Anda di halaman 1dari 2

Ass. Wr.wb.

Kulo aturaken matur suwun kagem Ibu Ummu semono ugi kagem Saderek-saderek sedanten ingkang sudi nyisih aken wedalipun ngrawuhi pidato meniko. Saderek-saderek sedanten.. Minurut pengamatan kalian kulo raosaken akhir-akhir meniko kathah wargo ingkang kirang menghargai negeri nasionalipun inggih puniko negeri tercinta Indonesia. Hal meniko sanget ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados masalah ingkang serius.. Saderek-saderek, kawulo mudho sedanten.. Wonten jaman sakniki sampun kathah pengikisan kebangsaan nasionalisme! Meniko disebabaken kathah kawulo mudho ingkang ngelalekaken jatidirinipun dados wargo Indonesia sebabipun poro kawulo mudho luwih condong marang pergaulan utawi budoyo-budoyo Barat ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupo: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah wargo luwih seneng mundhut produk-produk luar negeri disebabaken regoipun luwih mirah lan kualitasipun luwih sae.. Saderek-saderek sebongso lan setanah air. Masalah-masalah meniko saget diicalaken lan saget mbangsulaken raos cinta tanah air negeri tercinta Indonesia meniko kalian salah sawijine coro inggih puniko mundhut barang -barang produksi Indonesia, menghormati jasanipun poro Pahlawan lan poro Pejuang, tindak dhateng Museum-museum Nasional utawi monumen-monumen perjuangan Kulo raos meniko ingkang saget kulo sampekaken. mugi- mugi saget ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken roso Nasionalisme kito sedanten. Matur suwun kulo sampekaken Wassalamualaikum Wr. Wb.

Assalamualaikum Wr Wb Ingkang kinurmatan, bapak guruu saha kanca-kanca ingkang tansah kula tresnani. Sepindah sumangga kula lan panjenengan sedoyo ngaturaken puji syukur maran g Gusti Allah ingkang maha luhung lan tansah paring nikmat lan rahmat sahinggo kula lan panjenengan taksih saged golek ilmu, yaiku nindakaken sekolah. Kaping kalih, jumeneng kula wonten ngajenge panjenengan sedoyo minangka kagem ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula lan panjenenga mesti sampun sami mangertosi bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah sawijining prastawa skral ingkang nuduhake marang kabeh wong bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadahi semangat berjuang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika, semanta merdeka lan dadi bangsa ingkang ngadeg jejeg. Isi sumpah lan janji menika wajib kita lestarekake lan diamalake kagem mujudake pengarep-arep cita-cita kamardikan urip makmur, adil lan sejahtera. Yaiku minangka pelajar / murid, kita wajib semangat lan mempeng anggenipun sinau. Lan minangka pemuda (usia produktif) kita kedah semangat lan sregep anggenipun nyambut damel ngsisi pembangunan bangsa. Menika inkang saged kula aturaken babagan Sumpah Pemuda. Ayo kita junjung tinggi kaluhuran Sumpah Pemuda. Santen parutan klapa Cekap semanten atur kawula Numpak sepur nggawa tali Mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur Kula nyuwun agunging pangaksami Wassalamualaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai