Anda di halaman 1dari 8

Ceritra Saka Jawa Tengah

Timun Mas

Jaman biyen kuna, urip sejodo lanang wadon sing dadi petani. Urip ing desa cepake hutan lan
uripe bagyo, nanging durung diwei mongmongan yaiku durung diwei anak.
Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak. Sawiji ning dina ana raksasa
liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh wiji timun.
"Tanduren wiji kui, mengko arep olih anak wadon," omonge raksasa karo pasangan mau.
"Nanging ana syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh marang
aku," walese raksasa. Ora pikir dawa pasangan mau setuju karo syarate raksasa amarga kepingin
duweni anak.

Pasangan tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kui. Saben dina dirumat kanggo temenanan
tanduran sing muali urip kui. Wulan-wulanan nembe woh timun sing warnane kaya emas.

Timun kui suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wis mateng, ati-ati banget petani mau
ngarah wohe timun. saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon sing ayu rupane. Petani mau
banget senenge banjur diarani Timun Mas.

Taun ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. Wong tuane bangga karo
Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas umure wis 17
taun, raksasa pan teka lan nagih janjine kanggo njimot Timun Mas.

Petani mau usaha ben bisa tenang. "Enteni sedela, Timun Mas lagek dolan. Bojoku pan
ngundang," kandahe. Petani kui gagean nemoni anake, "Anakku, gawa iki," kandahe karo aweh
kantong bujur. "Iki kanggo nulung koe nglawan raksasa, Saiki cepet mlayu," kandahe. Banjur
Timun Mas gagean mlayu.

Petani mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake kanggo pakanan raksasa.
Raksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar. Raksasa ngerti wis dilombo marang petani mau.
Banjur raksasa ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas menyang hutan.

Raksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas njimot segegem uyah saka
kantong bujur. Banjur uyah mau ditawurake menyang raksasa. Ujug-ujug dadi laut amba.
Raksasa terpaksa ngelangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging raksasa bisa nyusul.
Timun Mas njimot barang ajaib seka kantonge. Timun Mas njimot segegem lombok, banjur
ditawurake menyang raksasa. Wit-witan ana eri landep ngurung raksasa. Raksasa kelaranen,
banjur Timun Mas mlayu golet aman.

Nanging raksasa banget kuate, meh bisa nongkop Timun Mas. Timun Mas njimot barang ajaib
sing ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji timun, urip lan woh dadi kebon tumin sing amba.
Amarga kekeselen lan ngelih, raksasa mangan timun-timun sing seger kui nganti kewaregen,
banjur raksasa turu.

Timun Mas mlayu meneh sekuat tenagane ngantek enteng. Lewih celaka maning raksasa tangi
seka turune. Raksasa meh nongkop Timun Mas, Timun Mas keweden, banjur ditokake senjata
sing keri dewe yaiku segegem trasi urang. maning-maning ana keajaiban, dadi danau belet sing
amba lan raksasa gigal meng kero belet.

Timun Mas lega, bisa selamet seka raksasa banjur bali maring omahe wong tuane. Rama lan
biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet. "Maturnuwun duh Gusti, nyelametake anakku,"
kandahe seneng. Kawit kejadian kui Timun Mas bisa urip tenang karo wong tuane, tanpa
keweden maneh.












Kancil Karo Monyet
Biyen nalika eyang esih urip, lan aku esih alit, nanging saiki eyang uwis seda. Meh saben , nalika
arep mapan turu, eyang mesti nyeritakaken cerita, mbuh kue cerita sejarah jamane perang utawa
dongeng kewan. Saiki aku arep nyeritakake doneng sing wis diceritakake eyang sing esih aku
eling-eling, crita Kancil karo Monyet. Ora sranta serune... mayu wacanen crita ng ngisor iki.
Mayo diwaca maning seru banget critane.


Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine.
Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe
drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir.
Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane
Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo
ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin
jukut roti kang tangane Monyet.

"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.
Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koe
paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo
Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel
dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"

Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti
rotine entek dipangan Kancil. hihihihi
Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni
roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu
brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip
pada karepe dewek-dewek.
Hehehehe matur nuwun mugi crita wau nggadahi manfaat ingkang sae.



Assalamu'alaikum wr. wb

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi
lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang
sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito
sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-
agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco
dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.

Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing
pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun
agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu
kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang
dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken
sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.

Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo
ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan
rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih
inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun
agenging pangapunten.

Wasslamu'alaikum wr. Wb








Assalamualaikum Wr.Wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah, Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Guru, para rawuh
saha para kadang siswa kelas tiga, ugi para wakil siswa kelas setunggal lan kelas kalih ingkang
kula tresnani.
Ingkang rumiyin sumangga kula ndherekaken raos puji syukur wonten ngarsanipun Gusti
Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanugrahan arupin kasarasan jasmani lan rohani
saengga ngantos wekdal menika panjenengan sedaya dalasan kula saged hangrawuhi undhangan
wonten ing tata adicara perpisahan siswa kelas tiga punika.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Kula minangka wakil saking kelas tiga ngaturaken nyuwun pamit dhumateng panjenengan
sedaya. Sadangunipun kirang langkung tigang tahun kula sakanca sampun ngudi ilmu wonten
sekolahan menika. Wonten pamulangan saben dintenipun kula sakanca asring damel kalepatan
awit menika, kula sakanca nyuwun pangapunten.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Bapak saha Ibu guru sampun paring ngilmu dhumateng kula sakanca, sampun ndhidhik saha
mbimbing kanthi ikhlas lahir terusing batos, awit menika kula sakanca namung saged ngaturaken
agunging panuwun, mugi-mugi bapak ibu guru pikantuk ganjaran ingkang langkung sae. Saking
Gusti Ingkang Maha Agung, amin.
Kula sakanca nyuwun pangestu dhumateng bapak/ibu guru supados kula sakanca pikantuk
pendhidhikan ingkang langkung sae wonten jenjang sekolah ingkang langkung inggil. Boten
kesupen kula sakanca dedonga ,mugi-mugi sekolahan punika saged majeng.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Mbok menawi cekap semanten kemawon atur kula, wonten klenta-klentunipun atur kula nyuwun
agunging samodra pangaksami.
Purnaning atur, billahitaufik wal hidayah
Wassalamualikum Wr. Wb









Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Para kanca,
siswa-siswi SMPN temayang ingkang kula tresnani. Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur
dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih
saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan saenggo kita sedaya saget
sesarengan kempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas 9 punika. Sasampunipun Muji Syukur
dateng Allah SWT, soho nyuwunaken tambahan Rohmat Keselametan dateng Rosululloh SAW.
Kula siswa kelas 9 ingkang mewakili kanca-kanca kelas 9 ngaturaken matur sembah nuwun kagem
sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula sakanca dangunipun tigang warsa dateng
pawiyatan menika, matur suwun sanget kulo piambak kalian wakilipun sedoyo rencang aturaken kagem
bapak ibu guru.
Tigang warsa mboten keraos mpun dipun lampahi temtu kula kalian sedoyo rencang nggegadahi imutan
sae lan awon mugi lantaran sedanten emutan puniko wau kula soho sedoyo rencang bakal nuwuhi raos
kangen sanget dateng smp temayang ngriki. Mboten ketilar kulo selaku wakilipun kelas 9 ngaturaken
gunging samudro bapak ibu guru sedoyo supados kerso ngapuntenaken sedoyo klenta klentu kulo lan
rancang sami.
Kula sakanca inggih badhe nyuwun pangestunipun supados kula sakanca saget nglebeti pawiyatan
enggal ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula sakanca. Ugi nyuwun dongo supados kula
sakanca saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bongso lan negara.
Sejatosipun kula sakanca kraos awrat sanget kagem nilaraken pawiyatan menika.
Kula inggih gadhah sekedik pesen kagem adek-adek kelas 7 kaliyan 8 kususepun kagem kulo piyambak
supados sinau ingkang sregep. Kedah emut marang ajaran islam perkawis manfaataken wekdal, wekdal
puniko gentos ning mboten keraos mulo ampun ngantos leno deneng ngisi wektu, ibadah kalian sinau
salah sawijinipun kwajiban kulo kalian adek adek sedoyo, utawin diartosaken usaha kalian doa, tujuane
setunggalkemawon inggih puniko supados saget wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare ingkang
lanthip slamet ndonyo akhirat amin.
Cekap semanten saking kula, manawi anggen kula sakanca kagungan sisip sembering. Ingkang klenthu,
kula nyuwun agunge panga puten dumateng sedaya kemawon. Kula aturaken matur sembah suwun.










Asslamualaikum Wr. Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu guru ingkag dahat
kinurmatan, rencang saha adik kelas ingkang kula tresnani.

Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun anglu beraken
rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makenpal wonten ing
sekolahan kangge ngawontenanken perpisahan.

Bapak/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan mboten kantun kula minangka wakilipun
putra putri siswa kelas sanga atur agunging panuwun ingkang tanpa upami awit
keiklasan saha sih katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah dhumateng para siswa
waengga saget ngampungake kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangipun tigang
tahun, khanti pikantuk surat tandha tamat blajar.

Sedangipun tigang taun kula ngangsa kawruh wonten ing pawiyatan wonten ing
panggulemah thanipun, ngantos wonten pengeketing batin seingga karengku kados
putraputri piyambak.

Bapak ibu tuwin adik adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula trisnani. Sakedhap
malih kula sarencang rencang nilaraken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur
kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adik adik, amargi kawontenan kedah
mekaken, pramila kepeksan kula kaliyan rencang rencang nilaraken Bapak/Ibu Guru
saha adik adik kelas pitu tuwin kelas wolu sanadjan ta sampun perpisahan ingkang
ateges tindih ing natra. Mewantu wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak ing
pengasih.

Pawiyatan ingkang sampun metahu tahun sampun tansah cecaketan kaliyan kula, kula
sarencang rumaos cuwa penggalih, badhe nilaraken pawiyatan menika, amargi kahanan
saka karsaning gusti, wonten pepaggihan tamtu badhe wonten perpisahan, punika kados
sampun sampan kodrat mboten kenging dipun owahi maleh.

Kula sarancang kelas sanga ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah
nyenyuwun lan ndedanga adik adik sageda kasil anggen ipun ngangsu kawruh wonten
ing pawiyatan punika, kula minangka wakilipun rencang kelas sanga tansah nyuwun,
mugi mugi adik adik sregep anggenipun sinau lan tansah mituhu dhumateng Bapak/Ibu
Guru.

Mboten kantun ugi kulo dalah rencang kelas sanga tansah memuji dhumateng gusti
ingkang Maha Agung, supados Bapak/Ibu Guru saa adik adik pikantuk nikmateng
pangeran wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

Kulo kinten mboten prayogi menawi atur pamitan pamitan punika kulo pepanjang. Kulo
naming tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik
adik. Sageda wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan punik lan sageda pikantuk
pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil. Ingkang
mboten nglajengaken sageda pangestu pedamelan ingkang samurwat kaliyan pangetosan
ingkang sampun tinampi.

Mbok menawi wonting kirang tata karma anggen kulo matur saha sisip sembiring atur,
kulo minongko wakil kelas sanga tansah nyuwun agunging panuwun igkang tanpa upami.
Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah.

Wassalamualaikum Wr. Wb.