Anda di halaman 1dari 8

Prabu 

Kalimantara

Uwong yen wis darbe samubarang tur rumangsa digdaya kerep-kerepe banjur takabur.
Semono uga Prabu Kalimantara, ratu saka nagara Nusantara utawa Cempaka Kawedhar
iki. Wujude buta, sekti mandraguna. Isih enom, gegayuhane ngrabi widadari lan
nguwasani tribawana.

Ana ing negarane sing gedhe lan jembar laladane, Prabu Kalimantara mbawahake
wadyabala raseksa kang seneng ulah kaprajuritan, prigel-prigel nggunakake sanjata lan
kedhotan. Para nayakane prasasat ora ana kang ora duwe kasekten.

Para agul-aguling praja mau, ing antaraning kaya ta Arya Sarotama, Ardadhedhali,
Tunggulnaga, lan Karawelang. Sang nata uga kagungan titihan garudha yaksa aran
Banarata, ndadekake Prabu Kalimantara saya diwedeni dening para ratu saindenging
ndonya.

Ringkesing crita lelakone Prabu Kalimantara iki, nuju sawijining dina sang prabu nglurug
perang menyang Suralaya ngirid bala yaksa sagelar-sapapan. Sang Prabu nedya nyuwun
widadari sajodho kang bakal dikarsakake minangka garwa prameswari.

Para wadya dorandara maune iya padha nyoba arep mbalekake bala raseksa kang
nggunggahi kahyangan iku. Nanging wadya dorandara tetela ora kongang nadhahi
yudane para manggala perang wadyabalane Prabu Kalimantara sing racak-racake padha
dhugdheng kuwi.

Wadya dorandara keseser perange, dhinawuhan padha mundur. Kori Selamatangkep age-
age ditutup. Para raseksa ngepung rapet Repatkepanasan. Bathara Guru lan Bathara
Narada banjur nganakake pirembugan, netepake manawa perlu golek jago kanggo
ngundurake para raseksa Prabu Kalimantara sawadya iku.

Untung dene wadya raseksa kang ngepung Repatkepanasan kuwi isih bisa disemayani.
Bathara Narada banjur golek sraya marang Wukir Retawu padhepokane Begawan
Manumayasa.

Sang begawan iku apeputra loro, yakuwi Bambang Sekutrem lan Bambang Sriyadi utawa
Bambang Sriyati. Kekarone marisi sipat lan budi luhure kang rama.
Hyang Narada, sarawuhe ing Pratapan Wukir Ratawu banjur ngendika marang Begawan
Manumayasa yen ngersakake mundhut putrane Begawan Manumayasa, ya Bambang
Sekutrem, kinarsakake minangka jago kanggo munah satru sekti Prabu Kalimantara
sawadya kang ngunggahi Suralaya. Sadurunge budhal, dewa maringi nugraha sanjata
panah aran Pasopati marang Bambang Sekutrem.

Sawise matur sendika, Sekutrem banjur methuki Prabu Kalimantara sawadyabalane kang
kandheg ana jaba amarga gapura lawang seketheng Selamatangkep ditutup dening
Bathara Cingkarabala lan Bathara Balaupata, dewa loro kang tugase njaga gapurane
kahyangan.

Bareng weruh ana satriya ijen tanpa rowang marepegi, Prabu Kalimantara cingak. “We
lha dalah! Kok iki para dewa mung ngajokake jago manungsa lumrah. Sing jenenge para
dewa dhewe, kang padha nduweni kadigdayan wae wis ora ana sing kuwawa nandhingi
yadaningsun, kok iki.…” mangkono batine Prabu Kalimantara.

 Prabu Kalimantara banjur ndhawuhi titihane, garudhayaksa Banarata supaya nladhung


Sekutrem. Ananging Sekutrem wis siap. Jemparing Pasopati linepasake ngenani Garudha
Banarata lan Prabu Kalimantara pisan. Prabu Kalimantara nggereng sarosane, banjur
ambruk ndhepani bantala, nemahi pati bebarengan karo titihane.

Kaget semu gumun weruh ratu-gustine tiwas, para manggalayuda, Arya Sarotama lan
Ardadhedali sawadya ngroyok Sekutrem. Ananging sing dikroyok iku satriya srayaning
dewa sing banget prigel ulah sanjata. Wadya raseksa padha sirna gempang tan mangga
puliha.

Lan eloking lelakon, dene kuwandane Prabu Kalimantara banjur malih dadi senjata
pusaka Jamus Kalimasada. Kuwandane para manggala uga dadi gegaman kang tembene
dadi pusakane Pandhawa.
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana

Ana ing crita-crita pedhalangan –kejaba ing lakon Babad Wanamarta– jenenge paraga
wayang siji iki arang-arang banget kepurungu, beda karo jeneng-jenenge para Pandhawa
lan Kurawa. Pancen dudu paraga lumrah, karuan iki sawijining tokoh manggalaning para
jim kang urip ing kraton kajiman ing alas gung liwang-liwung, Alas Mrentani utawa
Mertani alias Alas Wanamarta.

Lakon kasebut, sing kalebu lakon carangan, versine sajake ora mung trima siji loro.
Minangka conto, pambabade alas sing sateruse dadi negara Amarta utawa Batanakawarsa
utawa Indraprastha kuwi ana sing nyritakake yen sing mrentahake iku Pabu Duryudana,
ratu Astina. Pamrihe ora kok dimen Pandhawa bisa duwe nagara, nanging supaya
Pandhawa sirna dimangsa sato wana galak utawa jim setan peri prayangan. Jalaran Alas
Mrentani ngono kondhang gawat keliwat-liwat, wingit kepati-pati.

Crita liya, sing ndhawuhake mbabad alas wingit kuwi Sri Bagendha Matswapati, raja
Wiratha minangka tandha panarima marang lelabuhane Pandhawa mbengkas reruweting
praja. Nalika mbabad alas kuwi, Pandhawa uga dibantu dening wadyabala Wiratha.

Intine lakon Babad Wanamarta iku salah sijine ngene: alas werit sing nedya kababat
mau, kraton kajiman kebak brekasakan. Tetunggule jim cacah lima, sing jeneng-jenenge
biasane dicritake kadidene: sing pembayun jim Prabu Yudhisthira, panenggake jim Arya
Dhandhun Wacana, panengah jim Raden Dananjaya, uga sok ana sing nyebutakake jim
Kumbang ali-ali. Warujune jim Nangkula-Sadewa.

Nalika Alas Mrentani wiwit dibabad Bratasena, jim Dandhun Wacana duka yayah sinipi,
prentah marang kabeh andhahane supaya ngrangket Bratasena. Bratasena banjur
dijalasutra nganti ora bisa ngglawat. Isane mung kari sambat-sambat ngundang Permadi.
Nalika iku Permadi kang diutus ngupadi Sena, sawise sowan Begawan Abiyasa, winisik
murih marang pratapan Pringcendhani, ketemu pendhita ula gedhe Begawan Wilwuk.
Ana kono pinundhut mantu kadhaupake karo putrine sing sesilih Endang Jimabang, lan
pinaringan pusaka lenga jayengkaton, sing kasiate bisa kanggo meruhi kabeh alaming jim
setan peri prayangan.
Saka Pringcendhani, Premadi nerusake laku. Tekan Alas Mrentani krungu sesambate
ingkang raka. Merga wis nggadhuh Jayengkaton, Permadi uninga yen Sena lagi kerangket
ing jalasutra, banjur diuwalake saka bebandan, lan dicaosi lenga jayengkaton.

Sawise bisa weruh alaming lelembut, Bratasena genti nglabrag setan brekasakan sing
ngreridhu anggone babad alas. Kabeh jim setan kaprawasa, padha lumayu marang ratu-
gustine.

Sabanjure jim Prabu Yudhisthira sasedulur masrahake kratone marang Pandhawa


sakadang. Jim Prabu Yudhisthira manunggal sajiwa marang pambareping Pandhawa. Jim
Dhandhun Wacana nunggal sajiwa karo Bratasena sing wiwit kuwi asmane uga banjur
nunggak semi karo jenenge manggalaning jim Alas Wanamarta iku. Jim Kumbang Ali-ali
manunggal karo Permadi, lan jim Nangkula-Sadewa manunggal karo si kembar
warujuning Pandhawa.

Wayang Arya Dhandhun Wacana iku, sing gagrag Jogja apadene Solo, wujude pancen
memper karo Werkudara. Bedane, ing gelunge Dhandhun ngagem pasren garudha
mungkur. Kampuhe biasane parang rusak, dudu poleng bang-bintulu, lan ora duwe kuku
Pancanaka.
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa

Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandhawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake
yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandhawa lan
Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang
Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara
Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa.
Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru.

Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata.
Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para
dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging
sapa? Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh kejaba ya mung Manumayasa
iku.

Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kang
ditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik? Sawise rembugan
sawatara suwene, Bathara Guru lan Kanekaputra sarujuk ngutus Sang Hyang Ismaya
melu tumurun marang ngarcapada ngancani Manumayasa.

Yen ana pewayangan, Bathara Ismaya kuwi jenenge sing luwih populer Semar. Maune
uga salah sawijining dewa kang dedunung ing kahyangan. Wiwit dina kuwi Ismaya
kadhawuhan tumurun ing ngarcapada kanthi tugas ngemong Manumayasa nganti saanak-
turune besuk, amarga anak-turune Manumayasa iku wis dipesthekake dening jawata
bakal dadi pemimpine para manungsa, pemimpin kang kudu njejegake kautaman.

Supaya anak-turune Manumayasa tansah bisa lumaku ing garis kautaman, Ismaya kudu
tlaten ngemong. Kudu tansah ngelikake yen ana kang arep nalisir saka bebener.

Sabanjure Semar mapan ing Karangdhempel (uga ana kang ngarani Klampis Ireng). Dene
Manumayasa banjur yasa padhepokan ing Wukir Retawu. Semar kerep sowan menyang
Retawu, prasasat meh saben dina.

Sawise sawatara taun Manumayasa lan Ismaya manggon ana ngarcapada, Bathara Guru
lan Bathara Narada bali ngrembug bab Manumayasa lan Ismaya. Pamanggihe Bathara
Guru, Manumayasa kudu duwe sisihan supaya duwe keturunan kang besuk dadi
pemimpine bangsa manungsa. Mula, wanita kang dadi sisihane Manumayasa iku aja
mung sembarang wanita, ning kudu wanita sing duwe pribadi luhur, supaya bisa
nurunake anak-anak kang uga becik pakartine.

Bathara Guru lan Narada akhire sarujuk nurunake widadari kang duwe sipat ora mung
darbe rupa sulistya, ning uga pribadi luhur lan pantes dadi sisihane Manumayasa lan
Ismaya. Widadari kang diturunake yakuwi Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri. Nalika
tumurun ing ngarcapada, kekarone memba rupa dadi macan.

Nuju sawijining dina, Manumayasa didherekake Semar, mbebedhag sato ana ing alas.
Dumadakan kepethuk macan loro kang lagi nggereng-nggereng sajak arep mangsa
Manumayasa lan Semar. Manumayasa nuli ndudut jemparing loro pisan. Jemparing
linepasake, ngenani macan sakloron, sanalika badhar dadi widadari.

Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri banjur nyembah marang Manumayasa, lan matur yen
kekarone kadhawuhan dening jawata tumurun ing ngarcapada.

Gancaring carita, Dewi Kaniraras nuli kapundhut garwa dening Manumayasa. Dewi
Kanastri dadi bojone Semar. Manumayasa apeputra loro, yakuwi Sekutrem lan Sriyati.
Sekutrem nurunake para ratu Astina, kalebu Pandhawa lan Kurawa. Sriyati nurunake para
raja Mandaraka.

Dene Semar, tetep dadi abdi kang setya. Semar duwe anak telu: Gareng, Petruk, lan
Bagong kang uga banjur melu dadi abdine para anak-turune Manumayasa. Nanging uga
ana kang kandha, yen sejatine Gareng, Petruk, lan Bagong kuwi dudu anake Semar,
amarga dumadine saka dipuja
Pregiwa-Pregiwati anake Arjuna lan Endang
Manuhara

Endang Pregiwa iku anake Arjuna lan Endang Manuhara. Dheweke


duwe sedulur tunggal bapa biyung sing jenenge Endang Pregiwati .
Ing lakon Pregiwa-Pregiwati, kekarone bebarengan lunga nggoleki bapakne
menyang Amarta, kairingan Cantrik Janaloka minangka pangiringe.
Ing tengahing laku ngupadi bapakne iku, katelune sapatemon kalawan Kurawa
sing nembe ngupadi patah kembar kanggo minangkani wewaton nglamar Dewi
Siti Sendari. Ancase Kurawa, Dewi Siti Sendari bakal didhaupake kalawan
pangeran pati Astina sing jenenge Leksmanamandrakumara.
Nalika Janaloka kacipuhan ngadhepi Kurawa ing sawijining andon yuda sing ora
imbang, Endang Pregiwa banjur ngejak mlayu Endang Pregiwati, nyingkir saka
papan andon yuda. Endang Pregiwa lan adhine wusana sapatemon kalawan
Abimanyu. Sabanjure Abimanyu ngadhepi Kurawa sawise Janaloka nemahi pati.
Lan nalika iku Gathotkaca mbiyantu Abimanyu saengga kekarone kasil
ngasorake para Kurawa. Gathotkaca sing weruh Pregiwa lan Pregiwati banjur
tuwuh rasa tresna ing atine. Endang Pregiwa nglanggati krenteging rasa tresa
ing atine Gathotkaca lan wusana kekarone didhaupake. Gathotkaca lan Endang
Pregiwa nurunake anak siji sing jenenge Arya Sasikirana utawa Sasikirna.
Dene Endang Pregiwati sabanjure dilamar dening Pancawala sawise kedadeyan
rajapati. Gathotkaca ditutuh mateni Pancawala nggunakake keris sing disilih
saka Arjuna, saengga antuk paukuman kanthi cara dirante.
Nanging Gathotkaca kasil ndhudhah sejatining kedadeyan rajapati iku.
Gathotkaca kasil nemokake bukti yen sing mateni Pancawala ora liya
Leksmanamandrakumara, anake Duryudana utawa Suyudana, sing pancen
pengin sesandhingan kalawan Endang Pregiwati.
Wusana, Gathotkaca diluwari saka paukuman lan Pancawala diwaluyakake
maneh dening Sri Kresna amarga pancen durung tekan pepesthene nemahi pati.
Dhaupe Endang Pregiwati lan Pancawala, anake Prabu Yudhistira, lumaku
kanthi regeng lan agung kadidene dhaupe anak raja.
Pancawala ing crita pedhalangan Jawa mujudake anake Prabu Yudhistira utawa
Puntadewa, raja ing Indraprasta/Amarta/Amerta, lan Dewi Drupadi, anake Prabu
Drupada raja ing Pancala.
Miturut crita Hindhu, Dewi Drupadi duwe sisihan akeh utawa nglakoni poliandri,
yaiku dadi sisihane Pandhawa sing nurunake anak dhewe-dhewe. Ing
Mahabarata, Pancawala uga sinebut Pancakumara utawa Pandhawasuta,
tegese anake para Pandhawa. Lan saka dhaupe Dewi Drupadi kalawan para
Pandhawa banjur nurunake Pratiwindya (anake Yudhistira), Srutasoma (anake
Bima), Srutakirti (anake Arjuna), Srutanika (anake Nakula) lan Srutakarman
(anake Sadewa).
Pancawala banjur dhaup karo Dewi Pregiwati. Ing perang Baratayuda,
Pancawala mehak Pandhawa. Pancawala urun kridha mbela Pandhawa nalika
pasanggrahane Pandhawa dirabasa Kurawa, yaiku ing Baratayuda babak katelu
utawa Ranjapan. Pancawala bebarengan para senapati Pandhawa ngadhepi
panempuhe Kurawa.
Nalika Aswatama nylundup mlebu wewengkon Karaton Astina sedya mateni
Parikesit, Pancawala mati dening Aswatama. Pancawala raket pasedulurane
karo Anantasena, anake Bima lan Dewi Urangayu, anake Hyang Mintuna.

Anda mungkin juga menyukai