Anda di halaman 1dari 3

SERAT

PURWAKA

Manawi kita gagas-gagas, lampahing ngagesang punika kenging winastan karoban dening panyluding wisaya. Boten rumiyin, boten sapunika, boten rampung-rampung, tansah sami cocongkrahan, labt sami rbat lrs dhatng gagandhulan tuwin tekadipun piyambak-piyambak. Wisaya punika wontn ingkang gampil kasumuruban, lan wontn ingkang botn gampil anggenipun nyumrbi. Wisaning sawr botn sanes namung dumunung wontn ing untu, lan panymburipun. Wisaning kalabang lan kalajngking wonten ing ntupipun. Ananging ing samangke, lah dumunung wontn ing pundi, menggah wisaning sadaya s^erat-srat piwulang, ingkang sampun sumebar dados wawaosianing ngakathah? Punika botn sanes kajawi dumunung wontn ing pangertosan kita pribadi. Kados pundi ing jagad, kawontnan pangglaring piwulang ingkang sami kasbut ing srat-srat, punapa inggih wontn pigunanipun ingkang langkung agng tumrap ing gsang kita, murih tata tntrm lan karaharjan? Lha punika nyumanggakakn, amargi piwulang kasbut ing dalm sratsrat wau, sagd nuwuhakn pangertosan warni kalih, sapisan: pengrtosan ingkang ngnggeni wontn ing sasananing kalrsan. Dene ingkang kaping kalih: pangertosan ingkang ngnggeni wontn ing panasaran. Manawi kita sagd mangrtos nampeni suraosing piwulang wau, punika kados dene kita manggih usada ingkang sampun sumrb abn-abnan lan tumanjanipun. Manawi makatn sampun tamtu kita sagd manggih kawilujngan lan kemulyan. Kosokwangsulipun pangertosan kita ingkang saking srp panampinipun, punika kados dene kita manggih usada ingkang abnabnan tuwin tumanjanipun dereng kita sumrbi. Ingkang makatn punika sagd ugi andadosakn ing wisaya. Langkung-langkung yen pangrtosan ingkang sling srp panampinipun wau, lajng katularakn ing ngasanes, sarana lesan utawi sarana srat-srat, sampun tamtu badhe langkung agng ing wisayanipun. Kasbut ing srat Paniti Sastra bab 10 unglipun makatn: ingkang dados wisaning tiyang ndha punika bilih kirang telatos pamamahing ttdhan, yen botn lmbut ingkang dipun tdha ykti dados ssakit. Mnggah pikajnganipun makatn: tmbung: tiyang ndha, mangrtosipun ndha kawruh. Pamamahing ttdhan: pikajnganipun: panyuraosing kawruh. Mnggah gamblangipun makatn: tiyang ngudi kawruh punika kdah telatos panyuraosipun, murih mangrtos ing lair batos. Sbab yen botn makatn, kawruh ingkang sajatosipun langkung miraos tumrap raosing manah, botn siwah kadidena raosing madu pinasthika, tmah lajng malik garmbyang dados raos pait asngak kadidene tuwak sajng ingkang angndmi, ing wusana lajng andadosan wisaning jiwa raga. Kuwontnan ingkang makatn wau, sanyatanipun botn nama aneh, yen kita kajlungupa ing jurang panasaran. Sabab miturut pangglaring sadaya srat-srat piwulang, punika prasasat mbotn wontn tmbung ingkang ukaranipun kadaml prasojo, nanging wontn tmbung

paribasan, pasemon, pralambang, tuwin pralampita. Dados prasasat kita sami kinen ambatang adging cacangkriman. Dene mnggah pikajnganipun: Sapisan perlu kangge ngadegakn tuwin ngluhurakn. Kaping kalihipun prlu kangge dhadhasaring pamarsudi tumrap para siswa, supados tansah sami anandangakn kalimpadan alusing pambudi. Mila siswa ingkang kirang lantip, inggih botn sagd nampeni piwulang wau.. Wontnipun srat ingkang kadhapur paribasan, pralampita, pasemon, tuwin pralambang upaminipun srat Maha Bharata. Srat Maha Bharata punika srat ingkang isi sawarnaning sadaya kawruh, kadosta kawruh kasukman, kawruh kadewan, kawruh kamanungsan, lan sanessanesipun. Srat Maha Bharata punika kaprinci dados pintn-pintn parwa, utawi perangan, utawi bageyan. Parwa isi pintn-pintn sloka. Sarehning makaten kawontnanipun, dados manawi kita badhe nyuraos piwulang ingkang kasbut ing Maha Bharata wau, kita kdah ngengti parwa lan slokanipun, yen botn makatn tmtu badhe klintu panyuraosipun. Jalaran tmbung satunggal kemawon umpami Krsna, punika anggadhahi tgs pintn-pintn kemawon kadosta cmng, toya, pikir, rahsa, gsang, lan sasaminipun miturut parwa lan slokanipun. Piwulang kasbut ing ngandhap punika nyimpn wwados ingkang kadhapur kalimpadaning basa ingkang pikajnganipun asung piwulang dhatng kita, yen sadaya pandaml punika sayogi katindakna kanthi papadhanging angn-angn. Mnggah piwulang wau, kula udhari makatn: 1. Aja ngandl pituturing wong, mnggah pikajnganipun: kita sampun ngandl dhatng pituturing tiyang ingkang botn kasksen tuwin ingkang botn miturut dhatng gumlaring akal ingkang sampun sah dening para sarjana, sarta ingkang botn sagd kasksen dening papadhanging nalar. 2. Aja ngandl marang wirayat kuna, amarga saka lawase, pikajnganipun tmbung: lawase = luwas = lawas = suwe = tbih = mmt = lbt, suraosipun punika sagdipun kita ngandl, inggih manawi kita sampun sagd njajagi maksuding wirayat wau. . 3. Aja ngandl pawarta, sabab akeh wong ngandhakake, pikajnganipun sampun ngandl pawartosipun tiyang ingkang sampun misuwur, cidra, sanadyan maneka warni kasagahanipun prayogi botn kapaelu. 4. Aja ngandl thok waton saka layang karangane wong wicaksana ing jaman kuna. Pikajnganipun sampun ngantos ngandl kemawon dhatng sadaya srat-srat: kina. Awit sratsrat wau upami mungla abrit sagd ugi maksudipun cmng. Inggih srat ingkang makatn punika ingkang kdah kita jingglng maksud suraosipun. Sbab kados atur kula ing ngajng, yen sadaya srat piwulang, punika sami dhinapur pralampita, dene badharing pralampita wau muhung saking pangrtosan kita pribadi. 5. Aja ngandl marang gurumu lan para pandhita, amarga saka kuwasane: pikajnganipun: mrayitnani dhatng pratingkahing para ingkang ngakn dados guru ingkang mawi papacak: kudu manut miturut, lan kudu asih trsna marang gurumu lan marang pandhuwuranmu sabab

dhudhuwuranmu, iku dadi wakile kang maha kuwasa. Lah inggih makatn wau manawi botn kita prayitnani, tmah sagd ugi dhumawah ing kasangsaran. Dene sanyatanipun ingkang wajib asih trsna punika ratu tumrap ing kawula, bapa biyung tumrap ing anak, guru tumrap murid. Yen sanyata asih trsna trus ing lahir batos sampun tamtu kawula murid sami amangsul sih katrsnan ingkang botn mawi pinarintah. Yen kita sagd ngugmi piwulang nm prakawis inggih ing ngriku punika nggening kasunyatan, mangrtosipun: Ttping ulah kawruh punika, yen sagd kanyatahan wontn pikantukipun ingkang langkung agng ing bab: Karaharjan, Kamulyan, tuwin Katntrman. Manawi badhe maos buku punika kdah sampun suci lahir batin, mangrtosipun salbting nampi wjangan ing dalm buku punika kdah kanthi panggalih ingkang tntrm, suci, tliti, wning. Botn kenging grusa-grusu, srakah, rgd ing pikir. Sadaya punika namung murih kasmbadaning sdya ingkang utami, awit botn klentu anggenipun nampi suraosing buku punika.

Anda mungkin juga menyukai