Anda di halaman 1dari 36

TATA BUSANA JAWI GAGRAG SURAKARTA

Pangertosanipun Busana Jawi


Sandhangan Lahir Sandhangan Batin

Sadaya Jinising ageman ingkang ka-angge dening manungsa ingkang kasad ing mripat

Sadaya Jinising Panandhanging manungsa ing alam donya ingkang cakra manggilingan

SANDHANG KALIYAN PANGAN RUMIYIN PUNDI..?

Dhandhanggula Ageman Jawi (Ki Yasadipura II)


Gantya warna ingkang kaping kalih, Lamun sira linairken neng donya, Sinung sandhang lan pangane, Padha sira den emut, Tuwa sandhang kalawan bukti, Laireng kang manungsa, Saking garbeng ibu, Jabang tan banjur dinulang, Sejatine Sandhang Popok kang rumiyin, Ya Sandhang ya Mbok donya.

Ageman Jawi Tumrap Karaton Surakarta Hadiningrat


Sabda Dalem ISKS Paku Buwana IX

Hanyenyandhang menganggo iku

dadya sarana hamemangun manungsa njaba jero, marmane pantesen panganggonira, trepna pangetrepane panganggon jumbuhna kalawan kahananing badanira, pepangkatanira sarta kalungguhanira

SEJARAH AGEMAN GAGRAG SURAKARTA HADININGRAT


PERJANJIAN GIYANTI

13 Pebruari 1755
Karaton Surakarta Hadiningrat kabagi kalih Ngayojakarta kalihan Surakarta Sadaya isen-isen Karaton kabagi kalih, kalebet Ageman Surakarta tetilaran saking Majapahit, Demak kaasta dhateng Ngayojakarta ISKS Paku Buwana III (RMG Surya Kusumo) Iyasa Ageman anyar kados ingkang dipun wuningani ngantos sapriki

JINISIPUN AGEMAN JAWI TUMRAP KAKUNG

Atela Beskap Sikepan Langenharjan Taqwa

AGEMAN JAWI KAKUNG


ATELA
Ingkang Mangangge 1. Abdidalem apangkat Panewu, Mantri, Lurah, Bekel. 2. Abdidalem Apangkat Bupati Anom (RT), Bupati Sepuh (KRT) 3. Ka angge manawi wonten pisowanan Ageng.

AGEMAN JAWI KAKUNG


Beskap Ingkang Ngagem
1. Beskap Cemeng kagem Among tamu ing sanjawining Karaton 2. Beskap Mboten Cemeng agemanipun Sentana dalem apangkat KRA minggah dene KRAT mandhap Udhengipun cekok mondhol kuncung.

AGEMAN JAWI KAKUNG


SIKEPAN CEKAK Ingkang Ngagem 1. Apangkat KGPH, KPH, KP, KRMH, KRA mawi udheng Jebehan. 2. Apangkat KRAT mawi udheng cekok mondhol kuncung. 3. Kaagem manawi pisowanan ageng

AGEMAN JAWI KAKUNG


LANGENHARJAN Ingkang Ngagem 1. KGPAA Mangkunegara sak kulawangsanipun manawi pinuju Sowan Karaton 2. Penganten Kakung badhe Ijab Qobula 3. Pahargyan manten panggih ing sanjawining Karaton

PRINCENIPUN AGEMAN LANGENHARJAN


Busana Langenharjan Princenipun
dhestar Sidomukti

dasi kupu-kupu putih Rompi pethak Jas Pethak wingking krowok

SEJARAHIPUN AGEMAN LANGENHARJAN

1.
2. 3. 4.

5.

Alam jumenengipun ISKS Paku Buwana IX ing warsa 1882 Masehi, ngawontenanken pisowanan ing dusun klareyan. KGPAA Mangkunegara IV kadhawuhan dening Sinuhun Paku Buwana IX, saperlu badhe ngresmekaken satunggaling pasanggrahan. KGPAA Mangkunegara IV bingung hanggenipun badhe ngetrepaken busana pisowanan wonten sanjawining Karaton. Kanthi raos kumawala, siaga nyadhong deduka dalem ISKS Paku Buwana IX, KGPAA Mangkunegara IV hangagem ageman Jas ROXY (Jas model Eropa) ingkang dipun krowok wingkingipun. ISKS Paku Buwana kepranan penggalihipun lajeng busana ingkang kaagem dening KGPAA Mangkunegara IV punika kaparingan nama Langen harjan jumbuh kaliyan namanipun pasanggrahan ingkang karesmekaken ing dusun Klareyan Baki nama Pasanggrahan Langenharjan

AGEMAN JAWI KAKUNG


TAQWA Ingkang Ngagem 1. Para Wali utawi Sunan ing tanah Jawi. 2. Ingkang Sinuhun ing Karaton Mataram 3. Ageman Penganten wekdal hamangun suka

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Ingkang hamengku gati Tatacara Pasang Tarub 1. Beskap warni kopi susu, udheng Jebehan dhuwung warangka gayaman 2. Sinjang Parang Seling tumrap putra dalem (asma pangeran). 3. Putri kebaya landhung sanggul ukel ageng bangun tulak

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Hamengku Gati Rampung Pasang Bleketepe 1. Nulad leluhur Dalem para nata ing Mataram Ki Ageng Tarub ingkang lenggah wonten ing dusun tarub Tawangharjo Grobogan Purwadadi. 2. Hanulad bekti kanthi mikul dhuwur mendhem jero asmanipun para leluhur dalem

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Hamengku Gati Tatacara Siraman 1. Kakung Busana Beskap pethak, udheng Jebehan cakrik cakar, dhuwung gayaman. 2. Putri kebaya broklat coklat, ukel bangun tulak cundhuk sekar, ing kiwa. Nyamping cakrik cakar

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Ageman Badhe Penganten Kakung

Tatacara Siraman 1. Gundhulan mboten mawi asesoris sekar 2. Sabuk bangun tulak 3. Nyamping utawi bebedan mori pethak 4. Ingkang nganthi sedherek utawi kangmasipun ingkang sampun hapala krama.

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Ageman Badhe Penganten Putri

TATACARA SIRAMAN 1. Mboten ngagem Bandho ing rikmanipun. 2. Mboten mawi sesekaran 3. Kemben utawi Semekan bangun tulak 4. Nyamping mori pethak 5. Kakanthi dening garwanipun ingkang nganthi badhe penganten kakung

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Siaga Badhe Sungkem Tatacara Siraman 1. Satata badhe sumungkem ing pepadanipun para pinisepuh 2. Pinisepuh kakung putri sampun satata Agemanipun kembang setaman 3. Ageman pinisepuh putri kebaya orange.

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Papan Siraman Tatacara Siraman 1. Papanipun wonten kolah 2. Ingkang hanyirami mlebet setunggal-setunggal. 3. Mboten saget dipun pirsani saking jawi.

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Tatacara Methet Rikma Tatacaranipun 1. Wulu kalong ing githok kagunting sekedhik. 2. Rikma ing lungsen kakethok sekedhik. 3. Kadadosaken setunggal kaliyan kethokan rikmanipun badhe penganten kakung.

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Sadeyan Dhawet Tatacaranipun 1. Ngedum kreweng dhateng para tamu 2. Tamu sampun mundhut dhawet ngangge arta kreweng. 3. Kreweng kawadhahan senik. 4. Kundur saking sadeyan dhawet ngasta oleh-oleh jajan pasar.

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Badhe Penganten Kakung

Tatacara Midodareni
Udheng Jebeh Sido Mulyo

beskap pethak dhuwung warangka ladrang

Sinjang acakrik Sido mulyo

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Badhe Penganten Putri Tatacara Midodareni

Ukel ageng bangun tulak

Kebaya abrit kembangan ijem

Sinjang cakrik Sido Mulyo

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Penganten Sekalihan Tatacara Ijab Paningkah 1. Penganten kakung busana Langenharjan Pethak, iket jebehan sido mukti, sinjang sidomukti, dhuwung warangka ladrang. 2. Penganten Putri kebaya landhung warni pethak sinjang Sidomukti. 3. Mawi sekar tiba dhadha

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Ingkang hamengku gati Pawiwahan Mantu 1. Kakung iket acakrik truntum, beskap cemeng, sabuk slindur, dhuwung warangka ladrang, sinjang truntum. 2. Putri sanggul/ukel bangun tulak, kebaya landhung ijem, semekan salindur, sinjang Truntum

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Manten Kakung Kakanthi Tatacara Dhaup utawi Panggih 1. Kakanthi ing jenthikipun, dening paraga ingkang sami ngagem bebed truntum. 2. Tindakipun mgetutaken wiramaning gangsa Kodhok Ngorek (Ketawang Dhendha Gedhe), saksampunipun kecer mungel.

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Manten Putri Kakanthi Tatacara Dhaup utawi Panggih 1. Penganthi penganten Putri, semahipun ingkang nganthi penganten kakung 2. Kakanthi ing jenthikipun 3. Mlampahipun nengga tengara kecer ing gangsa Kodhok Ngorek

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Ageman Manten Kakung Tatacara Panggih 1. Ageman Basahan, Dodot Gerbong Kandhem, warni Ijem Bangun tulak Ijem lan pethak, kuluk biru ponthoh, dhuwung warangka ladrang. 2. Mbalang saking nginggil mandhap tiba jaja panganten putri.

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Ageman Penganten Putri Tatacara Panggih 1. Kampuh Basahan Gerbong Kandhem, warni Bangun tulak ijem pethak paes agem ijem makutho ratu putri. 2. Mbalangipun gantal saking ngandhap minggah winastan gondhang tutur

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Manten Dhaup Tatacaranipun 1. Balang balangan gantal kados ing ngajeng 2. Tangkep asta lajeng astanipun manten kakung ka-aras. 3. Kapupukan toya wening ing githokipun.

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Ngidak Tigan (Wiji Dadi) Tatacaranipun 1. Manten putri jengkeng, sungkem, mijiki sukunipun penganten kakung. 2. Penganten Kakung ngidak tigan (Wiji Dadi). 3. Tigan Mboten kabuntel plastik 4. Rampung ngidak wijik malih

AGEMAN PAHARGYAN MANTU


Manten Kasingeban Slindur Tatacara Panggih 1. Rampung ngidak tigan, manten putri jumeneng adhep-adhepan, lajeng mubeng pradaksina. 2. Jejer ing kiwanipun manten kakung kasingeban Slindur. 3. Iringan kodhok ngorek mandheg kagantos Ketawang Larasmaya, mratandani panggih sampun rampung.

?ztu/rkenPmB[ga/jwiluj_.
GRIYA Ing Kampung Semanggi RT.OI RW.IV Kelurahan Semanggi Kecamatan PasarKliwon Telp.0271-664761 HP.085229676524 KodePos 57117 Kota Surakarta

GLIDHIG Ing SMA Negeri 4 Surakarta Pawiyatan Pambiwara Karaton Surakarta Pawiyatan Pambiwara Karaton Pang Blitar Pawiyatan Pambiwara Karaton Pang Semarang Pawiyatan KabudayanKaraton Kota Kendal

S. YUSDIANTO

Anda mungkin juga menyukai