Anda di halaman 1dari 5

Sluku-sluku bathok Sluku-sluku bathok bathoke ela-elo si romo menyang solo oleh-olehe payung moda tak jenthir ololobah

wong mati ora obah yen obah medeni bocah yen urip nggoleko dhuwit Gotri nagasari gotri legendri nogosari, ri riwul iwal- iwul jenang katul, tul tulen olen-olen dadi manten, ten tenono mbesuk gedhe dadi opo, po podheng mbako enak mbako sedeng, deng dengklok engklak-engklok koyo kodok Dayohe Teka Ei.., dayohe teko, Ei.., jerengno kloso, Ei.., klosone bedah, Ei.., tambalen jadah, Ei.., jadahe mambu, Ei.., pakakno asu, Ei.., asune mati, Ei.., guwangen kali, Ei.., kaline banjir Te Kate Dipanah Te kate dipanah Dipanah ngisor gelagah Ana manuk konde-onde Mbok sirbombok mbok sirkate Mbok sirbombok mbok sirkate Gek kepriye Duh kaya ngene rasane Anake wong ora duwe Ngalor ngidul tansah diece Karo kanca kancane Pye pye pye pye ya ben rasakna Pye pye pye pye rasakna dewe Pye pye pye pye ya ben rasakna Pye pye pye pye rasakna dewe

Pitik Tukung Aku duwe pitik pitik tukung Saben dina tak pakani jagung Petok gok petok petok ngendok pitu Tak ngremake netes telu Kabeh trondol trondol tanpa wulu Mondol mondol dol gawe guyu Ilir-ilir Lir ilir..lir ilir..tandur wus sumilir Tak ijo royoroyo..taksengguh temantn anyar Cah angon.cah angon..pnkk blimbing kuwi , Lunyu-lunyu ya pnken kanggo masuh dodotira Dodotira dodotira kumitir bedhah ing pinggir Dondomana jlumatana kanggo sba mngko sor Mumpung padhang rembulan Mumpung jembar kalangan Ya suraka..surak hor Kate Kate Dipanah Te kate dipanah dipanah ngisor nggelagah ana manuk ondhe ondhe Mbok sir bombok bok sir kate Mbok sir bombok mbok sir kate Menthok menthok Menthok menthok tak kandhani Saksolahmu angisi-isini Mbok ya aja ngetok Ana kandhang wae Enak-enak ngorok ora nyambut gawe Menthok-menthok mung lakumu Megal-megol gawe guyu Kupu Kuwi Kupu kuwi tak encupe Mung abure ngewuhake Ngalor-ngidul Ngetan bali ngulon Mrana-mrene mung sak paran-paran Mbokya mencok tak encupe Mentas mencok clegrok Banjur mabur kleper Cempa Cempa rowa Pakananmu apa rowa Tuku gendhing ndhing ndhing ndhing

Rowang rawing wing wing wing Bong kecebong jarane jaran bopong Sing nunggangi Semar Bagong Ecrek-enong ecrek-egung ecrek-enong ecrek-egung Jago Kate Jago kate te te te Kukukluruk kok Amecece ce ce ce Kukukluruk Dibalang watu bocah kuncung Keok kena telehe Njranthal pelayune Mari umuk mari ngece Si kate katon nyekukruk PADANG MBULAN Yo, poro konco dolanan ning jobo Padang mbulan, padange koyo rino Rembulane sing ngawe-awe Ngelingake ojo podo turu sore JAMURAN Jamuran jamuranya ge ge thok jamur apa ya ge ge thok Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung, sira badhe jamur apa? KODOK NGOREK Kodok ngorek kodok ngorek ngorek pinggir kali teyot teblung teyot teblungteyot teyot teblung Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo KIDANG TALUN Kidang talun mangan gedang talun mil kethemilmil kethemil si kidang mangan lembayung DONDHONG APA SALAK dhondhong apa salak dhuku cilik cilik gendong apa mbecak mlaku thimik thimik adhik ndherek ibu tindak menyang pasar ora pareng rewel ora pareng nakal

mengko ibu mesthi mundhut oleh-oleh kacang karo roti adhik diparingi PITIK TUKUNG Aku duwe pitik, pitik tukung.. saben dina, tak pakani jagung petok gogok petok petok ngendhog siji, tak teteskekabeh trondhol..dhol..dhol.. tanpa wulu..megal-megol.. gol.. gol.. gawe guyu JARANAN jaranan-jaranan jarane jaran teji sing numpak ndara bei sing ngiring para mantri jeg jeg nong..jeg jeg gung prok prok turut lurung gedebug krincing gedebug krincing prok prok gedebug jedher GUNDHUL-GUNDHUL PACUL Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan wakul ngglimpang, segane dadi sak latar wakul ngglimpang, segane dadi sak latar MENTHOK-MENTHOK Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu, angisin-isini mbok yo ojo ngetok, ono kandhang wae enak-enak ngorok, ora nyambut gawe menthok, menthok mung lakukumu megal megol gawe guyu GAMBANG SULING Gambang suling, ngumandhang swarane tulat tulit, kepenak unine uuuunine.. mung..nreyuhake bareng lan kentrung ketipung suling, sigrak kendhangane SUWE ORA JAMU Suwe ora jamu jamu godong tela suwe ora ketemu ketemu pisan gawe gela

TAK LELO LELO LEDUNG tak lelo lelo lelo ledung cup menenga aja pijer nangis anakku sing ayu rupane nek nangis ndak ilang ayune tak gadang bisa urip mulyo dadiyo wanita utomo ngluhurke asmane wong tua dadiyo pendekaring bangsa cup menenga anakku kae bulane ndadarikaya ndas butho nggilani agi nggoleki cah nangis tak lelo lelo lelo ledung cup menenga anakku cah ayu tak emban slendang batik kawung yen nangis mudak gawe bingung tak lelo lelo ledung.. srengenge nyunar srengenge nyunar kanthi mulyo anginne midid klawan rena manuke ngoceh ono ing witwitan Kewane nyegrut ono ing pasuketan kabeh podho muji Allah kang mulyo kabeh podho muji Allah kang mulyo

Anda mungkin juga menyukai