Anda di halaman 1dari 2

Mangayubagya/Menerima Tamu pada Acara Pernikahan

Assalamu alikum wr. Wb. Panjenenganipun para sesepuh piniji sepuh ingkang satuhu kinabekten, para pepundhen ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung langkung dhumateng para pangemban pamgembating praja ingkang pantes tinulad sinudarsana. sumrambah dhumateng para rawuh sadaya ingkang cinaket ing manah Ngengeti panjenengan sadaya dalasan kula titah sawantah ingkang tansah kapurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken hangunjukaken puja puji syukur wonten ngarsa Gusti ingkang murba ing dumadi, awit berkah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula satemah ing ari kalenggahan punika panjenengan sedaya lan kula saged kempal manunggal wonten ing dalemipun Bapa Tarmudi tan manggih rubeda tuwin sambikala. Para rawuh ingkang satuhu sulistyaning budi. Keparenga kula ing mriki minangka sulih sariranipun panjenengan bapa Tarmudi ingkang ri kalenggahan punika nembe hanetepi darmaning asepuh nuninggih amiwaha siwi putra putrinipun ingkang nama risang Bagus Jono jinatu krama kaliyan rara ayu Tumi atmaja putrinipun bapa Sadiman ingkang lenggah pidalem ing Klaten. Wondene tumapaking ijab qobul sampun lumampah kala wau enjing wonten ing Prambanan kanthi pranatan agami islam. Wondene wosing gatos panjenengan sadaya katuran rawuh wonten ing dalem mriki boten sanes badhe kasuwun pangestunipun sambet kalayan hajatipun bapa Tarmudi Kalawau. Mugi-mugiya panjenengan sami kersa pianarak lenggah dumugi purnaning adicara punika. Lan Bapa Tarmudi nyuwun gunging samodra pangaksami awit saking papan palenggahan ingkang kasamudyaaken boten mranani dhumateng panjenengan. Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami. Wassalamualaikum

Nama : Tarina Palokoto No : 29

Kelas : XII IPA4

Pertanyaan

: Buktikan bahwa gelombang bunyi mengalami interferensi!

Jawab

Interferensi Gelombang Bunyi Jika suatu pagelaran musik diadakan di suatu gedung yang tidak memiliki kualitas akustik yang baik maka akan dihasilkan bunyi yang kurang enak didengar. Pada posisi tertentu terdangar dengung, sementara pada posisi lain terdengar bunyi yang sangat jelas. Bahkan, mungkin pada posisi lainnya tidak terdengar sama sekali. Keadaan demikian diakibatkan oleh adanya interferensi gelombang. Interferensi adalah penggabungan dua atau lebih gelombang yang menghasilkan pola-pola gelombang baru. Penggabungan ini dapat menghasilkan tiga macam pola gelombang, yaitu penguatan gelombang, penghilang gelombang, dan pencampuran gelombang yang bukan berupa penguatan atau penghilangan gelombang. Interferensi gelombang dapat diamati dengan eksperimen Quincke. Penguatan gelombang terjadi akibat interferensi dua gelombang yang sefase. Jika interferensi terjadi antara gelombang yang memiliki frekuensi yang sama, namun arah simpangannya berlawanan maka dihasilkan penghilangan gelombang. Jika interferensi terjadi antara gelombang yang tidak memiliki frekuensi gelombang yang sama maka akan terjadi gelombang yang baru dengan frekuensi yang telah bergeser. Pergeseran frekuensi inilah yang menyebabkan bunyi yang terdengar tidak sama dengan bunyi semula sehingga timbul dengung.

Anda mungkin juga menyukai