Jelajahi eBook
Kategori
Jelajahi Buku audio
Kategori
Jelajahi Majalah
Kategori
Jelajahi Dokumen
Kategori
Assalamualaikum Wr. Wb. Bapak Kepala Desa ingkang dhalat kinurmatan, Bapak Ketua RT, RW saha adhikadhik Karang Taruna ingkang kula hormati, saha para rawuh sedaya warga Suka Maju ingkang kula tresnani. Minangka pembukaning atur, sumangga sesarengan memuji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung, ingkang sampun ngluberaken rahmad saha hidayah dhateng kula panjenengan saengga saget angrawuhi adicara penyuluhan kesehatan ingkang dipun gelar siang punika. Para rawuh ingkang minulya, ngadhepi mangsa rendheng punika umumipun dipun sarengi dhatengipun penyakit-penyakit ingkang mbebayani tumramipun kita sedaya khususipun tumrap lare-lare alit umpamipun: tipus, kolera, disentri lan penyakit-penyakit sanesipun ingkang magepokan kaliyan pergagntiyan musim punika. Para rawuh sedaya, magepokan kaliyan bab punika, kawula minangka sesulihipun Dinas Kesehatan nyuwun kanthi sanget, warga Suka Maju mriki saged njagi lingkunganipun tetep bersih. Got lan margi-margi utaminipuntanah kosong supados dipun bersihaken. Wondene teknik caranipun kawula sumanggakaken dhumateng perangkat desa ngriki. Mekateningkang saget kawula aturaken, ageng pangajeng-ajeng kawula para warga sagedad mujudaken lingkungan ingkang bersih, bebas sedaya penyakit, supados waarganipun sehat-sehat sedaya. Nyuwun pangapunten sedaya kekirangan lan kesalahan ing salebete nyaosi penyuluhan punika. Wasana cepak semanten, Wassalamu;alaikum Wr. Wb.