Parwan kisah tentang pandawa dan kurawa (mahabarata, mpu wiyasa)
1. Adhiparwan (cilikane pandawa lan kurawa )
2. Sabhaparwan (kekalahan pandawa pas judi) Para kurawa nggolek akal kanggo mbinasakake pandawa, carane ngajak pandawa judi. Yan yudhistira kalah, pandawa diusir 12 tahun Ing alas, balik taun ke 13 3. Wanaparwan (pengalaman pandawa pas ning alas) Usaha kurawa bunuh pandawa , yaiku wayang bate sigala gala (pembakaran hutan) 4. Wirata parwan ( tahun ke 13) Malik pandawa metu alas lan ditampa ing kerajaan wirata 5. Udyasa parwan (tahun ke 14) Pandawa bali ning negara astina, kerajaan indraprasta. Para kurawa ora gelem ngewenehake kerajaane amarga ojok2ane sengkuni 6. Bisma Ditemtokake aturan2 perang, dimulainya mahabarata di tegalkususetra. Bisma jadi panglima perang. Panglima perang pandhawa arjuna. Penarik kereta : kresna. Sebelum meninggal bisma memberi nasihat. 7. Drana ( pengganti bisma, anak dewi kunti lewat telinga) Gatotkaca dibunuh, anak arjuna (abimanyu ) dibunuh oleh dursasana. Pada hari ke 15 perang, drana terbunuh oleh dartajumena. 8. Karna parwan (balas dendamnya bima dan arjuna) Bima membunuh dursasana. Arjuna membunuh adipati karna ( nganggo panah pasopati) . terdapat dlm kitab arjunawiwaha. Arjuna tapa ing gua benjut entuk panah pasopati 9. Salya parwan (panglimane kurawa : salya yg gugur pada saat memimpin peperangan hari ke-18) 10. Sauptika parwan (malam ke 18 pasca perang ) Aswathama balas dendanm dan masuk ke kemah kemah tentara pancala. Menyusup dan memburu dhartajumena. Aswathama melarikan diri, disusul pandawa, berkelahi. Aswathama kalah dan mundur dari pertapa 11. Stri parwan (upacar pembakaran para pahlawan) Dhastarasta, gandari , pandhawa, kresna berkabung karena menyesal 12. Santi parwan (pandhawa tinggal di hutan untuk membersihkan diri) Yudhistira diberi wejangan tentang kewajiban kaum ksatria di bumi. Para ksatria kembali ke istana dan yudhistira jadi raja 13. Anusama parwan ( wejangan ttg batin dan kewajiban raja untuk yudhistira) 14. Aswamedhika parwan (yudhistira menjalankan asmawedhaupacaraslametandengan melepaskan kudatapi ditentang banyak rajaupaya pengembangan negara astina 15. Asramawasika parwan ( dhastarasta & istri bertapa 3 tahun, kemudian meniggal karena terbakar sesajinya) 16. Manusala parwan ( kresna musnah sibunuh oleh pemburu kijang) 17. Mahaprastani parwan (pandhawa mundur dari dunia keramaian) Yudhistira memberikan tahta pada parikesit, (anak abimanyu cucu arjuna). Yudhistira dibawa ke indraloka (kahyangan) PASEMON TUWUHING PIKIR Tebu Wulung :Manunggaling jalu estri satuhu linambaran antebing manah, kapangeston para pinisepuh, sesepuh, kadang miwah sentana. Pisang raja sesuluhan : Mugi saged hanggadhahi wataking raja, ingkang tansah tanggel jawab, berbudi bawa leksana, tresna asih marang kawula, suka dana hanetebi pangandika Godhong Wringin : Mugi-mugi penganten kekalih saged dados pengayoman tumrap tiyang sanes, langkung- langkung para kadang mitra. Janur : Cahya ingkang sayektosipun / cahya sejati ingkang mijil saking Gusti Ingkang Maha Agung Janur kuning : Ing pangajab mugi pengantin sarimbit tansah pikantuk saha nuhoni cahyaning Gusti, ingkang awujud parentah utawi wewarah, nebihi wewalering agami, temah dados kulawarga ingkang sakinah mawaddah warohmah Kembar Mayang : Kembar mayang, minangka pralambang donga panyuwunan amrih lampahipun pawiwahan utawi pahargyan saged rahayu, slamet kalis ing sambekala.Kembar mayang wujudipun rerenggan saking janur kuning Ingkang setunggal pralambang ing penganten kakung, ingkang setunggal pralambang ing penganten putri. Mengku suraos Ingkang sinandi kembaring penganten kekalih, kembar sih tresnanipun, kembar cipta rasa lan karsanipun. Cengkir gadhing : Sucining katresnan minangka talining palakrama, satemah gesangipun runtut atut rerentengan, golong giliging budi, saeka praya ing pakaryan, saeka kapti ing pakarti Keratabasane : Ing saklebeting cengkir gadhing isi toya wening. Mugi tresnanipun penganten kekalih linambaran weninging cipta rasa miwah karsa
SURALAYA Suralaya iku ateges papan dununge para Widadari kang cacahe akeh banget. Awit saka jembare Suralaya iku kaperang dadi pirang-pirang perangan kang saben perangan mau mujudake papane Dewa kang sineebut Kahyangan. Tegese papane para Hyang utawa Dewa. Dene perangan Suralaya iku antarane kaya kang kasebut ing ngisor iki : Kahyangan Jonggringsalaka yaiku papan dununge Bathara Guru utawa Sang Hyang Jagatnata Kahyangan Uttarasagara yaiku Kahyangan utawa papan dununge Bathara Wisnu penguasa banyu Kahyangan Duksinageni yaiku papan dununge Sang Hyang Bathara Brama utawa Bathara Agni tegese Dewa sing nguwasani geni utawa dahana Kahyangan Tinjomaya utawa Indraloka yaiku kahyangane Sang Hyang Bathara Indra ya ratune para dewa Kahyangan Ekacakra yaiku papan dununge Sang Hyang Bathara Surya, Dewa sing nguwasani srengenge utawa surya Kahyangan Cakra kembang yaiku papan dununge Sang Hyang Bathara Kamajaya lan garwane kang aran Dewi Ratih Kahyangan Sidiudal-udal yaiku Kahyangan Bathara Narada utawa Resi Kanekaputra Kahyangan Panglawung utawa Sela Panglawung yaiku Kahyangane Sang Hyang Bathara Bayu, Dewa sing nguwasani angin utawa maruta Kahyangane Argadumilah yaiku kahyangane Sng Hyang Bathara Yama utawa Yamadipati, Dewa sing nguwasani pati uripe para titah. Kahyangane Selamangumeng yaiku kahyangane Bathara Kala, Dewa sing ngideni para titah sing duwe karep ala Kahyangan Glugutinatar yaiku kahyangane Bathara Ganesha, dewaning kawruh lan sawernaning ngelmu Kahyangan Suwelagringging yaiku kahyangane Sang Hyang Bathara Sambo Kahyangan Tejamaya yaiku kahyangane Bathara Ismaya (Semar) Kahyangan Sabaluri yaiku kahyngane Bathara Antaga (Togog)
Kabeh piranti utawa prabote pagelaran wayang iku ngemu surasa utawa pralambange jagad saisine, wiwid saka debog, kelir, blencong, keprak, gamelan sarta dhalange pisan. Debog nggambarake bumi papan sagung titah Kelir Nggambarake langit utawa akasa Blencong Nggambarake srengenge, lintang lan rembulan Keprak gamelan nggambarake swasana lan mobah mosiking jagad saisine. Dene Dhalang sing murba misesa wayang saprabote ateges nggambarake panguwasa sing murba misesa sagung dumadi.