Anda di halaman 1dari 5

MIRENGAKEN SESORAH TATA PENGANTIN JAWA

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas / Semester : XII / 1
Metode : Tanya jawab, diskusi, ceramah, drill/latihan
Alokasi Waktu : 4 x 45 Menit
I. STANDAR KOMPETENSI
Mampu mendengarkan dan memahani wacana lisan nonsastra maupun sastra dalam berbagai ragam
bahasa Jawa.
II. KOMPETENSI DASAR
1.1 Mendengarkan sambutan dalam upacara adat pengantin Jawa yang disampaikan secara langsung
atau dalam bentuk rekaman
III. INDIKATOR
1. Menyebutkan pokok-pokok isi sambutan
2. Merangkum pokok-pokok isi sambutan
3. menyampaikan secara lisan pokok-pokok sambutan dengan menggunakan bahasa krama
4. menanggapi (isi) sambutan yang disampaikan secara lisan oleh teman sekelasnya
IV. MATERI PEMBELAJARAN
A. Werdinipun Sesorah
Micara, sesorah, utawi pidhato, uga sinebut medharsabda yakuwi nglairake gagasan, panemu,
utawa osiking ati sarana lisan ana sangarepe pawongan akeh. Tumindak micara kuwi kalebu sakabehing
pari-polahing wong sing mujudake polahing tumindak , kalebu obahing awak, pasuryan, rasa-pangrasa
sarta jiwaning manungsa. Mula kuwi panindaking micara sawenehing wong bias ora lumaku kanthi apik,
amarga ora ana wong urip sing sampurna. Mula sesorah kudu digladhi, tansah nyinau sarta nulad para
priyayi singwis limpat. Wong pancen sesorah sing apik kuwi ora saderma ngapalake.
Menawa mangkono, sawenehing pawongan sing kapatah dadi panata titi laksana kuwi uga kalebu
pawongan sesorah utawa pidhato, ananging beda jejibahane. Bias trampil sesorah kuwi kudune sregep
sinau lan seneng gladhen.
B. Jinising Sesorah
Sesorah kanthi cara apalan/memoriter
Sesorah kanthi cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan utawa tulisan luwih dhisik banjur
diapalake nganti ora ana tembung-tembung kang kacicir. Dadi ora ana panemu-panemu anyarrasa-
pangrasa amarga wis tinulis kabeh ana sajronong cathetan sing wis digawe. Mung wae, yen ana apalan
kang kelalen, bisa njalari kabeh apalan kang wis dilakoni ilang. Cara iki mung digunakake kanggo
pawongan utawa bocahh-bocah sing nembe ajar pidhato.
Sesorah kanthi cara naskah/teks/manuskrip

Sesorah utawa pidhato cara naskah utawa teks kuwi juru pamedhar sabda kudu ngasta naskah
nalikaning pidhato banjur diwaca sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para pejabat utawa
punggawaning negari, mligine ana upacara-upacara resmi. Kanthi ancas supaya ora mlenceng karo tjuan
sakawit, ora kliru lan wektu kang sumadya winates. Dene yen ana rembug-rembug liyane antaraning
pejabat lan masyarakat diterusake ana ing acara sarasehan utawa temu wicara.
Sesorah kanthi cara dadakan utawa impromtu
Pidhato cara dadakan kuwi, pidhato sing ora kkanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi, pawongan
sing tinanggenah sesorah kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing pamicara lan sugih
pengalaman uga kawruhe. Kepara pawongan mau wis kalebu ahli sesorah.
Sesorah kanthi cara ekstemporan
Sesorah cara iki, juru pamedharsabda kudu ngasta cathetan cilik (outline) minangka gaman utawa
pangeling-eling urutaning isi sing bakal kawedharake. Cathetan mau mung isi wos-wosing gati sing arep
diwedharake. Cara iki biasa digunakake dening dwija kang arep mulang ana ing sangareping muride.
C. Sangunipun Juru Sesorah
Nguwasani bahan utawa perkara kang arep diwedharake
Juru pamedhar sabda kudu nguwasani bahan utawa perkara sing diwedharake sarta wani caos
tanggapan tumraping panyaruwe. Tanggapan kuwi kudune nduweni dhasar utawa landhesan ora amung
waton ngomong. Mula kudune nduweni sangu ilmu kang mumpuni.
Nduweni Rasa Wani
Juru pamedhar sabda uga nduweni rasa wani micara ngadhepi wong akeh. Amarga bisa uga kalah
prabawa karo pawongan sing diadhepi. Apamaneh yen sing diadhepi kuwi nduweni prabawa lan
kepinteran kang luwih.
Patrap utawa sikep
Patrap utawa sikep kudu sing trengginas, tanggap, manteb, luwes, pantes, wibawa, aora ingah-ingih,
apamaneh wedinan. Nalikaning ngadeg kudu jejeg, ora ndhoyong, ora cekelan kepara lendhetan cagak.
Parlu dimangerteni juru pamedhar sabda utawa juru paniti laksana sajroning ngayahi wajib/jejibahan
uga dadi pasugatan mungguhing para tamu.ngegreng/semuwa utawa orane swasana wiwahan
gumantung uga saka paraga kasebut.
Mula kuwi, kudune nduweni utawa ora uwal saka tata krama utawa trapsila yakuwi solah bawa, tindak-
tanduk sing prasaja utawa apa anane ora digawe-gawe. Owah-owahaning pasuryan katon sumriingah
anengsemake amarga swasanane nyenengake.
Busana lan ngadi sarira
Tegese nalika nindakake ayahankuwi busana utawa ageman lan ngadi sarira kudu diselarasake kahanan.
Basa lan sastra
Basa minangka piranti utawa sarana lelantaran, sesambungan utawa lung-tinampa karo para tamu
utawa sing ngrungokake, mula saka kuwi basane ora basa ndakik-ndakik sing ora dimangerteni dening
sing ngrukokake, ananging basa sing gampang dimangerteni wong akeh. Dene basa sing trep uga basa
sing bener tuntunaning parama-sastra. Pamilihing tembung, pangrakiting ukara, laguning ukara
(intonasi) ingkang cetha, kendho-kenceng, inggil-andhap, cepet rindhik lsp. Ringkesing basa kudu sing
komunikatif, tegese kudu ngilingi:
Sapa sing ngajak guneman;
Sapa sing diajak guneman;
Sapa sing diomonggake;
Swasananing nalikaning guneman;
Padha mangerteni sing diomongake.
D. Cengkorongan Sesorah
1. salam pambuka
2. atur puji syukur marang Pangeran
3. atur kasugengan, kairing atur panuwun
4. wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah
5. atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhi)
6. panutuping atur/salam
V. PENDALAMAN MATERI
Ing ngisor iki ana sesorah utawa sabta tama (ular-ular) ana tata cara temanten Jawa, wacanen kanthi
permati !
Sabta Tama (Ular-Ular) Pahargyan Panganten
Assalamualaikun Wr.Wb
Alhamdulillahirabbilalamiin, washolaatu wassa laamaala asysyrofil ambiyaaki wal mursaliin, waala
aalihi wa askhaabihi ajmain. Ama badu.
Nuwun!
Panjenenganipun ingkang satuhu kinabekten, para sesepuh dalah pinisepuh ingkang anggung mastuti
dhumateng pepoyaning kautamen.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning para kawula
dasih ingkang pantes sinudarrsana.
Sumawana sanggyaning para rawuh kakung miwah putri, ingkang dahat kinurmatan.
Langkung rumiyin ngengeti kula sadaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening Gusti ingkang
Maha Kuwasa, pramila sumangga angunjukaken puja-puji syukur dhumateng panjenenganipun ingkang
sampun kapareng ngrentahaken rahmat lan hidayah-Ipun miwah kawilujengan saha kalodhangan
saengga kula sadaya saged anjenengi ing ratri/siang menika kanthi winantu ing suka basuki lumintua ing
salami-laminipun. Amin.
Salajengipun saestu linepatna ing deduka, tinebihna ing tulak sarik, dene kula kumantun lumaraping atur
saengga ngirangi kamardikan panjenengan sadaya ingkang nedheng eca wawan pangandikan.

Nuwun, inggih awrat mundhi panyuwunipun adhi kula pun Drs. Harjuna Sasrabahu sekalian, lumantar
sedherek Panata Laksita supados paring sabta tamanutawa ular-ular risang penganten sarimbit.
Pancenipun awrat amargi dereng drajatkula supados ngaturi ular-ular menika.
Suka wawasan prayoginipun bebrayan utawi ambyurr ing samodraning bebrayan agung jer senadyan
kula ing prekawis panggulawentah saestu kantun kalitan nakmas penganten kekalih, ananging prekawis
pangalaman kula langkung sepuh sarta langkung rumiyin anggenipun bebrayan, mesthiniipun langkung
kathah pengalaman sarta seserapanipun prekawis meniika.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh menapa dene panjenenganipun para tamu
kakung sumawana putri ingkang luhuring budi, keparenga sami paring pangestu dhumateng kula,
supados saged dumugining sedya anggen kula amakili panjenengans adaya, suka wawasan tumrap theg
kliweranipun ngambah bebrayan agung menika.
Anakmas temanten kekalih ingkang manggih bagya mulya.
Gegaran tumrap gesang bebrayan menika kedah nindakaken Ma lima, inggih menika saking tembung
mlumah, mengkurep, modot, mlebu, lan metu.
Saderengipun kula njlentrehaken, sasampuna panjenengan sampun sami gumujeng sarta kagungan
penggalihan bilih tembung-tembung kasebut mengku teges lekoh utawa saru.
Mlumah menika werdinipun nglumahaken tangan, tegesipun remen makarya utawi nyambut damel,
minangka lantaran nyenyadhong dhateng Gusti Allah SWT dhawahing rezeki saking panjengan-Ipun.
Sadamel-damelipun dipun tlattosi satemah ing samangkenipun nggadhahi kesagedan ing satunggaling
prekawis, dados nyambut damel menapa kemawon sageda sampun ngantos gontas-gantos pedamelan ,
ananging salah satunggal dipun antepi sarta dipun udi/dipun redi ingkang saestu.
Mengkurep , tiyang gesang ing alam donya menika remena dhateng weweh utawi tetulung dhateng
tiyang sanes, lan suthik pikantuk pangalembana. Kanthi mekaten menawi weweh utawi damel kesaenan
dhateng tiyang sanes kaumpamekaken nyimpen sekar ing lemantun wesi, kuncinipun lemantun wau
tiyang sanes ingkang bekta sarta bikak, sampun ngantos awkipun piyambak ingkang mbikak. Menawi
ingkang mbikak lemantun (kesaenan) wau tiyang sanes makaten gandanipin nggambar arum boten
badhe ical-ical.
Modod , menika tegesipun sami kaliyan mulur werdinipun tiyang gesang ing alam donya menika kedah
tansah mulur utawi kreatif nalaripun manut kemajenganing jaman. Samenika jaman globalisasi,
tegesipun jagad ingkang wiyar menika wates-watesipun sampun ical, temahan tiyang sadonya menika
saged pados panggesangan ing pundi papan. Kanthi mekaten gesang ing samangke tansaya awrat
sesanggenipun, amargi sami lomba kaliyan warga negari manca, boten namung kaliyan warga sanagari.
Pramila supados saged gesang ingkang remen kedah jembar wawasanipun satemah gadhah pambudi
daya kreatif.
Mlebu, tegesipun saget nampi kemajengan, sedaya ilmu saha ketrampilan, kesagedan menapa
kemawon ingkang loyogipun dhateng kesaenan kedah dipuntampi kanthi lila legawaning manah. Upami
satunggaling pawongan ingkang pakaryanipun dados pradangga mangka wekdal samangke sampun
awis-awis sanget tiyang kagungan kersa utawi gadhah damel sami nggelar gangsa, pramila pawongan
mau kedah kupiya pados padamelan sanes minangka sagaking gesang, ugi saged nampi saha purun
boten purun nampi kemajengan seni campur sari inggih menika nggabungaken gangsa kaliyan pirantos
musik elektronik lsp.
Metu, werdinipun sedaya kesagedan, ngelmi saha ketrampilan ingkan dipungadhahi kedah
dipuntindakaken kepara dipuntularaken tiyang sanes. Jer nularaken ngelmi menika ngamal ingkang sae
sanget lan pikantukipun lelintu ganjaran sadangunipun ngelmi ingkang dipuntularaken.
Sampun ngantos wegah utawi gadhah ngelmi nanging boten kaamalaken kados ungel-ungelan jarik
lawas ing sampiran, tegesipun ngelminipun muspra boten dipun ginakaken menapa malih dipun tular-
tularaken.
Mekaten, atur wawasan ingkang saged kula aturaken mugiia wonten mupangatipun, menawi mekaten
menika inggih awit peparingipun Pangeran ingkang amurba amisesa, ananging menawi kathah tuna
dungkap menika inggih awit saking cubluk lan cupeting ppemanggih kula.
Wasana jenang sela wader kali sesonderan , apuranta yen wonten lepat kawula.
Akhirulkalam, Wassalamualaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai