Anda di halaman 1dari 5

PIDATO HARI ULANG TAHUN KEMERDEKAAN RI

Poro Bapak, Poro Ibu sederek-sederek, sebangsa lan setanah air, ingkang kulo hormati ! Langkung rumien monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken raos puji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun paring Rohmat, Taufik soho Hidayah dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo wonten ing majelis puniko, dalam rangka memeriahkan Peringatan dinten ulang tahun Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia ingkang kaping 49 mugi-mugi kerawuhan kulo lan panjenengan meniko dipun catat dening Alloh SWT. Minongko dados amal soleh kulo lan panjenengan Amin. Ingkang kaping kalih mugio tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan sahabatipun. Kaping tigonipun kulo matur nuwun dateng sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dateng kito kangge mengisi wontenipun acara meniko mugi-mugi wekdal meniko saget kulo ginaaken ingkang sak sahe-sahenipun. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Alloh SWT sampun paring nikmat dateng poro kawulonipun meniko sampun katah sanget, sehinggo ngantos mboten saget kito itung. Poro Rawuh ! Dene termasuk salah setunggalipun nikmatipun Alloh ingkang ageng dipun parengaken kito bongso Indonesia, Inggih meniko nikmat kemerdekaan ingkang dipun proklamiraken tanggal 17 Agustus 1945, ngantos dinten meniko kito peringati. Poro Rawuh ingkang kulo hormati ! Menawi kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, meniko pintenpinten tahun dipun jajah dening bangsa Asing. Inggih meniko dipun jajah dening Belanda lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia hidup dibawah cengkraman kaum penjajah. Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, bahkan selalu di tindas lan dipun aniayaya dening bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman Rohim Alloh SWT, lan ugi kanti semangat perjuanganipun Poro Pahlawan lan poro Pejuang Bangsa Indonesia ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur, para Pejuang kito saget ngalahaken poro kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus 1945, Bangsa Indonesia memproklamasikan dinten Kemerdekaan Republik Indonesia. Poro Rawuh Ingkang kulo hormati ! Pramilo kito kedah bersyukur dateng Alloh SWT ingkang sampun pareng nikmat Rupi kemerdekaan meniko. Supados Negri kito Indonesia tansah dipun paringi berkah dening Alloh. Dipun paringi aman, damai, gemah ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo, adil makmur penuh ampunan, lan Ridho Alloh. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Kejawi sangking meniko, kito ugi kedah matur nuwun dumateng poro pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun jerih payah, rela ngorbananek jiwa rogo, harta benda kangge merebut Kemerdekaan

Meniko, pramilo wonten ing kesempatan sahe niki monggo sejenak kito panjataken doa mugi sedoyo para pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun sukses merebut kemrdekaan Negeri Republik Indonesia, meniko selalu dipun bales dening Alloh, dipun trami jasa-jasanipun, lan dipun dadosna amal sholehipun, ingkang berjuang wonten akhirat dipun paringi berkat soho kejembaran wonten ngersanipun Alloh SWT. Amin-amin yaa Rabbal alamin. Poro Rawuh ingkang kulo hormat ! Sak meniko kito termasuk generasi penerus pewaris kemerdekaan Pramilo kito berkewajiban nerusaken perjuangan poro pejuang ingkang rumiyin. Shoho memelihara lan melestarikan kesejahteraan Negeri Indonesia meniko. Sampun ngantos nikmat kemerdekaan ingkang meniko kito sia-siakan kanti ngawontenaken pesta pora, lan hura-hura ingkang boten berarti, tanpa ngawontenaken amalan-amalan ingkang beto kemanfaatan lan kemaslahayan Negara. Sebab kemerdekaan meniko boten semata-mata hadiah saking bangsa asing ingkang diberikan kanti cuma-Cuma, meniko boten. Tapi berkah jasa-jasa poro pejuang ingkang sampun rumiyin. Pramilo sepindah maleh kito ugi kedah mengisi kemerdekaan kanti menanamkan jasa kangge tiang-tiang ingkang bade dateng, utawi kangge generasi kita mangke.. Poro Rawuh ingkang kulo hormati ! Ingkang terakhir monggo, putro-putri kito sedoyo, kito didik ingkang sahe lan kito arahaken dumateng perkaws ingkang sahe, supados mangke saget dados generasi-generasi penerus ingkang bertanggung jawab dateng kemajuan agama. Bangsa lan Negoro AMin yaa Rabbal alamin. Kintenipun cekap semanten atur saking kulo. Mugi-mugi saget bermanfaat dumateng pribadi kawulo khususipun, lan umumipun dateng panjenengan sedoyo. Masang pulut ning duwur cemoro Menawi luput kulo nyuwun ngapuro

PIDATO BAHASA JAWA (1 pidato)

PIDATO Ass. Wr.wb. Kulo aturaken matur suwun kagem Ibu Ummu semono ugi kagem Saderek-saderek sedanten ingkang sudi nyisih aken wedalipun ngrawuhi pidato meniko. Saderek-saderek sedanten.. Minurut pengamatan kalian kulo raosaken akhir-akhir meniko kathah wargo ingkang kirang menghargai negeri nasionalipun inggih puniko negeri tercinta Indonesia. Hal meniko sanget ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados masalah ingkang serius.. Saderek-saderek, kawulo mudho sedanten.. Wonten jaman sakniki sampun kathah pengikisan kebangsaan nasionalisme! Meniko disebabaken kathah kawulo mudho ingkang ngelalekaken jatidirinipun dados wargo Indonesia sebabipun poro kawulo mudho luwih condong marang pergaulan utawi budoyo-budoyo Barat ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupo: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah wargo luwih seneng mundhut produk-produk luar negeri disebabaken regoipun luwih mirah lan kualitasipun luwih sae.. Saderek-saderek sebongso lan setanah air. Masalah-masalah meniko saget diicalaken lan saget mbangsulaken raos cinta tanah air negeri tercinta Indonesia meniko kalian salah sawijine coro inggih puniko mundhut barang-barang produksi Indonesia, menghormati jasanipun poro Pahlawan lan poro Pejuang, tindak dhateng Museum-museum Nasional utawi monumen-monumen perjuangan Kulo raos meniko ingkang saget kulo sampekaken. mugi- mugi saget ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken roso Nasionalisme kito sedanten. Matur suwun kulo sampekaken Wassalamualaikum Wr. Wb.

PIDATO NASEHAT PERNIKAHAN


Poro Bapak Kiyai, poro pini sepuh, poro tamu undangan ingkang kulo hormati, poro hadirin, lan hadirot ingkang kulo hormati. Sepindah kawulo muji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampung paring rohmat, taufik shoho hidayah dateng kito sedoyo, sahinggo kito saget pepanggihan wonten ing puniko majlis, dalam rangka menyambut hari kebahagiaan, utawi hari resepsi pernikahan ingkang sanget keramat meniko Mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo meniko kalian Alloh dipun catet dados amal sholeh kito sedoyo. Amien. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Ingkang kaping kalih mugiho rohmat tadzim dan salam bahagia Alloh tansah dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan sohabatipun. Poro rawuh ingkang kulo hormati ! Berbicara tentang nikah meniko sampun mboten terpandang asing di kalangan umat Islam. Kranten menurut ajaran agama Islam, melaksanakaken nikah meniko dipun catat sebagai amal ibadah. Sebab nikah meniko derek sunnahipun kanjeng Nabi, soho ngamalaken dawuhipun kanjeng Nabi :


Ingkang artosipun : Podo nikaho siro kabeh lan podo duweho keturunan siro kabeh, krono besuk ingsun ing dino qiamat akeh-akehan umat lantaran siro kabeh Shoho Islam didalam nikah meniko dados syarat syahipun nikah. Menurut Islam, nikah boten dados syah kejawi mboten Islam. Dados kanti meniko saget kito simpulaken, bilih Islam lan nikah, meniko merupakan hal ingkang selalu berhubungan, mboten kenging dipun pisahaken. Sebab nikah di dalam Islam meniko dados amal ibadah. Dene Islam didalam nikah meniko, dados syarat syahipun nikah. Poro rawuh ingkang kulo hormat ! Salajengipun menurut sebagian Ulama, wonten ingkang jelasaken bilih tembung nikah meniko asalipun tembung arab ingkang terdiri saking tigang huruf. Inggih meniko : Huruf Nun, Huruf Kaf lan Huruf Ha (Nikah )ing tigang huruf kolowahu anggadahi singkatan utawi anggadahi arti piyambak-piyambak. Nomer setunggal huruf Nun meniko singkatan sangking kata Nimat, tegesipun tiang dados manten utawi tiang nikah meniko ngraosaken nikmat lahir lan batin. Nomer kaleh huruf Kaf, meniko singkatan saking kata Karomah utawi keramat. Tegesipun dados manten meniko selalu dipun mulyaaken selalu keramat, sehinggo panggonan lenggahipun meniko dipun utamaaken wonten ngajeng piyambak kados dene palenggahanipun raja lan permaisuri. Nomer tigo Huruf Haa meniko singkatan saking kata Hikayah. Ingkang artosipun cerito tegesipun tiyang menawi sampun nikah, meniko maleh saget cerito-cerito kaleh garwanipun, benten kaleh tiang

taksih bujangan, menawi wonten kamar tilem piambek kleasak-klesik, glimpang-glimpung, kaleh bantal guling, tapi menawi sampun nikah, yen teng kamar saget cerito-cerito kaleh garwane Poro rawuh ingkang kulo hormati !! Kajawi saking meniko taksih wonten malih kewajiban-kewajiban ingkang kedah dipun laksanaaken. Antara suami lan istri. Dene kewajibanupun tiang jaler sebagai suami, meniko kedan mulang dumateng istrinipun ingkang sahe. Shoho perintah ngamalaken dawuh-dawuhipun Alloh kados dene : puoso, sholat, sesuci, adus jinabat, lan sanesipun. Kranten tiang jaler meniko ingkang bertanggung jawab dumateng tiang istri lan putro-putrinipun. Dene kewajiban tiang estri dateng tiang jaler, ing antawisipun inggih meniko, menawi dipun sawang ingkang jaler, kedah tansah bingahaken. Lan menawi dipun perintah kedah selalu toat, utawi manut, selagi perintahipun kolo wahu mboten perkawis maksiat. Shoho menawi dipun tinggal kesah ingkang jaler, tiang estri kedah selalu anjagi dirinipun (utawi badanipun) lan njagi bandanipun, kados dawuhipun kanjeng Nabi, ingkang dipun riwayataken dening shohabat Abi Hurairah, ingkang dawuhipun mekaten :


Ingkang artosipun : Sak apik-apike wong wadon sing naliko siro sawang, deweke tansah bungahake marang siro, lan naliko siro perintah tansah manut lan naliko siro tinggal lungo, tansah jaga awake lan bondo siro Porp Bapak poro Ibu kintenipun namung mekaten atur kawulo, lintu wekdal Insyaa Allah saget dipun sambung malih. Kupat lepet taline janur Lepat luput tetep dadiho sedulur Akhiripun sedoyo kelepatan kulo awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten.

Anda mungkin juga menyukai