Anda di halaman 1dari 2

ATUR PAMBAGYAHARJA

Bismillahir rohmanir rohim Assalamualaikum, wr. wb. Kulanuwun, Para sesepuh, pinisepuh saha para Bapak-Ibu miwah mitra sutresno ingkang ginanjar ing karahayon. Saderengipun kula ngaturaken (menggah) esthining sedya, langkung rumiyin, sumangga tansah hangagungaken Asmaning Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, Allah SWT, ingkang punika kaparengno kula ndherek saha ndherekaken mboten kendhat-kendhat ngunjukaken puji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, ing antawisipun kesehatan saha kesempatan, saengga panjenengan dalasan kula saged silaturahim wonten ing pahargyan punika kanti wilujeng nir sambikala. Para tamu kakung miwah putri ingkang winengku ing karahayon. Kula ingkang tinangenah pinangka sulih sariranining Bp. H. Muh. Santoso sekalian,

Sepisan :

Ngaturaken pambagyo wilujeng saha ngaturaken sanget agunging panuwun ingkang datan

pepindan, inggih awit para tamu sampun kersa nyisihaken wekdal merlokaken rawuh ing pahargyan punika, minangkani ingkang dados panyuwun Bapa H. Muh. Santoso sekalian. Inggih awit karawuhan panjenengan sadaya, ndadosaken bombong birawaning manah Bp/Ibu H. Muh Santosa, bebasan kajugruhan wukir sari, karoban seganten madu.

Jangkepipun kaping kalih : mboten katalumpen, ugi ngaturaken agunging panuwun katur para tangga
tepalih, sanak-kadang, mitra-sutresno lan sapanunggalanipun, ingkang sampun kepareng paring pambiyantu-panyengkuyung ingkang wujud bahu, suku, penggalih, rerigen, iguh pertikel, lss, murih

rahayu, rancak-lancar regeng wilujeng tanpa pambeng lampahing pahargyan punika.

Ingkang kaping tiga, Sampun katampi kanthi suka bingah, sanget katarimah ing manah, sadaya peparing
panjenengan tali-asih; tandha-tresno, ingkang awujud punapa kemawon. Bp/Ibu.H.Muh. Santoso

nglenggono boten saget atur piwales punapa-punapa, pramila namung kapasrahaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, mugi-mugi panjenengan sadaya pikantuka ganjaran , ingkang langkung murwat, satruju kaliyan amal kasaenan panjenengan.

Para tamu ingkang sunuba ing pakurmatan, Keperluan ing pahargyan punika, kados ingkang kaserat ing sedhahan, Bp.H.Muh.Santoso sekalian, netepi dharmaning asepuh, ngemah-emahaken putri pawestrinipun ingkang sesilih Rr. Inneke Ocviani, S.Kom. Salajengipun, ing titi wanci punika, Bp.H.Muh. Santoso sekalian, hanampi rawuhipun bade besan sutresno sapangombyong dalasan bade penganten kakung ingkang sesilih Bg. Adityo Pujo Anggoro, SE, (jalu tanoyo saking Bp. Banu Kuncoro,), saha peningset pinangka sarat-sarana jangkeping palakrami. Kalampahanipun ijab, panggihipun bade temanten, saha tata cara adat kejawen sanesipun,

Insya Allah benjang dinten Sabtu 2 Februari 2013, wanci tabuh 08.00 enjang. Salajengipun tansah kasuwun tambahing puja-pujiastutining para tamu, lestantuna ingkang sami bebesanan, bade penganten kekalih tansah runtut, dados jodo sak laminipun.

Salajeningipun, kasuwun para tamu lelenggahan kanthi mardu mardikaning manah ngantos paripurnaning pahargyan , ngiras pantes midangetaken tauziah, Insyah Allah bade kaaturaken dening Bapa Ustadz dr. H. Hanifullah Sukri, MPd.

Para tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing karahayon.

Sampun sawatawis dangu

saderengipun, Bp.H.Muh. Santoso sampun ngrancang, ngenam-enam, nggontho-nggontho murih pahargyan punika saged tumata lan mboten kuciwa; karacik tharik-tharik amrih kaleksanan kanci becik, hananging dumugining dhata., inggih tansih katah kekiranganipun . Ingkang punika Bp/Ibu H. Muh. Santoso, mawantu-wantu tansah nyuwun hagunging samodra pangaksama sadaya kekirangan anggenipun nampi karawuhan panjenengan ing bababag punapa kemawon, wiwit atur serat sedhahan, ingkang mboten trep kaliyan asma lan sesebatan panjenengan, kirang trep palenggahanipun, kirang gupug saha aruh, buja krami lan sanesipun.

Ing wasana kula piyambak, sadaya kirang runtuting atur, nalisiring susila, muranging tata karma. miwah sungsanging suba sita, kula tansah nyenyadhong lumunturing sadodra pangaksama., Nuwun

Wassalammualaikum, wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai