Winantu sagurning pakurmatan.sedhahan minangka sesulih
pisowan kula wonten ing ngrasa panjenengan.Sinartan nyadhongberkahing Gusti ingkang maha tunggal,kula sabrayat hanggadhahi pangangkah badhe ngawontenaken tasyakuran tuwin pawiwahan khitanaken yoga kula ingkang nami david sulaiman benjang ing Dinten :Minggu Surya kaping:3 agustus 2014 Wanci:tabuh 10:00 wekdal ireng~sakbibaripun Mapan ing:griya kula RT.02 RW 0.4 Dusun pakunden,kecamatan ngluwar,Magelang Satuhu budhe damel bombong saha mongkoging manah kula sabrayat,mbok bilih dhangan ing penggalih saha sepen ing sambekala,bapak/ibu saha sederek sekalian keparenga rawuh hangestreni saha paring puja pangastuti dhumateng yoga kula sri pengantin,supados dados putra ingkang shaleh saha ngabekti dhumateng tiyang sepuh kekalih amin. Wasan kula sagotrah hangaturaken agunging panuwun saha nyuwun agunging pangaksami sadaya kekirangan dalah kelepatan kula. Wassalamuaalaikum Warahmatullahi Waborakaatuh.