Anda di halaman 1dari 1

Cecala Para sederek kinasih, sugeng sawuh ing Gereja Paroki Santa Sesilia, kangge derek Mis Suci,

mengeti wungu dalem Sang Kristus. Sangsara. Seda lan wungu dalem kanthi kamulyan iku pucuking pakaryan dalem Sang Kristus anggene karya rahayuning donya. Ana ing kono Sang Kristus anggene makili umat manungsa caos kurban lan jumeneng kurban konjuk ingarsa dalem Hyang Rama lan tinampi dening Hyang Rama. Ya sing dipengeti lan dianyarake ana ing pahargyan bojana kurban sing disebut Ekaristi utawa Mis Suci. Ana ing kono uga umating Allah ngibadah lantaran Sang Kristus. Mula Ekaristi kudu dadi pusering urip katulik. Sakehing pakaryan kudu luber saka kono lan tumuju mrono. Ana ing pahargyan Ekaristi Uskup utawa pembantune, yaiku Imam, sing ngasta pimpinan makili Sang Kristus piyambak. Uskup utawa Imam iku ya wargane Pasamuwan Suci, umating Allah, trah suci kagungan dalem Gusti Allah. Kulawarganing Allah iki dikarsaake padha dherek Sang Kristus caos kurban atur panuwun, pangalembana, pepulih lan nyuwun pangaksama. Dadi ora mung lumantar Imam anggone caos Kurba Murni lan dhiri pribadhi, nanging bisa padha ngawaki dhewe. Mula ora cukup mung padha nonton utawa ngrungokake, nanging sabisabisa kabeh padha melua tumandang srana ndherek sembahyang, mangsulli, ngidung, utawa nindakake ayahan mirunggan. Romo sak rombongan lumebet ing Gereja tumuju ing altar, monggo sami jumeneng kalian ngatururaken ngidung pambuka.

Anda mungkin juga menyukai