Anda di halaman 1dari 4

UDAN WAYAH SORE

udan riwis-riwis nggawa angin gumanti ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung tak kanthi lakumu tumeka ngendi mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis marakake gawe kekesing ati manuk kepodang wus mabur mangulon nanging tetep tak tunggu tekamu

DALAN OMBAK

Wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina

SEDYAKU

Wis, Jeng Aku sumeleh nyelehake pangarep-arepku marang katresnan lan kawigatenmu sing semu yen nyatane amung semene cunthele lelakonku Pepenginku tansah sumandhing lan nresnani sliramu kudu dakprunggel sing luwih wigati, Jeng donga lan pengestumu wae tansah mili kanggo aku Wis, Jeng aku pamit becik njembarake pikir nggayuh kabegjan mring ati lan katresnan satuhu tan ora binagi ing liyan sempurna ing guritan siji

LINTANG-LINTANG
lintang-lintang abyor ing tawang cumlorot sliweran nalika alihan kumleyang mencok ing socamu asihku cahyane gumebyar sunare gilar-gilar ing telenge atimu sliramu tansah dakantu lintang-lintang alihan cumlorot telu ana pundhakku kawitan lintang abang lintang perang kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

Anda mungkin juga menyukai