Anda di halaman 1dari 2

PUCUNG

Ngelmu iku : kalakone kanthi laku, Lekase lawan khas, Tegese khas nyantosani, Setya budya pangekese dur angkara. *** Angkara gung; neng angga nagging gumulung, Gegolonganira, Tri loka lekere kongsi, Yen den umbar ambabar dadi rubeda. *** Beda lamun; wus sengsem rehing ngasamun, Semune ngaksama, Sesamane bangsa sisip, Sarwa sareh saking mardi marta tama. *** Taman limut; Durgamengtyas kang weh limput, Kereming karamat, Karana karoban ing sih, Sihing Suksma ngerda sahardi gengira. *** Yeku patut; tinulat-ulat tinurut, Sapituduhira, Aja kaya jaman mangkin, Keh pra Mudha mundhi lapal makna. *** Durung pecus; kasusu kaselak besus, Amaknani lapal, Kaya Sayid weton Mekkah, Pedhak-pendhak angendhak gunaning janma. *** Kang kadyeku; kalebu wong ngaku-aku, Akale alangka, Elok jamane den mohi, Peksa ngangkah langkah met kawruh ing Mekkah. *** Nora weruh; rosing rasa kang rinuruh, Lumebeting angga, Angger padha marsudi, Kana kene kahanane apa beda. *** Uger lugu; den ta mrih pralabdeng kalbu, Yen kabul kabuka, Ing drajat kajating urip, Kaya kang wus winahyeng sekar Sri Nata. *** Basa ngelmu; mupakate lan panemu, Pasahe lan Tapa, Yen Satriya Tanah Jawa, Kuna-kuna kang ginilut Tri prakara. ***

Lila lamun; kelangan nora gegetun, Trima yen ketaman, Saserik sameng dumadi, Tri legowo nalangsa srah ing Bathara. *** Bthara Gung; inguger graning jejantung, Jenek Hyang Wisesa, Sanapa senetan Suci, Nora kaya kaya si Mudha mudhar angkara. *** Nora wus; kareme anguwus-uwus, Uwose tan ono, Mung janjine muring-muring, Kaya Buta buteng betah nganiaya. *** Sakeh luput; ing angga tansah linimput, Linimpeting sabda, Narka tan ana udani, Lumuh ala hardane ginawe gada. *** Durung punjul; ing kawruh kaselak jujul, Kaseselan hawa, Cupet kapepetan pamrih, Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa.

Anda mungkin juga menyukai