Anda di halaman 1dari 6

PERTAPAN JATISARANA

Ana gumuk pucuke winaradin winangun padhepokan, anenggih punika ingkang awasta pertapan padhepokan Jati Sarana Sekar inggih ugi sinebat winastan

Arga

Ngadisekar. Pasiten miring pinapar winangun talundhagan, kanan tanapi kiring kinembong ijeming gegodhongan. Wreksa gung kang manglung tengahing marga, katingal

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

ngrembuyung dadya payung hamayungi para siswa Arga Sekar ingkang minggah mring pertapan. Dhasare pasiten subur, ingkang tinandur dadya sempulur, palawija, pala gumandhul, pala kependhem tuwin pala kasimpar, katingal ngrembaka, lamun nedheng panen, wohe hambiyeg dadya suka kang samya mulat. Lamun mulat tebaning keblat mangilen, tinon pesabinan ingkang katingal kuning gumrining, nenggih pari gaga, dhudha ngasak, raja lele kang wus handungkap samirana, panen. Kalamun

kasrambahing

lembak-lembak

pindha ombaking samodra ing wanci surup. Marga manghayat minggah tumuju mring padhepokan, tinalasah sela seta, wangun tinata tinundha-tundha lir cinandhi, lenggak-lenggok
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

yayah taksaka kang lagya cumbana. Tepining marga tinunu turus, ngandhape pinager beteng. Kumricik ilining toya saking belik, banyune pinara-para, naratas tilasing pasiraman dadya pasabaning menthok meri klayan

pangguyanganing kebo sapi. Sukuning gumuk rinengga gapura ingkang tinengga reca Gupala, nginggiling gapura sinerat aksara jawa, mungel Darmaning

Pandhita Narbuka Budi. Pucaking gapura jinangkepan sela tinatah tinaturengga, pethane hangemba peksi garudha ingkang jirtangkepan sesanti Bhineka Tunggal Ika. Samarga-marga hanggung rinengga taman myang sekar-sekar kang jinembangan, selane sinung pratima kang ngemba kidang menjangan lagya karonsih

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

kenya remaja kang ngangsu toya, tuwin reca pinetha Sang Hywang Gana. Saben pekarangan jinangkepan

sawarnining taneman kang murakapi. Jeruk keprok, klengkeng, pelem gadhung golek lan talijiwa. Jambu dresana, gedhang raja lan klapa genjah. Empon-empon datan kuciwa, uyup-uyupan ugi katon ngrembaka, kunir jahe, temu myang kencur, tinandur uruting beji, katingal ijo royo-royo hanengsemi. Ocehocehan taksih katingal jangkep, manuk

prenjak, peksi derkuku, cocak rawa, manuk podhang, peksi kutut lan kuthilang. Lah sinten ta ingkang madeg pandhita wonten pertapan Jatisarana, anenggih punika atmajane Begawan Wisanggeni inggih Resi Wiragni, peparab Begawan Suwandagni. Putra
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Resi Wisanggeni ingkang sajuga nenggih Resi Jamadagni ya sang Rama Bargawa, wus dangu atilar pertapan dadya pandhita mlaku sedinadina. Karuna sang Jamadagni menggalih sedane kang ibu Dewi Renuka. Begawan kesdik, Suwandagni kawruh tuhu turta pandhita limpat

sugih

panggrahitane, pramila katingal ngreksaka gigire, murub mbun-mbunane datan kena pinidak wewayangane. Wiwit mudha wus gentur tapa, nglampahi teteki tarak brata nenggih tapa ngidang, tapa nyanthoka, tapa ngalong, tapa wuda, tapa ngadeg, tapa ngrame, tapa pendhem tuwin tapa lungguh aneng pucuking curiga. Sinten ta ingkang kepareng ngabyantara mring ngarsane sang wiku? tuhu punika putra
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

kinasih ing Argasekar, kekasih Bambang Sumantri. Denira ngabyantara krana sinurung adrenging nala, sang Sumantri kepingin labuh negara nyuwitakaken badanira ingkang sapata, mrih gesangira murakapi dhateng sagung bebrayan. Ingkang pinandeng Bambang

Sumantri muhung negari Maespati, pramila sang rama sigra hangawe sowane Bambang Sumantri, mangkana wijiling pangandika sang raja pandhita Jatisarana.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Anda mungkin juga menyukai