Pepadange sakjroning pepeteng Biso di gawe nanging ora biso digawe-gawe Katresnan iku kasunyatan ngedohi tumindak dudu Kayadene: drengki, srei, dahwen lan pati open Katresnan iku larang regane ora biso di tuku Lan di tiru sarana bandha donya lan raja brana liyane, jalaran toh-tohane Nyawa Katresnan iku dalan kang tumuju marang bebener kebak deneng rasa lan pepadhang lila lan legawa lair tumusing bathin kaya dene gegodhongan kang googrok saka uwit ora ngarep-arep bakal baline melu ngrasakake panandhanging liyan Katresnan iku ora mbedak-bedakakeh Cendhek duwuring pangkat Asor Luhuring Drajat Lan gegebengane urip kang rinasuk ananing mung welas lan asih suka pitulung marang sapa bae Katresnan iku prayata umur tuuwa, dudu umur dawa urip tanpo cacar ing ngarsane Pangeran Sing nguasai pati lan urip
BOCAH-BOCAH BAJANG ngudang golekan tengahing samudra angin isih mempeng nggawa ganda amis manuk-manuk gagak kekiter ing awing-awang kembang-kembang kamboja mesem getir tengahing wengi bocah-bocah bajang sing nggawa sada lanang ing tengahing delanggung padha alok : endi lintange!, endi rembulane! dakanti-anti wiwit sore nanging ora wani ngetok kodhok ngorek umpetan ing watu jangkrik ngerik amping-amping klaras Mak, balia! pangundange si bocah bajang mau aku wis kesel, aku kepingin turu sing angler bantalan lengenmu! byar! Sulaking ati trawangan kaya rahina sabubare nglilir esuk, kandhane: mak, lilanana aku arep dolan, bablas ngenthir sangu tela lan lenga tala.
NYESEP PAIT GETIRING LELAKON nggagas urip sajroning wanci sepi jebul ing dhadha iki isih ana gambar manuk dara lan kembang mawar isih ana tembang katresnan lan rasa semeleh urip pancen kebak ing perjuwangan, nyesep pait getiring lelakon, asring ngambah dalan-dalan rumpil urip ora mung golek pikolehe dhewe nanging rungokno getering ati iki sing datan kendhat ngelingake bakuning ayahan sing luhur Ian mulya
Gelang Kayu Nurbayan Kembang sing nate tak tandur ning jero atiku Sak iki uwes rah mupus garing layu Semono ugo roso katresnaku marang awakmu Muspro ilang kepangan lakune wektu
Gelang kayu sing biyen tak wenehne awakmu Tondo tresno ati naliko ning Mauospati Sing mbok gawe ning tanganmu Opo wes rah ono ajine kanggoawakmu Mung ngelamun yeng iling kutho mediun
Nduk rungokno nangis batin atiku nelongso Seprene nggonku ngenteni kowe Nganti tuwo rah ono kabare
Pitik cilik sing biyen mbok wenehne awakku Janji tak openi nganti mengko sak balimu Ning kesuwen lehku Nunggu rah karuan papan panggonanmu Nganti sak kandang nanging sliramu ilang
Ndok rungokno Nangis batin atiku nelongso Seprene nggonku ngenteni kowe Nganti tuwo rah ono kabare
Koyo wes rah ono ajine anggonku ngenteni kowe Pitik cilik gelang kayu tanpo guno roso tresnoku
Cupet Ati NurBayan
Ora nate tak songko yen pedote tresno Dadekne Bubrahing Moral lan akhlak mu Dadi nekat ati njegur nang lokalisasi tego tenan kowe cidro ing janji
Gudu karep ati iki jegur nang lokalisasi Wes nem tahun sliramu ora bali Wes rah ono kabar embo papanku neng endi Kepepet aku kadung cupet ati
Njroning ati iki sak tenane aku nangis Nangis koyo-koyo ora lilo Ra mbok tututono kabeh wes rah ono guno Telat kudune jaman semono
Apuranen aku yen nggawe gelo atimu Gudu karepe ati dadaekne rusak awakmu tak cobo tak ngapuro snajan atiku isih gelo wes-wes yo wis cukup kangmas sak iki lalekno aku
Du kangmas sak tenane aku ngerti atimu Ning wes pastine aku duk jodohmu Pancen roso kari Roso gudu lilo nggonmu nrimo Lilakno aku nyanding Prio lio
Rah keroso wes sewindu nggonku ora ketemu Kegugah atiku krungu suwaramu Aku mung bisa ndedungo waranggono sing tak tresno Mugo biso orep tentrem mulyo
Tak tulis lakon tresnamu ning gending katresnanku Tak tembangne saben kangen sliramu Sak tenane aku nangis nanging tresno wis ginaris Taklakoni Kanti ikhlas ati
Wuyungku ngelayung ngamboro ing awang-awang Tanpo biso nyanding aku mung biso nyawang Tumetes eloku deres mili ono pipi opo tresno iku pancen rah kudu nduweni
Wes lilakno aku kangmas wes cukup lalekno lelakon tresno iki bakal dadi crito Tresno Waranggono
Mendung Mentiung Langit Tulung Agung Nurbayan
Aku namung biso ngroso nelongso nyawang sliramu sesandingan melengkung janur kuning ning gawangan trenyuh atiku kelingan
Kusumawicitra sing dadi seksine Minyekseni tresnaku mring kowe Tansa ngelayung mung tansah ngelamun Iling naliko kayuyun
Mendung mentiung langit Tulung Agung Mayungi tresnoku sing wurung Ning Gisik dermogo Waduk Wonorejo Nangis atiku Nelongso
Aku mung biso nahan eluhku Koyo-koyo ra lilo aku kelangan sliramu Duh gusti kuwatno atiku nyeksekne slirane Sesanding priyo liyo pilihan wong tuwo
Tresno Kuto Besuki Nurbayan
Ning kuto Besuki langit jember seksine Pupus katresnan aku lan kowe Separuh atiku isih kari neng kutomu Ninggal loro singnjangget njroning dodo
Lintang sing sumunar kelipe nyungah ati Kowe tego tenan nyulani tresno iki Aku pancen sudro oraduwe bondo dunyo Nadyan isih tresno tak lilo atiku loro
Suwar -suwir leh-oleh soko kutho mu Manis rasane nangingi sih manis esemmu Sih tak iling senajan wes ora nyanding Dadi cerito orep sing tansah dadi pengiling Nelongso tenan lakon asmoro sudro dalanan
Mung biso trenyuh yen aku kelingan Udan grimis neng ereng-ereng rembangan Kok nganti ati medot tali tresno iki Pungkas cerito tresno kuto Besuki
MEMUJIA KIDUNG PANGALEMBANA suntruting polatanmu, kuciwaning atiku dakrendhem duwe duso-duso kepungkur dadi pangeling-eling sisa rikalaning sepi aku ngerti manungsa ora luput ing lali lan sepen ing pamrih bukaken lawanging atimu tampanana berkah suci wewarahing agama biraten kidung panglangut ing atimu memujia kidung pangalembana Konjuk Gusti Ingkang Maha Kuwasa percayaa, uripmu bakal nemoni slamet selawas-lawase
Siso Tresno Ing Bumi Patria Nurbayan Koyo koyone wes rah biso anggonku nggandoli sliramu Pancenne wes tibo wancine uwes cukup mung semrene
Gumlegar suorone peter ing langit bumi patria Neng Makam Bung Karno minongko seksine Kawitan aku ketemu kowe
Ning pancen nasibe kudu lilo nerimo tresno kepenggak restune wong tuwo amung lewat gending tak ukir lakon loroku nelongso yen eleng kowe cah ayu
Amung nangis, nangis yen aku kelingan Naliko pacaran ning candi penataran Amung trenyuh trenyuh yen aku kelingan Katresnanku pupus kari kenangan
Kesirep atimu lali marang awakku Tak lilo lilo snajan ati kuciwo
TUGAS BAHASA JAWA GEGURITAN
Oleh: Moch. Haris (VII E / 17)
DINAS PENDIDIKAN KOTA PROBOLINGGO SMP NEGERI 2 PROBOLINGGO