JATHILAN / EBEG

Jathilan iku tarian tradhisional Jawa sing pemainé utawa panariné migunaaké jaran képang. Tarian iki ana unsur magisé amarga panariné bisa ana sing mendem. Tarian iki digelar kanthi iringan manéka alat musik gamelan kayata: kendhang, saron lan gong. Jeneng tarian iki béda-béda ing sawetara panggonan. Ing tlatah Banyumas diarani „ebeg‟, ing sawetara panggonan ing Jawa Tengah diarani „jaran képang‟. Tarian jathilan iki bisa madeg dhéwé lan bisa uga arupa gabungan karo tarian liya kayadéné réyog lan barongan. Sadurungé tarian iki biasa diwiwiti nganggo tetabuhan gamelan arupa: kendhang, bendhé lan kecer, sarta lawakan utawa dhagelan Penthul (Bancak) lan Tembem (Doyok). Ing sèsi pungkasan kerep ana penari sing nganti nganciktrance (kaya kesurupan). Saliyané kanggo hiburan, tari jathilan uga biasa dianggo prosèsi ritual budaya mistis kayadéné tradhisi tolak bala ing pèrèng Gunung Merapi. Ebeg yaiku kesenian wonten tlatah banyumasan. Beksan punika ngagem “ebeg” yaiku anyaman saking pring ingkang awujud mirip titian ingkang warni cemeng utawi pethak lan dipun sukani kerincingan. Ingkang beksa ngagem celana panjang dipun rangkepi nyamping batik lan ngagem kacatingal cemeng, ngagem mahkota lan sumping ing talingan. Wonten ugel-ugel asta lan samparan ngagem kerincingan supados menawi beksan mungel kemrincing. Setunggal grup biasanipun wonten 8 piyantun saged langkung ingkang beksa, kalih piyantun dados penthul-tembem, setunggal piyantun ingkang mandegani utawi dados

jajan pasar. pagelaran ebeg mbetahaken papan ingkang wiyar. pisang mas.beksan ebeg kalebet beksan missal. Pagelaran ebeg digelar wekdal siang. saron.dalang. lan sanes-sanesipun.sanesipun piranti gamelan lan beksan wonten ugi ubarampe sajen ingkang kedah wonten: kembang. 7 piyantun niyaga. Sedaya ingkang beksa ngagem ebeg. dados setunggal grup cacahipun wonten 18 piyantun saged langkung. . pisang raja setan. Piranti gamelan ingkang diagem antawisipun kendang. dewegan. lan terompet. penthul-tembem ngagem topeng. gong.

warèng (32). yaiku kang ånå ing dhuwúr-dhuwúr. 3. Pilahané.Nyadran lan Lêluhúr Råmå Sudi Yatmånå njlèntrèhaké bab lêluhúr kanthi gamblang. akèh kang pådhå nyêkar pårå lêluhuré. Amargå pêrcåyå mênåwå arwah éyangé wís munggah ånå ing suwargå. Wóng Jåwå ugå ånå síng nyêbút. pårå éyang síng wís sédå utåwå surúd ing kasédan jati. gantúng siwúr (128). udhêg-udhêg (64). Ing tlatah Surakartå. pêtarangan bubrah (1024). Råmå Sudi Yatmånå ngétúng siji mbåkå siji wiwít såkå båpå biyung têkan sapandhuwuré. Ånå ing ngèlmu Kêjawèn. 4. wiwít anak lan båpå biyúng sapandhuwúr sinêbút sêjarah rolas síng gunggungé kabèh ana 4094 (patang èwu sangang pulúh papat). 10. båpå biyúng (2). 9. Ånå síng nyêbút. Lêluhúr pådhå karo luhúr-luhúr. canggah (16). 8. Umumé ditindakaké ing sasi Ruwah (såkå têmbúng arab arwah). lokåbåkå utåwå alam kêlanggêngan. 11. 6. mbah / kaki – nini(4). 7. gropak sénthé (256). têbu sinósóg (512). ugå ånå síng nyêbút éyang síng wís suwargi. Tradisi nyadran tumrap wóng Jåwå dianggêp pêrlu lan pêntíng. buyút (8). pårå éyang síng wís kóndúr ånå ing têpêt suci. sêpulúh dinå sadurungé ngibadah påså. amún-amún (2048). . 1. 5. 2.

Santri. ngêsúr tanah. matang pulúh. khól lan sapituruté. Ånå ing jagad Kêjawèn akèh bangêt tradisi síng ånå sambúng rakêté karo slamêtan. síng nulís buku “Abangan. misa arwah. supåyå anak putu ngêrti sarasilahé. Clifford Geertz. Tradisi nyadran ora biså pisah karo . Istilah tradisi. mêmulé utåwå nyandi. gamblang anggóné ngandaraké bab slamêtan ing masyarakat Jåwå. diwêlíng supåyå dipêpundhi. luhúr). Anak dikêkudang supåyå ngêrti båpå biyúng síng ngukir jiwå ragané. Sabanjúré digulå wênthah supåyå ngêrti marang mulå bukané wiwít mbah. nyraddha. Ånå sêsêbutan liyané.Tradisi Jåwå pancèn unik nduwèni ngèlmu síng mènèhi pêpélíng marang anak (putu) supåyå ngêrti marang lêluhuré. Ya amargå såkå upåcårå iku. ugå di jlèntrèhaké déníng Koentjaraningrat ing bukuné “Kêbudayaan Jawa”. Sawisé ngêrti. ugå nyêbút upåcårå sraddha minangka pèngêtan sédané Gayatri déníng Prabu Hayam Wurúk ing tahún 1362. nyatús. warèng lan sapêndhuwuré. bêsík kubúr. kirím dongå. mitúng dinå. Upåcårå sraddha minångkå pèngêtan raja-raja síng wís pupút yuswå ugå sinêbút ing kidúng Banåwå Sêkar. Masyarakat síng ngrasúk faham (théologi) Jåwå pådhå nindakaké upacårå nyadran ing sasi Ruwah supåyå pådhå ora lali marang asal-usulé. Kêjåbå såkå iku. rêsík kubúr. nêlúng dinå. nyraddhan. ruwahan. handing down) . PJ Zoetmulder ånå ing buku Kalangwan ugå nyritakaké bab upåcårå sraddha kanggo mèngêti sédané Tribhuwana Tungga Déwi ånå ing tahún 1350. amargå kabèh mau pêpundhèné. sêkar). canggah.dóktrin) réligi. Tradisi síng gêgayutan karo slamêtan lan lêluhúr. nganggo ubå rampé wujúd baitå (prau) síng digawé såkå kêmbang (púspå. nangíng ugå ånå kang wujúd piwulang métaphisika. Síng diparingaké babagan kang nduwèni nilai kang adi (luhúng. Akèh bangêt tåtåcårå slamêtan síng dianani ing padésan tlatah Mójókuthó (Paré) Jawa Timur. Ing sasi ruwah iki akèh pêpundhèn síng disowani lan dirêsiki. slamêtan. Nyadran tumrap wóng Jåwå dianggêp wigati. Råmå Sudi Yatmånå kanthi pratitís nyêbút tilík kubúr. síng diarani nyadran saka têmbúng sraddha. mêndhak pindho. ziarah. mulå bukané såkå têmbúng latin tradere utåwå traditio (båså mancané transmit. Tumuruné bab kang adi mau ånå síng wujúd piwulang (ajaran. têrús dadi nyadran. têgêsé “maríngaké såkå ndhuwúr”. Priyayi dalam Masyarakat Jawa”. nyèwu. mbah buyút. mêndhak pisan. amargå ånå bab kang sambúng karo tradisi spiritual.

Paribasané kåyå wóng mampír ngombé. Pakúrmatan kanggo lêluhúr isíh lêstari têkan saiki lan dipêpêtri déníng masyarakat. khususé ing tlatah padésan. simból) sêsambungan utåwå taliråså trêsnå. Ånå ing bêbrayan. anèng ndonyå iku umpamanyå. Minångkå dudutan : nyadran iku ngluhúraké lêluhúr kang tundhóné supåyå élíng lan manêmbah marang Kang Maha Luhúr. kêmbang (mawar. Tradisi nyadran (bêsík kubúr. têlasih lan liya-liyané). umpåmå wóng njan sinanjan. tilík kubúr) ngélingaké tumrap såpå waé supåyå pådhå ngêrti marang pårå lêluhúr síng saiki wis ånå ing alam kubúr. Mulå ånå têmbang Dandhanggulå síng muni: “Sanépané wóng uríp puniki. sungkåwå lan liya-liyané. Nyêkar ing sasi Ruwah nduwèni suråså utåwå wulangan marang anak putu supåyå pådhå trêsnå lan élíng marang lêluhúr. Mula ånå istilah nyêkar pårå lêluhúr nganggo ubå rampé menyan. Babagan tilík kubúr utåwå ziarah pancèn dipratélakaké ånå ing agåmå Islam supåyå pådhå kèlingan bab pati.kêmbang utåwå sêkar. umpåmå manúk mabúr. mríng asal kamulanyå”. Bab pati ånå sêsambungané karo bab uríp síng ora suwé. mlati. åjå kóngsi klèru. ora wurúng mêsthi bali mulíh. pundi méncókíng bénjang. Déníng : Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah . kênångå. Tradisi nyadran pranyåtå wís lumaku wiwít jaman Måjåpahít nganti saiki. múng kåyå wóng mampír ngombé. dúhkitå. kêmbang dadi pratåndhå (lambang. lêpas sakíng kurunganèki. asíh.

Inti upacara ruwatan iki sejatiné ndonga.Ruwatan Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing ancasé kanggo mbébasake wong komunitas utawa wilayah saka ancaman bebaya. kakuwatan iki saka dayaning Ilmu Waringin Sungsang (aksara caraka diwalik). uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni sing isa nyebabaké bencana. Jinis menungsa sing disenengi Bathara Kala lan dikuwatiraké ngalami sukerta yaiku:  Sing lair tunggal utawa ontang-anting . Amarga daya lan kakuwatan seka ruwatan kang lagi di patrapke bisa marai gugurake calon jabang bayi.lan dingo tulak bala ana ing sawijining desa. njaluk pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebendu umpamané bencana alam lan liyané. Sejarah Upacara adat iki asalé saka carita Bathara Kala yaiku buta sing doyan mangan menungsa. Upacara adat iki asalé saka ajaran budaya Jawa kuna sing sifaté sinkretis sing saiki diadaptasi lan disesuaiké karo ajaran agama. ana wanti-wanti supaya wong kang lagi mbobot (ngandhut) ora pati cerak-cerak (nyedhak) ing papan kang lagi ana ruwatan. Bathara Kala iku putra Bathara Guru utawa putu para déwa. masarakat utawa wewengkon saka ancaman bebendu. Larangan Ing kapercayan wong Jawa. Ujaré. Makna Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing tujuwané kanggo mbébasaké wong. nyuwun pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebaya-bebaya umpamané bencana alam lan liyané. uga ndonga njaluk pngampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing uwis dilakoni sing bisa njalari bencana. Inti upacara ruwatan iki sejatiné arupa ndonga.

rambute banjur dilarung neng segara. uga Uger-uger lawang utawa anak loro lanang kabèh Ontang-onting utawa anak siji wadon Pendhawa utawa anak lima lanang kabeh Kedhana-kedhini utawa anak loro lanang wadon Gondhang kasih anak loro beda pakulitane. wong sing diruwat kudhu njalani siraman banyu suci lan nggunting rambut. . lanang.        Kembang sepasang utawa kembar Sendhang apit pancuran utawa lanang. siji ireng siji putih Dhampit utawa anak loro lanang wadon kang laire bareng Sesajèn Sesajèn sing disiapake kanggo upacara adat iki antarané:     Kain pitung werna Wos Jené Jarum kuning Kembang pitung rupa Yen kanggo tolak bala utawa mbuang sial wong sing ngalami sukerta. wadon.