Anda di halaman 1dari 11

WEJANGAN NABI KHIDIR MRING SECH MELAYA

25. Mgatruh 1. Nabi Musa ngaku luhur tanpa guru | ngamungkn ujaring tulis | ngandlakn Tortipun | dn nyana wus anguwisi | tan wruh lamun maksih adoh || 2. mh kalantur ing pratingkah smu puguh | gya binndon ing Hyang Widhi | nulya kinn anggguru | nggguru mring Nabi Kilir | kang kari anut mangkono || 3. sajatine ingkang aran guru iku | dudu guru muruk ngaji | dudu guru muruk ngidung | dudu guru muruk tulis | dudu guru muruk ngdot || 4. dudu guru muruk kasktn puniku | dudu guru muruk dhikir | paguron anane iku | dene guru kang saykti | kang amjang nglmu jatos || 5. aja sira nggguru pandhita bsus | pandhita sipat namki | lan falafat malihipun | tabrn ssanjan nnggih | yku pandhita angomong || 6. tuwin aja nggguru pandhita lngus | yku pandhita sak srik | lawan aja anggguru | pandhita kakhan sikir | karya was-uwasing batos || 7. lawan aja nggguru pandhita gundhul | pan iku pandhita lamis | apan kangjng nabi rasul | remane amung sumunggi | kapirit lawan bbaon || 8. pan sakabat sakawan bela jng rasul | kapat pisan pan sumunggi | kangjng rasul parasipun | sajge mung sapisan thil | pan ora kongsi amindho || 9. kang utama pandhita ngaku baliku | sasolahe ambodhoni | zayinnapsaka puniku | annggih bilmaksiyati | solah tingkah kang mangkono || 10. dene zayinnapsaka pandhita iku | tgse bilmaksiyati | pandhita kang ngingu rambut | pasing awak saykti | dudu pasing panganggo || 11. dbog bosok mrak kacancang gnthong umus | iku pandhita kasirik | lawan tawan brana iku | buja kirana marsandi | karo utama ginuron || 12. katigane pandhita wiladi iku | kang utama dn guroni | lire dbog bosok iku | lara gng kang pandhitki | mrak kacancang anyngungong || 13. tgsipun tkabure kh kawtu | lumaku yn dn guroni | tgse kang gnthong umus | gbrh tan bisa ngrawati | wtune sanggon-nggon ||

14. dene tawan brana pandhita puniku | kang ana labting kanin | lan sappadhane iku | kang acacad kang aciri | sirikn aja ginuron || 15. pandhita kang buja kirana puniku | tan pgat amangun tapi | nygah napsu hawanipun | pakarman dn buwangi | saciptane wus sayktos || 16. pan waluya sadaya pangstunipun | tan ana kawula gusti | wus karm ing ora iku | dene pandhita marsandi | kang ngibadah lair batos || 17. nora pgat mulyakkn sariranipun | pujine ngbki bumi | saosike nngipun | nora samar dadi puji | smbah pujine tan pgot || 18. dene ingkang pandhita wiladi iku | asarh wuwuse aris | tan wuruk sudi karyku | lakune pandhita supi | dn antpi lair batos || 19. wontn rke pandhita salah ing nglmu | wallahu a'lam yn mati | mngkono ing tekadipun | besuk yn ingsun ngmasi | mulih maring purwaningong || 20. maring nukat gaib ing pinangkanipun | rrmukan wujud dhingin | mati bali maring wujud | iku pandhita kasirik | tan kna tinut wong bodho || 21. muridipun puniku dadi wong mrdud | pandhita satngah malih | ora na Pangeran iku | sapncaring nukat gaib | jbule pasthi nyatngong || 22. besuk ingsun samngkone iya ingsun | awal akir masesani | jagad kabh ingsun tnun | nora nana batal bitil | karam krm mkrah mkroh || 23. lanang wadon nora nana walripun | Allah nora marentahi | gawe batal karam iku | pan amung karsaning nabi | Rasulu'llah amakewoh || 24. pandhitku dadi guyng muridipun | lan ana pandhita malih | tekade cahya tinunggu | besuk yn ingsun ngmasi | anungku cahya ing kono || 25. muridipun puniku dadi wong dul | lan wontn pandhita malih | besuk yn ing patiningsun | kawin lan Pangeran mami | salkring wismaningong || 26. ingsun gawa kabh aja na kang kantun | mngkono kang pandhitki | sarupane muridipun | iku dadi wong barjaki | tunggal lanang wadon kang wong || 27. wontn malih anggilingan nglmunipun | patine anjbul malih | muride dadi wong kbur | lawan wong ubk puniki | kabh anggpe mangkono || 28. wontn malih kang pandhita nglmunipun | besuk yn ingsun ngmasi | nampani sawarga agung | widadari pitung kthi | muride dadi wong egot ||

29. pan puniku warnane wong salah nglmu | kang tan pants tinut wuri | mungguh ing kapatnipun | miwah ing uripe mangkin | karya sak kang tan waspaos || 30. nniwasi ing wasana tanpa wuwus | pangwasa tan misesani | panuksmaning kang pangstu | ya ta ana salah malih | ing tkad kawruh samngko || 31. satngahing pinandhita nglmunipun | ppokotan tan udani | ing tarki lawan tanajul | muridipun dn arani | wong br wangkal lan br pugoh || 32. wontn malih kang pandhita nglmunipun | napase dn galih Gusti | wus mangkono anggpipun | sarupane muridnki | samya dadi tukang abot || 33. wontn malih kang pandhita nglmunipun | sok mulyaa ing dunyki | pasthi mulyng akiripun | sarupane muridnki | kabh dadi wong piyangkoh || 34. wontn ingkang pandhita durung satuhu | kaslak pangakunki | tog ing ndon wulangipun | nyamut-nyamut maksih tbih | durung mantra-mantra nggpok || 35. maksih sarak kewala pralambangipun | tuna bt kang samya amrih | pandhita mangkono iku | upamane muridnki | wong ngiml mamah klasa moh || 36. wontn malih kang pandhita nglmunipun | nora nana nabi wali | kuna-kuna rasul rusul | pan iku muride dadi | wong sumca durung enjoh || 37. poma yayi estokna yn anggguru | saliyane saking mami | dn awas wasananipun | angle wong ulah nglmi | yn kablndr amalendho || 38. Skh Malaya alon dnira umatur | mring Jng Sunan Gunungjati | swu ing pamundhinipun | wrin rrancangan rricik | parabote amrih kawroh || 39. nanging ulun mangke kalilana matur | lampahaning para nabi | kang sampun kawarta wau | Nabi Musa Nabi Kilir | dene tka swu elok || 40. Nabi Musa amngku sarengat agung | tur ngiras dadya narpati | Nabi Kilir nabi rusul | sarengat tan amngkoni | mung mungkul sarhing lakon || 41. tka mawi Nabi Kilir kang linuhur | amung kang buwana balik | asor asare aluhur | kang luhur asor malatsih | jng sunan ngandika alon || 42. nglmu iku tan pasthi nng janma luhur | tan pasthi nng janma singgih | tan pasthi nng janma spuh | ana nugraha pribadi | tarkadhang ana wong anom ||

26. Sinom 1. kadhang anng sudra papa | nora kna dn gagapi | tan kna kinaya ngapa | ppancnira pribadi | yn rinilan ing Widhi | nadyan durung masanipun | angulah kalpasan | rrantame wus pratitis | angungkuli pangawikaning kukuma || 2. kaya mau Nabi Musa | kalawan Jng Nabi Kilir | kawruhe ing kasunyatan | linuhurkn Nabi Kilir | marga wus anglakoni | akarm mring ora iku | acgah napsu hawa | ing nala dumilah wning | konang-onang kaananing kene kana || 3. mandar antuk kanugrahan | panjnngan Nabi Kilir | kinarya hb Nabiu'llah | nartani nora ngmasi | wus angnggoni gaib | lair batine kawngku | iku ujaring kitab | mbuh nyatane samangkin | dene pan wus karoban ing pirang jaman || 4. umatur Sang Skh Malaya | dhuh pukulun sang ayogi | bilih makatn kang sabda | ulun kapencut ing kapti | kados Jng Nabi Kilir | kdah ksdu anggguru | amba nyuwun pitdah | mangkya dumunung ing pundi | nadyan tbih jangji kenging ingulatan || 5. sastu kawula angkah | lari-lari angulati | numpal kli ngulandara | ngrranggh nugraha jati | jng sunan ngandika ris | ujaring pawarta iku | iya ing Baru'lakbah | dumununging Nabi Kilir | tanah Lulmat agaib panggonanira || 6. kaya nora kalampahan | sira adrng angllari | sasat ngupaya kumandhang | Skh Malaya matur aris | kncng tyas ulun mangkin | amung pangstu pukulun | sagda kasambadan | pinanggih Jng Nabi Kilir | kalilana mangkat samangkin kewala || 7. ngungun sakala miyarsa | Jng Sunan ing Gunung Jati | mring antpe Skh Malaya | winawas ing sambang liring | dadya damar sajati | wasana swu jumurung | lajng ungkur-ungkuran | Jng Suhunan Gunungjati | mangu mulat angkate Sang Skh Malaya || 8. kondur padalmanira | Sang Skh Malaya winarni | lampahe allancaran | tan ana baya kasthi | amung nugraha jati | angugr grana jjantung | mangalor paranira | praptng pasisir Samawis | mangu mulat lirap-liraping samudra || 9. tan ana palwa katingal | anuju kalaning ratri | pakwd raosing driya | dnirarsa numpal kli | kalangan ing jaladri | nanging merang lamun wangsul | nadyan datan kantnan | tlng ingkang dn ulati | mangsah mudya angningakn wardaya || 10. mpg glaraning hawa | amung anyipta sawiji | tanjane ingkang sindya | wontn parmaning Hyang Widhi | sakala Nabi Kilir | prapta anng ngarsanipun | apindha rare bajang | ganda ngambar marbuk wangi | duk mangeja apindha gbyaring kilat ||

11. Skh Malaya tan kumcap | dnnya umangsah samadi | Jng Nabi Kilir ngandika | luwarn pardining budi | aja tan buh sun iki | jatine kang sira luru | Nabi Kilir ya ingwang | ana paran amarsudi | kudu tmu lan jnng ingsun samangkya || 12. Skh Malaya mudhar asta | gurawalan mangnjali | alon wau aturira | sumangga karsa Sang Yogi | sastu tuwaning sih | tan kilap sasdya ulun | Nabi Kilir ngandika | bnr aturira iki | sadurunge sajarwa ykti sun wikan || 13. sira ksdu puruhita | annabt kaya mami | dumadia gaibu'llah | apa bisa anglakoni | sumingkiring asinggih | Skh Malaya nmbah matur | rhning sampun sindya | abot nthng dn lampahi | jangji antuk wwngan sih kawlasan || 14. dhumatng jasad kawula | pindha sato saupami | angsala ddalan mulya | jng nabi ngandika aris | ingsun darma njalari | atas anng kabgjanmu | lah mrma kewala | sun tuduhkn nggon kang ning | supayane wruha ing panarima || 15. Skh Malaya tan lnggana | wau ta Jng Nabi Kilir | sumbut saking panggenan | pan kadya anampl wntis | Skh Malaya tan kari | tan adangu prapta sampun | ing nggn langkung ajmbar | lir ara- ara aradin | kinubng ing samudra tanpa watsan || 16. wus kinn mbuka paningal | Skh Malaya aningali | panggnan kalangkung jmbar | myang samudra tanpa tpi | lnglng rh ing pangksi | datan wrin lor myang kidul | kulon kalawan wetan | surya candra tan kaksi | panyanane dumunung jagad walikan || 17. Skh Malaya matur nmbah | pukulun Sang Maha Yogi | kawula nyuwun ttanya | punika alam ing pundi | dene ta sarwa mamring | lamat-lamat nyamut-nyamut | nglangut tanpa wkasan | ngandika Jng Nabi Kilir | wruhanamu ya iki panggonaningwang || 18. nora nana paran-paran | mung asunya lawan ruri | tka sira kapibrangta | kaya raganingsun iki | apa kang dn ulati | ing kene spn asamun | umatur Skh Malaya | makatna botn lirip | rhning sampun dados kkncngan kula || 19. sanadyan prapta ing pjah | botn rumngkang pun patik | Jng Nabi Kilir ngandika | sukur yn mantp ing kapti | payo padha lumaris | Sang Skh Malaya jumurung | lajng midr lumampah | tan adangu aningali | cahya padhang tri rupa andiwangkara || 20. warna abang irng jnar | Skh Malaya matur aris | punika cahya punapa | ngandika Jng Nabi Kilir | pramana aranki | upama anng sirku | ndi kang dn piliha | Skh Malaya matur aris | langkung ajrih yn botn wontn pitdah || 21. datan dangu katingalan | cahya pthak anlahi | park lan cahya katiga | Skh Malaya matur malih | cahya punapa kari | park lan cahya katlu | jng nabi lon ngandika | bok ana kang sira pilih | Skh Malaya ature dahat tan arsa ||

22. yn tan kalawan pitdah | ngandika Jng Nabi Kilir | kabh cahya iku tunggal | kacatur anng sirki | ya padha annarik | mmarah akarya dudu | kang rupa cahya abang | atuduh napsu tan bcik | nganakakn penginan panas baranan || 23. ambuntoni kaelingan | ing kawaspadaning budi | dene cahya kang akrsna | karsane ngubngi runtik | anddawa andadi | padhanging panggawe ayu | dene kang cahya jnar | nanggulang cipta kang bcik | sayktine nggungkn panggawe rusak || 24. ingkang putih iku nyata | mung suci tan ika iki | prawira ing karaharjan | iku kang bisa nampani | sasmita kang kalingling | sajatining rupa iku | anampani nugraha | lstari pamoring kapti | nanging iku kinrubut napsu ttiga || 25. yn kurang sabar santosa | kna ginoling ing blis | kerut maring panasaran | yn kuwat tan mindho kardi | kasor dening kang putih | kang tlu samya angratu | luamah lan amarah | supiyah gindhong batin | mutmainah jumnng ratu utama || 26. kalgan raosing driya | Skh Malaya anganggpi | tuduhing Sang Maha Yoga | marbudyngrat Nabi Kilir | nulya ngandika malih | hh Skh Malaya sirku | paran pambudinira | ndi kang sira antpi | wahanane kang cahya patang prakara || 27. umatur Sang Skh Malaya | punapa sampun ngidaki | punika tlnging paran | tka kinn ammilih | ngandika Nabi Kilir | saykti puniku durung | lagi anng trsandha | Skh Malaya matur malih | swu sisip yn anampik amiliha || 28. mindhak angggadhang lpat | pan kawula swu ajrih | yn botn saking pitdah | lajng allampah malih | Skh Malaya ningali | urub siji angnguwung | wwolu konyarira | ana lir pputran gadhing | wnh kadya ana pputran mutyara || 29. dumling abra markata | Skh Malaya matur malih | punika urub punapa | maya-maya angbati | urube mung sawiji | andarbni cahya wolu | Nabi Kilir ngandika | pangarp urubing budi | iya iku kang sajati wnang tunggal || 30. tgse saliring warna | iya anng sira kaki | tuwin isining pratala | ginambar anng ing dhiri | jagad agung myang cilik | tan ana prabedanipun | purwaning catur yogya | kang cahya kapat pan sami | iya dadi tandha uriping bawana || 31. tinimbangkn anng sira | jagad agung jagad alit | isn-isne tan beda | kinarya wahana ykti | salwir rupa wus anis | ngumpul mring rupa satuhu | kadya tawon gumana | sawang putran mutyara di | cahyanira kumilat tanpa wayangan || 32. Skh Malaya matur nmbah | dhuh sang maha yoga suci | punapa inggih punika | kang pinrih dipun ulati | rupa ingkang sajati | Nabi Kilir ngandika rum | dudu kang sira sdya | kang mumpuni ambk jati | nora kna kalamun winaspadaa ||

33. tanpa rupa tanpa warna | nanging bisa amarnani | tan gatra datan satmata | tan dumunung nggon sawiji | dumununge kalingling | kang awas waskithng smu | mpki isining rat | narambahi ing dumadi | kaanane yn dinumuk datan kna || 34. umatur Sang Skh Malaya | dhuh pukulun Sang Maha Ning | ulun nyuwun tuduh nyata | dene drng anggpoki | nugraha kang saykti | Nabi Kilir ngandika rum | hh kaki Skh Malaya | ingsun ppajar samangkin | dn arncang pamucunge ing pangancam || 27. Pucung 1. Kangjng Nabi Kilir angandika arum | dn wori pralambang | upamane rasa iki | anng lotng kang adi-adi punika || 2. pantsipun kang lotng upaminipun | kaya bumbu iwak | winor lan iwakirki | rasa iku ati suci ingkang nyata || 3. iya iku nurbuwah sajatinipun | ya iku duk ana | sipat jamal aranki | yn wus mtu ingaranan johar awal || 4. diwasku johar akir aranipun | ingkang johar awal | ingaku rasa sajati | ingkang akir sawujud ati uripnya || 5. johar iku duk sawujud rasa tuhu | urip tunggal rasa | tunggal johar awal singgih | johar akir sawujud ing uripira || 6. johar akir narima ing solahipun | batin kang sinmbah | miwah ta ingkang pinuji | iya iku jatine Pangeranira || 7. iya iku pan nora roro ttlu | iya iku Nukat | lan Gaib ing nguni-uni | Nukat Gaib tan ana ing gantinira || 8. tmnipun Nukat pan jnngirku | sawuse tumiba | iku ingaranan napti | nglmu iku sajatine panguripan || 9. nptu iku tinarik lan alipipun | alip ingaranan | jisim latip pan saykti | jnnge pan ingaranan ananira || 10. nptu iku johar awal aranipun | ing sajnngira | urip ingaran sajati | sajatine ingaran gtih kang gsang || 11. gtih urip ingaran rasulu'llahu | alaihi'ssalam | patmon rasa sajati | gtih iku kang ingaranan sahadat ||

12. rasa jati rasaning dat sami wujud | Jabrail Mukhammad | lan Allah tunggal sajati | tlu iku kapatira lan angkara || 13. iya iku gtih urip aranipun | dene wong palastra | tan ana gtihirki | gtih iku awor ilang lawan suksma || 14. suksma iku ilang anane kang wujud | iya padha ana | alip aran roh ilapi | roh ilapi jisim latip jatinira || 15. aranipun jisim iku duk ing dangu | alip ingaranan | tanpa ngucap tan ningali | tan miyarsa tanpa tingal tanpa karsa || 16. iya iku kang alip tibaning nptu | arane dadya na | jinabaran roh ilapi | roh ilapi datu'llah tuwin kawawas || 17. roh ilapi ggntining dat satuhu | alip iku uga | anng johar jabar jre | pujinipun ram kalam birahi nama || 18. birahine ingaranan Allah iku | tan roro wujudnya | sapa wruha yn dadi | yn wruha tan ngarani namanira || 19. sipatipun jamal kang ngarani iku | sipat jalal ingkang | akon ngarani puniki | dene ingkang akon Allah angandika || 20. marang rasul yn tan ana sira iku | ingsun nora nana | kang nbut Allah saykti | iya sira ingkang ngarani maringwang || 21. sira iku iya tunggal lawan ingsun | ingsun iya sira | sira iku iya mami | iya iku tarbukaning rasaningwang || 22. sira iku ing dunya akirat uwus | amngku sadaya | hh Skh Malaya sirki | dipun eling jabar jre alip ika || 23. aja luput ing logat tanangsubipun | babaring kaanan | anng ing wujud ilapi | ilapate dn anggambuh ing wardaya || 28. Gambuh 1. mungguh ta yktinipun | smuning alip iku amngku | budi jati nir wikara jroning budi | nglairkn birahinipun | amicara tunggal karo || 2. karo tunggal sawujud | lawan karone puniku dudu | iya iku budi johar aranki | iya budi iman iku | alip puniku sayktos ||

3. tumiba maring naptu | sajatine ingkang alip iku | sarwa nora norane ingakn kadi | iya budi iman iku | alip puniku mangkono || 4. kaanane satuhu | kang johar awal sayktinipun | ingkang johar awal pan kaanan jati | istinja junup puniku | jabaning johar kinaot || 5. sung ganda lan warnku | kang johar awal ing nguninipun | iya iku tibaning naptu sajati | urip tunggal jatinipun | jroning johar awal kono || 6. urip kalawan lampus | ya sajroning johar awal iku | lah pagene smbahyang anng dunyki | lire ing dunya puniku | mangka purbaning dumados || 7. dn kawangwang satuhu | yn naptu gaib anng sirku | lah pagene sira ngadg nng dunyki | sidhakp kalawan mangu | marmane sidhakp kang wong || 8. tunggal kaananipun | tunggal solah paribawanipun | wicarane tunggal pangucapirki | wdhar tangan nuli rukuk | kasaru duk tibng kono || 9. tumtse kang banyu | banyu kang suci wning umancur | ningipun madi uriping sakalir | yn rukuk karasa iku | iman saderah kinaot || 10. sasamine puniku | kaananing rasa mngko iku | lah pagene asujud anng ing bumi | marmane sujud puniku | panuksmane cahya kaot || 11. ingkang cahya puniku | ana paran ing sasmitanipun | iya iku patmoning rupa jati | rupa iku dat satuhu | dating Hyang Suksma kang elok || 12. dene ingkang rumuhun | sadurunge bumi langitipun | ingkang ana dhingin pan ananirki | ing dunya kerat sirku | mngkono lire sayktos || 13. nanging lamun wus wruh | dn awri warananirku | ati ning tlnge ingkang prmati | yn gbrh kuwur balawur | atiwas waskithaning don || 14. awit basa puniku | nora kna linair yn durung | papan mpan apan nng paspan spi | supaya wnganing kayun | angganthng manthng gumathok || 15. wus kaki mung puniku | tanggapana wahyuning Hyang Agung | Skh Malaya tyasira padhang nampani | kanugrahan kang dhumawuh | sanalika jlg salin nggon || 16. bale kancana luhung | amawa cahya adi ngnguwung | sn-isne jagad wus tan ana kksi | ppadhange tumalawung | Skh Malaya matur alon || 17. dhuh dhuh Sang Maha Wiku | bale punapa kang katon mancur | dene wau spa-spi suwung mamring | tan wontn bale kadulu | tka mangke angrobong ||

18. raosing badan ulun | nikmat manpangat ingkang tinmu | botn arip lan lsu botn anglih | Nabi Kilir ngandika rum | nggone batin ing kono || 19. sajatine ya iku | karaton kang nugraha linuhung | lamun katarima rinilan ing Widhi | nora sarana linuru | iku sajatining kawroh || 20. yn janma kang wus putus | ttp patitis trus rumasuk | bisa ngrasuk angrasa kang dn ranggoni | sangkanparan wus kawngku | ngalih nggon mboyong kadhaton || 21. kang binoyong puniku | ykti kadhaton kang wus dumunung | anng sira karana jatining pati | kang amati iku napsu | suksmane murba maring don || 22. ing mula-mulanipun | beda lawan janma kang durung wruh | migg-migg bggg tan bisa budi | mlulu kacambah watu | nging dadi hawa kemawon || 23. amaning urip iku | yn kalarab bok kaliru surup | surupane ginrt maring iblis | mbuhmbuh kang binuru | kadi kapatning sato || 24. Skh Malaya umatur | yn makatn ing sabda pukulun | ulun sampun tan ndya awangsul malih | pedah punapa dunyku | amung susah lan rkaos || 25. kathah rubedanipun | beda-beda tmah karya dudu | balik ngriki rribd tan anglabti | nikmat manpangat tinmu | karaos raos rumaos || 26. jng nabi ngandika rum | nora kna mangkono karsamu | pan kasiku maring Hyang Kang Murbng Pasthi | durung masa kalanipun | datan kna anggege nggon || 27. iku anyupt tuwuh | awit knane sarana lampus | marma sira kna dumunung ing ngriki | pratandha nampani wahyu | besuk bisa kaya ingong ||

28. nanging tan kna mbanjur | sarhning iki sira wus wruh | sarahsaning gaibing Hyang Maha Suci | wus amung samono iku | padha andum karahayon || 29. ya ta sasampunipun | bale kancana datan kadulu | parng musna kalawan Jng Nabi Kilir | Skh Malaya apan sampun | wangsul alame kang manggon || 30. katon babaranipun | keblat papat ing ngandhap myang luhur | lawan Sang Hyang Diwangkara amrabani | jagad sagara myang gunung | antaranira tan keron || 31. anng tpining laut | Skh Malaya angn-angn ngungun | dene ing pandulu lir sarahsng ngimpi | kplase pan wus kacakup | sangkp sangkanparaning don ||

32. upama skar kuncup | mangkya sampun masane cumucup | ngambar-ambar gandanya kasturi jati | ing wasana lajng kondur | tan wangsul maring Carbon || 33. mring padalmanipun | Kalijaga pan lajng misuwur | Skh Malaya anrus kadibyaning nglmi | lajng dadya imam agung | pra alim marsudi kawroh || 34. Skh Malaya kasbut | apan saking padalmanipun | nnggih Sunan ing Kalijaga wwangi | nngna ganti winuwus | pparnganing llakon ||

Anda mungkin juga menyukai