Njowo
Reresik jiwa lan raga ing laku pasa
Saben ngadhepi sasi Pasa, Bu Pur, sing ngemonah warung panganan ing tlatah Pabelan, Kartasura, bakal nyumadhiyakake kulawargane kanggo ngowahi jam dodolan. Yen dina-dina sanjabane sasi Pasa Bu Pur dodolan wiwit lebar subuh nganti ngancik Magrib, dene yen wancine sasi Pasa, dodolane diowahi wiwit ngancik Magrib nganti kira-kira tabuh 10 wengi. Wus mataun-taun kedadeyan kaya mangkene iki daklakoni. Kejaba kanggo ngurmati warga sing padha ngleksanakake ibadah pasa, aku dhewe sakulawarga uga nglakoni ibadah pasa. Jan-jane yen dipetung saka bebathen ya eman-eman yen awan-awan ora dodolan. Amarga kasunyatane arepa sasi Pasa, ing dalan kene iki tetep ana wae warga sing butuh mangan ing wanci awan, pratelane Bu Pur, sawetara dina kapungkur. Yen wus lumebu ing sasi Pasa, racake pancen akeh warung-warung dodol panganan sing tutup ing wanci awan. Yen ta ana sing tetep bukak, biyasane dipepaki kordhen utawa aling-aling liyane supaya ora ngawistarani saka dalan yen ing warung kuwi cemepak panganan lan ana wong-wong sing nembe mangan utawa ngombe. Ancase padha, kanggo ngurmati wong-wong sing nembe nglakoni ibadah Pasa. Miturut budayawan Jawa, Winarso Kalingga, tumrap bebrayan Jawa tekane sasi Pasa pancen dadi dina-dina kang asipat mligi. Apamaneh pancen akeh warga bebrayan Jawa sing ngrasuk agama Islam. Arepa Islame durung temen-temen, miturut Clifford Geertz sinebut abangan, ananging yen wancine sasi Pasa saperangan warga bebrayan Jawa tetep ngleksanakake ibadah pasa. Dina-dina ing sasi Pasa dadi dina-dina kang asipat mligi amarga ya ing wektu iku akeh warga sing gentur anggone reresik dhiri, reresik jiwa ragane kanthi laku ibadah pasa. Sasi Pasa dadi wektu kang mirunggan kanggo meper hawa napsune. Wong-wong sing padha sulaya dielingake supaya padha lerem, ngresiki atine dhewe-dhewe. Akeh wong Jawa nganggep yen nglakoni ibadah pasa kanthi jiwa sing durung resik, samengkone ibadah pasane ora bakal migunani. Amarga iku ing bebrayan Jawa lumrah tinemu tradhisi apura ingapuran sedina sadurunge lumebu ing sasi Pasa. Biyasane tradhisi apura ingapuran kanggo mapag tekane sasi Pasa iki dijumbuhake kalawan tradhisi nyadran, yaiku asung sesaji lan jiyarah ing kuburane leluhur, wong tuwa lan sing dikurmati. Apura ingapuran Kaya kang isih lestari ing tlatah Tumang, Cepogo, Boyolali, tradhisi apura ingapuran mapag tekane sasi Pasa iki dikantheni tradhisi mertamu ing omahe tangga teparo. Sawise reresik kuburan bebarengan, iki sing sinebut tradhisi nyadran, banjur dibacutake tradhisi mara dhayoh ing omahe tangga teparo, kawiwitan saka sing dianggep luwih tuwa. Nalika mara dhayoh iku sing duwe omah bakal nyumadhiyakake suguhan panganan kemilan lan panganan liyane. Tradhisi mara dayoh iki dadi sarana apura ingapuran murih nalika nglakoni ibadah pasa wus ora ana rasa pingget ing ati, ora ana krenteg gawe kapitunane liyan, pokoke nalika nglakoni ibadah pasa wus ora ana reridhu ing batin sing nuwuhake rasa rupak. Adoh sadurunge agama Islam lumebu ing Tanah Jawa, yektine wong Jawa iku wus duwe tradhisi pasa. Ana pasa mutih, pasa ing dina weton, pasa ngrowot, pasa dina Senen lan Kemis, pasa nalika anak nembe nandhang lelara abot utawa nembe ujian ing sekolahe lan sapiturute.
Ancase ya padha karo ibadah pasa ing sasi Pasa, yaiku reresik jiwa raga. Wong Jawa duwe keyakinan yen jiwane resik bakal luwih gampang nyedhak marang Sing Maha Kawasa, piterange Winarso. Tumindake Bu Pur lan para bakul panganan liyane sing milih nutup warunge utawa bebakulane ing wanci awan, utawa sakorane masang aling-aling ing warunge, yektine uga mujudake kupiya reresik jiwa raga. Lire, kanthi ora dodolan ing wanci awan, utawa masang aling-aling ing warunge, ora bakal nglarani atine liyan sing nembe nglakoni pasa. Yen ing basa padinan, tumindak ngono kuwi katelah toleransi utawa tepa slira. Lan yen didhudhah, werdine toleransi iku rak ya njaga supaya atine liyan ora kelaran. Supaya wong liya bisa ngleksanakake apa kang dilakoni kanthi ayem lan temen-temen. Suwalike, kanthi toleransi yektine uga njaga awake dhewe supaya kalis saka tumindak deksiyane wong liya, pratelane Winarso. Ing madyaning bebrayan Jawa pancen wus dadi pakulinan yen sasi Pasa iku kudu nggedhekake tepa slira. Kepara bab tepa slira iki uga sumrambah tumrap warga bebrayan Jawa sing ora pasa. Warga sanjabane golongan Islam tansah aweh kalodhangan tumrap warga sing ngleksanakake ibadah pasa ing sasi Pasa. Sing gampang didulu, ing sasi Pasa akeh warga sing saben parak esuk klothekan turut dalan gugah-gugah supaya ora kasep anggone saur. Akeh uga mesjid sing nyetel pepeling tumrap warga sing pasa kanthi swara sing sero banget. Tumrap warga sanjabane golongan Islam mesthine swara klothekan iku ya ngganggu anggone turu, ananging dijarke wae amarga tepa slira mau. karya widya
miturut tanggalan Jawa. Ancase laku pasa iki ora liya kanggo ningkatake drajat spiritual metafisik murih bisa raket sesambungan kalawan sedulur gaibe, yaiku sedulur papat lima pancer. Werdine ora liya supaya tansah bisa nyedhak marang Sing Maha Kawasa. Lan kasunyatane miturut asil panaliten medis, laku pasa iku pancen nuwuhake perbawa positip tumrap raga. Kanthi pasa, organ pencernaan bisa ngaso, racun-racun ing sanjerone raga bisa diwetokake lan tundhone raga dadi sansaya kuwat, seger lan tansan waras. Kacihna apa wae jinise laku pasa iku, yen dilakoni kanthi temen-temen bakal nuwuhake perbawa positip tumrap raga lan jiwa. Laku pasa sing ngoyot marang tradhisi lan kabudayan Jawa yaiku mutih (ora mangan apa-apa kejaba sega putih lan ngombe banyu bening), ngeruh (mung mangan janganan lan woh-wohan), ngebleng (ora mangan, ora ngombe, ora metu saka ngomah kejaba yen arep nggeguwang, nglereni kabeh pakaryan, ora turu, ora saresmi lan sapiturute), pati geni (kayadene ngebleng katambah ora kena metu saka kamar). Saliyane iku uga ana pasa nglowong (ora kena mangan lan ngombe ndalem wektu tinamtu lan mung bisa turu suwene telung jam ndalem sedina sewengi), ngrowot (wektune wiwit mletheke srengenge nganti angslup lan mung antuk mangan bangsane pala kapendhem), nganyep (mung mangan panganan sing ora ana rasane utawa tawar), ngidang (mung mangan bangsane godhong-godhongan lan ngombe banyu bening), ngasrep (mung mangan lan ngombe sing ora ana rasane lan diwatesi kaping telu jroning sedina), ngepel (mung mangan sega sekepel jroning sedina), lan isih ana tradhisi pasa liyane.
karya widya
tansah nengenake sandhang lan praja, lan ngiwakake pangan. Lire, sandhang lan praja iku pralambang sikep, tumindak lan kapribaden. Dene pangan iku pralambang hawa napsu. Sakadoh-adohe wong Jawa saka piwulang agama, kacihna ngugemi oyot budayane, mesthi duwe rasa lan pamikiran yen kabeh sing dumadi lan ana ing alam donya iki ana Sing Peparing, ana Sing Gawe lan ana Sing Kuwasa. Amarga iku, wong Jawa mesthi tansah kalimputan ing rasa yen sangkan paraning dumadi iku punjere ya ana ing Sing Maha Kawasa. Laku pasa ing tradhisi Jawa ora liya kanggo nggayuh sangkan paraning dumadi iki. Sikep religi-ne wong Jawa kang kaya mangkene iki jumbuh kalawan panemune Pierre Teilhard de Chardine, filosof saka Perancis, sing ngandharake yen manungsa iku eling manawa Gusti Allah iku kawitan lan pungkasaning uripe manungsa, Gusti Allah iku titik kawitan evolusi (Alpha), ananging uga titik pungkasan kasampurnan (Omega). Kanthi mangkono, kabeh laku uripe manungsa, sujarahe manungsa lan evolusi donya tumuju ing siji, yaiku titik Omega.
karya widya
karya widya
karya widya
jiwa lan olah rasa. Pawadan kanyatan mangkono iku, miturut sutresna budaya Jawa kang uga budayawan, Mufti Raharjo, nuduhake yen yektine peradaban-e wong Jawa iku luwih maju yen katandhingake peradaban kang sinebut jaman modhern. Luwih majune peradaban-e wong Jawa bisa katitik saka werdine maneka laku lan tradhisi kang kagelar saben mahargya taun anyar Jawa. Kabeh laku lan tradhisi kang kagelar duwe ancas padha yaiku olah jiwa, olah rasa, mbiji diri pribadine manungsa lan ngenam-nam apa kang wus dilakoni sadawane setaun kang wus kliwat, piterange Mufti. Dene bebrayan jaman modhern nalika mahargya taun anyar Masehi, racake mung wates suka parisuka, seneng-seneng, mangan-mangan, njoget-njoget, jedhar-jedhor nyumet mercon utawa kembang api lan adicara-adicara sajinis kang sipate mung wates seneng-seneng sauntara. Dudutane, yen wong Jawa mahargya taun anyar Jawa, werdine ana ing olah jiwa lan olah rasa, kang tundhone anjog ing pangajab bisa sansaya cedhak marang Sing Gawe Urip, pratelane Mufti. Kanyatan iki beda banget yen katandhingake kalawan tradhisi mahargya taun anyar Masehi. Mahargya tekane taun anyar Masehi luwih kenthel dimensi pisike lan dimensi kadonyane. Titikane, akeh adicara suka parisuka, seneng-seneng kang digelar ing papan kang sarwa gumebyar lan ngentekake ragad ora sethithik. Isine adicara ya mung wates mangan-mangan, ngombe-ngombe, njoget bebarengan, pamer sandhangan anyar lan aneh lan sajinise. Adicara mangkene iki, miturut Mufti, sejatine ora numusi utawa ora nyambung kalawan werdine mahargya tekane taun anyar. Kepriye bisa ngenam-nam pikir, ndhudhah pribadine dhewe, instropeksi lan nyepakake jiwa kanggo mecaki taun anyar yen ana ing satengahing adicara kang sipate seneng-seneng, suka parisuka, jor-joran lan sajinise? Dudutane, saperangan gedhe pahargyan mapag taun anyar Masehi luwih asipat pisik kang anjoge mung ana ing karep kanggo seneng-seneng.
karya widya
bebarengan, ana kang urun beras, urun kenthang, urun kacang tholo lan urun liyane. Sawise jenang Suran saubarampene mateng banjur didum kanggo kabeh bale somah. Anggone ngrahabi sawise ana adicara ngumbulake donga bebarengan kang mapan ing salah sijine omah warga. Akulturasi Raharjo, salah sijine warga, lan Kepala Disparsenbud Kutha Solo, Handartono, ngandharake, ing tradhisi nyumadiyakake jenang Suran lan ngumbulake donga bebarengan iki ana tapsiran adiluhung kang racake wus ora dimangerteni dening bebrayan jaman saiki. Tapsiran adiluhung iku menjila saka ukara-ukara donga kang diwaca sadurunge bebarengan ngrahabi jenang Suran saubarampene. Donga kang diwaca nggunakakake Basa Jawa. Ateges ngliwati wateswates agama. Warga kang ngrasuk agama Islam, Katholik, Kristen, Hindu, Budha, Konghucu lan kapitayan liyane bisa bebarengan ndonga amarga ukara dongane ora nggunakakake tembung-tembung kang racake winates digunakake ing agama-agama tinamtu. Kanthi cara mangkene iki, kabeh warga bisa bebarengan mahargya taun anyar Jawa tanpa rasa ewuh pakewuh. Ing kene ana tapsiran yen mahargya taun Jawa anyar iku kenthel werna akulturasi budaya, tapsiran vertikal transendental lan memayu hayuning bawana, pratelane Raharjo.
karya widya
keris sing cacahe, rupane, kaendahane, prebawane, guna katiyasane pranyata banjur dadi luhur lan kasuwur ana ing donya. ::Ki Sutadi, Pangarsa Pepadi Jawa Tengah::
karya widya
karya widya
Apamaneh nalika pamarentah ngetrapake pranatan kang asipat nyragamake utawa madhakake kabeh bebadan paprentahan desa, kang dumadi sabanjure ora liya ya mung sansaya menjilane kekuwatan elit politik lan elit ekonomi desa. Dene bebrayan desa kang kudune urip, ngrembaka lan maju lelandhesan tata cara asumber kabudayane dhewe ora direwes. Malah akeh kawicaksanan lokal kang wus kabukten bisa ngleluri alaming desa, ngleluri sakehing sumber daya alam ing desa, suwe-suwe dadi cures, kalah dening program pemberdayaan desa, penguatan desa, pembaharuan desa, revolusi hijau lan kawicaksanan liyane. Bambang Hudayana, dhosen ing Jurusan Antropologi Fakultas Ilmu Budaya UGM Yogyakarta, ing tulisane asesirah Keluar dari Involusi Agenda Pembaharuan Desa, kang kaemot ing jurnal Mudik, weton Forum Pengembangan Pembaharuan Desa (FPPD), mratelakake, yen mindeng saka sujarah ekonomi lan politik desa, yektine kawicaksanan pembaharuan desa kang ancase mujudake otonomi, demokrasi lan partisipasi cetha yen durung murakabi kanggo ngrampungi perkara kang tuwuh saka kanyatan uriping desa jaman saiki
karya widya
marang kearifan lokal, kudu dibalekake marang kaskayane kabudayan. Kabagyane wong Jawa kang isih ngugemi kabudayane cetha yen beda banget kalawan kabagyane wong-wong ing Amerika. Saengga yen kabagyan iku mung diukur saka pemerataan ekonomi, samengkone malah bakal nuwuhake karusakan ing bebrayan. Pawadan iku, filosofi desa mawa cara negara mawa tata sejatine kudu lelandhesan kabudayan lokal. Nalika pamarentah netepake lan ngetrapake sawijining kawicaksanan kudu jumbuh kalawan kanyatan kang dumadi lan urip. Kayadene warga Papua kang wus kaprah mangan sagu ya kudune aja dipeksa ninggalake sagu lan kudu mangan sega saka beras, piterange Oesman. Kanggo njejegake maneh filosofi desa mawa cara negara mawa tata, Oesman mrayogakake supaya para intelektual ing kabeh tlatah bisa bali ndhudhah maneka rupa kawicaksanan lokal.
karya widya
ngilangi bedane, ananging malah kudu ditegesi tetep beda-beda, ora prelu didadekake seragam, angger bisa urmat kinurmatan antarane siji lan sijine. Saka padha-padha njunjung rasa urmat ing antarane samubarang kang sarwa beda iku, temahane bakal nuwuhake semangat nyawiji minangka sedulur tunggal ibu pertiwi lan bapa akasa. Dadi Bhinneka Tunggal Ika iku jebles kalawan unen-unen desa mawa cara negara mawa tata. Beda panggonan mesthi beda tata carane, ananging tetep dadi sedulur tunggal ibu pertiwi bapa akasa. Lan yen ngonceki unen-unen desa mawa cara negara mawa tata, saka tembung desa lan negara iku wae wus cetha wela-wela kanyatan kang beda. Desa iku luwih kenthel dening werna semangat nyambut gawe, budaya agraris, dene negara kang ing tetembungan Jawa bisa ditegesi kutha, luwih kenthel dening werna semangat intelektual. Ananging antarane budaya lan semangat nyambut gawe kalawan budaya lan semangat intelektual iku, miturut Winarso, padha-padha butuhe. Para intelektual ora bisa urip yen ora ana warga desa kang sregep nyambut gawe, olah tetanen. Suwalike, wong-wong desa uga ora bakal bisa maju nut kelakone jaman yen ora ana urun rembuge para intelektual kang padha dumunung lan mbangun kridha ing kutha-kutha. Kanthi mangkono, unen-unen desa mawa cara negara mawa tata iku sejatine gegambaran uriping bebrayan. Ora mung bebrayan Jawa, ananging uga bebrayan kang tebane luwih amba. Dudutane, nganti kapan wae unen-unen iki kudune tetep diugemi, amarga pancen mujudake pepesthen, pratelane Winarso
karya widya
karya widya
karya widya
karya widya
Pawadan kanyatan yen kabudayan iku tansah nut lakuning jaman, miturut Bambang, wus samesthine ing jagating kabudayan Jawa, jumbuh kalawan laku lan owah-owahan jaman, tansah ana owah-owahan uga. Lire, kudu ana asil-asil kabudayan anyar sajroning kabudayan Jawa nut lakuning jaman lan owahowahaning jaman. Generasi mudha Jawa jaman saiki ora kudu niru generasi mu-dha jaman 300 taun kapungkur. Lan asilasil kabudayan Jawa jaman 300 taun kapungkur ora kudu kabeh ditiru ing kabudayan Jawa jaman saiki. Sing mesthi bakal lestari mung wates oyoting kabudayan, kang ora liya landhesan filosofi kang bisa madhahi sakabehing sanggit anyar kabudayan nut owah-owahane jaman. Kanthi tansah lumintu tuwuhing kabudayan anyar sajroning kabudayan Jawa, tambahe Bambang, yektine saben generasi kang lair saka kabudayan Jawa bisa duwe identitas dhewe kang nuduhake Jawane. Bisa wae, ana wong mbiji sawijining wong dudu Jawa sejati, nanging yektine wong iku sejatine ya wong Jawa, amarga uripe kalimputan kabudayan Jawa. Kanthi mangkono, miturut Bambang, nalika hamicara ing diskusi ngrembug Jawa sejati ing gedhong Teater Besar ISI Solo, sawetara dina kapungkur, nalika ngrembug bab Jawa sejati utawa sejatine Jawa sing baku ora liya ya karya budayane. Sing sinebut Jawa, ya kabudayan Jawa, miturutku tansah winengku ing lakuning jaman kang tansah njurung marang dumadine owah-owahan kabudayan kang asipat sansaya gawe gregete kabudayan iku dhewe. Ganti gumantine generasi kang winengku kabudayan Jawa, mesthine bakal nambah dinamis-e Jawa. Lan samengkone, bab Jawa sejati lan sejatine Jawa bakal bisa dimangerteni kanthi temen-temen, ora prelu dadi pradondi, piterange Bambang. Guru Besar ISI Solo, Prof Dr Rustopo, kang wus kasil mbabar buku karyane asesirah Jawa Sejati, Otobiografi Go Tik Swan Hardjonagoro, ing kalodhangan iku, ngandharake, yen ngrembug kepriye lan sapa wong Jawa sejati iku, pancen ora ana pathokane. Mangkono uga yen ngrembug, kepriye lan kaya ngapa kang sinebut sejatine Jawa iku, uga ora ana pathokane. Rustopo sarujuk karo andharane Bambang, yen yektine Jawa iku mujudake kabudayan. Lan minangka kabudayan, sipate dinamis, tansah bakal tuwuh owah-owahan nut lakuning jaman. Lan saben generasi kang lair mesthi bakal duwe werna budaya dhewe, kacihna tetep ora uwal saka oyot kabudayane. Yen ngrembug bab Jawa sejati, miturutku luwih penting mbangun kalodhangan murih generasi Jawa jaman saiki lan jaman kang bakal teka bisa ngasilake karya-karya budaya kang luwih akeh maneh, kayadene karya budaya kang diasilake para pujangga-pujangga jaman sadurunge, pratelane Rustopo
karya widya
Basa Jawa kang salah sijine nggladhi bab kawasisan maca lan nulis aksara Jawa. Dene Amri nelakake ora bisa guneman basa Jawa kanthi netepi undha-usuking basa, ora bisa maca lan nulis aksara Jawa lan uga wus adoh saka oyot kabudayane pancen dadi jati dhirine saperangan gedhe wong Jawa jaman saiki. Oyot kabudayan Nanging, dheweke tetep yakin arepa ora bisa maca lan nulis aksara Jawa, ora bisa nggunakake basa Jawa trep karo undha-usuking basa lan wus adoh saka oyot kabudayan Jawa, nanging tetep dadi wong Jawa, wong Jawa asli. Jati dhiriku ye tetep wong Jawa. Kepriye ora? Lah bapak ibuku lan embah-embahku kabeh ya wong Jawa. Nalika aku omah-omah sisihanku ya saka kulawarga Jawa. Lire, maratuwaku lan leluhure kabeh ya wong Jawa. Dadi kanthi kahanan apa wae aku iki tetep yakin minangka wong Jawa, wong Jawa asli, dadi ya wong Jawa sejati uga, tandhese Amri. Dene ing kalodhangan liya, Dwi Susanto, sawijining intelektual mudha, ing kalodhangan hamicara ing sawijining adicara diskusi kang mapan ing gedhong Teater Besar ISI Solo, sawetara dina kapungkur, nelakake, kabeh wong duwe hak kanggo ndhaku yen dhirine iku wong Jawa. Kacihna ora kenal budaya bathik, keris, ora wasis maca lan nulis aksara Jawa lan uga ora prigel nyandhang cara Jawa, tetep bisa sinebut wong Jawa sejati, amarga pancen ora ana ukuran kang gumathok ngenani sapa ta wong Jawa sejati iku. KRMHT Djoko Pandjihami-djoyo ngandharake, lamun kajarwakake, Jawa iku maknane prasaja, ngerti dunung pangetrapane. Jawi kang asale saka basa kramane Jawa ateges ndarbeni tata krama, tata basa, tata susila lan ngajeni mring sapepadha. Jiwa mengku teges tansah angatepi budaya kejawen kang nyata luhur. Dene Jiwi ateges tetep nyawiji marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Lamun jejering wong kang wus ngrasuk Jawa, Jawi, Jiwa lan Jiwi, iku kang bisa sinebut sejatining wong Jawa. Dene Jawa sejati, sejene bibit, bobot, bebete nut alur Jawa uga wus nduweni sangu wasis micara basa Jawa, prigel bab tata busana Jawa lan wasis maca lan nulis aksara Jawa. Saliyane iku uga wasis ngrukti kabudayan Jawa lan ngantepi tata krama budi pakerti luhur kejawen, piterange Ki Djoko. Ki Djoko nambahake, wong Jawa kang bisa njawani kudu bisa meper hardaning angkara murka, ndarbeni laku brata, cegah dhahar lawan sare, lembah manah lan tansah agawe senenging liyan kang kabeh mau dadi ciri kas jati dhiri tumrap wong Jawa.
karya widya
ana nanging ora katon wujude kang sejati. Dadi ya pancen sapa wae bisa sinebut Jawa sejati yen bisa jumbuh kalawan Jawa kang nembe murca iku. Dene salah sijine ukuran Jawa kang murca iku, miturutku, ora liya ya dununging laku kang nyalarasake pikir, rasa kan tumindak kanggo memayu hayuning bawana. Lan piwulang mangkene iki anane ya mung ing kabudayan Jawa. Putra putri Dalem Sinuhun Pakubuwana XII, GKR Wandansari, ngandharake, ngrembug Jawa (ing basa Indonesia) lan Jawa pancen ana tapsiran kang beda. Sesebutan wong Jawa (ing basa Indonesia) yen sing mindeng wong-wong Betawi (Jakarta) ateges wong kang asale saka tlatah Yogyakarta lan Surakarta. Wong Jawa Barat lan Jakarta ora kalebu wong Jawa ing tapsiran iki. Mangkono uga yen Jawa (ing basa Indonesia) iku sing mindeng wong Sumatera, ateges wong kang asale saka Jawa Barat, Jawa Tengah, Jawa Timur, Yogyakarta lan uga Jakarta. Jawa ing kene ateges pulo Jawa. Dene yen sing dirembug iku Jawa (yen ditulis nganggo aksara Jawa nggunakake aksara ja lan aksara wa) miturut Wandansari, ateges tapsiran kang asipat batin. Wandansari, nelakake, salah sijine tapsiran Jawa kang asale saka aksara ja lan wa yaiku sipat prasaja (saka aksara ja) lan walaka (saka aksara wa).
karya widya
ing kitab Sutasoma inggih menika: Bhinneka Tunggal Ika saget dipunwastani minangka jatidhiri Jawi ingkang sejati. Samangke, sesanti Bhinneka Tunggal Ika sampun manunggal minangka jatidhiri Nuswantara tuwin inukir wonten lambang nagari peksi Garudha. Kanthi menika, Pancasila ingkang nyawiji kaliyan peksi Garudha saget dipunwastani minangka jatidhiri Jawi ingkang lajeng dipunkukuhaken minangka dhasar miwah falsafah negari.
karya widya
karya widya
karya widya
modheren, hypermarket lan liyane. Yen wong Jawa madeg warung, apamaneh mapan ing tlatah karang pradesan, saorane tlatah pinggiran, kudu nengenake pasrawungane. Lire, mesthi bakal akeh tepungan utawa tangga teparo sing tuku nanging mbayare keri, utawa utang dhisik. Lan rata-rata yen utang ing warung cilik lan sing duwe wus tepung apik, ora nganggo prajanjen apa-apa. Mbayare ya yen gelem, yen wus duwe dhuwit turah utawa malah yen isih kelingan. Dene sing madeg warung dhewe uga ora tau ngoyak-oyak sing utang supaya enggal nyaur. Malah yen liya dina teka lan utang maneh, ya tetep diladeni kanthi ulat sing semanak. Yen utange wus numpuknumpuk, sing duwe warung racake mung nggresula ing njero ati, ora dilairake. Cekelane, tuna sathak bathi sanak. Kahanan kaya ngene iki, miturut sawetara kanca kang rata-rata wus setaun utawa rong taun mbangun bisnis, ana sing bebakulan cilik-cilikan, ana sing dadi distributor barang lan bisnis liyane, nuduhake yen budaya Jawa, salah sijine budaya srawung iku, ora njurung marang ngrembakane bisnis. Kepriye warunge sing cilik iku bisa ngrembaka yen saben dina ana wong sing utang lan nyaure kapan, ora genah. Dene yen arep nagih utange kuwi, sing menjila mung rasa pekewuh, ora kepenak. Apa ya pancen mangkono kuwi? Ing tebane kang luwih amba, apa pancen budaya Jawa ora bisa ditrepake ing jagad bisnis? Yen maca maneka teori manajemen bisnis kang ngrembaka lan mratah ing wektu-wektu pungkasan iki, yektine ana lawe abang kang nggandhekange, yaiku wiwit ninggalake teori manajenem bisnis kang mung nengenake bab rasional lan wiwit ngugemi kanthi kenceng teori kang luwih nengenake bab emosional, lan ningkat maneh kanthi kuwih ngugemi teori kang nengenake bab spiritual. Bab iki bisa didulu saka maneka rupa buku teori manajemen bisnis kang ngrembaka wektu-wektu pungkasan iki. Tuladhane kaya ESQ (Ary Ginanjar), Gods My CEO (Larry S Julian), lan Seven Habits (Stephen Covey). Terus apa gandheng cenenge karo budaya Jawa ing jagad bisnis? Budaya Jawa mligine kang ginelar ing sujarah, babad lan unen-unen yekti wus nyumadiyakake maneka piwulang, tapsiran, pitutur lan paugeran kang luwih nengenake bab emosional, munggahe spiritual. Bab iki nyata yen ora cengkah karo teori manajemen bisnis kang ngrembaka wektu-wektu pungkasan iki. Kayadene unen-unen tuna sathak bathi sanak, menang tanpa ngasorake, alon-alon waton kelakon lan liyane kang yektine uga dikenal lan mratah ing jagad bisnis wong Jawa, jan-jane uga ngandhut tapsiran kang padha karo maneka rupa teori manajemen bisnis modheren kang nengenake efisiensi, networking, win-win solution, pelayanan lan liyane. Menang tanpa ngasorake cetha wujud saka win-win solution, tuna sathak bathi sanak ngandhut tapsiran bab networking. Sing dibutuhake mung ndhudhah kaskayane kabudayan Jawa iku murih tapsiran kang diugemi bisa jumbuh kalawan owah-owahan jaman, mligine ing jagad bisnis kang tansah dinamis. Dene tapsiran kang cengkah kalawan kanyatan lan kabutuhan nyata jaman saiki, ora ana alane yen ditinggalake, utawa diowahi.
karya widya
Kabotan jeneng
Njenengi bayi tumrap bebrayan Jawa kalebu laku asipat ritual. Sepasar utawa limang dina sawise laire si bayi dadi dina mligi tumrap wong tuwane bayi kanggo mbiwarakake jeneng marang kulawarga liyane lan tangga teparo. Tata carane nganggo bancakan kang ditekani kabeh kulawarga, sesepuh lan tangga teparo. Jeneng sing wus dicawisake adoh dina sadurunge si bayi lair ing kalodhangan iku bakal ditetepake minangka jenenge si bayi. Jeneng sing diparingake marang bayi iku, miturut andharan ing sawetara kapustakan kang ngrembug bab budaya uripe wong Jawa lan tradhisi kang diugemi, biyasane nuduhake urutan laire, tingkat sosial kulawarga wong tuwane, lanang utawa wadon, prastawa tinamtu kang mbarengi laire si bayi, gegayuhan lan pangarep-arepe wong tuwa lan sapiturute. Jeneng kang mratandhani urutan laire kayadene eka, dwi, tri, catur, panca lan sapiturute. Dene yen jenenge iku mratandhani tingkat sosial kulawarga utawa wong tuwane, racake nggunakake tembung-tembung saka basa Sanskerta lan tembung liyane kang dadi pratandha dununge tingkat sosial ing madyaning bebrayan. Tuladhane kaya mandalaputra, gusti, dewi, sri, kusuma, ratna, adi, bhaskara, bayu lan sapiturute.
Prastawa tinamtu kang mbarengi utawa dadi pangeling-eling marang laire si bayi dening bebrayan Jawa uga kerep didadekake dhasar ngracik jeneng. Tuladhane kaya jeneng anggana kang nuduhake yen dheweke lair ing dina Slasa, ngadina kang nuduhake yen dheweke lair ing dina Minggu (Ahad utawa Ngad) lan sapiturute. Lan jeneng kang gegayutan karo gegayuhan lan pangarep-arepe wong tuwa racake arupa tembung-tembung kang ngemu teges sarwa apik. Tuladhane kaya budiman kang ngandhut donga panyuwunan murih di bayi ing dewasane menjila dadi wong kang migunani tumrap wong liya lan bebrayan. Amarga jeneng tumrap bayi ing madyaning bebrayan iku ora mung wates dadi tetenger, ananging uga ngandhut tapsiran-tapsiran jero, mula ing bebrayan Jawa lumrah tinemu ana bocah kang ganti jeneng nganti wola-wali amarga dibiji kabotan jeneng. Tandhane bocah kang kabotan jeneng, miturut panemu kang lumrah ing bebrayan Jawa, arupa bocah kang tansah nandhang lelara, bocah kang tansah nandhang kacilakan utawa bocah kang tuwuh lan mekare pisik lan mentale dibiji ora jumbuh karo umure. Jarwo Setiyo, 33, warga asli saka tlatah Wukirsari, Cangkringan, Sleman, Yogyakarta, nalika wawangunem kalawan Espos, ing tlatah Kartasura, sawetara dina kapungkur, nelakake duwe pengalaman ganti jeneng amarga nalika cilik dibiji kabotan jeneng. Miturut Jarwo, ora kurang saka kaping papat dheweke ganti jeneng. Lan tujune nalika dheweke cilik nganti umur udakara wolung taun durung ana kawicaksanan bab akta kelairan. Lan nalika dheweke ganti jeneng kang kaping papat iku kang sabanjure dadi jeneng sing dicathet ing akta kelairan. Aku mung kelingan jenengku sing sepisanan, yaiku Subagyo Widodo. Jarene bapakku, nganti umur setaun luwih aku tansah lara-laranen saengga jenengku diganti. Bubar kuwi udakara telung taun aku isih tansah lara-laranen, banjur jenengku diganti maneh. Sawise iku jarene bapak, aku kerep kacilakan. Mula jenengku diganti maneh. Pungkasan nalika aku mlebu SD kelas I jenengku diganti Jarwo Setiyo nganti saiki,piterange Jarwo. Kahanan kabotan jeneng iki, ing jaman saiki wus arang tinemu amarga nalika bayi lair lan dijenengi wus kudu enggal didaptarake marang sing kawogan ing paprentahan lan banjur digawekake akta kelairan. Miturut pamawase Jarwo, jan-jane dheweke nalika cilik tansah lara-laranen ora amarga kabotan jeneng, ananging amarga gizi sing kurang apik. Bapake mung among tani sing anake cacah sanga, dene ibune mung ibu rumah tangga. Dene nalika kerep nandhang kacilakan, amarga nalika iku, miturut Jarwo, dheweke pancen kalebu bocah sing ndhridhis, rada nakal lan seneng sakarepe dhewe
karya widya
narik kawigatene wong-wong saka sanjabane Kutha Solo. Yen wus mangkono, yekti Kutha Solo bakal payu ing madyaning bisnis lan pariwisata. Tebane, bakal akeh wong saka sanjabane Kutha Solo kang mblanjakake dhuwite ing Kutha Solo. Warga Solo akeh kang kepayon dodolane lan tundhone ekonomi Kutha Solo uga ningkat. Pralambang Lan kasunyatan mangkono iku, uga bisa dadi bukti, yektine budaya Jawa bisa ditrepake ing madyaning bisnis lan pariwisata. Budaya Jawa kang dikarepake nglimputi bab pralambang-pralambang kabudayan kayadene aksara Jawa lan maneka rupa seni asumber budaya Jawa, lan uga bab filosofi utawa kandhutan tapsiran kang tebane amba banget. Pembantu Rektor I UNS, Prof Dr Ravik Karsidi, nalika mbuka seminar nasional Reaktualisasi Nilai-Nilai Luhur Budaya Jawa, ing Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS, dina Senen (7/4), ngandharake madyaning bisnis tansah nengenake bab daya saing. Budaya yektine uga duwe kaskayane tapsiran, sikep lan filosofi kang bisa njurung tuwuh lan ngrembakane daya saing iku. Sing dibutuhake ora liya upaya kanggo ndhudhah kaskayane budaya Jawa murih bisa ditrep-ake supaya njurung tuwuh lan ngrembakane daya saing. Kayadene filosofi alon-alon waton kelakon, yekti kudu didhudhah murih bisa jumbuh karo kabutuhan nuwuhake lan ngrembakakake daya saing iku. Madyaning bisnis, uga pariwisata, tansah mbutuhake trep-trepane efisiensi, efektivitas pelayanan, cepete ngrampungi gaweyan kanthi asil optimal lan bisa nututi lakune jaman lan owah-owahan ing madyaning bebrayan internasional. Lamun wong Jawa bisa ndhudhah kaskayane kabudayane dhewe, miturut Ravik, lan bisa njumbuhake karo kabutuhan-kabutuhan ing madyaning bebrayan jaman modheren, kalebu kabutuhan ing madyaning bisnis kaya mangkono iku, samengkone budaya Jawa lan bebrayan Jawa bakal menjila, duwe daya saing kang ngedab-edabi saengga bisa ngadhepi ombyaking kabudayan global.
karya widya
Saka kahanan mangkene iki suwening suwe para wanita kang mula bukane mung buruh iku banjur menjila dadi saka gurune ekonomi kulawarga lan sumrambahe uga dadi saka gurune ekonomi bebrayan. Lan nalika sansaya akeh wanita kang nyekel saka guru ekonomi, mesthi wae kadidene banyu mili sabanjure bakal ngrembaka dadi saka guru ing bab liyane. Kapitalisme dhewe jan-jane uga mbutuhake kridhane wanita, ora nyukupi yen mung nengenake priya, piterange Joko. Ing tlatah utawa wewengkon kang kabudayane luwih asipat tinarbuka lan egaliter, sansaya akehe wanita kang dadi saka guru ekonomi iku banjur nuwuhake kalodhangan mirunggan kanggo ngrembakakake kawasisan lan kaprigelan ing bab liyane. Wusana para wanita ora mung wates dadi buruh, ananging uga menjila dadi pengusaha, dadi bos, dadi pangarsa lan nyekel panguwasa kang wenang ngatur lan uga wenang gawe aturan.
karya widya
karya widya
karya widya
pangayunaning Pangeran, ananging nganti wektu iki kaya-kaya isih tetep urip ing madyaning bebrayan, mligine bebrayan Jawa. Pasareyane kang dumunung ing tlatah Desa Palar, Kecamatan Trucuk, Klaten saben dina malem Jemuah utawa Kemis wengi tansah dikebaki warga bebrayan Jawa saka ngendi-endi tlatah. Sedyane tumeka ing pasareyane iku, saliyane kanggo jiyarah uga kanggo nenepi. Dalan tumuju pasareyan iku saka ratan gedhe Solo-Yogyakarta wus arupa aspal alus. Miturut pratelane Mbah Gino Sukarto, 77, kang wus udakara 60 taun setya nunggu pasareyane RNg Ranggawarsita, saben ana acara pilihan lurah utawa hajatan pulitik liyane uga mesthi ana rombongan warga padha nenepi ing sakupenge pasareyan. Warga sing tumeka mrene ancase warna-warna. Ana sing kepengin laris dedagangane, ana sing pengin kapilih ing pilihan lurah, ana sing pengin lumintu rejekine lan sapiturute. Kabeh iku miturutku bali ing niyat lan kapercayane. Lan kapercayan iku ora bisa dipeksa-peksa. Yen ana warga sing percaya yen pasareyane RNg Ranggawarsita iki duwe perbawa apik tumrap laku dedagangan ya sumangga wae, mangkono uga kang gegayutan kalawan karep lan niyat liyane, piterange Gino. Perbawane pujangga panutup iki, miturut Gino, pancen ora ana sudane. Emane, nalika Espos tumeka ing pasareyan ing Desa Palar iku, dina Senen (19/5) kapungkur, jobin teras ing gedhong cungkup katon reget banget. Lawange gedhong cungkup ditutup rapet. Jarene Mbah Gino, gedhong iku bakal diresiki saben dina Kemis awan. Saengga yen malem Jemuah akeh warga sing tumeka kahanane wus resik. Lan saben malem Jemuah lawang gedhong cungkup dibukak kanggo warga sing kepengin jiyarah. Ing sacedhake ge-dhong cungkup pasareyane RNg Ranggawarsita ana pasareyane Carl Frederick Winter utawa kang kondhang kanthi jeneng CF Winter. Dheweke nate dadi juru basa ing Karaton Kasunanan Surakarta lan kerep sesambungan kalawan RNg Ranggawarsita. Saliyane marisake perbawa asipat mistik ing pasareyane, pujangga Jawa pungkasan iki uga marisake maneka warna karya sastra kang nganti saiki isih lestari. Miturut Wahono, saka Museum Ranggawarsita Semarang, nganti sedane ing tanggal 24 Desember 1873, RNg Ranggawarsita marisake kurang luwih 99 karya sastra. Karyane pujangga Jawa pungkasan iki nglimputi maneka bab, antarane crita para dewa lan lakon wayang (Pustaka Raja Purwa), gegambaran kaanan jaman kang kondhang sinebut jaman edan (Serat Kalatidha), ramalan bakal tekane jaman kepenak tumrap bangsa Indonesia (Serat Jaka Lodhang), ramalan bab sipat jaman makmur lan tindak tanduke manungsa sing srakah (Sabdatama), ramalan jaman lan pamite RNg Ranggawarsita kang bakal bali ing ngayunaning Pangeran (Sabda Jati), crita roman (Serat Cemporet), ngelmu kasampurnan (Hidayat Jati) lan liyane. Dene miturut budayawan Jawa RS Subalidinata, RNg Ranggawarsita kang antuk gelar/sesebutan Abdi Dalem Kaliwon Nem Kadipaten Anom, Pujangga Dalem ing Karaton Surakarta Hadiningrat ngasilake karya sastra cacah 60 kang wus dikenal dening bebrayan. Dene sing durung dikenal utawa arang dirembug ing bebrayan, isih akeh maneh. Bab kang kaemot ing karyane iku nglimputi basa lan sastra, sujarah, dongeng, roman klasik, seni budaya, crita wayang, ramalan, filsafat lan liyane
karya widya
dhiri pribadi. Miturut andharane Kohn, bangsa-bangsa ing alam donya iki mujudake wohing daya uriping sujarah. Pawadan iku kahanane uga tansah ngalami owah gingsir, ora baku lan gumathok. Jati dhiri Bangsa mujudake kaimpune maneka warna golongan lan ora bisa ditegesi kanthi teges kang gumathok. Lan racake bangsa-bangsa, kalebu bangsa Indonesia, duwe ciri mligi kang ndadekake beda kalawan bangsa liyane. Bab bedane iki upamane amarga garis teturun, basa, tlatah dedununge, nyawijine ing bab pulitik, adat tradhisi, agama lan bab liyane. Saka kahanan mangkene iki ora nggumunake yen sawijining bangsa bisa pecah amarga daya kanggo nyawijekake kabeh wargane wus ngalami owah-owahan. Mangkono uga bisa wae dadi sansaya kuwat amarga kabeh perangan lan ubarampe kang nuwuhake sikep kabangsan lan nasionalisme tansah dikuwati. Miturut Goenawan Mohamad, rasa nyawiji minangka sawijining bangsa kawitane pancen tuwuh sithik mbaka sithik. Kridhane Budi Utomo, uwal saka pradondi kang ngrembaka ing wektu-wektu pungkasan iki, sithik apa akeh tetep aweh panjurung marang tuwuh lan ngrembakane rasa nduweni jati dhiri tumrap bangsa Indonesia. Kawitane pancen ing tlatah Jawa lan Madura lan banjur sumrambah ing tlatah liyane. Emane, miturut budayan Jawa, Winarso Kalinggo, jaman saiki malah akeh wong Jawa sing isin kalawan Jawane. Tundhone akeh wong Jawa kang milih ngiwakake oyot kabudayane lan banjur milih nggilut kabudayan kang asale saka nagara manca. Lan nalika ninggalake kabudayane, kamangka budaya anyar sing luwih narik kawigatene durung kasil direngkuh, wusana nuwuhake kahanan bebrayan kang prasasat ora duwe jati dhiri. Kahanan bebrayan kang prasasat ora duwe jati dhiri iki kang saiki dumadi ing bangsa Indonesia, kalebu ing bebrayan Jawa.
karya widya
tinamtu. Ana tapsiran kang asipat vertikal, yaiku gegambaran sesambungan antarane manungsa lan Sing Gawe Urip, lan ana tapsiran kang asipat horisontal, yaiku gegambaran sesambungan ing antarane manungsa utawa ing madyaning bebrayan. Miturut sawargi KRT S Witoyo Tondodipuro, pangarsa Sanggar Beksan Arena Langen Budaya ing Mutihan, Laweyan, kang seda dina Kemis (29/5) kapungkur, nate ngendika marang Espos menawa beksan pancen ora mung wates obah mosiking raga kairingan unine gamelan. Beksan tradhisi mligine, lan uga beksan modhern utawa kontemporer, racake ngandhut tapsiran-tapsiran tinamtu kang gegayutan kalawan ulah rasa, ulah jiwa lan uga kahanan urip lan panguripane manungsa. Sawargi Witoyo kang wus kasil ngracik sawetara beksan tradhisi kang dadi sarana piwulang seni tradhisi ing sekolahan-sekolahan, nambahake, racikan beksan mesthi lelandhesan krenteg, karep, tapsiran lan uga jangka kang diangkah. Kayedene beksan racikane sing dadi sarana gladhen seni beksan tradhisi ing sekolahan-sekolahan, tansah lelandhesan swasana kajiwan lan ragane siswa sing bakal gladhen. Beksan tumrap siswa SD, SMP lan SMA utawa sing sakdrajat, apike diracik beda-beda. Beksan tumrap siswa SD kudu nengenake sipat dolanan lan seneng-seneng. Beksan tumrap siswa SMP lan SMA kudu nengenake sipat nalika bocah ngancik dewasa utawa puber
karya widya
Soetarno, weton Cendrawasih, pagelaran wayang kulit kanggo upacara ruwatan dening wong Jawa dikarepake minangka sarana ngluwari manungsa saka perbawa supranatural sing asipat ora becik lan ing tembe mburi bisa ndadekake manungsa kawengku ing nasib siyal. Lakon Murwakala sing lumrah dibabar ing upacara ruwatan, kawitane tuwuh lan ngrembaka ing sajroning crita Jawa kuna sing werdine ngemot bab panyucening jiwa, yaiku ngluwari dewa sing nandhang cacat (kapribaden utawa jiwane), utawa dewa sing njilma dadi titah saliyane dewa amarga cacate iku, supaya bisa dadi sawutuhe dewa lan urip kepenak kadidene salumrahe dewa. Lan miturut, sutresna budaya Jawa kang uga paraga presidium Pusat Lembaga Kabudayan Jawi (PLKJ) Surakarta, KRHT Widijatno Sontodipuro, ngruwat ateges ngudhari ruwet renteng, utawa ngudhari lan ngawekani reridhu kang asipat batin, kanthi cara nggelar wayang kulit sing mbabar lakon tinamtu. Kanthi mangkono, ana dudutan, tradhisi ruwatan yektine upaya kayadene nalika nambani wong sing ketaman lelara. Ing tembung liya, wong lara iku wiradate kudu ditambani. Mangkono uga tumrap kamanungsan sing asipat batin lan ngandhut perbawa ora becik uga mbutuhake wiradat, yaiku upacara ruwatan. Bisa ditegesi yen ruwatan mono yektine upaya kanggo ngawekani bab-bab ala ing urip lan panguripan tumrap wong-wong tinamtu, dadi minangka wiradat tumrap kodrat sing kabiji ngandhut perbawa ora becik
karya widya
balan. Pamarentah dhaerah sing tanpa wigih ringa-ringa ngetokake prabeya milyaran kanggo terus nyengkuyung amrih barang bunder kuwi tetep bisa ngglindhing, ing kamangka bijine ya arang bisa gawe marem. Kayadene Timnas sing ajeg keblong. Minangka paraga sing ora kurang sangalas taun lelumban ing sendhang sastra Jawa, mbokmenawa pengarep-arep sing kaya mangkono kuwi wis kulina katulis dening ing akeh. Ewasemana, edining gegayuhan iku pancen yen durung kelakon. Waton pangarep-arep iku tetep ana, kalebu pangarep-arep sastra Jawa bakal bisa mentas ing kahanan sangsaya iki. Nanging samulya-mulyane wong darbe pangarep-arep yen tetep bisa ndhadhung rasa panarima. Rasa panarima sing ajeg paweh tamba ing kalamangsane nganti enteke wektu gegayuhan iku tetep awujud gegayuhan. Mangkono, gelem ora gelem ngrengkuh sastra Jawa ora cukup tresna, nanging uga kudu narima ing sipat anarima. :: Yan Tohari, sastrawan Jawa::
karya widya
Dene para sastrawan Jawa sing kapetung senior nganti wanci iki panggah isih produktif ngasilake karyakarya sastra. Ana pangarep-arep lan rasa optimistis yen sastra Jawa ora bakal onya ing madyaning bebrayan Jawa. Miturut saperangan satrawan Jawa sing tumeka ing acara kasebut, kayadane Parno Parpal Poerwanto saka Wonogiri, Triman Laksana saka Magelang lan Irul S Budiyanto saka Boyolali, sastra Jawa pancen ora mati. Hamung wujud lan isine sing beda jumbuh kalawan owah-owahan lan wolak-waliking jaman. Ciri mligi sastra Jawa modhern yaiku nggunakake aksara Latin, basa narasinya cakrik basa Jawa ngoko lan cakepan utawa wujude gancaran. Gancaran ateges ora kawengku ing wewaton guru lagu, guru gatra lan guru wilangan. Yektine sastra Jawa modhern iki wus tuwuh lan ngrembaka wiwit taun 1930-an lan wus ngasilake maewu-ewu karya sastra sarta atusan sastrawan Jawa modhern engga saiki. Ananging tuwuh lan ngrembakane sastra Jawa modhern iki saiki bisa dikandhakake ing tembung kunthing. Bab iki amarga papan ngrembakane hamung awujud medhia massa abasa Jawa sing uripe uga kadidene wegah mati nanging ya ora kuwawa urip kanthi apik. Tundhone kaskayane jagad sastra Jawa modhern asipat kadidene keluk kang tumiyup angin. Sawise kaemot ing medhia massa, banjur dilalekake. Mangkono uga sawenehing lomba karya sastra Jawa sing digelar, yen lombane wus rampung lan sing mimpang wus dibiwarakake lan nampa bebungah, asil karya sastrane uga banjur dilalekake. Miturut para sawetara sastrawan Jawa sing kapetung kanoman kasebut, sasuwene iki balungane sastra Jawa modhern pancan medhia massa abasa Jawa, lomba-lomba karya sastra abasa Jawa lan babaran buku karya sastra Jawa.
karya widya
Jawa ora wigah-wigih nggunakake ilmu sing sasuwene iki ndadekake kadheseke sastra Jawa. Ilmu sing dikarepake kora liya ilmu asumber ideologi kapitalisme sing mindeng samubarang iku saka petungan bathi lan tuna. Dhalang Wayang Kampung Sebelah kang uga sutresna budaya Jawa, Ki Jlitheng Suparman, sarujuk kalawan pamrayogane Oesman iku. Kanggo ngrembakakake sastra Jawa prayogane kabeh pehak kang gegayutan, ya sastrawane, ya pandhemene lan liyane, ora prelu alergi marang budaya industri sing yektine asumber saka kapitalisme. Ing budaya industri kabeh dipindeng kanthi petungan tuna apa bathi. Jagad sastra Jawa kudune uga ngetrapake bab iki, pratelane Suparman. Kacihna mesthi wae budaya industri asumber kapitalisme sing kudu ditrepake iku luwih dhisik dijumbuhake kalawan budaya asline wong Jawa. Suparman nandhesake industri mupangatake sastra iku mesthi kedaden. Ananging arang banget, kepara ora ana, sastrawan Jawa sing gelem mupangatake industri kanggo kapentingane sastra. ::Yan Tohari, sastrawan Jawa::
karya widya
wiyata bakti kudu ana sing nggawa. Sing nggawa mesthine ya wong sing duwe pengaruh. Wong sing duwe panguwasa. Buntute bisa ditebak, ta? Apa maneh yen dudu D2? Yaiku dhekeng lan dhuwit. Dhekeng lan dhuwit mujudake perangane panguwasa. Tanpa dhekeng lan dhuwit najan duwe kepinteran lan ijasah dhuwur aja ngimpi bisa dadi pangenger modhern! :: Dening: Parno Parpal Poerwanto, sastrawan Jawa::
abdi iku nampa bayaran saka bendarane lan kudu manut samubarang dhawuh bendarane. Lan bendara dhewe uga wenang dhawuh apa wae marang sing ngabdi, piterange Winarso. Dene mligi tumrap laku ngenger, sing miturut Winarso trep dhewe yen ditegesi ndherek, antarane sing ngenger lan sing dingengeri ora ana wates kadidene batur utawa abdi lan bendarane. Malah akeh kanyatan antarane sing ngenger lan sing dingengeri iku drajate padha, kayadene antarane ponakan sing ngenger marang pamane. Akeh uga kanyatan kulawarga asale sing ngenger lan kulawarga sing dingengeri padha-padha sugihe. Saengga ing laku ngenger iki luwih kenthel werna pendhidhikane. Sing ngenger kanthi sadhar pancen pengin ndherek marang sing dingengeri supaya bisa tambah ilmune, tambah kapinterane lan wusana ing dewasane bisa nggayuh kamulyan. Sing dingengeri lan kabeh kulawargane uga ora nganggep yen sing ngenger iku minangka batur utawa abdi. Malah racake sing dingengeri nganggep sing ngenger kadidene anake dhewe. Laku mangkene iki uga dumadi nalika sing ngenger iki kanyatane drajat lan pangkate luwih asor tinimbang sing dingengeri. Kaciha sing dingengeri ora ndunungake sing ngenger luwih asor, nanging tetep dianggep kadidene kulawargane dhewe. Sing kalebu asil positip saka laku ngenger iki yaiku nalika sing ngenger ngrumangsani banget yen dheweke iku ndherek marang sing dingengeri. Wong ndherek iku ing kabudayan Jawa ya kudu ngurmati banget marang sing dingengeri. Sing ngenger ngerti banget wates-wates sesrawungane kalawan sing dingengeri. Iki sing karan subasita lan tatakrama. Wong sing tau ngenger racake duwe tatakrama lan subasita sing menjila ing bebuden sing luhur, piterange Winarso. Ing madyaning bebrayan jaman saiki, tambahe Winarso, tembung ngenger iki ditegesi luwih amba maneh, ora mung wates ndherek kaya andharan ing ndhuwur. Ing Bausastra Djawa, karyane WJS Poerwadarminta, tembung ngenger ditegesi melu marang wong liya dadi batur. Ana maneh sing negesi yen ngenger iku ngabdi marang kulawarga sing kalungguhane luwih dhuwur. Ing buku Negara & Usaha Bina Negara di Jawa Masa Lampau, karyane Dr Soemarsaid Moertono, ngenger iku padha kalawan nyuwita. Tembung nyuwita dhewe, miturut Soemarsaid, ateges ngabdi marang kulawarga ing karaton utawa malah ngabdi marang ratu pisan. Magang uga kalebu ing laku ngenger. Miturut Soemarsaid, magang ateges mbiyantu pakaryan ing praja. Suwita iku bacute magang. Magang dadi dalan golek gaweyan lan kalungguhan sakdhuwur-dhuwure. Dene miturut Winarso, sing uga kawengku ing tembung ngenger sing ateges ndherek, yaiku nyantrik lan nyantri. Laku nyantrik lan nyantri, mligine ing jaman kawuri, miturut Winarso, ancase sakmadya banget yaiku ngudi ilmu. Sing nyantrik lan nyantri kadhangkala asok asil bumi kayadene beras, woh-wohan, janganan, pala kapendhem lan liyane marang pandhita utawa kiai, nanging ora wajib. Dene pandhita lan kiai wajib nggegulang sing nyantrik lan nyantri murih kapinterane bisa menjila, lan ing tembe mburi bisa luwih pinter. Cantrik lan santri uga dedunung ing omahe pandhita utawa kiai lan wajib mbiyantu samubarang gawene
Presiden RI kapindho, Soeharto, pranyata uga tau ngenger. Soeharto ngenger marang bulike sing asmane Bu Prawirowiharjo. Nalika iku Soeharto ngenger, ndherek bulike, kanthi ancas supaya bisa sekolah lan supaya ing tembe mburi bisa dadi wong sing mulya lan kajen keringan. Kasunyatane, Soeharto kasil nggayuh kekarepane iku, dadi presiden suwene 32 taun. Pujangga kondhang RNg Ranggawarsita uga nate ngenger. Ranggawarsita ngenger marang Kiai Hasan Besari ing Gebang Tinatar, Jetis, Ponorogo. Saka laku ngengere iki Ranggawarsita sing timure asma Bagus Burham ngadhepi maneka warna lelakon sing tundhone ndadekake jiwane sentosa, lantip lan wusana menjila dadi pujangga sing kondhang kaloka. Nimpuna kasusastran lan basa Jawa, RNg Poerbatjaraka uga kalebu priyagung sing nate ngenger. Penjenengane nyantrik marang Prof NJ Krom. Poerbatjaraka dhewe kawitane mung lulusan ELS (SD). Nalika nyantrik marang Krom iku Poerbatjaraka antuk kalodhangan mirunggan kanggo nyinau basa lan sastra Jawa. Amarga genture anggone njinggleng sastra Jawa Kuna, dheweke bisa pinter maca aksara Jawa Kuna lan kasil njarwakake Smaradahana. Saka laku mangkono mau, Poerbatjaraka banjur disekolahake nganti tekan Universitas Leiden lan kasil nggayuh gelar doktor. Iku mau amarga laku ngenger.
Laku ngenger iki biyasane lumaku nganti bocah utawa kanoman sing ngenger mentas uripe. Ana sing ngenger wiwit mlebu SMP, dibacutake mlebu SMA, lan wusana bisa lulus saka pawiyatan luhur lan omahomah. Lan sabanjure antarane sing ngenger lan sing dingengeri tansah ana sesambungan kadidene antarane anak lan wong tuwa. Yen bocah utawa kanoman sing ngenger iku asale saka kulawarga sing kesrakat uripe, biyasane kabutuhan prabeya kanggo sekolahe dicukupi dening sing dingengeri. Dadine sing ngenger pindha anake sing dingengeri. Ananging akeh uga kanyatan yen sing ngenger iku asale saka kulawarga sing kacukupan, ora beda karo sing dingengeri. Yen mangkene kanyatane, kabeh prabeya lan kabutuhan sekolahe tetep disumadhiyakake lan dicukupi dening wong tuwane dhewe. Antarane sing dingengeri lan wong tuwane sing ngenger biyasane ana rembugan sadurunge. Wong tuwane sing bakal ngenger masrahake panggulawenthah padinane marang sing dingengeri. Dene sing dingengeri uga nyatakake bakal sumadhiya nggulawenthah lan ndhidhik bocah utawa kanoman sing bakal ngenger.
Nyadran pancen sanes ajaraning satunggaling agami, ananging sampun wiwit zaman sumebaripun agama Hindu, Buddha ngantos agami Islam, Kristen, Katholik marambah ing Bumi Nuswantara, utaminipun ing tlatah Jawadwipa. Tradhisi ngintun donga leluhur ingkang sampun sumare kasebat sampun kados dene kewajiban menggahing tiyang Jawi, awit ing mriku mengku werdi minangka dharma bhaktinipun putra wayah tumrap leluhur ingkang semare. Kados-kados sedaya tradhisi sesaji, menawi kita tlatos ngonceki, badhe mujudaken ujubing pandonga. Pramila, miturut pamawas kawula minangka pamedhar wartos menika, tradhisi nyadran sinaosa ngantos mbenjingipun badhe tetep pantes utawi tetep taksih relevan pun tindakaken lan pun lestarekaken; awit pranyata ngemu piwucal luhur ingkang leres-leres adiluhung. Nuwun. :: Dening: Ki KRMHT Djoko Pandjihamidjoyo BA::
tansah kawengku ing kapercayan agama. Lire, yen sing jiyarah ing tradhisi nyadran iku wong sing ngrasuk agama Islam, laku jiyarahe ya diwernani tradhisi Islam kayadene dongane nganggo basa Arab. Mangkono uga yen sing jiyarah ing tradhisi nyadran iku wong sing ngrasuk agama Kristen, Hindu, Buddha lan agama liyane, anggone ndonga ya manut piwulang agamane dhewe-dhewe. Kasunyatan mangkene iki, miturut Bani, nuduhake yen tradhisi ing kabudayan Jawa iku duwe sipat gampang manjing ajur-ajer kalawan budaya liyane utawa adaptif. Kasunyatan mangkene iki uga gegayutan kalawan sipate wong Jawa sing tansah ngudi kawujude mamayu hayuning bawana, kaanan kang sarwa harmonis ing wewengkon papan dununge. Mligi bab laku jiyarah dhewe, miturut sawetara nimpuna kabudayan, kaya sing diandharake ing sawetara kapustakan, yen dipindeng saka antropologi, teologi, sosiologi agama lan sujarah agamaagama mesthi didunungake minangka agama kerakyatan. Lan nalika ngrembug tembung agama kerakyatan iki, miturut budayawan Solo, Winarso Kalinggo, tundhone bakal nuwuhake panganggep lan pambiji sing asipat negatip. Laku jiyarah minangka agama kerakyatan ing wacan agama-agama kabiji minangka laku agama sing sakmadya lan sinkretis. Wusana dianggep nyebal saka piwulang agama sing resmi. Lan sabanjure wacan agama rakyat iki bakal tansah adhep-adhepan kalawan wacan agama sing diugemi para ulama, nimpuna teologi lan wong-wong liyane sing rumangsa wus nganggep pribadine nguwasani, ngrasuk lan nglakoni piwulang agama sing bener lan pener dhewe. Saka iki banjur tuwuh pambiji yen jiyarah kanggo nenepi, nyadran lan tradhisi spiritual jiyarah liyane dianggep dudu piwulang agama, kepara dianggep ngregeti piwulang agama sing saktemene. Budaya spiritual Jawa tansah bisa manjing ajur-ajer kalawan kahanan kang dumadi. Lan umume tradhisi spiritual Jawa ora asipat homogen. ::Prof Dr Bani Sudardi, Pangarsa Program Studi S2 Kajian Budaya UNS::
kapungkur, ngandharake menawa tradhisi mulih saka papan nyambut gawe utawa papan ngumbara pancen dadi salah sijine ciri mligi ing bebrayan kono. Semana uga kang dumadi ing tlatah Gunungsari. Kacihna, ing taun-taun pungkasan iki sansaya akeh uga warga mbara sing ora bisa mulih nalika upacara jiyarah nyadran digelar. Ana sing amarga ora antuk prei saka papan nyambut gawene lan pepalang liyane. Nanging, miturut Wiyonodiharjo, warga Tumang, racake warga sing ngumbara tetep padha ngupaya supaya bisa mulih nalika tradhisi jiyarah nyadran digelar. Yen dionceki, yektine tradhisi jiyarah sadranan iku uga ngandhut piwulang bab paseduluran lan gotong royong. Warga sing sugih bakal ngedum ubarampe slametan sing digawa ing upacara sadranan marang warga liyane sing luwih kesrakat. Dene warga sing uripe kesrakat anggone ngracik ubarampe slametan ya sakkuwate lan sakanane. Tekane warga sing ngumbara uga dadi sarana ngraketake paseduluran, pratelane Siswantini. Ing laku jiyarah liyane, kayadene jiyarah tumuju pasareyan Walisanga, yektine uga ngandhut piwulang bab paseduluran, gotong-royong lan solidaritas. Ahmad Sajari, warga asli saka Lamongan, Jawa Timur, nalika wawangunem kalawan Espos ing Kartasura, sawetara dina kapungkur, ngandharake laku jiyarah tumuju pasareyane Walisanga biyasane katindakake bebarengan. Warga sakdesa utawa warga sing kaimpun ing sawijining majlis pengajian sarujuk nglumpukake prabeya kanggo nyewa bis tumuju pasareyane Walisanga. Ing sadawane laku jiyarah Walisanga iki warga sing melu uga tansah mbiyantu antarane siji lan sijine yen katemben ana sing kurang, upamane ana sing sangune kurang banjur mangane dibiyantu kanca sakrombongan kuwi. Nalika tekan ing pasareyane Wali sing dituju, biyasane banjur sapatemon kalawan rombongan saka tlatah liya. Ing kono banjur ana sing tetepungan. Saliyane mbabar solidaritas uga dadi sarana njembarake pasrawungan. Ing laku jiyarah liyane, kayadene laku ngibadah haji utawa umrah, sing mesthi diwernani jiyarah ing pasareyane Nabi Muhammad, uga ngandhut piwulang bab solidaritas iki. Ing agama liya uga ana tradhisi jiyarah sing uga ngandhut piwulang bab solidaritas. Laku jiyarah tumuju papan-papan wingit kayadene Parangkusuma, Gunung Gambar, Sendhang Siwani lan papan-papan sajinis racake uga ngandhut piwulang bab solidaritas. Ana sing mangkate bebarengan, ana uga sing mangkat dhewe-dhewe, wusana ing papan sing dituju tetepungan karo wong liya sing duwe ancas padha. Ing tradhisi agama Katholik ana laku jiyarah nekani papan-papan sing dianggep suci, kayadene Nazareth, Taman Getsemani, gumuk Golgota, Basilika Santo Petrus, Guwa Maria ing Pohsarang, Kediri lan Sendangsono. Tradhisi agama Buddha uga diwernani tradhisi jiyarah, yaiku nekani papan klairane Sang Buddha ing Kapilavastu, papan nalika Sang Budha nggayuh drajat rohani sing dhuwur dhewe ing Bodh Gaya lan papan liyane.
pananggalan Jawa dadi sasi kang mligi gegayutan kalawan tradhisi laku jiyarah iki. Jiyarah ing kene ateges jiyarah ing kuburan leluhure, wong tuwane lan kulawarga liyane. Uga ateges jiyarah ing kuburane wong-wong sing nalika uripe dadi panutan, kayadene cikal bakale desa, para wali, para priyagung jaman krajan lan pawongan liya sing nalika uripe kabiji minangka wong sing pinunjul, pinundhi-pundhi lan dadi panutan. Malah ing madyaning bebrayan Jawa uga ana laku jiyarah sing mligi tumuju papan-papan sing dianggep wingit, ngandhut perbawa supranatural lan keyakinan asipat batin liyane. Tuladhane kayata Alas Krendhawahana ing Gondangrejo, Karanganyar, saben malem Jemuah Kliwon lan Slasa Kliwon mesthi akeh wong sing jiyarah sinambi nenepi. Kayangan Ndlepih, tempuran kali, pasareyan Imogiri, pasareyan Mangadeg lan papan-papan liyane sing dianggep wingit, ngandhut perbawa supranatural utawa daya gaib, wiwit mataun-taun kapungkur uga tansah dadi papan tujuwan jiyarah. Maneka warna ancase wong-wong sing padha jiyarah. Tumrap wong sing tansah ngudi dalan kanggo nyedhak marang Sing Maha Kawasa, jiyarah saka kuburane wong agung siji tumuju kuburan wong agung liyane kanthi pangajab ngudi sansaya tentreme ati, ngudi ningkate uripe ing perangan batin. Jiyarah dadi sarana nyaketake dhirine mring Gusti Sing Maha Asih. Pengin luwar Tumrap among dedagangan utawa pengusaha, jiyarah dadi upaya kanggo ngudhari lan ngrampungi sakehing prekara kayadene utang, pawitan sing cekak lan pepenginan supaya rejekine mbanyu mili. Pengangguran nglodhakange wektu kanggo jiyarah, ngudi supaya enggal cekel gaweyan. Ana uga sing jiyarah amarga pengin luwar saka ancaman paukuman ing pengadilan, pengin menang ing pamilihan lurah, pamilihan bupati, pamilihan gubernur lan pamilihan presiden. Ana uga sing amarga pengin rukun maneh kalawan sisihane sing wus sawetara wektu purik lan maneka warna prekara, panjaluk, pepenginan lan gegayuhan liyane sing ana ing urip padinan. Tumrap wanita sing dimaru dening sisihan ana sing banjur nglakoni jiyarah ing papan tinamtu, kayadene kuburane Nyai Mas Gandasari ing Cirebon. Wanita sing wus suwe omah-omah nanging durung pinaringan putra ana sing keraya-raya jiyarah ing situs Watu Celek ing Cirebon. Wong sing pengin menang lotre jiyarah ing kuburane Eyang Buda ing Yogyakarta utawa kuburan patilasan Krajan Banyusumurup. Dene kuburane wali sanga racake adoh saka bab-bab mangkono kuwi. Kuburane walisanga biyasane dadi tujuwan jiyarah sing ancase pancen mligi kanggo nyedhak marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Tradhisi jiyarah yektine ora mung wates gegayutan kalawan agama sing diugemi utawa kapercayan sing diantebi. Kabukten ing madyaning bebrayan Jawa sing aran laku jiyarah iku nglimputi kabeh warga sing kapercayan lan agamane beda-beda. Miturut andharane juru kunci situs Alas Krendhawahana ing Gondangrejo, Karanganyar, Mbah Lurah Wiryono, warga sing padha tumeka ing situs kasebut pancen wong sing ngrasuk maneka agama. Ana sing ngugemi agama Islam, agama Hindu, agama Budha, agama Kristen lan ana uga sing ngugemi kapitayan kejawen. Dene ancase jiyarah lan nenepi ya maneka warna, ana sing pengin usaha bakulane sansaya laris, ana sing pengin luwar saka sanggan utang, ana uga sing amarga pengin enggal cekel gaweyan sing gumathok, piterange Wiryono, sawetara dina kapungkur. Bab kang kurang luwih padha uga dumadi ing pasareyane RNg Ranggawarsita ing Desa Palar, Kecamatan Trucuk, Klaten. Miturut Ngadimin, salah sijine warga sing dedunung ora adoh saka pasareyane RNg Ranggawarsita, saben ana pamilihan lurah utawa kepala desa, pamilihan kepala daerah, pamilihan umum lan hajatan pulitik liyane, mesthi akeh wong-wong sing gegayutan kalawan hajatan pulitik iku sing padha jiyarah ing makame pujangga Jawa pungkasan iku. Ora beda kaanane ing pasareyane Ki Ageng Rogosasi ing tlatah Gunungsari, Desa Tumang, Kecamatan Cepogo, Boyolali. Pasareyan leluhure Desa Tumang sing dumunung ing sawijining gumuk iku tansah dadi tujuwan jiyarah. Ancase jiyarah lan nenepi maneka warna, ana sing pengin usaha bakulane sansaya laris, luwar saka sanggan utang, ana uga sing amarga pengin enggal cekel gaweyan sing gumathok
rebutan kursi panguwasa. Lan yen wus ngregem panguwasa banjur lali marang rakyat sing biyen milih, nyengkuyung lan melu berjuang kanggo ngrebut panguwasa iku. Watak lan sikep negatip liyane, ringkih atine, ora kuwat ngadhepi godha rencana mligine sing wujud dhuwit, raja brana. Uga sikep keset, wegah nyambut gawe temen-temen. Lan sansaya menjila nalika sikep iki dipepaki sikep mubra-mubru utawa boros lan seneng royal. Lan isih ana sawetara sikep negatip liyane sing miturut Mochtar Lubis bakal tansah ngreridhu upaya mbangun manungsa Indonesia
dudutane. Jaman biyen sadurunge mardika, jarene simbokku, lunga menyang ngendiendi ya mung kudu mlaku. Yen saiki wus akeh tetumpakan, nanging mbayare sansaya larang. Tumrap wong pidak pedarakan kaya aku lan simbokku, kaanane dadi padha wae, tetep wae sengsara, pratelane Sarwono. Keponthal-ponthal Miturut Sofyan, ing wektu-wektu pungkasan iki reregan kabutuhan pokok tansah mundhak, antri tuku lenga kedaden ing akeh papan. Tumrap dheweke, sing mung wates urip njagakake asil saka warung cilik, rasane sangganing urip tetep wae krasa abot. Kamangka jarene wus luwih setengah abad mardika. Kanyatane, nyukupi kabutuhan mangan padinan wae kudu keponthal-ponthal, durung yen ngrembug ragad sekolah, ragad priksa yen katemben ketaman lelara lan sapiturute. Seniman lan penyair kondhang saka Pati, Anis Sholeh Baasyin, malah suka gegambaran sing luwih gawe mirising ati. Miturut Anis, sing sawetara dina kapungkur mbabar musikalisasi puisi-ne ing Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) Solo, yektine bangsa Indonesia iki urip ing tlatah sing sugih tanpa wates. Sumber alam gemlethek ing ngendi-endi papan, mung kari ngolah. Emane, ing sugih kang tanpa wates iku bangsa Indonesia dadi pakewuh marang bangsa liya. Tundhone pamarentah banjur suka kalodhangan mirunggan marang bebadan-bebadan usaha saka nagara manca sing pengin ngemonah maneka sumber alam sing prasasat tanpa wates iku. Sapa wae pehak saka nagara manca kaya-kaya dijurung sakabehe kanggo ndhudhah sakehing sumber alam kasebut lan sabanjure ngolah lan mumpangatake. Dene awake dhewe, bangsa Indonesia, cukup kumanan limbah-e wae. Kaskayane alam kabeh dikeruk lan digawa mlayu menyang nagara manca. Lan nganti saiki pamarentah ya mung sedhakep wae. Lan tambah taun, kaskayane bangsa Indonesia sansaya tambah akeh. Miturut Anis, saiki bangsa Indonesia uga sugih koruptor. Saking sugih koruptor, yen ana 100 utawa 200 jenenge koruptor sing dibusak saka daptar, jarene Anis, durung bakal bisa nuwuhake bab kang beda tumrap bangsa iki. Saliyane iku, isih ana sawetara bab kang kudune wus ilang saka madyaning bebrayan agung bangsa iki minangka bangsa sing wus mardika 63 taun. Miturut Sahid Teguh Widodo saka Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS, sing saiki sinau ing sawijining universitas ing Malaysia, ing jagad pendhidhikan Indonesia kapetung kalah yen katandhingake nagara liya sing jan-jane mardikane saka regemane penjajah kapetung luwih telat tinimbang bangsa Indonesia.
bisa dadi kaca pengilon yen yektine warga bangsa iki pancen wus nglalekake jati dhirine, nglalekake kabudayane dhewe