Imam Supardi. sumelang semu wedi kepis = wadhah iwak lumrahe digawe saka nam-naman pring angasih-asih = njaluk diwelasi. kanca cilik. gentho = bangsat. awit wis dicekel marang kang mancing. kula mugi sampeyan eculaken malih. Saka getere marang gegantungane pepesthen. Mulane kowe gentho cilik mengko bakal mlebu ing wajan. sepele ing atasipun sampeyan. arep dilebokake ing kepis. iku wus mesthi katekem ing tanganku. Celathu angasih-asih marang kang mancing : “ Dhuh kyai sanak. rungokna celathuku. ora bakal ngrasa abot maneh wusanane bisa kasil becik. Liding dongeng mangkene : samubarang kang wus mesthi. 1953. banjur rampung. tartamtu kowe bakal kalorop. Tegese tembung : juru amek iwak = tukang golek iwak. Disadhur saka : Pertjaja Diri Pribadi (Djimat Sedjati). Percaya Marang Dhiri Pribadhi Reaksi: Jumat. benjing sampeyan wangsul. awit taksih alit. saka kurang wiweka nyarap pancing. 24 September 2010 JURU AMEK IWAK LAN IWAK CILIK Ana juru amek iwak mancing ing pinggir kali. ingkang agengipun ngungkuli kula. yen kolirokake karo kang durung mesthi.kudu diantepi dadi siji.. Kajengipun kula ageng rumiyin. banjur kena.

Ing ngisor iki ana dongeng sato kewan sawetara yaiku : 1. ngandelaken = mercaya. 2. Lan Wedhus Lanang. narpati. Mangkono mau ambege wong digung. Tegese tembung : andel = percaya. (Iku mau upamane. 4. Winter Dongeng sato kewan iku uga diarani fabel. ADIGUNG. suteng = suta + ing = anake. ora ngandel = ora percaya.kumendel. ambeg = ambek. suteng nata iya sapa ingkang wani. seneng tetulung. FABEL. watak. aja ngandelaken sira iku. ambeg sura = kendel banget ambeg wani = kendel. gegedhug. Cempe. Asu Ajag Lan Manuk Gagak.F. sapa sing bakal wani.liding dongeng = katrangan karepe dongeng. katong. aja kowe ngendelake yen putrane ratu. ambeg welas = welasan . Asu Ajag. 5. 7. ambeg siya = awatak siya marang. kalorop = kapusan. Dr C. ambeg darma = welasan. keblasuk. wekasan dadi asor). kliken ana kene! . Yen kepingin maca. senapati. ing wusana dadi asor. nduweni bebuden. narendra. Manuk Merak Lan Sandhang Lawe. sato = kewan Dilatinake saka : Layang Dongeng Sato Kewan. Iku upamanipun. Juru Amek Iwak Lan Iwak Cilik Reaksi: Kamis. Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 09:05 2 komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: 08 DONGENG BOCAH. nata = ratu. ADIGUNA SERAT WULANGREH Anggitan : Ingkang Sinuwun Sri Pakubuwana IV Gambuh. andel-andel = sing dipercaya. iku ambege wong digung. sing dijagakake. njagakake . naradipati. 23 September 2010 ADIGANG. Kuwuk Lan Macan Tutul. 3. Laler lan Kreta Cilik.

dayaning urip. seneng kekerengan. tutug. ati. para tantang candhala anyenyampahi. ilang. maoni. Bareng ditemeni ora bisa. mati. 10. ngandelaken kapinteranipun. si kidang suka ing patinipun. tekan prana = 1. si ula patine jalarane ngandelake wisane sing mandi). wusanane dadi geguyon). sapa pinter kaya ingsun. patinireki = pati + ira + iki mandos = mandi (mandos = kanggo nyundhukake guru lagu kudu o ) 11. Katelu nora patut. Samubarang kapinteran ora ana sing madhani. maido. candhala = nistha .8. ala bebudene lan seneng nacad. nacad tinemenan = ditemeni ora pecus = ora bisa. kasukan = kasenengan lena = 1. tekaning endhon ora bisa ) Tegese tembung : kabisan = kapinteran. (Dene telu-telune iku. 9. tug = ketug. si gajah patine jalaran kurang pangati-atine. kurang weweka. Ambeg adigang iku. samubarang kabisan dipun dheweki. ngandelken upase mandos. ambekan. si kidang kasukan sing njalari patine. ingsun = aku. pan si gajah alena patinireki. satemah dadi geguyon. suka parisuka = seneng-seneng. ora ana sing pinter kajaba aku. ingong. . pangrasa 2. ingwang. napas. Adiguna puniku. (Ambeg adigang iku ngandelake kuwanene. si ula ing patinipun. ngandelaken ing kasuranipun. nemahi bebaya amarga katalompen 2. (Adiguna iku ngandelake kapinterane. Tegese tembung : suka = seneng. satemah = wasanane. ala kalakuwane nyampahi = moyoki. tineneman nora pecus. tuging prana ora injoh. tundhone. seneng tukaran. Dene katelu iku. Tegese tembung : kasuranipun = ka + sura + ipun = kuwanene. para tantang = seneng kekerengan.

Rumangsa seneng yen akeh wong ngalem (nggunggung).. kang penting (perlu).yen tiniru mapan dadi luput. konangan. Yen saupama ora dibuwang wandane . ala watake wong suka. kajalomprong = keblasuk. cegah dhahar lawan guling. Tuladha: : malbweng = malebu + ing . kapusan. nora wurung ngajak-ajak. manggon ing papan prayoga. PB IV) Ing tembang Kinanthi ing dhuwur iku ana tembung “lakunireku” lan tembung “lakunireki”. nyuda prayitnaning batin. titikane = tetenger. titikan = apa-apa sing kanggo tandha bukti barang sing ilang. perlune kanggo nyocokake guru wilangane tembang. satemah anenulari. anggunggung = ngalem sing keladuk. manggon. kang ala lakunireki. (Wulangreh. kesasar. Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 06:22 Tidak ada komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: Adigang adigung adiguna. bakal kaluwihan sawanda. Ana candhake . Tembung-tembung sing kaya mangkono iku diarani tembung garba utawa tembung sandi. anganggoa sawatawis. Yen wis tinitah wong agung. Samono uga tembung lakunireki. 21 September 2010 TEMBUNG GARBA ( TEMBUNG SANDI ) KINANTHI Dadia lakunireku. Tembunggarba ana telung warna yaiku : 1. maton banget. ciri-ciri. ngonggrong. ngompak. lan aja sok sukan-sukan. wekasane malah kesasar ) Tegese tembung : mapan = milih papan. ketitik = kaweruhan. (Katelune mau ora pantes. aja sira nggunggung dhiri. aja leket lan wong ala. tengerane wong anom iku kurang bisa nyimpen wewadi. Serat Wulangreh Reaksi: Selasa.. dikeker. ora diwedharake marang liyan. Tembung garba sutrawam : yaiku tembung garba sing oleh aksara w. yen ditiru malah luput. Tembung-tembung mau didadekake satembung. wewadi = kang sejati. bungah akeh wong anggunggung. titikane wong anom kurang wewadi. Satemene tembung lakunireku kedadean saka tembung laku + panambang ira + tembung iku. wekasane kajalomprong.

sugih dhuwit ) 3. sukeng = suka + ing surendra = sura + indra waspadeng = waspada + ing wirotama = wira + utama yeku = ya + iku. karepe) sugyarta = sugih + arta. ratu) narpendah = narpa + endah (tg. Tembung garba warga ha: yaiku tembung garba sing ora kalebu ing lelorone iku. tujuane. Tembung garba sutraye : yaiku tembung garba sing oleh aksara y (ya). teguh ayu luputa ing lara.munggweng = munggu + ing (tg. luput ing bilahi kabeh. jalwestri = jalu + estri jiwangga = jiwa + angga kajuwareng = kajuwara + ing kalokeng rat = kaloka + ing rat karyenak = karya + enak kawindra = kawi + indra lagyantuk = lagi + antuk lebdeng = lebda + ing legaweng = legawa + ing lumakweng = lumaku + ing maharaja = maha + raja maharsi = maha + resi mahmeru = maha + meru martotama = marta + utama murweng = murwa + ing nayakeng = nayaka + ing pranaweng = pranawa + ing prapteng = prapta + ing prawireng = prawira + ing prawirotama = prawira + utama sangsayarda = sangsaya + arda sarotama = sara + utama sarwendah = sarwa + endah sireku = sira +iku sitinggil = siti + inggil. . ratu sing ayu ) Tuladha liyane : aneng = ana + ing araneki = arane + iki dupyarsa = dupi + arsa. (tg. (tg. 1. 20 September 2010 KIDUNG MANTRAWEDHA DHANDHANGGULA. wong sing pangwasane kaya bathara endra. Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 07:58 2 komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: TEMBUNG GARBA Reaksi: Senin. Ana kidung rumeksa ing wengi. Tuladhane : sedyarsa = sedya + arsa (tg. manggon ing) 2. Tuladha: narenda = nara + endra.

tuju guna pan sirna. 6. Abubakar getih daging Ngumar singgih. ingideran pra widadari. sato galak tutut. Pagupakaning warak sakalir. 3. dadya sarira ayu. myang pakiponing merak. paneluhan tan ana wani. kayu aeng lemah sangar.jim setan datan purun. Edris ing rambutku. lan sagung pra rasul. pinayungan ing Hyang Suksma. songing landhak guwane wong lemah miring. sakehing braja luput. netraku ya Muhammad. nadyan arga myang segara asat. sakehing wisa tawa. Sungsumipun Patimah linuwih. 2. Dawud suwaraku mangke. ati Adam utekku bagendha Esis. pamuluku rasul. dadya sarira tunggal. welas asih pandulune. 4. nabi Yunus ing otot mami. pangucap nabi Musa. rineksa malaekat. nabi Nuh ing jejantung. nabi Yakub pamiarsaningwang. . sampun pepak sakathahe para nabi. Siti Aminah bayuning angga. nabi Sleman kasekten mami. maling adoh tan wani perak ing mami. pinayungan Adam Kawa. Pan napasku Nabi Ngisa linuwih. gunaning wong luput. nabi Brahim nyawaku. Sakehing lara pan samya bali. temahan rahayu mangke. Ayub ing ususku mangke. kadi kapuk tiba ing wesi. 5. miwah panggawe ala. bagindha Ngali kulit wang. balung bagendha Ngusman. geni atemahan tirta. sakeh ama pan samya miruda. nabi Yusup rupengwang.

19 September 2010 SATRIYA . puwasaa sawengi sadina. sakeh ama tan ana wani. iderana galengane. kinarya dus prawan tuwa aglis laki. 7. ing wanci tengah dalu. becik wacanen den age. KEPRIYE ? . mungsuhira rep-sirep tan ana wani. ingkang pencar salumahing jagad. wacanen kidung iku. kang anurat kang animpeni. kasamadan dening date. wong kabanda wong kakehan utang. wong edan nuli waras. Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 04:23 Tidak ada komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: Kidung Mantrawedha. kang kadendha wurung. 8. Lamun arsa tulus nandur pari. kang agring nuli waras. angsala tigang pulukan. kinarya sesembur. Lamun ana wong kadendha kaki. enggal nuli sinauran. mring hyang suksma kang utang punika singgih. luwar ingkang kabanda. kang maca kang angrungu. PRIMBON Reaksi: Minggu. watek ken ing sekul. dadya ayuning jasad. lamun sira arsa prang. ping sawelas wacanen singgih.Ana wiji sawiji dadi. lamun winaca ing toya. dadya unggul prangira.

Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 09:50 Tidak ada komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: 12 WACAN AKSARA JAWA. Wasis samubarangipun bisa mumpuni sabarang pakaryan. Apa ta satriya iku ? Miturut kamus Kawi-Jawa karangan C. Samubarang tindak dipikir kanthi jero. Jatmika tegese anteng utawa alus budine. 18 September 2010 PARIKAN (3) . yaiku nduweni tindak tanduk kang utama sarta kendel. Nindakake samubarang pakaryan ora kena grusagrusu. Dene kendel ateges wani nindakake bebener. Bebener kaya kang didhawuhake dening Gusti kang Maha Kawasa. Wong sareh ora ateges ora bisa mlayu banter. Dene ruruh ateges wanguning praen sareh. Dene nyatriya : nduweni watak satriya . Tembung jatmika lan ruruh iku tembung loro sing ora kena dipisah-pisahake.Tembang ing dhuwur kapethik saka Serat Wulang Reh anggitan Ingkang Sinuwun Paku Buwana IV minangka piwulang marang putra wayahe. supaya kabeh padha nduweni watak satriya. utawa prajurit luhur. Satriya iku kepriye Reaksi: Sabtu. Watak utama iku watak kang ora nalisir saka bebener. kayata mbrantas tindak korupsi. pinter ing sakabehe.Winter satriya iku tegese tedhak turune ratu. sarta ora nalisir saka angger-anggering negara.F. sing tundhone malah kliru. mbrantas mafia hukum sing saiki lagi dadi kawigatene bangsa Indonesia. Dene miturut Baoesastra Djawi karangan WJS Poerwadarminta ateges : wong luhur.

5. Gedhogan omahe cempe. Kodhoke kalung kupat. Timbang golek aluwung balen. 7. Nganti edan ora kelakon. 6. Sing dadi nyatane. Abot entheng tak lakonane. Dilirik ora rumangsa. Dadi randha aja sumelang. Gresik Surabaya. Theklek kecemplung kalen. Nyang Sala payunge ilang. Yen kebimbang ndang takokena. 9. 12. Yen wis gathuk ngenteni apa. 2. Awan-awan mlaku ngulon. 13. 4. Mangan gethuk ra nganggo klapa. 11. Dipikir ngrusakke awak. Kene gedibagan kana ra piye-piye. Rupane ireng dadi golekan. Boyoke sing ora kuwat. Ireng-ireng kembang telekan. Purwadadi kuthane. Jombang Kertasana. Lurik Pantiyasa.1. 14. Bir temulawak. Omah gendheng tak saponane. Kalah dhisik aja ngresula. Diajak gemang ditinggal gulung koming. . 3. Klambi abang suweng ontang-anting. 8. 10.

tur selamet sarta kuwarasan. yen angucap ngarah-arah. 2. aja ladak lan aja jail. amarentah marang wong cilik. 3. tiniru iku kena. pambegane alus.15. lan aja ati ngiwa. Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 23:47 Tidak ada komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: parikan Reaksi: PEPALI KE AGENG SELA (1) DHANDHANGGULA 1. Padha sira tetirua kaki. mundhak ora tulus. aja sedaya-daya. Lungguh jejer gak wani omong. yen alungguh nora pegat ngati-ati. nora kena sira wadani. pepali iku mangkene. lan aja celimut. Sapa-sapa wong kang agawe becik. aja ladak wong ladak pan gelis mati. Nyangking ember isine lonthong. Pepali ku ajinen ambrekati. iku arahen sawabe. tekeng saturun-turune. nora gelem gumampang. yen sira dadi agung. lan aja mburu aleman. ambrekati wong iku. . aja ati serakah. nora wurung mbejang manggih arja. jalma patrap iku kasihana. aja agawe angkuh.

bisa nimbang kang ala lawan kang becik. Lawan aja dhemen ngaji-aji. kang anggung ginunggung. tengraning jalma utama. pakuning rat lelananging jagad. Kumbah krakah cukit lan andulit. aja sira kepingijn kedhotan. niwasi sabarang karya. tutur ingsun kang nedya utama. 6. 5. aja ndhalang lan aja grami. rasa rasaning kembang. Kawruhana pambengkasing kardi. miwah jagal melanten lan kumala. lawan dudu sandhangan. nganggoa tepa-tepa. Poma-poma anak putu mami. kabeh kapiyarsakna. bagus iku nyatanira. kang den ajab mung reruba. aja budi sudagar. wong akal ilang baguse. wong sembrana temahane nora becik. aja sira ngegungaken akal. angarjani sarirane. kadigdayan apa dene. iku kaum sanyata. aja sira mbedhukun. bagus iku dudu mas picis. amung budi rahayu. dipun idhep wong bagus. dudu rupa iku. aja doyan sembrana. 7.nggonmu dadi pangauban. kasor dening tyas raharja. yen tumpang suh iku niwasi. wajib sinirik iku. Padha sira ngestokena kaki. temah sasar susur. aja nacah mrentahe ingkang patitis. harjaning rat punika pakuning bumi. matuh analutuh. pan wus aja ngaruh-aruhi. 4. wya nganti seling surup. 8. aja watak kaum. setya tuhu marang hyang widhi. patrap solah prasaja. warastra pira-pira. anggung katelanjukan. kaum iku padune cukeng abengis. yen dinulu asih semune prak ati. pambengkasing jagad kabeh. iku nora dadi gedhe. .

12. nora wurung bilahi pianggih wuri. kawruhana iku. ja ewanan lan aja jail. bisa mrojol ing kerep dipun kawruhi. ing wong urip dipun titeni. ingkang sasingkal gedhene. 11. aketareng basa. ingkang nduwe bale kencana puniki. aja ati canthula. Keh tepane mring sagunging ngaurip. iku ingaran dhomas. . wong bodho puniku. semu becik semu ala. 10. tingkah una-unine prasaja. ala kang tinemu. saujare manis trus ati. sing sapa atine ala. katandha ing semu. aja watak anguthuh. miwah geni binakar warih. Aja watak sira sugih wani. dadi panengran gedhene. Pae wong kang makrifat sejati. aja watak sok ngajak tukaran. pan uninga ati tengu gengnya. aja anggunggung laku.nyenyenges nanjak-anjak. kang cendhak kethokana. Poma-poma anak putu sami. sayektine ana tingkah solah muni. aja ngendelken pintere. bola bali kinenca. iku talining barat. katon amawa cahya. aja ngendelken kuwanen. 9. endhog bisa keluruk. aja sira mengeran busana. wong ala nemu ala. eseme kadi juruh. manjing atos nora renggang. ingkang jero isi emas.

tan liya ananipun. kelangan tambah duraka. miwah harjaning wuntat. enakena ing atine. pan srengenge lintang lan rembulan. sumangga ring kadarman. aja sira prih weruh. padhang peteng padha sumandhing. segara jurang gunung. tur iku mundhak apa. aja kaya si soma. wenangira kawula pasthi. kebo ingadhangan bae. yen bisaa nora beda padha urip. kebo sapi miwah iwen. iku kabeh aneng kene. Ayam ginusah yen munggah panti. lamun sira amuruk. atinira tan nganggo was-uwas. Tama temen tumanem ing ati. apan iku nggemeni darbek pribadi. 15. anak putu sanak presanakan. mulane awewuda. wus aneng sireku. yen wus tiwas sira umpah-umpah kaki. lamun sira tetanggan kaki. kaya uwong pan ora ngerti. kebone pinukul. . yen uwus katiwasan. nuhoni ingkang wawenang. aja sira tutuh.13. pan dudu rayatira. Patrapena rayatira kaki. iku wong olah semu. aruhana iku. sapa bisa wong iku njaringi angin. atanapi lamung mangan beras. amarentah kaya sato kewan. 14. Bumi geni banyu miwah angin. sababe sinau maca. Aja sira amadhakken jalmi. yen tan layak enengena. jaba jalmu utama. mulane ana wong ngucap. waspada marang ciptane. 16. ciptane nrus kalbu. 17. adoh kalawan perak. muhung cipta harjaning ragi. yen layak ingaruhan. weruhena yen during sisip.

Ana candhake … Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 22:52 Tidak ada komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: Serat Pepali Ki Ageng Sela Reaksi: Minggu. Pepriman (Guritan) Reaksi: Jumat. amit-amit anak putu aja niru tembunge mung saukara : “nyuwun separing-paring nampia rejeki kathah saking Gusti Allah” yen atine bungah ana maneh pepriman klambi nylithit nganggo sandhal kulit antri jakat nganti nyawa oncat apa kesrakat ? toh pati rebut barang tanpa aji sapa mreduli ? ana maneh ing jero kantor nganggo dasi numpak montor tanpa nyadhong . singset dongane ndhrindhil. 13 September 2010 Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 05:50 2 komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: 05 PUISI (GEGURITAN). 10 September 2010 . 12 September 2010 PEPRIMAN pepriman ing pojok dalan klambi gombal nyeret theklek kayune entek sila sedheku. amarikelu nyadhong runtuhan welas angen-angene sajangkah sadawane tangan bisa mlumah weteng diempet . ana sing setor ing ngendi regane awak ? dibusak ? apa cluthak ? Surabaya.

Gunane pada lan tetenger liya-liyane mangkene : a. e. Adeg-adeg utawa ada-ada. unine mandrawa. j. trape ing sangarepe satatabasa utawa adangiyahe layang kang saka andhahan (utawa saka wong enom). unine “iti” tegese “tamat” trape ing wekasaning carita kang sinawung ing tembang . unine uga “mangajapa” trape ana ing sangarepe satatabasa utawa adangiyahe layang kang saka sapadha-padha. madyapada f. Pada luhur . unine “mangajapa” kanggo bebukane layang kiriman ing sangarepe satatabasa utawa adangiyahe layang saka bangsa luhur (saka dhedhuwuran. Panutuping wasanabasa ing layang kiriman. trape ing : sajroning layang kiriman ing sangarepe purwabasa. gunane dienggo misah gatraning gatraning ukara. pangkon iku dadi lelirune pada lingsa. trape ing bebukaning ukara. tangeh “. Pada pancak. . Pada andhap. h. Yen ing wekasane gatra kang pancene kudu mawa pada lingsa wis ana pangkon. Pada lan tetenger liya-liyane kang kanggo ing sastra Jawa. c. purwapada e. Pada Guru (uger-uger) h. wasanapada g. Pada madya c. i. pada andhap d. dadi sawise satatabasa utawa adangiyah. pada pangkat 2. Pada lingsa k. Pada madya. pada luhur b. wujude lan jenenge kaya kang kacetha ing ngisor iki : a. Madyapada. tegese “adoh. Purwapada. Wasana pada. Pada lungsi l. k. Adeg-adeg (ada-ada) i. pada pancak j. Guru utawa “uger-uger”. Tuladhane: d. Pada lingsa. unine “becik” trape ing bebukane layang tembang ing sangarepe pupuh kapisan. penggedhe utawa wong tuwa). maksude isih adoh utawa isih tangeh tamate buku utawa carita iku. g.PADA LAN TETENGER LIYANE ING AKSARA JAWA (6) Trap-trapane ing aksara Jawa PANJENENGAN KLIK ING KENE ! PADA LAN TETENGER LIYA-LIYANE 1. b. f. Trape ing wekasane pupuh manawa arep ganti pupuh liya. unine iya “mangajapa”.

Ing wekasaning gatraning tembang. supaya gampang dingreteni maksude. nanging pasangane ana . yaiku : Na. Pada pangkat. Pada lungsi. Murda = sirah (Walanda = hoofd. kayata : Kanjeng SuSuhunNan PaKu BuwaNa ing SuraKarta HadiNingrat Dewi SinTa putrane putri PraBu JaNaKa raTu nagara manTili kagarwa PraBu Rama. Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda asmane para luhur. Prayogane kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang tata-caraning uripe kaya manungsa. Manawa ing wekasane ukara ana pangkon. AKSARA SWARA. Ing saburine tembung “mangkene”. 3. a. utawa kang DIANGGEP minangka aksara murda iku sejatine AKSARA MAHAPRANA. yaiku aksara kang kudu diucapake lumrah (kanthi abab sathithik) 2. Pada Ing Aksara Jawa Reaksi: AKSARA MURDA. manawa sawise tembung iku banjur mratelakake bab utawa barang luwih saka loro. yaiku aksara kang pancene kudu diucapake kanthi abab akeh. tegese kanggo pakurmatan. Sa. kanggone ana ing wekasaning ukara. Saiki jaman demokrasi .l. Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 20:36 Tidak ada komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: 13 TATA TULIS AKSARA JAWA. Aksara murda mung kanggo ing tata prunggu. 5. Ta. Aksara murda iku satemene ORA ANA. AKSARA REKAN LAN ANGKA JAWA (5) Tata panulise aksara Jawa katrangan ing ngisor iki PANJENENGAN KLIK ANA KENE ! AKSARA MURDA 1. Manawa tembung ing wiwitaning gatra candhake. aksara sesirah (Walanda : hoofdletter. dadine pada lungsi mung kari muwuhi pada lingsa utawa pada siji. Inggris : capital). f. nanging saiki wis ora kanggo Aksara murda ing jaman saiki uga wis ora kanggo. Ga. Mriksanana layang Sarining Paramasastra Jawa kaca 121. Aksara Ca ora ana murdane . Inggris = head) Aksara murda = aksara sirah. wanara lan sapanunggalane kang kasebut ing carita padhalangan lan liya-liyane . kayata raseksa. Cukup nganggo aksara murda siji . Kanggo ngapit-apit angka Jawa b. Wondene kang lumrahe diarani aksara murda. Tuladhane . 3. Ba. Kanggo ngelet-eleti kandhane pangripta karo tembung / ukara kang ditirokake dening pangripta. Nya. Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda. dadi dienggo misah ukara. Ing saburine tembung “yaiku” utawa “kayata”. gunane werna-werna. e. katulis nganggo aksara murda. Cacahe aksara murda (kang DIANGGEP aksara murda ) ana wolu. pancene (mathuke) kudu dumunung ana ing wekasaning gatra iku. jejuluke lan pedunungane minangka pakurmatan. c. kosok baline aksara alpaprana. Pa. Kanggo ngelet-eleti tembung utawa bab karo katrangane . d. 4. Ka. Saben aksara Murda ana pasangane.

Aksara swara iku ora kena ditrapi sandhangan swara. luwih-luwih tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa nganti arang kang sumurup yen iku tembung manca. pelem legi. Inggris 3. Tuladhane. sarem. Mung tembung “Gusti Allah” lumrahe aksara murda saanane ditulis kabeh. Aksara swara iku sejatine mung ana lima. dadi lelirune le Kalebu aksara swara. Bab iku salaras karo kawruh sangkalan. Raden Ajeng Kartini Pak Mantri Aripin Raseksi Trijatha. Nga dilelet. Usman. angsal rejeki.kara unine u Ananging aksara : Pa dicerek. Aksara rekan cacahe ana lima. katon regeng. aksara sesigeging wanda iku kudu dipangku. Gunane aksara swara dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake. wulan Rejeb. Pangkat Opsihter. pambarep. kayata : Agustus. marem. Raden Burham. mung katulis nganggo aksara lumrah bae. gh Gunane aksara rekan dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake. U. sareng. dz. yaiku : A.mangan lepet 4. I. Pak Idris. resik. Mas Sudarsana. adol lenga. luwih-luwih tembung Arab. Yen aksara sing ngarep dhewe ora ana murdane . Aksara swara ora kena dadi pasangan. dipun remet. Wondene aksara swara pa cerek dadine pasangan katulis jejer karo aksara kang dipasangi. yen burine ora ana murdane. f. aksara swara nga lelet dadine pasangan katulis ing sangisore aksara kang dipasangi. mangkene : GusTi Allah AKSARA SWARA 1. lemah. Panganggone aksara swara pa cerek lan nga lelet rega . kayata : Dipaprawira. aremarem.bae. malem Rebo. I – kara unine i E – kara unine e O– kara unine o U. damel rempeyek gelem. Prawiramartaya. karep. O. lumrahe katulis tanpa aksara swara.rena. lembut. 5. Tuladhane kayata : Khatib yen ora dicethakake katib Dzikir yen ora dicethakake dikir Faham yen ora dicethakake paham Zakat yen ora dicethakake jakat . Ibrahim. ya burine maneh. Bu guru Nurratri. Tuladhane kayata tembung Sangsekerta “aksara” lumrahe mung katulis AKSARA REKAN 1. aksara sing ngarep dhewe. Espres Oktober. Mas Umarsaid. boten lenggah 2. mulane banjur ana sing ngarani yen cacahe aksara swara ana pitu. z. ya aksara burine . marem. A – kara unine a. pelem. mesthi bae pasangane pepet dumunung ing sadhuwure aksara kang dipasangi. Tembung manca kang ora dicethakake. sanget remen.Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca. E. Wulan April. yaiku : kh. dadi lelirune re. tembung swara dianggep darbe watak wilangan pitu. Manawa dumunung ing saburine wanda sigeg.

E. Murid SMP ing sekolahanku :294. U. sandhangan wulu. supaya ora mbingungake . panulise kudu dipisah karo aksara Jawa kang dumunung ana ing sakiwa tengene . O. dene yen karaketan sandhangan wulu. Tuladhane : Mangkate jam :7.Ghoib yen ora dicethakake gaib 2. ing saburine angka iku banjur tanpa pada pangkat. Aksara Murda. layar. Tuladhane : fitrah. saweg dzikir. Manawa ing saburine angka Jawa ana pada lingsa utawa lungsi . sesigeging wanda iku kudu dipangku. Aksara Swara. Taun Masehi sapunika :2010 3. sawulan punika :30: dinten. wujude mangkene : 1 = aksara ga 2 = aksara nga dilelet 3 = aksara nga dipengkal 4 = aksara ma miring 5 = aksara ma kurung 6 = aksara E – kara 7 = aksara la 8 = aksara pa murda 9 = aksara ya 0 = bunderan (Indonesia : nol) 2. ANGKA JAWA 1. Manawa aksara rekan dumunung ing saburine wanda sigeg. Angka Jawa siji tekan sanga sarta das. wadone :106 Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 16:49 1 komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: 13 TATA TULIS AKSARA JAWA. utawa cecak ing sisih tengen. layar utawa cecak . mulihe jam :10 Putrane pak Guru :3. kajaba aksara rekan f kang wujuding pasangane pa cecak telu aksara rekan ora kena dadi pasangan. Tuladhane : Sataun wonten :12: wulan. E (4) UNINE SANDHANGAN WULU (UNINE SWARA I) Katrangan kanthi tuladha -tuladha aksara Jawa PANJENENGAN KLIK ANA KENE ! . dwifungsi. Sarehning angka Jawa iku awujud aksara Jawa . Srana kang dienggo misah iku pada pangkat. Angka Jawa Reaksi: UNINE SANDHANGAN SWARA I. farlu. mulane angka Jawa diapit-apit ing pada pangkat. Aksara Rekan. cecake telu dumunung ing sisih kiwa. sumerep ghaib. zakat fitrah. manawa aksara rekan karaketan sandhangan pepet. cecake telu dumunung ing sajroning pepet. wayahe :8. Tuladhane : sampun faham. firman 3.

pinten. wit. cumplung. banjur oleh panambang a.Sing maune nduweni swara miring bali jejeg maneh. suwignya UNINE SANDHANGAN SUKU ( SWARA U ) 1. Wanda wekasan kang sigeg. wut. Tumrap ing wanda sigeg aswara jejeg. srundeng c. kayata : bumbung .pir. bung. dadi kyai 2. Tumrap ing wanda aswara jejeg.kancing Sing nyebal : ingkang b. Saliyane wanda wekasan . Wanda sigeg aksara irung kang dudu wanda wekasan. b. tir.blumbang. kayata : Cit. anipun. kayata : Sampun. manawa dumunung ing : a. ting. manawa sesigege dudu aksara irung. Wanda sigeg aksara irung kang dudu wanda wekasan. pun.1. sulistya. tur b. kayata : Ut. kayata : Siswa. kayata : ing. utawa en. Tembung mung sawanda kang kalebu tembung pangungun . Wanda wekasan : Becik. sir. an. Tembung mung sawanda kang dudu tembung pangungun. e. i. nyamplung. sing. bur. manawa sandhangan suku dumunung ing : a. ngati-ati.murid c. mancing ( i miring) mancinga (i jejeg) mancingi (i jejeg) pancinge (i jejeg) pancingan (i jejeg) pancinganipun ( i jejeg) 3. prit. pring. Tumrap ing wanda menga.nglumpruk*) . Tumrap ing wanda menga. lunyu. jun. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring. ping. wulu. kayata : Tuhu. Wanda wekasan kang banjur oleh panambang Kayata : sabun ( u miring) nyabuni (u jejeg) sabunan (u jejeg) sabunan (u jejeg) sabunane ( u jejeg) sabunanipun (u jejeg) sabunen (u jejeg) sinabunan ( u jejeg) 3. kayata : Mung . nyut. kayata : iki siji. kayata : Timba. manawa dumunung ing : a. cur b. crit c. Tembung mung sawanda kang dudu tembung pangungun. Wanda wekasan. manwa sandhangan wulu dumunung ing : a. Tembung mung sawanda kang kalebu tembung pangungun. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring. keris. kabeh sandhangan wulu aswara jejeg. mancur.brutu 2. kabeh sandhangan suku aswara jejeg. bun.

the. Purwane tembung 3 wanda. cebol 2. utawa mawa sandhangan swara saliyane pepet utawa taling. tempe. Sangarepe wanda wekasan kang menga legena. kreta. teji. a. estri. murni UNINE SANDHANGAN TALING (SWARA E ) 1. cemplang. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring. Wanda wekasan kang sigeg.kayata : Dumeh. kayata : Kate. estu. sewaka d. suksma. le. bengkong 4. Sangarepe wanda wekasan kang sigeg tanpa sandhangan swara. dewa. kayata : Rene. utawa mawa sandhangan saliyane wulu utawa suku . beji. manawa sandhangan taling iku dumunung ana ing : a.bledheg . leren. pete c. sate. kayata : Jengki. menda. grenjeng d. Tembung mung sawanda : He. Tembung mung sawanda. joged. Saliyane wanda wekasan. kengser. kemawon. Sangarepe wanda wekasan kang sigeg mawa sandhangan pepet utawa taling. keksi c. Wanda menga ing sangarepe wanda wekasan kang uga menga mawa sandhangan wulu utawa suku. Sangarepe wanda wekasan kang menga mawa sandhangan wulu utawa suku. kayata : Keyok. manawa dumunung ing : a. jres b. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga tanpa sandhangan swara. manawa dumunung ing : a. rewanda. manawa sesigege wanda iku dudu aksara irung. godheg. kayata : Kendel. cekli b. Tumrap ing wanda menga aswara miring. taun je. Tumrap ing wanda menga aswara jejeg. kayata : Duksina. kayata : Kendhang. Tumrap ing wanda sigeg aswara jejeg.kayata : Heh. endha b. kayata : Kewala. kayata : mesem . kayata : Keri. pendeng. enjing. kayata : Endra. Wanda wekasan. utawa mawa sandhangan swara liyane wulu utawa suku. manawa dumunung ing . utawa mawa sandhangan wulu utawa taling tarung. gule. trustha. Wanda menga ing sangarepe wanda wekasan kang sigeg lan mawa sandhangan pepet utawa taling.c. gepeng 3. meh. taun be b. kerem. pelo e. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang sigeg tanpa sandhangan swara. eram.

Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga tanpa sandhangan swara. komplang. rebo c. Wanda ing sangareping wanda wekasan kang menga mawa sandhangan wulu lan suku. blondho. lodaya. kayata : cakot ( o miring) nyakota( o jejeg ) cakotan ( o jejeg ) d. ngombe. kayata : Topi. wolu. kayata : Sinyo. Tumrap ing wanda sigeg aswara jejeg. mori. kayata : Nyonyah. kayata : Krodha. kongas 2. Purwane tembung telung wanda. Wanda sangarepe wanda wekasan kang sigeg mawa sandhangan pepet utawa taling tarung. bedho. utawa mawa sandhangan saliyane pepet utawa taling tarung. Wanda sangarepe wanda wekasan kang sigeg kang banjur oleh panambang a rontog ( o miring) rontoga ( o jejeg) rontogan ( o jejeg ) 4. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasankang uga sigeg tanpa sandhangan swara. kayata : Lor. utawa mawa sandhangan saliyane wulu utawa suku. Tembung mung sawanda. Sangarepe wanda wekasan kang menga tanpa sandhangan swara. conto b. babon. utawa mawa sandhangan saliyane pepet utawa taling tarung. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga lan mawa sandhangan swara taling atawa taling tarung. Wanda wekasan. so. kayata : Plonthang. Sangarepe wanda wekasan kang sigeg tanpa sandhangan swara. manawa dumunung ing : a. loh. konthit. Tumrap ing wanda menga aswara miring. Tumrap ing wanda sigeg aswara miring. dom. manawa dumunung ing : a. anjlog c. komuk. Kondhe. kayata : Ho. Wanda wekasan kang sigeg banjur oleh panambang a . kojur. kayata : Adoh. moh. kayata : Coplok. kayata : . semboja. krodhong. buta locaya d. wo.UNINE SANDHANGAN TALING TARUNG ( SWARA O ) 1. kolu b. kopyor 3. lo b. an . kondhe c. ngaso. Tembung mung sawanda. jlog b. Wanda wekasan. kayata : Korawa. ore e. Tumrap wanda menga aswara jejeg. manawa dumunung ing : a. bodho. yen dumunung ing : a.

Mulane perlu banget wong ngerti temenan marang unine aksara legena lan unining siji-sijine sandhangan swara. kancaningsun ) d. kongsi. ana kang unine kanthi abab akeh. kroncong. nangka. jalaran yen tembunge rinaketan panambang apa bae. candra.Amba. Diarani mangkono. konten. gombyok. lombok Lonthong. taling-tarung iku banjur ILANG . plonthos Brongkos. ana kang unine jejeg. unine ora mesthi padha . Aksara ka ( k ) kang dadi sesigeg . kayata : Sonten. 08 September 2010 UNINE AKSARA JAWA (3) UNINE AKSARA LAN SANDHANGAN SWARA Aksara lan sandhangan swara iku tumrap ing tembung siji karo sijine. Aksara ha ( a ) upamane. kajaba yen dipanambangi a. kancanipun. kancane. kayata : Jongki. randha Ganda. Tuladhane : kancaku (kancamu. Kang njalari klira-kliru mangkono. Wanda sigeg aksara irung sangarepe wanda wekasan kang sigeg mawa sandhangan swara pepet utawa taling-tarung . lan durung lebda marang unining siji-sijine sandhangan swara. Jangkepe katrangan ing dhuwur (sing nganggo tulisan aksara Jawa ) iki PANJENENGAN KLIK ANA KENE ! Katrangan : . langka. ana kang mawa abab mandamanda. tongki e. Aksara legena. brondong Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 07:47 Tidak ada komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: 13 TATA TULIS AKSARA JAWA. kandha. Unine Sandhangan Swara Reaksi: Rabu. jalaran wong kang nulis durung ngerti temenan marang unine aksara legena kang dumunung ing siji-sijine tembung. lan ana kang miring. Wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga mawa sandhangan swara saliyane taling utawa taling tarung. mangsa Taling-tarung ing dhuwur iku lumrahe diarani TALING-TARUNG PALSU. unine ana sing anteb lan ana kang ampang. kancanira.

Kampung Ujung ndhuk Surabaya. Karang Tembok akeh wong mati. Tanjung Perak akeh kapale. Swara e owah dadi ѐ . Tuladha : popok. Unine Aksara Jawa Reaksi: Parikan (2) Lenga wangi cap iwak dhuyung. buru. Swara u tetep diunekake u. kāwāt. bosok. rasa. Swara o owah dadi a. cere. semut. kene. Swara e tetep diunekake e. mѐpѐt. Tuladha : sarung. Swara u owah dadi o. Supaya awak ilang sangkale. kana. pāngān. suku. Aja nganti kena panggodha. Dadi wong urip kok serba salah Kuwata wae nggone nglakoni. lѐrѐn.Swara jejeg yaiku swara sing durung owah saka asale : Swara a tetep diunekake a. Bandeng nener disaut ula. pѐsѐk. Wayah mahgrib budhal nang sawah. Peteng-peteng golek senggolan. rana. Lunga wengi nglayap neng lurung. gosong. Tuladha : pepe. kono. loro. Aja methik kembang semboja. Swara miring yaiku swara sing owah saka asale . bathuk. lugu. jodho. Tuladha : bѐbѐk. Lenga leteng nyebenggolan. Sukur-sukur yen pena jawa. Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 20:48 Tidak ada komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: 13 TATA TULIS AKSARA JAWA. Tuladha : sapa. Swara a owah dadi ā Tuladha : pāpān. Ayuk unjung marang wong tuwa. Teka sawah kok diwedeni. jārān. Swara o tetep diunekake o Tuladha : bodho. . Tuladha : buku. bolong. karung. Uwur-uwur kodhok segara. rene. Dadi wong wedok sing ngati-ati.

Suwe ora ketemu. Menawi lepat nyuwun ngapura. Ireng-ireng ndang jumputana. Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 01:54 2 komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: parikan Reaksi: Selasa. Walang ireng mabur mbrengengeng. Dadi jaka jok adol kebagusan Nyambuta gawe sing paling perlu. Suwe ora jamu. Santen duduh kalapa. Pena turu rak ngimpi apa. Pena kuru mikiri sapa.Tak ngengeri sak urip kula. Mung sayange bokonge sak amben. Walang ijo dawa suthange. Yen wong lemu gak wurung mbembeng. Tuku jamu nang kampung Gubeng. Cekap semanten atur kawula. Marut klapa katut ampase. Aneng donya pira lawase. 07 September 2010 SANDHANGAN AKSARA JAWA (2) . Jamu pisan peresan pace. Mojokerto tretek terusan Kali gedhe dalane prau. Mangan kupat weton Medura. Kula mbenjing tumut sinten. Bareng katon nek kiwir-kiwir. Yen seneng aja mung mandeng Golekana ngendi omahe. Nang Wendhit tukua klentheng. Ngimpi bapak nengguluk pacul. Rujak kanon pecelan mortir. Nganggoa kendhit sampek methentheng. Lalapane pluru karaben. Nandur tela kula guluti. Sedulur sing jawa kula tumuti. Mikiri cacak gak tau kumpul. Ati seneng ndang turutana. Ketemu pisan bingung atine. Esuk enjing sore sonten.

yaiku : Kanggo gegaran katrangan ing ngisor iki . bau.menek. srutu. grendul. kere. kranjang. geneng. ambyah. kodhok. bathi. tamu. cekak. krupuk. bibi. Tuladha : kreteg. janji. cocor. buku. pepe. gobyog. 2. mopo. sempyok. SANDHANGAN WYANJANA Sandhangan wyanjana ana telung warna yaiku : Cakra : minangka sesulihe panjing ra . sigra. patra. kanti. Taling-tarung : gunane kanggo aweh uni kaya dene “ O “ Tuladha : bojo. watu. Tuladha : putra. brana. sapi. degan. kono. cedhak. setya. kerek. gapyuk. prenjak. trebis. wulu. mligi. sengak. loro. turu. bosok. gebyagan. mari. Taling : gunane kanggo aweh uni kaya dene “ E “ Tuladha : rene. jamu. lele. kepyur. cere. mrana. suku. kolong Pepet : gunane kanggo aweh uni kaya dene “ Ě “ Tuladha : peteng. cecak. trenyuh. mili. bebek. sangu. trebang. lemek. panu. tuku. pepet. bolong. rono. bodho. mrucut. krembangan. grenjeng. gepyok. cakra. . Pengkal : minangka sesulih panjingan ya Tuladha : kyai. pipi. tentrem.Kang diarani sandhanganing aksara iku tetenger kang dienggo ngowahi utawa muwuhi unining aksara utawa pasangan. ambyur. kosong. mati. tyas. dhedhet. pejah. kebak. Suku : gunane kanggo aweh uni kaya dene “ U “ Tuladha : suru. PANJENENGAN KLIK ANA KENE ! 1. prenthul. granggang Keret : minangka sesulihe panjing ra lan pepet . lagi. driji. tangi. SANDHANGAN SWARA Sandhangan swara ana limang warna yaiku : Wulu : gunane kanggo aweh uni kaya dene “ I “ Tuladha : siji.

SANDHANGAN PANYIGEG Sandhangan panyigeg ana telung warna . janger. yaiku : Wignyan : minangka lelirune sigeg “h”. bobor. bocah. palang. weruh. kurung. menir. awor. bubar. putung. bakuh. saguh. pecah. . kapang. kobong. . SANDHANGAN PANGKON (PATEN ) Sandhangan pangkon utawa paten. 4. gunane kanggo mratelakake yen aksara kang dipangku iku dadi sesigeging wanda kang ana ing sangarepe. Manawa diwuwuhi pada siji (lingsa). pulung. tukar. mothah. gogor. Vokal “A “ ing wanda wekasan dadi “I” agama = agami jaga = jagi jawa = jawi kuwawa = kuwawi manawa = manawi muga = ugi swarga = swargi tangga = tanggi tuna = tuni uga = ugi upama = upami utama = utami warna = warni Katrangan : Tembung “swarga “ dikramakake “swargi “ yen ateges “jenat”. Sandhangan Aksara Jawa Reaksi: CARA NGRAMAKAKE TEMBUNG NGOKO PANGRIMBAGE TEMBUNG NGOKO DADI TEMBUNG KRAMA 1. ngalor. Kajaba iku. beber. lungguh.3. Cecak : minangka lelirune sigeg “ng” Tuladha : pasang. jagang. bubrah. kolah. Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 08:24 Tidak ada komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: 13 TATA TULIS AKSARA JAWA. Tuladha : pasar. muter. momong. kether. papah. Tuladha : gagah. dadi lelirune pada lungsi (titik ). Layar : minangka lelirune sigeg “r” . wegah. gosong. sandhangan pangkon uga dadi sesulihe pada lingsa (koma). pasir.

tembung “lungguh” ngoko. 3. Vokal “U” ing wanda wekasan dadi “A” lan yen sangarepe wanda wekasan uga mawa vocal “U” . bubrah = bibrah budhal = bidhal bukak = bikak bungah = bingah kulak = kilak kurang =kirang kuwat = kiyat lumrah = limrah mundhak = mindhak murah = mirah . vocal iku dadi “E” buruh = berah butuh = betah etung = etang ingu = ingah kepung = kepang kukuh = kekah lembut = lembat lemu = lema lungguh = lenggah luput = lepat mungsuh = mengsah rembug = rembag rusuh = resah suguh = segah surup = serap tempuh = tempah wutuh = wetah wuwuh = wewah Katrangan :Tembung “lenggah” lumrahe dianggep krama inggil.Tuladha : Swargi Dr Sutomo ageng sanget lelabetanipun dhateng nusa lan bangsa. dene “linggih” Krama Ngoko. 2. Yen wanda wekasan mawa vocal “A” lan wanda burine mawa “U” . vocal “U” ing sangarepe wanda wekasan dadi “I”. vocal “A” ing wanda wekasan ajeg “A” .

YA.rusak = risak susah = sisah unggah = inggah 4. REP. Anggenipun tilem kepatos. utawa YU” dadi “JENG” . Wanda wekasan “DA. utwa JI” dadi “OS” aji = aos carita = cariyos dadi = dados ganti = gantos gati = gatos jati = jatos kadi = kados kuwasa = kuwaos ngati-ati = ngatos-atos prada = praos rasa = raos rekasa = rekaos supadi = supados wadi = wados waspada = waspaos yekti = yektos Pati = patos . pejah gesang. 6. panganggone : toh pejah. TI. Wanda wekasan “RU. Ana tembung ngoko sing dikramakake sarana kaganti aksarane “O” sing dumunung ing wandane wekasan lan / utawa ing sangarepe wanda wekasan dadi “E” anggo = angge angon = angen elor = eler enggon = enggen enom = enem kongkon = kengken kulon = kilen obah = ebah omah-omah = emah-emah opah = epah owah = ewah somah = semah takon = taken 5. JU. Pati = pejah. raja pejah. TA. SA. panganggone : Seratanipun boten patos sae. DI.

Ana sing nduweni pungkasan “AN. BUH.. EN. Sing nduweni wanda wekasan “NA. . IR” diganti “OS” batin = batos ketan = ketos krasan = kraos kuwatir = kuwatos penjalin = penjatos prihatin = prihatos tlaten = tlatos 11. antara = antawis anyang = awis arang = awis karang = kawis katara = katawis larang = awis mataram = matawis prakara = prakawis semarang = semawis watara = watawis 8. BUNG” diganti “BET utawa WET” ambu = ambet ewuh = ewed imbu =imbet imbuh = imbet lumebu = lumebet sambung = sambet 9.. RA. U. aken 10. RANG.arep = ajeng buru = bujeng guyu = gujeng karep = kajeng kayu = kajeng laju = lajeng maju = majeng pambarep = pambajeng payu = pajeng pitaya = pitajeng playu = plajeng R. RI. Tembung ngoko sing wanda wekasan “ RA. LI” ana sing diganti “TEN” dina = dinten kori = konten . IN. Ayu = R Ajeng rahayu = rahajeng 7. RE. RAM” dadi “WIS”.ake = …. Tembung ngoko sing nduweni wanda wekasan “WUH. E” ana sing diganti “EN” sepi = sepen ngaku = ngaken …. BU. Sing nduweni vocal pungkasan “I.

Sing nduweni wanda wekasan “LI” ana sing diganti “SUL” bali = wangsul kendhali = kendhangsul kuwali = kuwangsul tali = tangsul 14. kayata : abang = abrit bengawan = benawi cedhak = celak cendhak = celak eling = enget endhek =andhap . wanda wekasan “LANG” dadi “MBENG” utawa “CAL”. akeh sing diganti “TUN” kari = kantun lemari = lemantun lestari = lestantun mari = mantun nagasari = nagasantun pari = pantun 13. Sing nduweni wanda wekasan “RI. Sing nduweni pungkasan “DU.mori = monten nuli = nunten rina = rinten sagara = saganten samana = samanten sore = sonten 12. Ana sing ora ana pathokane . DO” ana sing diganti “BEN” adu = aben padu = paben paido = paiben 15. Ana sing dadine tembung krama sarana ditambahi “PUN” apa = punapa endi = pundi ika = punika 18. banget = sanget banter = santer bareng = sareng waras = saras 17. Ana tembung sing apurwa “W” utawa “B” dadi “S”. kalang = kambeng kalangan = kambengan palang =pambeng ilang = ical walulang = wacucal 16.

gampang = gampil ijo = ijem isih = taksih jamu = jampi jeruk = jeram katon = katingal kirim = kintun maneh = malih priyayi = priyantun rata = radin salin = santun sawah = sabin sega = sekul sikil = suku sungu = singat suruh = sedhah trasi = traos Lan liya-liyane Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 00:55 1 komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: 10 BASA KRAMA. 02 September 2010 JEMBATAN MERAH keprungu ing sajroning atiku tembang lamat-lamat “jembatan merah sungguh indah berpagar gedung megah” tembang lawas. Tembung Krama Reaksi: Kamis. tembang jaman kamardikan tembang sing wis suwe ora nate keprungu menyang endi paranmu? apa wis katut iline banyu ing kali sangisormu ? tembang sing wis suwe ora nate kocap sapa sing arep nyingkap ? tembang sing wis ilang saka dhadha tembang sing wis ilang saka jiwa apa sliramu isih ngulandara ? jembatan merah pancen gedhongmu isih katon endah apa sliramu isih kelingan .

gagah maju perang mung sangu granggang sangu semangat supaya walanda enggal oncat sangu dongane ibu minangka teguh timbul jeroning kalbu pranyata. njerbabah ndhepani lemah toh pati getih muncrat saka dhadhaning para prajurit kang lagi sekarat mblabar abang mlerah nelesi lumahe bumi mbelani ibu pertiwi saiki apa kita wis mardika ? pancen saiki walanda wis ora ana pancen saiki wis bisa ngatur negara pancen saiki wis ora dikuya-kuya bangsa liya saiki apa kita wis mardika ? apa saiki wis bisa urip mulya ? jembatan merah sliramu isih katon gagah malah tambah endah saiki dadi saksi bisu lambe abang mlerah krana gincu lambe abang mlaku-mlaku ing sadhuwurmu ngguya-ngguyu jembatan merah jaman wis owah gingsir nekseni bengoke pak sopir ing pinggir dalan golek momotan mlipir-mlipir grenenge kawula alit mider-mider golek dhuwit anak bojone njerit tansah kecepit sanajanta wis diirit-irit jembatan merah apa sliramu isih bisa nekseni kawula rumangsa urip mulya. .nalika dadi saksi bisu makantar-kantare semangat para pejuang nom-noman padha mbengok sora “merdeka !!! lepas dari segala bentuk penjajahan belanda !!!” nom-noman jumangkah. 2 September 2010. Surabaya.

Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 07:41 Tidak ada komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook Label: 05 PUISI (GEGURITAN). Padmosoekotjo sing kababar dening PT “Citra Jaya Murti “ Surabaya. Tata panulise aksara Jawa bakal kapacak kanthi cara sambung-sinambung. Mung wae postingan sing dhisik dhewe bakal manggon ing ngisor dhewe. Yen panjenengan ngersakake maos Tata Tulis Aksara Jawa kanthi . 01 September 2010 DENTA WYANJANA LAN PASANGAN (1) Panulise aksara Jawa sing arep diaturake panulis ing ngisor iki adhedhasar buku “Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa “ anggitan S. Jembatan Merah (Guritan) Reaksi: Rabu. dene postingan anyar manggon ana ing dhuwur dhewe..

saiki ora. Diposkan oleh Sugeng Kariyodiharjo di 07:18 4 komentar: . saiki ora. saiki ora. ing antarane : 1. 8. conto : ingalas saiki ing alas. ingara-ara saiki ing ara-ara. Tembung nganggo seselan um kudu ditulis rangkep. 5. 2. Aksara sa sing dipasangi pasangan ja kudu ditulis nganggo sa murda. panjenengan klik Isinipun Blog : "13 TATA TULIS AKSARA JAWA" Kanggo miwiti tata tulis aksara Jawa PANJENENGAN KLIK ANA KENE ! Katrangan : download an kanthi format . 3. nanging saiki ora. puniki nganggo na rangkep. nanging mung wantah bae. 7. Tembung nganggo seselan in katulis ngango pasangan n (na rangkep) . Tembung aran apurwa ha (a) sing kadhisikan tembung ing. saiki ora (mung wantah bae). Tembung punika. Perlu dikawruhi yen tata panulise tembung Jawa nganggo aksara Jawa ing jaman biyen karo jaman saiki ana bedane. punnika saiki punika. Conto : dhummateng saiki dhumateng.pdf. Conto : pinnanggih saiki pinanggih. punniki saiki puniki. saiki ora. Ater-ater anuswara sing luluh karo purwaning tembung katulis a (ha). Aksara na sing dipasangi pasangan tha lan dha kudu ditulis na murda. Aksara na lan sa ing saburine wanda sing nganggo sandhangan layar kudu katulis na murda lan sa murda. Conto : anyapu saiki nyapu. dummugi saiki dumugi.runtut. 4. purwa a (ha) kudu katulis ng. Conto : punnapa saiki punapa. 6. punapa. tinnampanan saiki tinampanan. anulis saiki nulis.

Sign up to vote on this title
UsefulNot useful