Anda di halaman 1dari 2

GATHOTKACA

Lair
Gathotkaca kang kondhang kanthi sesebutan "Satriya Pringgodani" lan "Alap-alap Pringgodani" kuwi, nalika isih jabang bayi jeneng Tetuka utawa Tutuka. Gathotkaca kuwi putran Raden Werkudara (satriya Panenggak Pandhawa) patutan klawan Dwi Arimbi, putran Prabu Tremboko, ratu buta ing negara Pringgodani. Sekawit Arimbi iku uga wujud buta wadon (raseksi), nanging bareng didandani dning Dwi Kunthi terus malih dadi kenya sing sulistya. Mula Werkudara iya Bratasna uga banjur gelem ngepk bojo Arimbi. Bareng wis suw anggon jejodhoan, Arimbi banjur nggarbini lan sabanjur mbabar putra kakung wujud bayi manungsa setengah buta. Dning ingkang yang, Abiyasa, jabang bayi Tetuka banjur diparingi "topeng" aran topeng waja kang mapan ana sajron kulit sajabaning daging. Kanthi topeng waja iku, Gathotkaca malih dadi satriya kang bagus citran. Nuli dning raman, Bratasna, jabang Tetuka banjur kaparingan kekasih Raden Gathotkaca, kersan Raden Werkudara kinarya pepenget duk nalika tandhing pupuh klawan Prabu Arimba (kangmas Dwi Arimbi) kang kekaron padha ngetog kekuwatan lan kadigdayan. Tembung gathotkaca teges kumpuling kasantosan. Nalika lair, nganti umur nembelas dina puser jabang Tetuka ora bisa ditugel nganggo lelandhep wujud apa wa. Naning wusanan puser mau bisa pugut (tugel) srana wrangkan Senjata Kuntha Wijayadanu (Kunta Druwasa) duwk Raden Suryatmaja iya Adipati Karna nalika isih enom. Lan kalokan, wrangka Senjata kuntha mau manjing ing puser Gathotkaca, satemah muwuhi kasantosan Gathotkaca, Senadyan mengkono, bab iku uga dadi pengapesan Gathotkaca. Mula samangsa perang ngadhepi manungsa kang darb Senjata Kuntha Wijayadanu, Gathotkaca kudu ngati-ati. Sebab yn nganti senjata Kunta dilepasak, Gathotkaca mesthi mati. Nuhoni unen-unen "Pusaka manjing Wrangka". Lair Gathotkaca ngepasi karo dumadin ontran-ontran ing kayangan Jonggringsaloka.Para dwa padha kocar-kacir amarga diamuk dning Prabu Kala Pracona, ratu buta ing negara Ngembatputihan kang arep njaluk bojo widodari. Nanging panjaluk sing ora samesthin iku diduwa (ditolak) dning para Dwa sangga ndadak peperangan. Para dwa padha keplayu banjur golk "pintasrayan" menyang negara Ngamarta (Amarta). Tekan negara Ngamarta bayi Gathotkaca ( Jabang Tetuka) kang lagi umur nembelas dina iku banjur diampil Bathara Narada, digawa menyang kahyangan, didadkak jagon para dwa, dimungsuhak Prabu Kala Pracona lan Patih Apraceka Ditya Kala Sekiputantra sawadyabalan. Sadurung diajokak ana paprangan bocah sing lagi lair iki banjur dijedhi (dijenang) ana ing Kawah Candradimuka lan para dwa didhawuhi dning Bathara Guru (tetungguling para dwa) supaya nlorongak gegaman kahyangan kang mawa pamor. Wasana bareng jabang Tetuka metu sak sajron kawah Candradimuka wus ora wujud bayi maneh, nanging wujud jejaka tumaruna, wus ngagem busana kasatriyan. Ya iki sebab Gathotkaca banjur sinebut :satriya babaran kahyangan" Dning Bathara Guru, Gathotkaca banjur pinaringan pusaka kanggo sipat kandel anggon ngadhepi mungsuh yakuwi kotang antrakesuma, caping basunanda, lan tlumpah padhakacerma. Nalika maju ana paprangan, tandang Gathotkaca cukat trengginas, wusana Prabu Kala Pracona sawadyabalan padha mati kabh. Sasirnan Prabu Kala Pracona, Gathotkaca banjur dijumenengak nata ana ing kahyangan Tinjomaya saumur jagung kanthi jejuluk Prabu Guruputra. Ing Perang Baratayuda Gathotkaca gugur merga kena panah Kuntha Wijayadanu kagungan Adipati Karna. Panah kang dilepasak kuwi jan-jan ora tekan merga Gathotkaca abur wis ana sadhuwur mga sam pitu, ning banjur dicandhak lan disurung dning yitman Ditya Kala Bendana, bapa-paman Gathotkaca kang wis tiwas merga ditempiling dning ponakan iku, sangga Gathotkaca gugur ana madyaning paprangan. Kuwandan Gathotkaca kumlyang saka gegana nibani krtan Adipati Karna nganthi ajur sewalang-walang. Pranganing Baratayuda, Gathotkaca Gugur sumbaga wiratama, karan lakon "Suluhan" amarga dumadin perang ing wayah bengi.

Dasanama
Dasanaman Gathotkaca iku miturut padhalangan : Kacanegara, Jabang Tetuka, Purubaya,Bimasiwi, Arimbiatmaja, Kancingjaya, Krincingwesi, Guritna, Guruputra, lan Suryanaradha.

Bojo lan Anak


Gathotkaca banjur dadi raja ing Pringgondani. Garwan raja enom iku ana telu, yakuwi: 1. Dwi Sumpani utawa Dwi Sumpaniwati, peputra Raden Arya Jayasumpena. 2. Dwi Pregiwa, putrin Raden Arjuna kang banjur peputra Raden Sasikirana. 3. Dwi Suryawati, peputra Raden Suryakaca. Ing sendratari, Gathotkaca asring katon ing Gathotkaca Gandrung. Tari iki nggambark nalika Gathotkaca wuyung marang Pregiwa.

Paman lan Aji-Ajin


Gathotkaca kondhang sektin. Aji-ajin: Narantaka Daya khasiyat yn ditamakak gunung bisa jugrug lan segara bisa asat. Jalma manungsa kang ketaman aji Narantaka sanalika bisa ajur-mumur kuwandan tan-kena kinukup.Iya aji Narantaka iku kang kinarya nyirnakak Raden Dursala kang dadi senapatin para Kurawa. Aji-aji Esmu Gunting kang daya kasekten yn matni mungsuh Gathotkaca kanthi cara mancat pundhak lan nguntir gulun mungsuh nganti tugel. Kotang utawa Klambi Antrakusuma Daya kasektn Gathotkaca bisa mabur utawa ngambah gegana kanthi rikat banget (kebat pindha kilat, kesit pindha tathit).Mula Gathotkaca uga banjur kajibah njaga katentraman negara Ngamarta saka dirgantara (yn jaman saiki Gathotkaca kuwi kadidn Angkatan Udhara). Iki uga dadi pralambang ing kaprajuritan, amarga sedulur liyan, Antareja lan Antasena kejibahan njaga dharatan lan laut. Aji Brajadenta. Brajadenta aslin paman dhw, nanging banjur manuksma mlebu ing pk-pk Gathotkaca sing sisih tengen. Aji Brajalamatan. Brajalamatan uga jeneng paman. Nalika palastra, Brajalamatan manuksma ing tangan kiwa Gathotkaca. Aji Brajamusti. Brajamusti iku uga paman. Nalika palastra manjing ing tangan tengen. Aji Brajawikalpa Brajawikalpa kuwi seka paman dhw kang manjing dadi rajah ing geger. Para paman kang dadi aji-ajin, maun mbrontak ing Pringgondani nanging bisa ditumpes dning Gathotkaca. Ana salah sijining paman kang mbela Gathotkaca, yaiku Kalabendana. Nanging Kalabendana iku jujur, lan sawijining dina dipatni dning Gathotkaca amarga ngomong sanyatan ngenani Abimanyu. Crita iki ana ing lakon Gathotkaca Sraya.

Ing Bharatayudha
Ing Bharatayudha, Gathotkaca bisa matni Dursala, anak Dursasana. Raja Pringgondani iki pancen ora bisa dipatni nganggo gaman, kejaba mung panah Senjata Kunta. Nalika nugel ari-arin, sarung Senjata Kunta kri ana ing awak Gathotkaca, mlebu ing wudel. Gathotkaca mati dning Adipati Karna kang dibiyantu dning Kalabendana. Paman iki wis janji ora arep munggah swarga tanpa bareng ponakan kang paling disenengi. Crita Gathotkaca Gugur klebu crita sing miris lan kebak adhegan perang kang apik

Anda mungkin juga menyukai