Anda di halaman 1dari 2

Sunan Kalijaga lan Nyai Brintik

Kacariyos ing Kerajaan Demak, wonten mangsanipun ngrumat pusaka ingkang kawastanan penjamasan. Ingkang nindakaken kedah Sunan Kalijaga. Nanging amargi wonten alangan, pramila dipungentosi Sunan Muria. Pusaka ingkang dipunresiki inggih menika Sengkelat lan Pasopati.Tiyang-tiyang sami kepengin ngertos babagan pusaka. Ananging wonten piyantun, asmanipun Nyai Brintik gadhah niat awon. Mboten kanyana-nyana, Nyai Brintik mlumpat nyaut pusaka. Sunan Muria lan tiyang-tiyang sami kaget. Utusanipun raja Demak nglacak ngantos dumugi Semarang. Dumugi setengah mergi, utusanipun kala wau pikantuk sisik melik, menawi ingkang asring tumindak kados mekaten wau Nyai Brintik. Utusan saking Demak bingah manahipun amargi sampun pikantuk sisik melik. Anggenipun kesah dhateng Semarang mboten ngagem busana kaprajuritan, pramila mboten damel ajrih. Sasampunipun dumugi Semarang, utusan kala wau pikantuk wangsulan ingkang cetha, menawi Nyai Brintik pancen leres manggen wonten ing Pertapan Gunung Brintik. Enjang menika Nyai Brintik nembe mawon medal. Raos sayah amargi mbekta pusaka dereng mantun. Dumadakan wonten piyantun bagus jumeneng ing sangajengipun, njalari benter manahipun. Nyai Brintik lajeng mlumpat kemleyang ngantem, nanging ingkang diadhepi sampun siyaga. Nyai Brintik kepengin menang, ngantem terus ngantos megap-megap. Eh, sapa sejatine kowe kuwi? Piyantun ingkang dipunsuwuni pirsa namung mesem. Tenan kisanak, Kabeh ilmuku wis daksuntak. Kayane lagi iki aku nemoni musuh kaya kowe. Aja nggumun Nyai , aku Sunan Kalijaga. Nyai Brintik kaget. Nyai, wong urip kuwi aja sombong. Aja rumangsa yen wis hebat. Aja mung kepengin menang dhewe. Sanajan pintermu nyundul langit, kepinterane manungsa isih ana sing ngungkuli. Wis, becike keris kuwi dakjaluk, barang kuwi dudu barangmu ta?Keris kala wau lajeng dipunkonduraken dening Nyai Brintik. Kula ndherek Sunan Kalijaga kemawon. Becik yen ngono. Kowe wis pasrah ing ngarsane Gusti Allah. Wusananipun Nyai Brintik ngawula ngantos dumugi seda. Nyai Brintik dipunpethak wonten ing Gunung Brintik ing pasarean Bergota.

Anda mungkin juga menyukai