Anda di halaman 1dari 12

ADORASI EKARISTI

PAGUYUBAN KEBATINAN DALAM TERANG IMAN


“ST.YOHANES”

GEREJA ST. MARIA FATIMA


MAGELANG

KANG NYEMBAH KANG SINEMBAH


ADORASI EKARISTI (ASTUTI)

KIDUNG PAMBUKA

P : Gusti manunggala
U : Kaliyan kula sadaya
P : Sumangga kula derekaken lumebet wonten ing alaming asepen, sowan sumujud wonten
ing ngarsaning Hyang Widi, caos sembah konjuk ing asmaning Allah Hyang Rama,
Allah
Hyang Putera, saha Allah Hyang Roh Suci.
U : Amin.

Kyai Dhandang Kinanti katabuh kaping 7(pitu)

P : Swara genging dhandang (rumesepna ing kalbu, saya dangu saya rumesep ngantos
nuwuhaken wening, saya dangu saya wening ngantos manggihna kalenggahaning Hyang
Widi inggih Allah ingkang murba kula sadaya, ingkang lenggah wonten ing manah kawula
sadaya, saha ingkang jumeneng lan dados sesembahan kawula wonten ing pasewakan
punika) . . . . . . .
wening sawetawis . . . . . . . .

KIDUNG ASMARADANA

1. Lir manjing ginarbaning ratri, gumrah jagadku pindha prahara geng panandange. Mapan
teleng suksma, kinkin tan uwala. Wapa dres milir gya emut, ndulu padhang aneng ngarsa.

2. Jroning laku angupadi, anenging sih wilasanta. Wit gesang mba sampun lungse, laku mung
saparan-paran, Jer dhumawah ing cintraka, Karsoa paduka nuntun sajroning lelana.

3. Mba sumujud dhuh Hyang Widi, amrih tentrem jroning driya, Karsa paduka nyaruwe, esthi
mba temahan saras, Uwal kinkin lan papa, wonten yen suksma pinundhut, pareng nderek
kamulyanta.

P : Para saderek sadya kita makempal ing mriki minangka umat Dalem Gusti ingkang
nggeluti kebatosan, ngaturaken pakurmatan dhumateng Tyas Dalem ingkang Mahasuci,
ingkang sampun paring katresnan tanpa upami dateng kita sadaya. Ing pasewakan
mirunggan punika kita sesarengan badhe memule caos pakurmatan nglairaken batos
kawula anggen kita mengeti salira saha rah dalem ingkang tansah mijil saking Tyas
Dalem ingkang Mahasuci mugi andadosnasumber kerahiman kawula, saengga namung
panjenengan ingkang dados andalaning gesang kawula.

SEMBAHYANGAN PAMBUKA

P : Mangga kita sareng ndedunga,


Allah ingkang Mahakuwaos tuwin langgeng, kawula saderek paguyuban kebatosan St.
Yohanes makempal wonten ing mriki sakperlu kanti wekdal ingkang mirunggan bade
nglelimbang sakpinten agenging katresnan Dalem dateng kita sami ingkang nandhang dosa,
saengga ngutus Putera Dalem Gusti kawula Yesus Kristus manjalma dados manungsa, inggih
pepundhen saha Guru Sejati ingkang tansah dados pandoming gesang kawula sadaya.

U : Kawula nyuwun mugi Allah Roh ingkang MahaSuci rawuh, kersaa mbikak paningal
kawula, talingan sarta batos kita supados kita saged mirengaken Sabda Dalem saha kuasa
Dalem lumantar Gusti kawula Yesus Kristus Putra Dalem ingkang mawujud Sakramen
Mahasuci ingkang gesang lan mengku keprabon ing salami-laminipun. Amin.

KIDUNG SEKAR MIJIL

Dedalane urip kang sejati kudu andhap asor, Sabda Dalem Gusti kang dadi dasare,
kasunyatan lan katresnan sejati. Jwa gendat ngabekti ngersane Hyang Agung

WAOSAN KITAB SUCI

1---Masmur 25

Donga nyuwun pangapura lan pangayoman


25: 1-22
1
Dhuh Yehuwah, nyawa kawula kawula angkat dhumateng ing ngarsa Paduka.
2
Dhuh Allah kawula, kawula pitados dhumateng Paduka,
mugi kawula sampun ngantos nandhang wirang; mengsah kawula sampun ngatos sami
bingah-bingah margi saking kawula.
3
Sayektos, tiyang ingkang ngantos-antos dhumateng Paduka punika, mesthi boten
kawirangan;
nanging tiyang ingkang nglampahi cidra tanpa sabab punika manggih wirang.
4
Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi sumerep bab margi Paduka
sarta karsaa nedahaken radinan Paduka
5
Lampah kawula mugi Paduka tuntun wonten ing kaleresan Paduka, lan kawula mugi Paduka
wulang,
amargi Paduka punika Allah ingkang paring karahayon dhumateng kawula; Paduka ingkang
kawula antos-antos sadinten muput.
6
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi enget dhateng ing sih-palimirma sarta kadharman Paduka,
awit punika sadaya sampun wonten wiwit ing jaman purwa mila.
7
Paduka mugi sampun ngengeti dhateng dosa kawula nalika taksih nem
tuwin dhateng duraka kawula,
nanging mugi Paduka karsaa enget dhumateng kawula manut sih-kadarman Paduka,
margi saking kamirahan Paduka, dhuh Yehuwah.
8
Sang Yehuwah iku becik lan adil,
mulane wong kang kesasar padha ditedahi dalan.
9
Wong kang lembah manah padha dituntun lakune ana ing kabeneran,
wong kang lembah manah padha ditedahi margine.
10
Kabeh margining Yehuwah iku katresnan, kasetyan lan kabeneran
tumrap wong kang padha netepi prajanjian lan pepengete.
11
Margi saking asma Paduka, dhuh Yehuwah,
mugi karsaa ngapunten kalepatan kawula, awit punika ageng
12
Sapa kang wedi marang Sang Yehuwah?
Iku mesthi ditedahi dalan kang kudu kapilih.
13
Wong iku dhewe bakal tetep ana ing kabegjan,
sarta turune bakal oleh warisan bumi.
14
Pasrawunge Sang Yehuwah kang celak iku karo wong kang padha wedi marang Panjenengane
sarta iku padha diparingi sumurup bab prajanjiane.
15
Mripatku tansah tumenga marang Sang Yehuwah,
amarga Panjenengane bakal nguwalake sikilku saka ing kalajiret.
16
Paduka mugi karsaa mirsani lan melasi kawula
awit kawula kapencil tuwin kesrakat.
17
Paduka mugi karsaa nglonggaraken manah kawula ingkang karupekan punika,
mugi karsaa ngluwari kawula saking karibedan kawula!
18
Paduka mugi karsaa mirsani kasangsaran saha kangelan kawula,
saha sakhatahing dosa kawula mugi kaapuntena.
19
Paduka mugi karsaa mirsani mengsah kawula, dene kathah sanget,
sarta anggenipun sengit sanget dhateng kawula.
20
Nyawa kawula mugi Paduka reksa saha mugi karsaa ngluwari kawula,
sampun ngantos kawula manggih kawirangan, awit kawula ngayom dhumateng Paduka.
21
Kawula mugi kairingna ing katulusan saha kajujuran,
awit Paduka ingkang kawula antos-antos.
22
Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngluwari Israel saking sakhatahing karibedanipun.

2---Yohanes 6:1-15

Gusti Yesus maringi mangan wong limang ewu


6:1-15
Mat.14:13-21; Mrk.6:32-44; Luk.9:10-17

1
Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing sabrange sagara Galilea, yaiku sagara
Tiberias. 2Wong akeh padha grudugan ndherekake Panjenengane, amarga padha ndeleng mukjijat
kang wus katindakake dening Gusti Yesus tumrap wong-wong kang padha lara. 3Gusti Yesus tumuli
minggah ing gunung, banjur lenggah ana ing kono, kaadhep dening para sakabate. 4Nalika samana
wus ngarepake Paskah, riyayane wong Yahudi. 5Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha
grudugan sowan, banjur ngandika marang Filipus: “Ing ngendi anggon kita arep tuku roti, supaya
wong-wong iki bisa mangan?” 6Anggone ngandika mangkono iku mung kagawe nyoba, awit wus
mirsa piyambak apa kang bakal katindakake. 7Unjuke Filipus: “Roti pangaos kalih atus dinar boten
badhe nyekapi kangge tiyang samanten kathahipun punika, sanadyan namung sami kabagean
nyakedhik. 8Sawijining sakabat iya iku Andreas sadulure Simon Petrus tumuli munjuk: “Punika
wonten lare ingkang mbekta roti sair gangsal kaliyan ulam loh kalih, nanging punika nggawe
sapinten kangge tiyang samanten kathahipun punika?” 10Gusti Yesus ngandika: “Wong-wong iku
konen padha linggih!” Anadene ing kono akeh sukete, wong-wong mau banjur padha linggih, kang
lanang cacahe watara limang ewu. 11Gusti Yesus tumuli mundhut roti mau, lan sawuse caos sokur,
banjur diedum-edum marang kang padha linggih ing kono, mangkono uga iwake, sakarepe olehe
arep padha mangan. 12Sawuse padha wareg, Gusti Yesus tumuli dhawuh marang para sakabate:
“Cuwilan turahane padha klumpukna, supaya aja ana kang kececeran!” 13Banjur iya diklumpukake
oleh rolas wakul kebak isi cuwilan roti sair lima mau, yaiku sisane kang wus padha dipangan dening
wong-wong mau. 14Bareng wong-wong mau ndeleng kaelokan kang ditindakake dening Gusti Yesus
iku, tumuli padha ngucap: “Panjenengane iku nyata Kanjeng Nabi kang bakal rawuh ing jagad.”
15
Sarehne Gusti Yesus pirsa, yen sedyane wong-wong iku padha teka arep mboyong
Panjenengane kalawan peksan, arep kajumenengake ratu, Panjenengane banjur sumingkir minggah
ing gunung maneh piyambakan.

3---Masmur 26

Pandonga nyuwun kaleresake dening Sang Yehuwah


26:1-12

1
Anggitane Prabu Dawud
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paring kaadilan dhumateng kawula,
amargi lampah kawula kanthi lampah resik, kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah
kalayan boten mangu-mangu.
2
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ndadar lan neter kawula;
batos kawula saha manah kawula mugi Paduka titi-priksa.
3
Amargi katresnan saha kasetyan Paduka ingkang kawula pandeng,
sarta lampah kawula wonten ing kaleresan Paduka.
4
Kawula boten linggih nunggil kaliyan juru apus
saha boten sesrawungan kaliyan tiyang lamis;
5
kula sengit dhateng pakempalanipun tiyang awon,
lan ugi boten linggih nunggil kaliyan tiyang duraka.
6
Kawula ngwisuhi tangan kawula tandha bilih boten kalepatan,
saha kawula lajeng ngubengi misbyah Paduka, dhuh Yehuwah,
7
Kanti ngrepakaken kidung panuwun kalayan swara sora,
saha martosaken sakathahing kaelokan Paduka.
8
Dhuh Yehuwah, kawula tresna dhateng papan padaleman Paduka
kaliyan dhateng papan kamulyan Paduka.
9
Paduka mugi sampun ngukud nyawa kawula sareng kaliyan tiyang dosa,
punapa dene gesang kawula sampun ngantos sareng kaliyan tiyang ingkang ngwutahaken
rah,
10
ingkang tanganipun nggegem pendamel awon,
tanganipun tengen kebak reruba.
11
Naning gesang kawula kanthi manah resik;
kawula mugi linuwarna saha mugi Paduka welasi.
12
Sikilku ngambah tanah kang rata;
aku bakal ngalembana marang Sang Yehuwah ana ing pasamuwan.

Meditasi, hening, panglimbang

4---Yohanes 6:16-27
Gusti Yesus tindak napak ing banyu
6:16-27
Mat.14.22-33; Mrk.6:45-52

16
Bareng wayah sore para sakabate padha mudhun menyang ing sagara, banjur padha nunggang
17
prau arep nyabrang menyaang ing Kapernaum. Barang wus wengi, Gusti Yesus kok meksa durung
rawuh, 18mangsa ombaking sagara ngedab-edabi, amarga katempuh ing angin gedhe. 19Bareng olehe
padha ndayung para sakabat mau wus oleh watara loro utawa telung mil, weruh Gusti Yesus tindak
napak ing banyu nyelaki praune, temahan padha wedi. 20Nanging tumuli dipangandikani: “Iki Aku,
aja padha wedi!” 21Para sakabat banjur ngaturi Panjenengane minggah ing prau, lan sanalika iku
uga praune tekan ing dharatan kang kasedya.

22
Esuke wong akeh kang isih ana ing sabrange sagara, padha sumurup yen ing kono ora ana prau
maneh kajaba mung siji mau, mangka Gusti Yesus ora nitih bareng karo sakabate, mung para
sakabat dhewe kang mancal. 23Nanging tumuli ana prau liyane sawatara teka saka ing Tiberias ana
ing sacedhake panggonan mangan roti sawuse Gusti caos sokur mau. 24Bareng padha weruh yen
Gusti Yesus ora ana ing kono dalah para sakabate, banjur iya padha nunggang prau, nusul menyang
ing Kapernaum, nggoleki Gusti Yesus. 25Bareng wong-wong mau meruhi Panjenengane ana ing
sabrange sagara, tumuli padha munjuk: “Rabbi, kala punapa anggen Paduka rawuh ing ngriki?”
26
Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe, kowe padha nggoleki
Aku iku ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti
wareg. 27Padha tumindaka ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya
oleh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marang kowe dening
Putraning manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wus disahake kalawan dicap dening Sang
Rama Allah.”

5---Masmur 34

Ana ing pangayomane Pangeran Yehuwah


34:1-23

1
Anggitane Sang Prabu Dawud, nalika mindha-mindha wong kang owah pikirane ana ing
ngarsane Prabu Abimelekh, temah ditundhung, banjur angles.

2
Pangeran Yehuwah arep dakpuji ing salawase;
pepujian marang Panjenengane tetep ana ing cangkemku.
3
Marga saka Sang Yehuwah nyawaku rumangsa mulya;
wong kang lembah manah cikben padha krungu lan padha bungah.
4
Payo padha ngluhurake Sang Yehuwah bareng karo aku,
payo padha bebarengan nyuwurake asmane!
5
Aku wus ngupaya Pangeran Yehuwah, banjur diparingi wangsulan,
sarta diluwari saka sabarang kang marakake girisku.
6
Padha mandenga marang Pangeran Yehuwah,
ulatmu mesthi bakal padha dibingarake,
sarta mesthi ora bakal padha kawirangan.
7
Wong kang katindhes iki asesambat, nuli dipiyarsakake dening Sang Yehuwah:
sarta diluwari saka ing sakehe rerubede.
8
Malaekate Pangeran Yehuwah ngamping-ampingi wong kang ngabekti marang Panjenengane,
sarta padha kaluwaran.
9
Mara padha ngrasakna lan nyawanga sapira gedhene kasaenane Pangeran Yehuwah iku!
Rahayu wong kang ngungsi marang Panjenengane!
10
He para kagungane Pangeran kang suci, padha wedi-asiha marang Sang Yehuwah,
wong kang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah padha ora kekurangan apa-apa.
11
Singa anom padha nandhang papa lan keluwen,
nanging wong kang ngupaya Sang Yehuwah padha ora kekurangn sabarang kang becik.
12
He para bocah, padha ngrungokna pituturku,
kowe padha dakwulang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah.
13
Sapa kang seneng urip,
kang kepengin umur dawa supaya bisa ngrasakake kang becik?
14
Ilatmu pakaken aja nganti medharake tembung ala
sarta lambemu aja ngucapake kang cidra;
15
ngedohana piala, nglakonana kang becik,
ngudia marang karukunan lan arahen nganti kacekel!
16
Tingale Sang Yehuwah mirsani wong mursid,
sarta talingane midhangetake ing pasambate;
17
wedanane Pangeran Yehuwah nglawan para wong kang gawe piala,
supaya pangeget-enget tumrap wong-wong mau kasirnakake saka ing bumi.
18
Manawa para wong mursid sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur dipiyarsakake,
sarta padha diluwari saka ing sakehing rerubede.
19
Pangeran Yehuwah ana ing sacedhake para wong kang rempu atine,
sarta para wong kang pepes budine padha dipitulungi
20
Wong mursid iku akeh rerubede,
nanging diluwari dening Sang Yehuwah saka sakehe iku kabeh,
21
Panjenengane ngreksa balung-balunge,
nganti ora ana kang tugel siji-sijia.
22
Wong duraka bakal dipateni dening kasangsaran,
sarta sing sapa sengit marang wong mursid, mesthi oleh paukuman.
23
Pangeran Yehuwah ngluwari nyawane para abdine,
sarta sakehing wong kang pracaya marang Panjenengane ora bakal kaukum.

6---Yohanes 6:28-51

28
Wong-wong mau banjur padha munjuk: “Kawula kedah sami nglampahi punapa supados
nindakaken padamelan ingkang kakarsakaken dening Allah?” 29Dhawuh wangsulane Gusti Yesus
marang wong-wong mau: “Iki pagawean kang dikarsakake dening Gusti Allah, yaiku supaya kowe
padha pracaya marang kang kautus dening Allah.” 30Unjuke wong-wong mau: “Pratandha punapa
ingkang Paduka tindakaken, supados kawula saged sami ningali sarta lajeng pitados dhateng
Paduka? Paduka nglampahi pandamel punapa? “ 31Para leluhur kawula sami nedha mana wonten ing
ara-ara samun, kados ingkang sampun kaseratan: Padha diparingi roti saka ing swarga.”
32
Pangandikane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Dudu Nabi Musa kang
maringi roti marang kowe saka ing swarga iku, nanging RamaKu kang maringi roti sajati kang saka
swarga marang kowe kabeh. 33Awitdene roti kang saka Gusti Allah yaiku kang tumurun saka ing
swarga sarta kang nguripi jagad.” 34Unjuke wong-wong mau: “Gusti, kawula mugi Paduka paringi
roti punika ing salaminipun!” 35Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki roti panguripan; sing sapa
marani Aku, iku ora bakal luwe maneh, sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak
maneh. 36Nanging kowe wus padha daktuturi: Sanadyan kowe wus padha ndeleng marang Aku,
ewadene padha ora pracaya. 37Kabeh kang diparingake marang Aku dening Sang Rama, iku bakal
padha marani Aku. Sarta sapa kang marani Aku ora bakal Daktampik. 38Sabab anggonKu tumurun
saka ing swarga iku ora supaya nglakoni karepKu dhewe, nanging karsane Sang Rama kang ngutus
Aku. 39Dene karsane Sang Rama kang ngutus Aku iku mangkene: “Kabeh kang wus kaparingake
marang Aku iku aja nganti ana kang ilang, nanging supaya Daktangekna besuk ing wekasaning
jaman. 40Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang
Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning
jaman.”
41
Wong-wong Yahudi banjur pating kedumel ing bab Panjenengane, awit ana pangandikane
mangkene: “Aku iki roti kang tumurun saka ing swarga.” 42 Padha grenengan mangkene: “Apa iku
dudu Yesus anake Yusuf? Aku rak padha wanuh karo bapa-biyunge? Kang iku kapriye kok duwe
pangucap: Aku tumurun sakan ing swarga?” 43Gusti Yesus banjur mangsuli pangandikane: “Aja
padha pting kedumel.
44
Ora ana wong kang bis marani Aku, kajaba manawa digendeng deninga Sang Rama kang
ngutus Aku, amarga Aku kang bakal nagekake besuk ing wekasaning jaman. 45Ing kitabe para nabi
ana tulisan mangkene: “Wong kabeh bakal kawulang dening Allah.” Mulane sok wonga kang wus
ngrungokake sarta nampani piwulange saka Sang Rama, iku marani Aku. 46KAng mangkono iku ora
ateges ana wong kang wus weruh marang Sanga Rama. Mung kang pinangkane saka ing Allah iku
kang wus ndeleng Sang Rama. 47Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa pracaya, iku
nduweni urip langgeng.
48
Aku iki roti panguripan. 49Leluhurmu padha mangan mana ana ing ara-ara samun, nanging wis
padha mati. 50 Iki roti kang tumurun saka ing swarga: Sing sapa mangan iku, ora bakal mati. 51Aku
iki roti kang urip, kang wus tumurun saka ing swarga. Manawa wong mangan roti iki, bakal urip ing
salaw-lawase. Anadene roti bakal pawewehKu yaiku dagingKu, kang bakal Dakwenehake kanggo
uripe jagad.”

Meditasi, hening, panglimbang

7---Masmur 43

1
Dhuh Allah, Paduka mugi paring adil dhumateng kawula, karsaa nindakaken prakawis kawula,
ingkang tumuju dhateng bangsa ingkang boten saleh!
Mugi karsaa nguwalaken kawula saking tiyang ingkang ambek cidra lan culika!
2
. Awit Paduka punika Allah ingkang dados pangungsen kawula.
Punapaa dene kawula kok Paduka sebrataken?
Punapa dene kawula kedah gesang kalayan mangangge bagor,
margi saking panganiayanipun satru?
3
Paduka mugi maringi pepadhang saha kasetyan Paduka,
sageda nuntun kawula dhateng redi Paduka ingkang suci,
sarta dhateng ing padaleman Paduka.
4
Supados kawula sageda lumebet dhateng ing ngajengipun misbyah Paduka,
sowan dhateng ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang paring suka bingah dhateng kawula,
saha memuji binarung swaraning clempung,
dhuh Allah, Allah kawula!
5
Heh nyawaku, yagene kowe kok tumungkul?
Yagene kok ngolang-ngaling ana ing jeroku?
Ngarep-arepa marang Gusti Allah, awit Panjenengane dak puji maneh,
Panjenengane kang dadi Pitulunganku lan Allahku!

8---Yohanes 6:52-59

52
Wong-wong Yahudi tumuli padha bebantahan, pangucape: “Wong iku kapriye bisane menehake
daginge supaya padha dakpangan?” 53Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Satemen-
temene pituturKu marang kowe: Manawa kowe ora mangan daginge Putrane Manungsa lan ora
ngombe getihe mesthi ora padha kadunungan urip. 54Sapa wong kang manga dagingKu lan ngombe
getihKu, iku nduweni urip langgeng, sarta Aku kang bakal nangekake besuk ing dina wekasaning
jaman. 55Sabab dagingKu iku pangan kang sajati, lan getihKu iku omben-omben kang sajati.
56
Wogn kang mangan dagingKu lan ngombe getihKu, iku dadi tetep ana ing Aku, lan Aku ana ing
wong iku. 57Padha kaya Sang Rama kang gesang ngutus Aku lan Aku urip dening Sang Rama,
mangkono uga sing sapa mangan Aku iku iya bakal urip dening Aku. 58 Iki roti kang wus tumurun
saka ing swarga. Dudu roti kaya kang dipangan dening para leluhurmu, lan banjur wus padha mati.
Sing sapa mangan roti iki bakal urip ing salawas-lawase.”
59
Anggone mangandikakake iku mau nalika Gusti Yesus mulang ana ing papan pangibadah ing
Kapernaum.

9---Masmur 62

Rasa ayem marga cedhak karo Gusti Allah


62:1-13

1
Kanggo lurah pasindhen.
Miturut: Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2
Amung yen cedhak karo Gusti Allah aku ngrasa ayem,
kaslametanku iku saka ing Panjenengane.
3
Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku,
kutha betengku, aku ora bakal gloyoran.
4
Sapira suwene anggonmu padha arep ngroyok sawijining wong,
arep kokremuk, he kowe kabeh,
kaya tembok kang dhoyong utawa tembok kang arep rubuh?
5
Sedyane mung arep njorogake wong mau saka ing kalungguhane kang dhuwur,
padha demen goroh,
cangkeme padha ngucapake berkah,
nanging batine padha ngipat-ipati.
(selah)

6 Katentremanku mung ana ing Gusti Allah,


amarga kang dakarep-arep iku piangkane saka ing Panjenengane.
7 Mung Panjenengane kang dadi peparaneg lan kaslametanku,
kutha betengku, aku ora bakal gloyoran.
8 Ana ing Gusti Allah dununging kaslametan lan kamulyanku;
peparangku lan kasantosanku, sarta pangayomanku iku Gusti Allah.
9
He umat, tansah padha kumandela marang Panjenengane,
sarasaning atimu sokma ana inga ngarsane
Gusti Allah iku pangayoman kita.
(selah)

10
Satemene wong asor iku mung angin,
para wong kang mulya iku mung pagorohan;
yen kabobot ana ing timbangan njomplang mandhuwur,
amarga luwih entheng katimbang angin.
11
Aja ngandel marang panindhesan,
aja nduweni pangarep-arep kang tanpa isi marang barang rayahan;
manawa mundhak bandhamu,
atimu aja rumaket mrono.
12
Gusti Allah ngandika sapisan,
rong prakara kang dakrungu,
manawa panguwasa iku pinangkane saka Gusti Allah,
13
saha, Pangeran, sih-kadarman punika ugi saking Paduka;
amargi Paduka paring piwales
dhateng saben tiyang miturut pandamelipun.

10---Yohanes 6:60-71

Para siswa ing Galilea kang padha mundur


6:60-66

60
Para siswa bareng krungu kang mangkono mau akeh kang padha ngucap mangkene:
“Tetembungan iki keras temenan, kang betah ngrungokake bae sapa?” 61Gusti Yesus mirsa
sajroning panggalih manawa siswane padha ngedumel ing bab iku mau, banjur mangandikani: “Apa
kowe padha kecenthok ing pituturKu iku mau? 62Kang iku kapriye saupama kowe padha weruh
Putrane Manungsa sumengka menyang padunungane kang dhisisk? 63Roh iku kang nguripake,
daging iku ora ana pedahe. Tembung kang Daktuturake marang kowe iku roh lan urip. 64Nanging
ana panunggalanmu kang ora pracaya.” Pancen Gusti Yesus ora kekilapan wiwit-wiwitan mula, sapa
wonge kang padha ora pracaya,lan kang bakal masrahake Panjenengane. 65Panjenengane banjur
ngandika: “Mulane kowe wus padha Dakwarah mangkene: “Ora ana wong kang bisa marani Aku
kajaba manawa wus kaparingan wewenang saka Sang Rama.” 66Wiwit nalika iku para siswane akeh
kang padha mundur, wus ora ndherekake tindake maneh.
Pangakune Petrus
6:67-71

67
Kang iku Gusti Yesus ngandika marang sakabat rolas: “Apa kowe ora padha arep lunga uga?”
68
Atur wangsulane Simon Petrus: “Gusti, ingkang kawula purugi sinten? Pangandika Paduka punika
pangandikaning gesang langgeng. 69Saha kawula sampun smi pitados tuwin sumerep, bilih Paduka
punika Sang Suci kagunganing Allah.” 70Pangandikane Gusti Yesus: “Rak Aku dhewe kang milih
kowe wong rolas iki, nanging salah siji ing panunggalanmu iku Iblis.” 71Anadene kang
dipangandikakake mangkono iku Yudas anake Simon Iskariot, marga iku panunggalane sakabat
rolas, kang bakal ngulungake Gusti Yesus.

7. Ritual kebatinan: Pangruwat (Yohanes 17:1-26) Manunggaling kawula kaliyan Gusti

RAMA KAWULA (3x)

Rama kawula ing swarga, asma Dalem kaluhurna


Kraton Dalem mugi rawuha
Karsa Dalem kalampahana wonten ing donya kados ing swarga
Kawula nyuwun rejeki kangge sapunika
Sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem
Kados dene anggen kawula ugi ngapunten dhateng sesami
Kawula nyuwun tinebihna saking panggodha
saha linuwarna saking piawon. Amin.

SAHADAT (KAWULA PITADOS)

Kawula pitados ing Allah,


Rama Sang Mahakuwaos, ingkang nitahaken bumi langit
Saha ing Gusti Yesus Kristus Putra Dalem ontang-anting Pangeran kawula,
ingkang miyos saking Ibu kenya Maria, kagarba denig kuwaos Dalem Hyang Roh Suci, ingkang
nandhang sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus.
Saha kapenthang, seda srta kasarekaken.
Tedhak dhateng papan pangentosan, tigang dintenipun wungu saking seda
Mekrad dhateng swarga pinarak ing satengen Dalem Allah Rama Sang Mahakuwasa.
Saking ngriku badhe rawuh ngadili para tiyang gesang utawi pejah.
Kawula pitados ing Hyang Roh Suci,
Pasamuwan katulik ingkang suci,
lan panunggiling para suci,
pangapuntening dosa,
tangining badan,
saha gesang langgeng. Amin

MUGI LINUHURNA

Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci.
Kados ing mulabuka, sapunika sarta ing salami-laminipun. Amin
PANUTUP

Sembahyangan Panutup

P : Dhuh Allah, Rama kawula ingkan Mahawelas, kawula sadaya ingkang makempal
sesarengan menika, ndherek memule salira lan rah Dalem, nglelimbang sapinten
agening katresnan dhateng kawula sami. Matur sembah nuwun dene kawula sak
pasederek paguyuban kebatosan St.Yohanes dipun parengaken ndherek duhkitaningtyas
Gusti Yesus Kristus.
Mugi-mugi srana lampah punika ndadosaken tansaya kecaketan kaliyan Putra Dalem Gusti
kawula Yesus Kristus ingkang tansah paring katresnan dhateng kita sami. Katebihna kawula
saking cobaning agesang lan linuwarna saking piawon saha kapenuhna batos kawula
lumantar Ibu Maria ingkang tansah pitados saha pasrah dhateng Kersa Dalem.
Dhuh Rama kawula, kawula kagungan Dalem, kawula pasrahaken sadaya pgesangan kula
lumantar Gusti kawula Yesus Kristus Sang Juru Karahayon inggih Guru Sejati ingkang
mengku keprabon ing salami-laminipun.
U : Amin.

KIDUNG DEWI MARIA

DHEREK DEWI MARIYAH

BERKAT PANUTUP

P : Para saderek sadaya mangga kita pungkasi Ibadat punika kanti nyuwun berkahing Allah
ingkang Mahakuwaos. Allah Hyang Rama, Allah Hyang Putra tuwin Allah Hyang Roh
Suci.
U : Amin.

Anda mungkin juga menyukai