Cakil sedang menjaga tapal batas sebuah kerajaan tertentu, dan tidak diperbolehkan siapapun yang melewatinya. Berikut cuplikan dialog yang biasa terjadi antara Cakil dan Tokoh Bambangan. Cakil: E ladalah, sasuwene aku pacak baris ing alas iki, ana satria bagus, baguse uleng-ulengan, dedege ngringin sungsang, lakune njungkar angin. Ayo ngakua, ngakua, ngaku! Sapa jenengmu, endi omahmu, endi omahmu, sapa jenengmu? Satria: Buta, buta pantes temen sesipatanmu, dene takon tanpa parikrama, ucapmu cariwis, tanganmu surawean kaya wong ngegusah. Cakil: E.. Babo, ladak lirih satria iki! Saria: Apa abamu! Buta, sapa pracekamu lan ing ngendi dhangkamu. Cakil: E Ditakoni durung sumaur malah genti takon Satria: Jamak lumrah wong tetakon ganti pitakon Cakil: Iya, yen kowe takon marang aku, aku andeling praja Girikadasar, Tumenggung Ditya Klanthangmimis, balik kowe sapa jenengmu lan ngendi pinangkamu? Satria: Yen jeneng ora duwe, yen kekasih ndakwangsuli. Cakil: Nyata ladak satria iki! sapa kekasihmu. Satria: Ya iki satria ing Tanjunganom, Raden Angkawijaya kekasihku Cakil: Sumedya marang endi lakumu? Satria: Ngetut tindaking suku, nuruti kareping budi
Cakil: E..Ladalah! Yen kena ndak eman becik balia, aja mbacut, halaran alas iki lagi dadi sesengkerane gustiku, yen ana janma liwat kudu bali. Satria: Aweh ya mbacut, ora aweh ya mbacut. Cakil: E..Bojleng-bojleng belis laknat jeg-jegan! Apa wani marang aku? Satria: Kang ndak wedeni apamu Cakil: E, lah keparat. Kekejera kaya manuk branjangan, kopat kapita kay ula tapak angin, kena ndak saut, ndak sabetake, sida sumyur kwandhamu. Satria: Mara dikepara ngarsa. Setelah terjadi peperangan antara Cakil dan tokoh Bambangan, akhirnya Cakil selalu tertusuk oleh keris nya sendiri (senjata makan tuan). Makna filosofisnya bahwa kita semua harus selalu berhati-hati dan waspada terhadap apapun, termasuk waspada dengan diri kita sendiri.