Anda di halaman 1dari 2

Wedang Secang Kanggo Kasarasan

Wis akeh wong sing ngerti menawa secang mono salah sawijining omben-omben sing bisa
kanggo njaga kasarasan. Awak ora kepenak, rada masuk angin, yen diombeni wedang secang
anget-anget bisa seger waras. Saiki wis ana produk wedang secang wujud sirup lan bubukan,
pangombene luwih praktis lan gampang.
Secang urip ing sadhengah papan, bisa ing pegunungan utawa dataran rendah. Yen
ing padesan kanggo pager utawa urip ing kebon lan pategalan. Dhuwure watara 5-10 meter,
wit lan pange kebak eri tempel sing bengkong. Wite gilig wernane ijo semu soklat. Godhonge
majemuk kaya godhong lamtara, wohe polong dawane 8-10 cm ambane 3-4 cm., pucuke kaya
cucuk manuk. Yen wis mateng wijine ireng, saben polong ana 3-4 wiji. Kayune bisa
diundhuh yen wite wis umur 1-2 taun. Kayu secang yen digodhog wernane banyu malih
abang, bisa kanggo bahan cet (pewarna), kayata wernane jajan, inuman, anyaman, lan
sapanunggalane.
Secang bisa kanggo ngobati lara diare, disentri, watuk getih (TBC), tatu sing nemen,
sifilis, malaria, radang selaput lendir mata lan nyeri merga ganggan sirkulasi getih. Kayu
secang ngandhut asam galat tanin, resorsin, brassilin, brasilein, d-alfa-phellandrene,
ascimene, minyak atsiri sing kasiyate bisa ngendhegake perdarahan, pembersih darah,
penawar racun, lan antiseptik.
Carane gawe minuman saka secang, njupuk kayu secang sacukupe, ditambah gula
pasir, sere, jahe, lan banyu sacukupe. Bahan-bahan mau didheplok (diselep) dadi siji banjur
diperes. Lan disaring. Terus digodhog suwene telung jam. Yen wis adhem diwadhahi ing
botol sing wis dikumbah resik (steril). Siap diunjuk. Kajaba kanggo sirup, secang bisa
ngobati sawetara peyakit.
Ngresiki darah kotor
Kerokan kayu secang sacukupe, ketumbar, godhong trawas, digodhog karo banyu,
yen wis adhem disaring diombe. Saben dina ngombe kaping pindho esuk lan sore.
Diare, mencret
Kayu secang 5 gram dikethok-kethok banjur digodhog karo banyu 2 gelas suwene 15
menit. Sawise adhem disaring, dibage loro diombe esuk lan sore.
Watuk getih, TBC
Kayu secang 11/2 driji dikumbah sing resik diiris-iris cilik. Digodhog karo banyu 4
gelas nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, diombe kaping telu saben ngombe 3/4
gelas.
Bebuwang getih (berak darah)
Kayu secang sadriji diumbah diiris-iris banjur digodhog karo banyu 3 gelas nganti
kari separone. Yen wis adhem disaring, ditambah madu diombe. Sedina ngombe kaping
pindho esuk lan sore, saben ngombe 3/4 gelas.
Radang selaput lendir mata
Kayu secang 2 driji dikumbah banjur diiris cilik-cilik, digodhog karo banyu 3 gelas
nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, banyune kanggo ngrambang mripat sing lara.

Ature: Atim Swasono, SP
Jaya Baya 4/LXI, Minggu IV September 2006


Kembang Rosela Njaga Metabolisme Awak
Tanduran iki asale saka manca nanging wis urip ing Indonesia wiwit jaman penjajahan biyen.
Merga kembange apik, mula ditandur ing latar kanggo pasren. Wite cendhek wernane abang
tuwa, godhonge lancip cawang telu, ana sing pinggire ringgik-ringgik ana sing alus.
Kembange wernane abang, kaya woh, tengahe ana isine. Sejatine iki kelopak bunga. Iya
kelopak bunga iki sing nduweni kasiyat njaga kasarasan lan metabolisme awak. Ing Malaysia
malah kanggo suplemen, vitamin kanggo njaga stamina amrih kuwat ora gampang lara.
Jeneng Latin-e Hibiscus sabdariffa, wong Sunda ngarani kembang anggrem, ing Medan
jenenge bunga merah. Senajan akeh sing nandur nanging padha ora ngerti kasiyate.
Kamangka wohe kena kanggo gawe setrup, digodhog karo gula rasane legi kecut enak kaya
frambusen. Mula ana sing ngarani kembang frambusen.
Ing Malaysia, hibiscus diolah dadi teh celup, sele roti, sirup (setrup). Kembang hibiscus
ngandhut vitamin A, vitamin C akeh, kalsium sing cukup, ngandhut serat lan mineral. Mula
becik kanggo kasarasane mripat, kulit, balung lan pencernaan. Miturut Iwan R Hudaya, sing
duwe kebon hibiscus jembar ing Pasar Minggu, Jakarta, dheweke wis suwe nandur hibiscus
kanggo bahan sele roti lan sirup. Rasane enak ora kalah karo omben-omben bangsane fanta.
Kembang rosela werna-werna jinise nanging ing Indonesia kene ana rong jinis, sing
godhonge ringgik-ringgik pinggire lan sing alus. Wohe meh padha, mung rada beda wernane.
Ing Hawai, Malaysia, Thailand, India, Kuba, tanduran rosela iki werna-werna jinise. Ana sing
kembange wernane wungu, putih, violet, biru, oranye, abang tuwa. Ing kana kembang rosela
digawe teh, diombe kaya yen ngombe teh biasa. Emane ing kene durung populer. Kamangka
yen saben dina ngombe teh hibiscus awak bakal sehat lan seger merga metabolisme lancar lan
kecukupan sawetara vitamin sarta mineral. Rehne durung ana sing adol teh hibiscus, becike
gawe dhewe wae. Kepriye carane gawe omben-omben saka rosela?
TEH HIBISCUS (ROSELA)
Kembang hibiscus sing wis tuwa tenan diundhuhi banjur dipepe sedina rong dina supaya
alum. Yen wis alum dibeleki dijupuki sing ana tengahe (wijine). Wijine kena ditandur.
Kelopak hibiscus sing wis dijupuki isine banjur dikumbah nganti resik terus dipepe maneh
nganti garing suwene 3-5 dina. Ditutupi plastik bening supaya ora kena bledug. Yen wis
garing teh disimpen ing wadhah sing rapet, siap digawe wedang teh. Carane gawe, mundhuta
teh hibiscus sacukupe diseleh gelas banjur dicom banyu umub ditutup sing rapet. Banyu com-
coman bakal dadi abang wernane, ditambah gula pasir terus diunjuk anget-anget. Yen
disimpen rapet, teh hibiscus bisa tahan nganti 3-6 sasi lawase.
SIRUP HIBISCUS
Woh hibiscus (rosela) sing isih seger lan wis tuwa kehe 500 gram dibuwang isine sing ana
njerone nganti resik banjur dikumbah. Bahan tambahan:gula pasir 600 gram, asam sitrat 4
gram, natrium benzoat (kanggo ngawetake) 1-2 gram, botol sing steril 2 iji. Dhisik dhewe
nggodhog banyu 8 gelas ing panci email (ora kena panci aluminium) nganti umub. Kelopak
hibiscus banjur dicemplungake, digodhog suwene 20-25 menit, terus genine dicilikake karo
tetep diudhak-udhak nganggo sendhok kayu (enthong). Yen banyune wernane wis abang,
genine dipateni banjur dientas lan disaring. Cemplungna gula pasir, asam sitrat lan natrium
benzoat, diudhak sing rata nganti larut. Banjur digodhog maneh nganggo geni cilik wae
nganti umub maneh suwene 5 menit, dientas. Yen wis rada adhem diwenehi esence (sari) apel
utawa stroberi miturut kasenengane, terus diwadhahi botol disimpen ing kulkas supaya rada
awet. Sirup siap diunjuk. Cara iki ora tahan suwe. Yen kepengin sirup bisa tahan rada suwe,
botol kudu disterilisasi dhisik (pasteurisasi). Sadurunge diwadhahi, botol digodhog nganti
umub kanthi temperatur 150-200 derajat celsius.
Jaya Baya 48/LX, 30 Juli 5 Agustus 2006

Anda mungkin juga menyukai