Anda di halaman 1dari 42

MODUL PEMBELAJARAN BAHASA JAWA

SEMESTER 1
I. PRANATACARA
A. Inggih

menika

salah

satunggalipun

paraga/pelaku

sesorah

ingkang

pakaryanipun inggih menika :


1. Maosaken urut-urutanipun acara ingkang badhe dipunlampahi.
2. Ngatur saha nglantaraken lampahing acara supados gangsar/lancar utawi
rancag
3. Maosaken

saha

nyamektaaken/menyiapkan

para

paraga

ingkang

kajibah/ditugasi nindaaken tanggap wacana/sambutan ing acara ingkang


badhe dipunlampahi
B. Ingkang kagatosaken panatacara nalika nindaaken sesorah inggih menika
wonten 4 ing antawisipun/ diantarannya :
Wiraga : patrap solah bawa/sikap anteng boten kathahen ngebahaken badan.
Busana kajumbuhaken/disesuaikan kaliyan acaranipun (sungkawa/dukacita
menapa manasuka)
Wirama : andhap inggiling suwanten kajumbuhaken kaliyan acaranipun
(sungkawa menawa manasuka)
Wirasa : saged nglarasaken raosipun (penghayatan/penjiwaan) ingkang
kajumbuhaken kaliyan acaranipun ( sungkawa menapa manasuka)
Wicara : anggenipun matur kedah cetha saged mbedakaken tembungtembung ingkang meh/hamper sami (d, dh, t, th) lan mboten bindheng/sengau
C. Methode-methode ingkang kaginakaken panatacara nalikanipun sesorah
wonten 4 antawisipun :
1. Maos teks : inggih menika panatacara ngayahi jejibahan kanthi maos teks
2. Apalan : inggih menika panatacara nindakaken pakaryanipun kanthi
ngapalaken teks ingkang sampun kawaos saderengipun
3. Ekstemporan : inggih menika panatacara nindakaken jejibahan kanthi
mbeta cathetan alit
4. Impromtu : inggih menika panatacara nindakaken jejibahan
dadakan

tanpa

nyameptakaken/mempersiapkan

kanthi

saderengipun

kejawi/selain kanthi wekdal ingkang sekedhik. Piyambakipun saged

nindakaken awit pengalamnipun dados panatacara ing acara-acara


sakderengipun.
D. Perangan-perangan/bagian-bagian sesorah ingkang kaaturaken/disampaikan
dening panatacara inggih menika :
1.

Pambuka

Salam pambuka

Atur pakurmat

Atur Pamuji

2.

Isi

Urut-urtanipun acara ingkang badhe dipunlampahi

Nama-nama para paraga jangkep/lengkap kaliyan/dengan gelaripun


(Drs, S.Pd, M.Pd, H, lsp) ingkang badhe nindakaken tanggap
wacana,pambagyahaarja,

atur

sapala,utawi

ingkang

paring

sabdatama,lsp.
3.

Panutup

Atur pangapunten awit sedaya kekirangan saha kalepatan nalika


nglantaraken/menyertai lampahing acara

Pangajab/harapan sasampunipun acara sampun kalampahan

Salam panutup

E. Ringkesipun ingkang dipunaturaken/disampaikan panatacara nalikanipun


sesorah :
1.

Salam pambuka :

Ngaturaken

uluk

salam

minangka

pambuka

tuladhanipun

assalamualaikum wr.wb,sugeng enjing, ngaturaken kasugengan mugi


kawilujengan binabar dhumateng kula panjenengan sedaya, lsp.

Ngaturaken ancasipun utawi tujuwanipun minangka panatacara ing


salebeting acara .

2.

Atur pakurmat

Ngaturaken

atur

pakurmat

dhumateng

para

tamu,

kawiwitan

dhumateng para-para ingkang kaanggep langkung dipunkurmati :para


sepuh, Bapak kepala sekolah, Bapak Kepala Desa, lsp. Dhumateng

para priyagung, dwija/guru, sarjana, alim/ulama, dhumateng para


rawuh tamu undangan, para kanca-kanca,para siswa, lsp.
3.

Atur pamuji

Ngunjukaken atur raos puji sokur awit sedaya nikmat ingkang


kaparingaken dening Gusti Pangeran Ingkang Maha Agung dhateng
para rawuh saengga saged kempal ngrawuhi acara . Ing .

4.

Isi
Maosaken urut-urutanipun acara
a.

Pambuka : kanthi donga utawi sanesipun

b. Atur tanggap sabda/wacana saking : ketua panitia acara, kepala


sekolah, wakil keluwarga,lsp.
c. Acara manasuka kanthi ngaturaken panglipur : tari, paduan suara,
gerak dan lagu, geguritan,pengumuman lomba, lsp.
d. Wosing gating acara : atur wasitatama/ular-ular/sesuluh saking paraga
ingkang sampun kajibah dening panitia.
e.

Panutup : maosaken dudutan utawi simpulan ingkang sampun


kaaturaken dening wasitatama

5.

Atur pangapunten

Ngaturaken agunging pangapunten awit sedaya kekiranganipun wiwit


atur, patrap saha sanesipun nalika nindakaken jejibahan/pakaryan
minangka panatacara ing acara . Dhateng para rawuh lan nyuwun
agenging pangapunten

6.

Pangajab

Pangajab kanthi lampahing acara ingkang sampun kalampahan kala


wau tumrap panitia sumrambahipun dhateng para rawuh.

7.

Salam panutup

Salam panutup tuladhanipun Wassalamualaikum wr.wb, sugeng siang,


sugeng pepanggihan ing sanes wekdal, jaya-jaya wijayanti rahayu
ingkang sami pinanggih. Katutup kanthi atur panuwun :nuwun

Tuladha teks Pranatacara


Assalamualaikum wr.wb.
Bapak-bapak, ibu-ibu kaum muslimin saha muslimat ingkang kinurmatan,
mangga sesarengan ngaturaken puji syukur Alhamdulillah wonten Ngarsa Dalem
Allah SWT, dene kula saha Panjenengan sadaya taksih kaparingan hidayah saha
karahmatan saengga saged makempal wonten ing Masjid Al-Falaah menika.
Saderengipun acara dipunwiwiti, kula minangka pranatacara ing pengetan
Maulud Nabi Muhammad SAW

dalu menika, badhe maosaken urut-urutaning

adicara pengaosan , inggih menika :


1. pambuka
2. waosan kalam Ilahi, dening sedherek Fahrudin
3. atur pangandikan saking Ketua Takmir masjid, dening Bapak H. Kusmadi
4. Wosing gati, pengaosan dening Al ustad H. Abdulrachim
5. panutup
Para

rawuh,

para

jamaah

ingkang

kinurmatn,

mekaten

menggah

reronceneing acara pengetan Maulud Nabi Muhammad SAW ingkang sampun


karakit dening panitia. Salajengipun, sumangga acara enggal kawiwitan. Lumebet
ing acara ingkang sepisan inggih menika pambuka. Sumangga dipunbikak kanthi
maos Basmallah sesarengan, kula dherekaken.
Acara salajengipun badhe kawosaken ayat-ayat suci Alquran, Pramila
dhumateng kadang Muhammad Rasyid, wekdal kaaturaken, sumangga .
Mugi-mugi kanthi waosan Kalam Ilahi kalawau, Gusti Allah S.W.T, tansah
paring lubering kanugrahan dhumateng kula saha panjenengan sadaya.
Para rawuh, hadirin saha hadirat ingkang kaparingan rahmat dening Allah,
menggah acara salajengipun inggih menika atur pangandikan saking takmir masjid,
Dhumateng Bapak Kyai . Kasuwun paring pangandikan.
Tumapak acara inti,inggih menika pengaosan. Dhumateng Al-Mukaram
Ustadz Drs. H. Abdullah Dimyati kasuwun paring fatwanipun. Wekdal kaaturaken
sacekapipun. Sumangga
Mugi-mugi menapa ingkang sampun kaandharaken dening Bapak Ustadz
Abdullah saged migunani tumrap kula saha Panjenengan sadaya. Bapak-Ibu para
jamaah, bok bilih anggen kula matur kathah lepat saha kekiranganipun,pramila

saestu kula nyuwun agunging pangapunten. Sumangga acara ing dalu menika
dipuntutup kanthi waosan Hamdallah sesarengan. Alhamdulillahirabbilalamin
Billahi taufiq wal hidayah.
Wassalmualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Kawruh Basa
pranatacara : tiyang ingkang tinenggenah nglantaraken satunggaling acara utawi
master of ceremony (mc)
adicara

: kawontenan acara utawi upacara endah, luhur, sae

kasarasan

: kawilujengan, kabagaswarasan

kasarira

: katindakaken dening

reroncening : urut-urutan acara, rantamaning acara


al-mukaram : ingkang luhur derajatipun
hadirin (arab): tiyang ingkang rawuh (hadir) wonten ing satunggaling acara
kaandharaken

: kaaturaken, dipun-ngendikakaken

II.

TEMBANG MACAPAT

A. Makna tembang macapat lelampahan tiyang gesang dumugi seda

miterat

Guritna:
Tembang macapat ingkang gunggungipun jinisipun wonten 11 saged dipuntegesi
manut namanipun, salah satunggalipun manut lampah gesang/perjalanan hidup
manungsa wonten ing donya kawiwitan saking tembang :
1. Mijil : manungssa gesang/hidup wonten donya mijil utawi lai saking guwa
garbanipun/rahim ibu dangunipun/selama 9 wulan 10 dinten utawi nawa
candra dasa ari
2. Kinanthi : sasampunipun bayi lair lajeng datheng pundit kemawon tansah
dipun kanthi/dibawa dening/oleh bapa ibunipun awit agengipun/besarnya raos
tresna tiyang sepuh dhateng putranipun ingkang nembe lair menika.
3. Maskumambang : bayi saya dangu saya ageng awit tansah/selalu
dipunupakara/dirawat dados lare/anak ingkang sampun ageng nanging
akalipun dereng saged mbedakaken pundit sae pundit awon, ingkang wonten
naming nurut dhateng tiyang ingkang nuturi/memberitahu
4. Sinom : sangsaya/semakin ageng lare sampun mlampah akal pikiranipun,
anut lampahing wekdal bayi utawi lare kala wau sampun dados ageng enem
bagus utawi ayu.
5. Gambuh/kulina

nen-neman/remaja

pasrawungan/pergaulannya

saya

kala

wau

anjalari/menyebabkan

awit

kulina/akrab

srawung dhateng kanca ingkang nunggil jenis (kakung-kakung) utawi benten


jenis (kakung putrid)
6. Asmaradana : Witingtresna jalaran saka kulina unen-unen/ungkapan menika
numusi tumrap pasrawungan nem-neman ingkang beda jinisipun kala wau
lajeng sami nadhang branta/jatuh cinta utawi asmara, sami ngaturaken raos
tresna ingkang tuhu tumanem salebeting kalbu ingkang tuhu awrat/berat
badhe kalairaken/disampaikan mawi/dengan lisanipun
7. Dhandhanggula : salajengipun nem-neman kala wau sami prasetya/berjanji
badhe gesang bebrayan kanthi pangestu donga saking tiyang sepuh kekalih.
Bebrayan/hidup

berkeluarga

ingkang

dipunangkah

saged

nuwuhaken

manising gesang kados gendhis/gula salebeting gesang bebrayan kaliyan


garwa sisihanipun/istri.

8. Pangkur : sangsaya/semakin dangu/lama umur saya sepuh pasangan garwa


estri manten anyar kados sepuh, anggenipun sare sampun samiungkurungkuran saha nyimpang sami adu geger/punggung. Simbah kakung
majeng/menghadap

ngidul/selatan

tuladhanipun

simbah

putrid

najeng

ngaler/uatara.
9. Megatruh : awit sedaya gesang katemtokaken/ditentukan jatah umuripun
dening pangeran/tuhan, simbah kakung saha simbah putrid kapundhut
wangsul wonten ngayunanipun Gusti Ingkang Murbeng Gesang. Nyawa/ruh
kapegat/dipisahkan dening raga.
10. Durma : salajengipun nyawa kundur dhateng Ingkang Maha Kawasa
11. Pucung : dene raga karukti/dirawat dipunbuntel kain pethak/putih utawi mayit
kapocong.
B. Makna Tembang Macapat Dakwah/ajaran miterat Poedjasoebrata :
1. Mijil : ngedalaken ajaran
2. Kinanthi : remen paring tuntunan dhateng umatipun
3. Sinom : ngudi ngelmu sakathah-kathahipun rikala taksih mudha/enom
4. Asmaradana : remen paring sih katresnan dhumateng sapadhaning titah
5. Dhandhanggula : rikala dakwah ngandharaken kekajengan ingkang manis.
6. Gambuh : pana ing babagan ngelmu agama
7. Maskumambang : pasrah dhateng Gusti samudayanipun badhe entheng
8. Durma : mundura saking barang ma-lima
9. Megatruh : menggak/medhot tumindak angkara
10. Pangkur : ampun nyingkur saking ajaran
11. Pocung : Kanthi ngelmu ingkang cekap kangge sangu seda.

C. Metrum/aturan ingkang wonten ing tembang macapat


Tembang macapat anggadhahi metrum/aturan-aturan/pathokan inggih menika :
1.

Guru lagu : tibaning suwara (a, I, u, e, o) ing pungkasaning tembung/kata


saben gatra/setiap baris.

2.

Guru wilangan : cacahing/jumlah wanda/suku kata saben sagatra.

3.

Guru gatra : cacahing gatra/baris saben sapada/bait. Tuladhanipun metrum


tembang Dandhanggula ing ngandhap menika.

Jinising tembang macapat saha metrumipun

N
o
1

D.

Guru Gatra, Guru wilangan, Guru lagu


Jinising Tembang
Mijil

10i

6o

3
10
e

10i

6i

6u

8a

8i

8u

7a

8i

12a

8a

12i

Kinanthi

8u

8i

8a

8i

Maskumambang

12i

6a

8i

8a

Sinom

8a

8i

8a

8i

7i

Gambuh

7u

10u

12i

8u

8o

Asmaradana

8i

8a

8e

8a

7a

8u

8a

Dhandhanggula

10i

10a

8e

7u

9i

7a

6u

Pangkur

8a

11i

8u

7a

12u

8a

8i

Megatruh

12u

8i

8u

8i

8o

10 Durma

12a

7i

6a

7a

8i

5a

7i

11 Pucung

12u

6a

8i

12a

Tuladha tembang macapat


dhandhanggula
karangtengah dusun mungwing redi
lurahira sarbini arannya
wasis amimpin rakyate
duk anom dadi guru
mila cukat lan sarwa trampil
ngtur butuhing desa
lan bot repotipun
nadyan bengkokke tan nampa

10i
10a
8e
7u
9i
7a
6u
8a

10

7a

saged madeg saking ihtiyar pribadi


duwe sekolah rakyat

12i
7a

E. Gancaran
Inggih menika ngewahi dhapukan tembang utawi geguritan dados
prosa/cariyos.

Ancasipun

supados

saged

nggampilaken

para

pamaos

anggenipun nyuraosi tegesipun tembang utawi geguritan kasebat. Caranipun :


1. Nyerat tembung-tembung ingkang dereng dipunmangertosi tegesipun wonten
ing kamus Bausastra Djawa.
2. Saged nggantos tembung-tembung ingkang nggadhahi dasanama

miterat

ingkang asring dipunginakaken wonten ing pacelathon saben dinten.


3. Saged muwuhi tembung panggandheng utawi tembung sanes murih gampil
dipunsuraos.
4. Sasampunipun tembung dupunmangertosi lajeng ndhapuk ukara miterat
wewaton jejer, wasesa, lesan utawi katrangan.
Tuladhanipun gancaran saking tembang dhandhanggula ing inggih inggih
menika:
Karangtengah sawijining dhusun kang ana ing gunung. Lurahe aran Sarbini.
Dheweke wasis mimpin rakyate, marga nalika enom tau dadi guru. Sarbini cukat
lan trampil ngatur butuh lan bot repote desa. Dheweke ora nampa bengkok
(upah kanggo pamong desa kang awujud lemah). Sarbini bias dadi lurah merga
usahane dhewe. Dheweke duwe sekolah kanggo rakyat.
Saking gancaran kasebat saged kapethik budi pekertinipun inggih menika :
1. Pemimpin ingkang sae inggih menika ingkang wasis mimpin rakyatipun.
2. pemimpin kedah cukat, trampil, lan kedah saged ngatur butuh lan bot
repotipun warga.
3. Dados pemimpin boten nguja pamrih, kados Sarbini boten nampi bengkok.
4. dados pemimpin kedah mandiri, Sarbini saged dados lurah awit usahanipun
piyambak.
5. Nggatosaken pendhidhikan warganipun, Sarbini saged nggadhahi sekolah
piyambak kangge warganipun.

V. ARTIKEL BASA JAWA

A. PANGERTOSAN
Artikel mujudaken salah satunggalipun

bentuk pamanggih/opini ingkang

kababaraken wonten ing serat kabar utawi media masa. Wujudipun kala wau
saged arupi tajuk rencana / editorial, karikatur, pojok, kolom dan serat pamaos.
B. JENIS-JENIS ARTIKEL
Jenis-jenis artikel kaperang dados 4 :
1. Artikel deskriptif: wosipun mratelakaken satunggaling perkawis utawi
kasunyatan/fakta.
2. Artikel Eksplanatif : wosipun mratelakaken satunggaling perkawis kanthi
langkung detil.
3. Artikel prediktif: wosipun ngengingi ngramal, duga kira bab ingkang badhe
dumados ing wekdal ingkang badhe dumugi.
4. Artikel preskriptif : wosipun nemtokaken, nuntun, ngajak tiyang sanes supados
kersa nglampahi menapa ingkang dipunkajengkaekn panyerat.
C. Bab ingkang kedah dipungatosaken rikala nyerat artikel :
1.

Artikel mujudaken karya tulis kanthi asma(dengan atas nama/ by line story).
Tegesipun, minangka karya pribadi, salebeting artikel kedah dipunserat asma
panyeratipun. Bab menika ugi kangge njagi tanggel jawab panyerat.

2. Artikel

kedah

ngewrat

pamanggih

ingkang

aktual

lan

kontroversial

( menimbulkan perdebatan). Bab menika kangge narik kawigatosan pamaos.


3. Artikel kedah saged njunjung rembagan ingkang gayut kaliyan kapentingan
saperangan ageng pamaos.Panyerat kedah nimbang-nimbang topik ingkang
nembe dipunremeni pamaos.
4.

Artikel kedah kaserat kanthi cara referensial kanthi visi intelektual. Artikel
sanes seratan fiksi ingkang linandhesan imajinasi kemawon. Artikel
mujudaken

seratan non fiksi ingkang kedah linandhesan kaidah-kaidah

intelektual. Pramila kasus utawi argumen ingkang dipunangkat kedah


dipunsengkuyung data lan teori ingkang valiid/ sahih/ lumampah miterat cara
samesthinipun

5.

Kedah dipunandharaken kanthi basa ingkang komunikatif, inggih menika


prasaja, cetha, populer, gesang saged andadosaken mangertosi esensi
artikelipun

6. Artikel kedah kaserat kanthi singkat lan tuntas. Singkat, kaserat kanthi efisien,
langsung dhateng underaning perkawis. Tuntas, saged paring solusi saking
perkawis kasebat.
7.

Artikel kedah orisinal. Artikel sanes jiplakan saking sertan tiyang sanes.
Menawi wonten perangan artikel ingkang mendhet/ kutipan tiyang sanes
kedah kaserat sumberipun.

C. Tuladha artikel preskriptif


Boten wancinipun menawi para kadang sutresna sastra Jawa

naming saged

nggrundel rikala mangertosi nasibipun macapat, tansaya dangu tansaya ngenes. Amargi
kirang pikantuk kawigatosan saking masarakatipun piyambak. Saking menika para
sutrisna

sageda

ndherek

nyengkuyung

ngrembakakaken

macapat

ing

tlatah

Internasional. Menika mujudaken pakaryan nyata ingkang luhur tumraping tiyang Jawa.
Ingkang saged ngaosi warisaning leluhur. Boten naming ngleluri nanging ugi
ngrembakakaken. Pramila saking menika kula lanPanjenengan minangka generasi
mudha sumangga sareng-sareng nggadhahi greget lan krenteg kangge mekaraken
kabudayan Jawa awujud tembang macapat. Kanthi mumpangataken kemajengan
teknologi para sutresna langkung gampil mbiwarakaken asih reriptanipun wonten ing
internet.
Supados kupiya ngrembakakaken macapat lumantar website saged kasil, para
sutresna kedah gadhah kunci triprakara. Sepisan para sutresna kedah nguwaosi ilmu
computer

mliginipun

internet.

Saged

ngripta

website

kanthi

desain

ingkang

nengsemaken.
Kaping kalih, para sutresna Jawa kedah saged transfer macapat ingkang mawi
basa Jawa dhateng basa Inggris. Babagan menika wigati sanget. Amargi menawi boten
dikantheni mawi basa Inggris para tamu website saking manca boten mangertos
wosipun sekar macapat kasebat.
Kaping tiga, Para sutresna Jawa kang mliginipun ngginakaken blog kangge
ngrembakakaken

macapat kedah mangertos grup ingkang gadhah kawigatosan

dhateng sastra etnik ingkang wonten ing tlatah internasional. Tanpa mangertosi babagan
menika, macapat ingkang dipunwartakaken badhe nyasar dhateng bloger ingkang
kagungan kawigatosan sanes. Satemah para sutresna namung mbuwang wekdal lan
beya tanpa asil ingkang cetha salebeting ruang internet.

IV. ALIH TULIS AKSARA JAWA


A. Pangertosan
Alih tulis inggih menika nyalin satunggaling seratan utawi naskah dhateng
papan (buku/kertas) sanesipun.
B. Ancas
Ancasipun ngawontenaken alih tulis inggih menika :
1. nyebarluasaken naskah
2. nglestantunaken naskah
3. nylametaken naskah
4. nggampilaken nyuraos naskah
C. Wujudipun alih tulis
Wujudipun alih tulis kaperang dados :
1. Transliterasi inggih menika alih tulis saking aksara setunggal dhateng
aksara sanesipun. Kaperang :
a. Translitersi diplomatik : inggih menika alih tulis saking aksara
setunggal dhateng aksara sanesipun tanpa ngawontenaken ewahewahan.
Ancasipun : kangge nambah jumlah naskah/umur naskah
b. Transliterasi ortografi : inggih menika alih tulis saking aksara
setunggal dhateng aksara sanesipun kanthi dipunjumbuhaken
kaliyan EYD.
Ancasipun : kange panaliten kejawen
2. Transkripsi inggih menika alih tulis saking aksara setunggal dhateng
aksara ingkang sami.
a. Transkripsi diplomatik : alih tulis sking aksara setunggal dhateng
aksara ingkang sami tanpa ngawontenaken ewah-ewahan.
Ancasipun : kangge nggambaraken kawontenan naskah
b. Transkripsi ortografi : alih tulis saking aksara setunggal dhateng
aksara ingkang sami kanthi dipunjumbuhaken kaliyan EYD.
Ancasipun : kangge nggampilaken nyuraos utawi panaliten.

D. Aksara Murda
Paugeran nyerat Aksara Murda :
1. Kangge nyerat nama dhiri, nama papan, gelar, cekakan, lembaga pemerintah,
lan lembaga ingkang nggadhahi badan ukum.
2. saged dipunsukani sandhangan
3. saged dados minangka pasangan
4. boten saged dipunsukani pasangan
5. boten saged minangka panutuping wanda
6. saben setunggal tembung prayoginipun setunggal Aksara Murda
7. Wujudipun wonten wolu.

@
Na

Ka

#
Ta

Sa

Pa

Nya

&
Ga

*
Ba

Tuladha :
1. Bangsal Wilis : *=slWilis\
2. Gunung Merapi : &unu=mer%i
3. Suprayogi pados KTP : $up][yogip[fos[#[%
4. Prof. Kartadimeja tindak Surakarta : %o]p+\@/tfimejtinFkurk/t
Tuladha :
Transliterasi diplomatik

pfpvCk\
Transliterasi ortografi

pfp nCk\
Transkripsi diplomatik :
padapanycak
Transkripsi ortografi
pada pancak
V. KAWRUH CAMPURSARI

A. Pangertosan
Campursari mujudaken lelagon Jawa, ingkang saged dumados saking lagu
dolanan, langgam, macapat lsp.
Instrumen ingkang asring dipunginakaken kangge ngiringi campursari awujud
gamelan tradhisional Jawa lan instrument musik nasional, inggih menika :
kendhang, demung, gong, rebab, piano, gitar.
Paraga ingkang nglagoaken campursari dipunwastani wiraswara utawi
swarawati. Anggenipun nglagoaken dherek ungeling gendhing.
Tuladha lelagon Campursari :
Aja Lamis
Aja sok gampang janji wong manis yen ta among lamis,
becik aluwung prasaja nimas ora agawe gela,
tansah ngugemi tresamu wingi jebul among lamis,
kaya ngenteni thukuling jamur ing mangsa ketiga,
aku iki prasasat lara lan antuk jampi,
mbok aja among lamis kang uwis dadine banjur dhidhis,
akeh tuladha kang dhemen cidra uripe rekasa,
milih sawiji endi kang suci tanggung bias mukti.
B. Kawruh Basa :
-

lamis : sing becik mung ing tembung atine ora

prasaja : bares/blaka/jujur

ngugemi : digugu

prasasat : kaya

cidra : ora setya, ngapusi

suci : resik budine

mukti : ngrasakake kesenengan urip

nimas : sesebutan tumrap pawestri ingkang dipuntresnani

D. Wujud Gancaran
Putri manis sampun ngantos gampil matur janji menawi naming lamis,
langkung sae bares kemawon tinimbang damel kuciwa manahipun tiyang

sanes. Dene tiyang ingkang pun janjeni kala wau tansah ngugu pitados
karesnan kang sampun dipunjanjekaken, nanging pranyata naming lamis.
Saking gelanipun ngantos ngendika bilih nengga katresnan kados ngentosi
thukulipun jamur ing mangsa ketiga.
Pramila saking menika sampun ngntos putri menika dhemen lamis, ing
tembe

badhe

bakal

nggelani

tumindakipun

satemah

ndhidhisi

kekiranganipun. Sampun kathah bilih tiyang ingkang remen ngapusi badhe


nemahi gesang ingkang rekaos. Pramila langkung sae milih salah
satunggaling ingkang tuhu sae bebudenipun lan ngestokaken dhawuhing
agami, kanthi pangajab badhe pikantuk kamulyaning gesang.
E. Nilai Budi Peketi :
1. Sinaosa gadhah kalangkungan sampung ngntos nggadhahi sipat lamis,
satemah damel gleaning tiyang sanes.
2. Dados putri langkung ae ingkang bares, matur menapa wontenipun
dhateng tiyang sanes.
3. Sampun ngantos remen cidra ing janji satemah ndadosaken rekaos
gesangipun.
4. Saged milih tiyang ing bebudenipun sae satemah saged nggayuh
kamulyaning gesang.

VI. LAYANG

A. Wujud Layang

No

Layang

Titikan
- nyuwun rawhuipun ingkang dipunkintuni serat.
- wonten

Ulem

papan,

wekdal

lan

acara

ingkang

katemtokaken.
- Limrahipun

ngagem

kertas

ingkang

wangi/pahargyan pawiwahan.

Kitir/telegram

wosipun cekak aos

kakintun lumantar pos

limrah suraosipun wigati/penting

- wosipun kabar duhkita/kematian


3

Lelayu

Iber-iber/
pribadi

- wonten jati dhiri layon


- papan, wekdal pamethaking layon
- ngandharaker perkawis pribadi
- perangan seratipun jangkep
- paring dhawuh dhateng ingkang dipunkintuni serat

Dhawuh

- kaajab

ingkang

dipunkintuni

dhawuhipun.
- wosipun mratelakaken prajanjen

Prajanjen

- wonten ingkang anyekseni


- ngginakaken materai

B. Perangan Layang

No

Perangan

Adangiyah

Katrangan
Unggah-ungguhing layang.

serat

nglampahi

-salam taklim : sapadha-padha


-sembah sungkem : langkung sepuh
-sembah

sungkem

pangabekti

tiyang

sepuh,

sesepuh, drajadipun langkung inggil.


Kabar keslametan lan pandonga dhateng ingkang
dipunkintuni serat.
Nuwun kanthi serat menika ngaturi priksa bilih kula
2

Pambuka

tansah

ginanjar

wilujeng

pikantuk

berkahing

Gusti.Mugi0mugi Bpk? Ibu sekaliyan mekaten ugi


kawontenanipun.
Suraosing serat.
Kepareng matur bilih benjing surya kaping 20-24
3

Isi

April kula badhe nglampahi UAN lan boten saged


wangsul, pramila kula tansah nyuwung tambahing
donga pangestu saking Bpk saha Ibu.
Pengajeng-ajeng tumrap wangsulan lan nyuwun
pangapunten menawi wonten kalepatan.

Panutup

wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten


kalepatan
Sanget

Titimangsa

kula

nyupun

pangajeng-ajeng

gunging
kula

pangaksami.

tumrap

dongan

pangestunipun.
Papan lan wekdal damel serat.
Wonosari, 1 April 2009
Sesambetan antawis ingkang kintun serat kaliyan
ingkang dipunkintuni serat.

Peprenah

Saking

ingkang

putra,

ingkang

wayah,

kenthelmu

Tapak asma

Nama

Tanda tangan saking ingkang damel/kintun serat


Asmanipun ingkang damel/kintun serat.

mitra

Tuladha Serta Ulem

Wonosari, 12 Agustus 2008


Katur Panjenenganipun
Bapak/Ibu/Sedherek..
Ing.
Nuwun kanthi puja puji hastuti sinartan sagunging pakurmatan, lumantaring serat
menika keparengan kula angrerantu rawuh Panjenengan wonten ing :
Dinten

: Minggu Pahing

Titimangsa : 25 Agustus 2008


Wanci

: 10.00 WIB

Papan

: Gedhung Kesenian Wonosari

Acara

: Wisudha Pawiyatan Pranatacara Yayasan Marsudi Budaya.

Wasana keparenga kula ngaturaken agunging panuwun, awit kawigatosan saha


rawuh Panjenengan.
Nuwun,
Pangarsa Yayasan

Raden Mas Subroto

SEMESTER 2
I. BASA JAWA ING SEKOLAH
I.

NYEMAK

A.

Siswa nyemak sesorah basa Jawa saking rekaman utawi ingkang


kawaosaken dening guru. Sesorah ngrembag bab basa Jawa ing sekolah

Tuladha teks sesorah ingkang grembag bab basa Jawi ing sekolah
BASA JAWA KRAMA SAHA BASA JAWA NGOKO ING SEKOLAHAN
Ingkang kinurmatan Ibu Kepala Sekolah, Bapak Wakil Kepala Sekolah SMAN
Kulawarga Sejahtera.
Ingkang kinurmatan Ibu Bapak Guru SMAN Kulawarga Sejahtera, saha para siswa
ingkang kula tresnani.
Sugeng enjing, kairing salam kabegjan, kamulyan, saha katentreman tumrap kula
saha Panjenengan sadaya
Para lenggah, mangga kula Panjenengan sadaya langkung rumiyin
ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha
Agung awit paringipun rahmat saengga ing titi wanci menika kula Panjenengan
saged kempal ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sambikala. Ing siyang
menika kula badhe atur rembag sapala bab Basa Jawa Krama saha Basa Jawa
ngoko ing sekolahan. Basa Jawa menika basa dhaerah ingkang kalebet taksih
gesang amargi taksih kaginaaken minangka sarana rerembagan ing bebrayan
ageng suku Jawa. Upaminipun kaginaaken ing pasrawungan padintenan kulawarga,
antawising warga, saha ing pepanggihan-pepanggihan warga dhusun, menapa dene
ing sekolah-sekolah.
Basa Jawa ing sekolahan inggih menika nasa Jawaingkang kaginaaken ing
sekolahan minangka sarana pirembagan antawisipun guru kaliyan murid, guru
kaliyan guru, murid kaliyan murid, murid kaliyan guru, saha kaliyan sinten kemawon
ingkang nglenggahi dados perangan lampahing pasinaon ing sekolah. Lampahing
pasinaon ing sekolah menika boten namung kedadosan ing salebeting kelas,
ananging ugi papan sanes sakukubaning sekolah, umpaminipun ing kantor guru,
perpustakaan, saha laboratorium.Lampahing pasinaon ing sekolah boten namung
katindakaken dening guru saha murid, ananging ugi katindakaken dening paraga
administrasi ingkang paring pambiyantu babagan thek kliweripun administrasi
sekolah, kadosta paraga ingkang ngurusi bab perpustakaan, laboratorium, SPP,
ngantos paraga ingkang kagungan tanggel jawab resik-resik ing lingkungan sekolah.

Basa Jawa ingkang kaginaaken antawisipun para paraga ing sekolah sami
kaliyan basa Jawa ingkang kaginaaken ing bebrayan ageng sanesipun inggih
menika basa Jawa krama saha basa Jawa ngoko. Basa Jawa krama inggih menika
basa Jawa ingkang nengenaken wontenipun raos urmat-kinurmatan antawisipun
tiyang ingkang sami rerembagan. Basa karma ingkang naming samadya anggenipun
nandukaken raos urmat-kinurmatan kasebut krama lugu, wondene ingkang
langkung nandukaken raos urmat-kinurmatan kasebut krama alus. Wondene
ingkang kasebut basa Jawa ngoko inggih menika basa Jawi ingkang boten
nandukaken raos urmat kanthi ngegla amargi antawisipun paraga rerembagan
sampun rumaos sami supeket sasambetanipun. Ananging senajan makaten kados
dene basa Jawa karma, basa Jawi ngoko ugi kaperang dados kalih inggih menika
basa ngoko lugu saha ngoko alus. Basa Jawa ngoko lugu menika wujuding basa
ingkang temen-temen kaginakaken antawising paraga rerembagan ingkang raket.
Wondene basa Jawa ngoko alus menika taksih wonten perangan-perangan
ingkang ngginakaken tetembungan saking krama inggil utawi krama andhap
minangka cihna pakurmatan dhumateng tiyang ingkang dipun-ajak wawan rembag.
Salajengipun kadospundi paugeran panganggening basa krama saha basa ngoko
Paugeran panganggening basa Jawi krama utawi ngoko katemtokaken
dening sinten kemawon paraga ingkang sami rerembagan utawi wawan ginem,
wosing pirembagan, kawontenaning pirembagan, papan, saha sarananing
pirembagan.

Wosing panganggening

basa

Jawa

krama kangge

ngurmati

dhumateng tiyang sanes, mliginipun ngurmati dhumateng tiyang sepuh. Sepuh ing
ngriki saged sepuh yuswanipun,utawi ingkang kaanggep sepuh amargi pangkat,
drajat, utawi awunipun. Wondene basa Jawangoko kaginakaken antawising paraga
ingkang rerembagan boten nengenaken aos-ingaosan utawi urmat-kinurmatan
sarana wujuding basanipun amargi boten mbedakaken bab beda-bedaning yuswa,
awu, pangkat, tuwin drajatipun.
Makaten rembag bab basa Jawa krama saha basa Jawa ngoko ing sekolahan
ingkang saged kula aturaken. Cak-cakanipun, saestunipun sampun Penjenengan
tindaken ing padintenan, namung bokmenawi wonten para siswa ingkang dereng
patos pana bab ingkang gegayutan kaliyan basa Jawa krama saha basa Jawa
ngoko, sarta kadospundi paugeran bab panganggenipun. Cekap atur kula, bok bilih
anggen kula matur wonten ngarsa Panjenengan sadaya kathah klenta-klentu

ingkang boten mranani ing panggalih, kula nyuwun lumunturing pangaksama. Matur
nuwun.
B.

Tuladha Panganggening Basa Jawa


Tuladha panganggening basa Jawi antawising guru-murid, murid-guru, guruguru, basa Jawa andharan bab laku kabecikan,kados kaserat ing ngandhap
menika.
Tuladha 1
Pirembagan guru kaliyan siswa ing salebeting kelas
Guru basa Jawa mlebet kelas, sasampunipun suka salam dhateng para

siswanipun,lajeng miwiti wulangan basa Jawa.


Guru

: Para siswa, samenika Ibu badhe nerangaken bab panganggening


basa Jawi ing sekolahan. Samenika tahun ajaran enggal. Para siswa sampun
sami tepang kaliyan kanca-kanca? Kaliyan guru sampun tepang menapa
dereng ?

Siswa

:Dereng!

Siswa
Sanesipun

: Sampun!

Guru

: Menawi makaten, wonten ingkang sampun wonten ingkang dereng.


Samenika cobi sami tetepangan malih kanca-kancanipun. Caranipun para
siswa nyerat identitas dirilajeng mangke gentosan majeng kangge pitepangan
kaliyan kanca-kancanipun. Mangga dipunwiwiti kanthi nyerat nama, asal
sekolah,alamat,saha sanes-sanesipun. Cobi samenika sami ngrakit ukara
utawi damel seratan ingkang wosipun pitepangan kaliyan kanca-kanca.
Mangga dipunwiwiti.

Siswa

: Inggih Bu (sesarengan wangslanipun)

Tuladha 2

Pirembagan antawisipun para guru ing sekolah ngginakaken basa jawa ngoko
alus
Guru Matematika katingal kasesa,nilar kelas ingkang nembe pelajaran lajeng
dipunsuwuni priksa kalian guru basa Jawa.
Guru 1

: Bu arep tindak menyang ngendi,kok sajak ana sing dioyak?

Guru 2

: :Oh iya bu,iki arep metu sedhela. Ana siswa sing lara,perlu minyak
gosok. Arep utusan Pak bon lagi diutus Bapak Kepala Sekolah. Dadi
aku kudu metu dhewe. Mesakake bocahe selak kelaran.

Guru 1

: Oh ya wis Bu mangga, ndherekake.

Tuladha 3
Pirembabagan antawisipun Guru kaliyan Kepala Sekolah ngginakaken basa
Jawa krama alus
Guru basa Jawa SMAN 1 Muntilan badhe sowan Ibu Kepala Sekolah, saperlu
matur bab lomba Macapat tingkat propinsi.
Guru

: Nuwun sewu badhe sowan Ibu menapa kepareng ? (kanthi patrap

urmat)
Kep. Sek.

: oh mangga, kagungan kersa menapa, kok sajak wonten wigatos?

Guru

: Inggih Bu makten,wulan ngajeng menika sekolah kedah ngintunaken


siswa kangge tumut lomba macapat ing tingkat propinsi,lajeng bab
dana penyengkuyungipun kadospundi Bu?

Kep. Sek.

: Oh menika. Cobi wonten anggaran rak wonten dana mligi bab


panyengkuyung dhumateng prestasi, cobi kula tingali rumiyin,taksih
pinten. Lajeng kangge dana dhateng propinsi sampun wonten kok
ancer-anceripun. Menawi taksih wonten dana panyengkuyung, kula
sarujuk sanget menawi para siswa badhe tumut lomba menika.

Guru

: oh inggih Bu, matur nuwun.

II. PAMEDHARSABDA
Pangertosan
Pamedharsabda inggih menika paraga ingkang kajibah mbabar satunggaling
perkawis utaawi wacana. Ing tata

upacara pahargyan, pamedharsabda mundhi

dhawuhipun ingkang hamengku gati. Umpaminipun paraga ingkang kajibah


ngaturaken pambagyaharja, pangayubagya, utawi wasitatama.

Sarat Pamedharsabda
Supados jejibahanipun pamedharsabda saged kasil kanthi sae, pamedharsabda
kedah saged ngrengkuh sarat sarana kados ing ngandhap menika. Sarat ingkang
baku wonten tiga :
1. Olah swara
2. Olah raga lan busana (performance)
3. Olah basa lan sastra.
Kejawi saking menika taksih wonten bab-bab ingkang ingkang saged nyengkuyung
jejibahanipun pamedharsabda inggih menika:
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.

Pangrengga swara
Sasana
Pawiyatan/ngelmu
Mental
Katewajuhan/disiplin
Gladhen/latihan
Kasamaptaan/kesiapan

(badhe katerangaken sarat baku ing ngandhap menika)

1. Olah Swara
Panyengkuyung olah swara inggih menika:
a. Dialek/logat
Swanten pamedharsabda boten worsuh (mambet utawi kecampuran)
dialek/logat

daerah,

tegesipun

ngginakaken

basa

ingkang

baku.

Tumraping Basa Jawa ingkang kaanggep baku inggih menika logat


Surakarta lan Ngayogyakarta. Dialek tan baku saged kaginakaken ing
swasana mardika.
b. Pocapan
Aksara mati lan aksara urip kaucapaken pamedharsabda kanthi cetha,
tegas, boten blero utawi bindheng. Salah pocapan saged ngandhapaken
kawibawaning pamedharsabda.
c. Prana/napas
Napas boten dipeksakaken, boten megap-megap,dados ketingal wajar
sukur kepara landhung amrih boten kandheg ing margi. Rerangkening
tembung lan ukara ingkang prasaja lan boten panjang-panjang supados
nggampilaken pangaturing napas.
d. Membat mentuling swara.
Membat-mentuling swanten magepokan kaliyan:

1) Intonasi : magepokan kaliyang pungtuasi kadosta koma, titik, tandha


parentah, lan tandha pitaken.
2) Pitch: magepokan kaliyan andhap inggiling swara trep kaliyan
acaranipun.
3) Tempo: magepokan kaliyan rikat rindhiking swara utawi rancaking
swanten.
4) Aksen : magepokan kaliyan pundi ingkang ampang lan pundi ingkang
lembat.
5) Juncture: magepokan kaliyan teba antawis tembung, frasa utawi

klausa, ukara (samangkih badhe


e. Kajiwa

kaandharaken ing ngandhap)

: swara ingkang kawedhar kedah saged kajiwa dening

pamedharsabda. Wonten ing pundi pangandikan dipuntrepaken kaliyan


swasana tintrim, bungah, sungkawa, lsp.
2. Olah raga lan busana
Jejering pranatacara saha pamedharsabda saged ketingal ngengreng menawi
karengga ing swara, raga, solah bawa, lan busana. Pangudining busana
saged ngetrepaken swasana kaliyan warnining busana kaliyan kulit, make up,
papan, ingkang samadya temah ketingal pantes.
Pangudining raga magepokan ugi kaliyan solah bawa. Miterat Rama Sudi
Yatmana mahyakaken saptama pangolahing raga inggih menika :
a. Magatra : bleger wujudipun, rupa, adining sarira lan busana trep, pantes,
jangkep. Sikep wajar boten dipundamel-damel.
b. Malaksana: tindakipun sapecak sejangkah,

tinata

runtut,

luwes

mrabawani, boten ingah-ingih, boten wigah-wigih.


c. Mawastha : jumeneng jejeg, boten kendho, boten dhoyong.
d. Maraga : boten rongeh, boten edheg, boten gumeter, anteb anteng
ebahing sarira, mustaka jangga limrah samadya, ebah ewah pasemon
wadana nggambar jatining wigati, ebahing asta mimbuhi pratela cetha.

e. Malaghawa : trampil kepara trengginas, cag-ceg gancar sembada ing


karya.
f. Matanggap : tanggap salwiring swasana, saged mrabawa karya
ngengrenging swasana saged nawung duhkitaning wardaya nenangi raos
bela sungkawa.
g. Mawrat : anteb, manteb, ngentasi purwa, madya, wasananing karya.
3. Olah basa lan sastra
Amrih pamedharsabda saged ngolah basa ingkang sae kedah mangertosi
bab paramasastra, inggih menika kawruh/paugeran panyerat lan tatananing

tembung ing basa. Kanthi paramasastra kasebat pamedharsabda saged


ndhapuk tembung, ukara utawi wacana kanthi laras lan leres. Laras
tegesipun pamedharsabda saged ngayahi jejibahan trep kaliyan kawontenan.
Leres tegesipun pamedharsabda saged ngginakaken basa ingkang trep
kaliyan paramasastra. Anggenipun ngginakaken basa rinengga sampun
ngantos ngginakaken basa ingkang para tamu babar pisan boten mangertos
maknanipun jalaran namung badhe nguyak susastranipun. Sakalangkung sae
makna karengkuh, susastra ginayuh.
Kangge nggayuh basa ingkang susastra menika pamedharsabda saged
ngginakaken

purwakanthi

utawi

wangsalan.

(badhe

kaandharaken

purwakanthi lan wangsalan)


Purwakanthi inggih menika ambaling swara.
Purwakanthi kaperang dados tiga
a. Purwakanthi swara : ingkang dipunambali swaranipun/vocal.
Tuladha : gemi nastiti ngati-ati, sembada kang sinedya.
b. Purwakanthi sastra : ingkang dipunambali konsonanipun.
Tuladha : wijang wijiling wicara panjenenganipun Bapa Sujatmika
pindha pinandhita paring sesuluh seserepan dhateng temanten
sarimbit. Watak wantune wanitatama, tata, titi, tlaten lan tumemen.
c. Purwakanthi lumaksita/basa : ingkang dipunambali tetembunganipun.
Tuladha : Nun inggih namung Bagus Harjuna ingkang kuwawi methik
puspita, puspita cempaka, cempaka kang lagya ambabar ganda arum,
boten sanes inggih namung Rara Ayu Wara Subadra.

Purwakanthi Guru Swara


1. Aja dum menang, banjur tumindak sawenang-wenang
2. Ana awan, ana pangan
3. Ana dina, ana upa
4. Ati karep, bandha cupet
5. Bareng wis makmur, lali marang sedulur
6. Becik ketitik, ala ketara
7. Gelem obah, mesthi mamah
8. Inggah inggih, ora kepanggih
9. Ijo-ijo godhong kara, bareng bodho lagi rumangsa
10. Ireng-ireng ktok untun, bareng seneng ktok guyun
11. Ora cepet, ora ngliwet
12. Thenguk-thenguk, nemu kethuk
13. Tuwas sayah, ora padah

Purwakanthi Guru Sastra

1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.

Aja dhemen memada samng dumadi


Bobot, bibit, bbt
Janji jujur, jajahan mesthi makmur
Sing sapa salah slh
Sing wwh bakal wuwuh
Sluman slumun slamet
Tata titi tentrem

Purwakanthi Lumaksita
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.

Asung bekti, bektin kawula marang Gusti


Bayem arda, ardan ngrasuk busana
Lungguh dhingklik, dhingklik wong cilik-xilik
Nandang lara, laraning wong lara lapa
Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa
Raja putra, putra dalem Ngastina
Saking tresna, tresnan mung samudana

Wangsalan

inggih menika unen-unen ingkang suraosipun kadya

cangkriman nanging batanganipun sampun kasebataken kanthi


sinandi.
Wangsalan kaperang dados gangsal :
a. Wangsalan lamba : wangsalan ingkang batanganipun namung
setunggal.
Tuladha: Roning mlinjo, sampun sayah pengin ngaso.
Ron mlinjo
so
ngaso.
b. Wangsalan memet : wangsalan ingkang caranipun

madosi

batanganipun ambal kaping kalih.


Tuladha: Anggone menyang pasar ora sah kesusu, nguler kambang,
alon-alon wae, isih esuk.
Uler kambang
lintah
satitahe
alon-alon.
c. Wangsalan rangkep : wangsalan ingkang batanganipun langkung
saking setunggal.
Tuladha: Jenang sela wader kalen sesonderan,
apuranta yen wonten lepat kawula.
Jenang sela
apu
apuranta
Wader kalen sesonderan
iwak sepat
lepat
d. Wangsalan padinan: wangsalan ingkang limrah kangge pacelathon
sadinten- dinten.
Tuladha: Wah, janur gunung, kadingaren kowe dolan rene.
Janur gunung
godhong aren
kadingaren
e. Wangsalan ing lagu/tembang

Tuladha: Jirak pindha munggwing wana


sayeng kaga we rekta kang muroni
nyenyambi kalaning nganggur
wastra tumrap mustaka
pangikete wangsalan kang sekar pangkur
baon sabin ing nawala
kinarya langen pribadi

Menawi dipunudhali :
Jirak pindha munggwing wana

wit sambi

nyeyambi
Sayeng kaga------ golek manuk----- mawi kala----- kalaning
We rekta kang muroni---- banyu abang kang mendemi----anggur---- nganggur
Wastra tumrap mustaka ---- sandhangan kang dumunung ing
mustaka---- iket----- pangikete.
Baon sabin---- wonten sawah, ngalas---- sami makarya---kinarya
Nawala---- serat ingkang pribadi---- langen pribadi

Wangsalan ing lagu/tembang


Tuladha: Jirak pindha munggwing wana
sayeng kaga we rekta kang muroni
nyenyambi kalaning nganggur
wastra tumrap mustaka
pangikete wangsalan kang sekar pangkur
baon sabin ing nawala
kinarya langen pribadi
Gladhen

1. Kendhil ageng, sumangga enggal tumandang makarya.


2. Jangan gori nganti judheg anggonku ngandhani kowe.
3. Sarung jagung, bote wong nandang tresna.
4. Balung janur, muga-muga sida dadi kaleksanan.
5. mbalung jagung, sampun dados tanggel jawab panjengan
sedaya.
6. Anak bebek, aja meri karo aku.
7. Kolik priya, wanara anjani putra
Tuhu eman cah enom wedi kangelan
8. Witing klapa jawata ing ngarcapada
Salugune, wong sinau aja sembrana.
9. Isi sawo, putrane Pendhita Durna

Becike ngudia laku utama


10. Kawi gajah kramaning watu.
Estine ngamalke pancasila.
Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedheg) dhewe. Ukarane ora
persis nanging memper wae. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud
tembang. Tuladha sing wujud ukara:

Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron


bumbung=angklung)
nJanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).

Tuladha sing wujud tembang:


1.
2.
3.
4.
5.
6.

Jirak pindha munggwing wana


Sayeng kaga we rekta
Sinambi kalaning nganggur
Wastra tumrap mustaka
Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
Kinarya langen pribadi

Batangane:

Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.


Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
We rekta kang muroni = iket.
Baon sabin = karya.

Wangsalan cekap, kalajengaken ing tembung, mangga


kasemak..

Tembung

Tembung inggih menika rerangkening swara ingkang kawedhar dening lisan lan
kasumurupan surosipun. Tembung kabedakaken adhedhasar wujud lan jinisipun.
Wujuding tembung kaperang dados sekawan:
1. Tembung lingga :

tembung ingkang taksih wetah utawi dereng rinaketan

wuwuwhan menapa kemawon.


Tuladha : kalpika, sedya, laku, tulis, sapu.
2. Tembung Andhahan : tembung ingkang sampun ewah saking lingganipun karana
rinaketan wuwuhan. Wujudipun wuwuhan :
a. Ater-ater : wuwuhan ingkang dumunung ing sangajengipun tembung llingga.

Ater-ater hanuswara : dhapuk tembung kriya tanduk (m,n,ng,ny = mlaku, nulis,


ngancing, nyapu)
Ater-ater tripurusa: dhapuk tembung kriya tanggap (dak,kok,di = dakwaca,
dijupuk, kokpangan)
Ater-ataer a, sa, pi, ka,ke,pra,tar,kapi,kuma,kami.
b. Seselan : wuwuhan ingkang dumunung ing satengahing tembung lingga.
Seselan wonten sekawan = um, in, el, er, sumugih, sinebar, klepyur, grandhul.
c. Panambang : wuwuhan ingkang dumunung ing sawingkinging tembung lingga.
(i, a, e, en, an, na, ana,ane, ake,)
3. Tembung Dirangkep : kaperang dados tiga inggih menika :
a. Dwipurwa : tembung ingkang kedadosan saking pangrangkeping wanda
kawitane lingga.
Tuladha : bungah
tuku

bubungah
tutuku

bebungah
tetuku

b. Dwilingga : tembung ingkang kedadosan saking tembung lingga ingkang


dipunrangkep.
Tuladha : mlaku-mlaku, mobat-mabit, epek-epek.
c. Dwiwasana : inggih menika tembung ingkang

kedadosan

saking

pangrangkeping wanda wekasan.


Tuladha : cengis
cengisngis
cengingis
4. Tembung camboran : kalih tembung utawi langkung ingkang kagandheng dados
setunggal, mujudaken tembung enggal, saha ngemu teges enggal ingkang nyebal
saking tembung sakawit. Kaperang dados kalih inggih menika camborah wutuh
lan camboran tugel.
Tuladha : semar mendem, raja lele,
Lunglit, ndhekwur,dhelik

camboran wutuh
camboran tugel

Jinising tembung kaperang dados sedasa :


1. Tembung aran/kata benda/nomina : tembung ingkang mratelakaken namaning
barang/ menapa kemawon ingkang kaanggep barang. Tuladha : buku, meja,
ngelmu, dokter.
2. Tembung kriya/ kata kerja/verba : tembung ingkang mratelakaken tandang
damel/solah bawa. Tuladha : nyerat, maos, siram, ngarit, mundhut.
3. Tembung kaanan/kata sifat/adjektiva : tembung ingkang mratelakaken
kaanan/kawontenan/ watak satunggaling barang utawi bab. Tuladha : beja,
pinter, pelit.
4. Tembung katrangan/kata keterangan/adverbia : tembung ingkang paring
katrangan tembung sanesipun. Tuladha : arep, wis, boten, saweg, pancen,
saged.

5. Tembung sesulih/kata ganti/pronomina: tembung ingkang dipunginakaken


minangka sesulihipun tiyang, barang. Tuladha: Sesulih tiyang kaperang dados 3.
1) utama purusa : aku, ingsun, awake dhewe. 2) madyama purusa :
sampeyan/kowe. 3) pratama purusa: dheweke.
6. Tembung wilangan/kata bilangan/numeralia: tembung ingkang mratelakaken
gunggungipun. Tuladha : setunggal, selosin, akeh, sekedhik.
7. Tembung panggandheng/kata sambung/konjungsi : tembung ingkang kangge
nggandheng ukara setunggal kaliyan ukara sanes. Tuladha : mulane, ananging,
dene, lan.
8. Tembung ancer-ancer/kata depan/preposisi: tembung ingkang kangge nganceranceri papan utawi tembung aran. Tuladha : kaliyan, dening, kagem, marang.
9. Tembung panyilah/kata sandang/ artikula : tembung ingkang kangge
nyilahaken/mligegaken satunggaling patrap, barang utawi bab. Tuladha : si,
ingkang, sang, sri, para.
10. Tembung panyeru/kata seru/interjeksi : tembung ingkang saged nggambaraken
wedharing raos remen, susah, kaget, kuciwa, gela, gumun. Tuladha : lha, lho,
asyik, adhuh, hore, wah.

Frasa
Frasa inggih menika kelompok tembung kanthi titikan :
1.
2.
3.
4.

Kedadosan saking kalih tembung utawi langkung


Drajadipun dumung antawis tembung saha klausa.
Urut-urutaning tembung boten kenging nglangkungi wasesa
Limrahipun kedadosan kalih perangan, inggih menika

perangan

inti/dipunterangaken, perangan atribut/ ingkang nerangaken.


Miterat pranatanipun kaperang dados kalih :
1. Frasa endosentris : nyebataken setunggal perangan sampun makili perangan
sanes.
Tuladha : sekar pocung, basa krama
2. Frasa eksosentris : salah satunggaling perangan boten saged makili nyulihi
perangan sanesipun.
Tuladha : ing kalbu, amrih lantib.

Klausa
Klausa rerangkening tembung ingkang sampun ngudhar satunggaling gagasan.
Titikanipun klausa inggih menika :
1. Ing basa lisan saboten-botenipun wonten wasesa
2. Ing basa sinerat saboten-botenipun kedadosan saking jejer lan wasesa.

3. Saged madeg dados ukara.


Tuladha : Pak Hardjana // jumeneng
jejer
wasesa

Pak Hardjana jumeneng : klausa


Pak Hardjana : frasa
jumeneng : tembung

Ukara
Ukara

inggih

menika

rerangkening

tembung

ingkang

saged

ngudharaken

satunggaling kekajengan jangkep setunggal bab. Titikanipun ukara ;


1. Saged madeg piyambak
2. Kedadosan setunggal klausa utawi langkung
3. Ing basa sinerat kawiwitan aksara murda dipunpungkasi titik, tandha pitaken,
tandha seru.
4. Wonten laguning pocapan/intonasi.
Tuladha : Pak Budi saweg nyerat ing blabag, para siswa sami nggatosaken
Miterat kathah sekedshikipun klausa :
Ukara camboran sejajar :
1. Kalusa-klausa ing ukara majemuk sejajar kalenggahanipun sejajar.
Sadewa mipili jagung lan Pranandari nglumpukake pipilane.
Hananto nyawang Widodo banjur mandeng anake.
Bulus raseksa iku wis diburu wong papat, nanging ora kasil dicekel.
Kahanane negara uwis mbebayani, malah swasanane saya umeb.
Ukara camboran susun : ukara ingkang dumados saking kalih klausa utawi langkung ingkang
salah setunggalipun minangka perangan saking klausa sanes.
1. Ngatini meruhi menawa Sadewa lagi lara
Klausa inti
2. Merga ibu tanpa daya, Ibu ora bisa selak nadyan Panjenengane wis sepuh.
Kalusa utama : Ibu ora bisa selak
Klausa subordinatif : merga ibu tanpa daya, nadyan pajenengane wis sepuh
3. Jiwa ora bisa turu sebab dheweke kuwatir yen bandhane dicolong uwong. (majemuk
berjurai)
Klausa utama : Jiwa ora bisa turu

Klausa subordinatif : (1) dheweke kuwatir, (2) yen bandhane dicolong uwong
4. Nalika tangane Baryono nyandhak gulu saperlu nggagapi kalamnejing, Bajag nguwali
pangringkuse
Klausa utama : Bajag/ nguwali /pangringkuse.
J

Klausa subordinatif : (1) Nalika/ tangane Baryono/ nyandhak/ gulu.


Tp

(2) saperlu /nggagapi /kalmenjing.


Tp

5. Mripate ngandhakake yen dheweke durung rampung (tdk dapat dibalik)


Kl utama

Kl subordinatif

5. Sadewa rumangsa bener mula dheweke wani maju.


Kl utama

kl subordinatif

6. Aku iklas waton kowe ora ngapusi ( dpt dibalik) Waton kowe ora ngapusi, aku iklas.
Kl utm

kl subor

7. Hardi endha sambi tangane nggoceki pang.(dpt dibalik).


Kl utm

kl subor

8. Ranti uwis teka nalika Ibu durung tindak.


Kl utama
9. Pak Jimin budhal mulang sawise anake mara.
Kl utama

kl subord

10. Pak Jimin budhal mulang sanajan anake mara


11. Tandurane deres banget (nganti, mula, akibate, saengga) tandurane padha rusak.

III. BUDI PEKERTI


Andhap inggiling drajat setunggal negari katemtokaken dening budi pekerti
warganipun. Kangge ningkataken taraf budi pekerti bangsa, salah satunggaling cara
saged dipunlampahi lumantar pendhidhikan formal utawi non formal.
Tembung
budi
Tembung pekerti

serapan sansekerta wod tembung budh : sadhar


serapan sansekerta, wod tembung krti : solah

bawa
solah bawa/ tindak tanduk satunggaling tiyang.
Budi wonten ing batosing tiyang, pramila boten ketingal, badhe ketingal
menawi tiyang nglampahi satunggaling solah bawa. Supados saged nggadhahi budi
pekerti luhur kedah nggadhahi pawitan tepa slira
Sumber

pustaka

dipunmangertosi)

Jawa

ingkang

ngemot

ajaran

budi

pekerti

(cekap

a. Retno ginubah (S. Siswosudiro, 1956)


NGemot 423 ajaran. Dipunandharaken kanthi anjuran : karukunan,
kawilujengan, kautaman, kajujuran, tresna asih, sengkud makarya, remen
tetulung urmat. Kanthi larangan : gampil gumun, ngamuk, isin takon,
kandheg usaha.
b. Sasana Sastra (Ki Yasawidagda & Ki Hadiwijana, 1952)
Wosipun konsepsi solah bawa nistha, madya, utama.
c. Sastra Gita Wicara ( Ki Hadiwijana, 1953)
Wosipun 100 ajaran budi pekerti luhur
d. Wirawiyata (KGPAA Mangkunegara IV, 1788)
Ajaran budi pekerti ingkang katujokaken dhumateng para prajurit.
e. Niti Sastra (RM. Ng. Purbacaraka, 1940)
f. Tantri Kamandaka, dipunsunting C. Hooykaas, 1931)
Ajaran anggenipun ngluwari nafsu sufiahipun
g. Arjunasasrabahu (R.Ng. Sindusastra, 1757)
Ajaran budi pekerti prajurit ing rananggana.
Fakator mula bukaning budi pekerti :
a. Sosial
Masyarakat Jawa limarah gesang ing alam pradesan, ingkang nengenaken
karukunan lan tembayatan. Pramila solah bawa tansah dipunupayakaken
wontenipun tembayatan ingkang laras kanthi unen-unen sepi ing pamrih, rame
ing gawe, memayu hayuning bawana.
Sepi ing pamrih

sikap batin ingkang menggak hawa nepsu

Rame ing gawe

upaya nglampahi darma tumuju larasing hak lan

kewajiban.
Memayu hayuning bawana

upaya mujudaken kasalarasan tuwin

karukunan gesang ing alam donya.


b. Filsafat
Tiyang menika minangka ciptaan Gusti ingkang wujudaken gambaran alit
ingkang dumados saking badan wadhag lan ruh. Kangge ngenal pribadi kula lan
panj dipunalang-alangi nafsu mutmainah, amarah, aluamah, sufiah. Kados
unen-unen Bali alaming asuwung tan karem karameyan, ingkang sifat wisesa
winisesa wus, mulih mula mulanira.
c. Religi

Masarakat Jawa nggadhahi tingkat religiolitas ingkang inggil. Sampun kagungan


kapitadosan. Agama dherek kiprah mujudajen ajaran moral Jawa ( toleransi,
larangan, dhawuh, lsp)

Caranipun nggayuh budi pekerti :


1. Kanthi pengajaran unggah-ungguh
Ingkang guneman
berstrata

ingkang dipunajak guneman


Tuladha : Are you going to eat now?
Ngoko lugu : Apa kowe arep mangan saiki
Ngoko alus : Apa sampeyan arep dhahar saiki
Krama lugu : Napa sampeyan ajeng nedha sakniki
Krama alus : Menapa panjenengan badhe dhahar samenika
2. Ngginakaken Basa Jawa kanthi sae lan leres.

Pandom ngginakaken Basa Jawa kanthi sae:


1. Trep kaliyan unggah-ungguh basa : Tiyang ingkang guneman kaliyan ingkang
dipunajak guneman badhe nemtokaken ragam basa ingkang badhe kapilih.
Pembicara
(communicator)

Lawan Bicara
(The recipient of the message)

1. Tingkat social
2. Kawontenan pirembagan
3. Wosing pirembagan
4. papan
5. sarananing pirembagan
2. Trep kaliyan Variasi basa, ngewrat perkawis :
a.Field/bidang: ngengingi kenging menapa komunikasi dumados
b.

Mode/ ragam: ngengingi kados pundit bentuk/ragam basanipun

c.

Style/gaya : ngengingi teba antawis pembica-lawan bicara/ dhateng sinten


pilihan variasi basa dipunginakaken.

3. Sikap Penutur
Amargi wong Jawa wis ora jawani, pramila tiyang Jawa kecalan identitas
minangka tiyang Jawa ingkang kawentar alus basanipun, sopan, semanak, lsp.
Tiyang kirang nggadhahi sikap positif

dhateng basa Jawa : setya dhateng

paugeran panganggening basa Jawa, raos urmat dhateng basa Jawa, raos
bombong ngginakaken basa Jawa, sadhar dhateng basanipun.
4. Trep antawis bentuk lan isi
Saged ngronce ukara ingkang efektif lan efisien : ukara ingkang kawedhar
kedah nggayuh maksud tanpa ngedalaken kathah tembung.
Pandom ngginakaken Basa Jawa kanthi leres :
1.

Trep kaliyan kaidah paramasastra : paugeran panyeratan lan tatananing


tembung ing basa.

2.

Trep kaliyan ejaan : system paugeran pralambang swanten basa kanthi aksara,
paugeran nyerat tembung-tembung lan cara ngginakaken tanda baca.

3.

Trep kaliyan lafal : paugeran pralambang swanten basa/ pocapan aksara kanthi
cetha.

Gladhen : saged analisis budi pekerti ing karya sastra Jawa, salah setunggalipun uyon-uyon.

Gendhing Nusantara

Wus mesthine ca pantese padha


angrungkepi ca laku darma
bekti sungkem mring nusa bangsa

tunggal cipta tunggal sedya


wong sanegara 3X
Mbedhah mega mendhung tumiyung
mugi-mugi antuka pepadhang
ing Nuswantara kalis rubeda
amardikengrat lulus tataraharja
ing nuswantara kacatur
subur makmuring nagari
sanyata tan ana padha
lawan gumelaring bumi
Republik Indonesia
Mardikengrat tulus mandiri

III.

PAWARTOS BASA JAWA

Tuladha teks pawartos


Pamaos Pawartos :
Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngeblak, Sitimulya, Piyungan, Bantul
dipunbikak wiwit tahun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping
tetiyang ing sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis, kepara
mujudaken papan ingkang ngrejekeni.
Narator :
Tempat Pembuangan Sampah Akhir utawi TPA Ngeblak, Sitimulya, Piyungan,
Bantul mujudaken papan kangge bucal uwuh saking Kabuapten Sleman, Bnatul lan

Kota Yogya. Ing wekdal sakawit, saderengipun TPA menika dipunbikak, kawontenan
warga masyarakat ing sakiwa tengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging
sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga mbaka sekedhik tansaya
mindhak sae, awit ndayakaken uwuh menika.
Salah satunggaling warga masyarakat Ngeblak, Ahyar ugi nelakaken bilih
sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios tambal banipun ugi saya rame. Kejawi
menika warga ing sakiwa tengening ugi saged

pidamel pados rongsokan uwuh

menapa dene ngingah lembu, saengga panggesangan tansaya mindhak.


Pamaos Pawartos :
Ganda uwuh wonten ing TPA temtu mambet sanget lan boten badhe
ndadosaken jenak. Nanging tumraping tetiyang ingkang pados uwuh, ganda ingkang
mambet kasebat dados sumbering rejeki.
Narator :
Kejawi masyarakat sakiwa tengenipun, tetiyang ingkang pados uwuh kasebat
dhateng saking maneka warni tlatah ing Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun.
Salah satunggalipun tiyang ingkang pados uwuh, Yanti mratelakaken barangbarang kadosta plastic, botol, diklempakaken salebet setunggal minggu lajeng
dipunsade. Kanthi makarya nglempakaken uwuh kasebat, Yanti saged nyekolahaken
yoganipun cacah 3 ingkang manggen ing Kulon Praga kaliyan simbahipun. Tumrap
tetiyang ingkang dhateng saking sajawining rangkah, inggih sami manggen ing
gubug utawi brak dados setunggal kaliyan tumpukan uwuh.
Puji Lestari, Agus Widada, Jogja TV
(Kapethik saking Pawartos Ngayogyakarta, Jogja TV)

Kawruh Basa
Ganda : ambu
Kepara : malah
Nelakaken : nerangaken, mratelakaken
Rangkah : pager, wates
Yoga : putra, lare
Ndayakaken : upaya, usaha

V. ROMAN
Kasusastran Jaman Moodern :
1. Wujud Roman
R.M Sri Hadijaya

: Jodho kang pinasthi, gerilya Solo, Tugas Luhur

Widi Widayat

: Kapilut godhaning Setan, Tresna Abaya Pati, Suduk Gunting

Tatu Loro
A. Zaerozi A.A

: Kumpule Balung Pisah.


2. Wujud Cerkak

St.I Iesmaniastia

: Kidung Wengi ing Gunung Gamping (Antologi)

Suwardi Endraswara: Jangka, Kaca-kaca Bening (antologi), Semar, Kagubet Kalimat


Angga-angga
3. Wujud Geguritan

Krishna Miharja

: Langit, Pasar, Kori, Urip Iki, Nalika Tangi, lsp

Turiyo Ragil Putra

: Badhar, Aku Kangen, Tembang Grimis, Tembangan, lsp.

Tuladha Roman

Kumpule Balung Pisah

..
Dumadakan keprungu swara dhokar mandheg ing ngarepan. Let sedhela
Darti mlayu-mlayu mlebu ngomah matur ibune, Bu, ana tamu.
Tamu sapa. Apa karo Bapakmu? pitakone Darminah.
Ora, wong nitih dhokarkok, karo Bulik Sun.., tamune putrid wis sepuh.
Lho, sapa?
Darmanto kang ngerti banjur mapagake tamu-tamu iku, yaiku : Sundari,
Sumantri, lan piyayi wadon tuwa, ayake ibune.
Elo, apa kuwi ibune dhik Sun.? Blahi, kedhidikan iki pangunandikane
Darminah. Nuli matur marang bapake, Pak, nika lho, bakal besan Panjenengan
tindak mriki.
Mas Sastro isih during pati maelu, diarani anake mung guyonan wae, isih
nersake nggone wiridan. Tamu-tamune padha mlebu ngomah, Darminah
mapagake..
Kula nuwun .., celathune priyayi putrid iku, banjur mandheg greg,
kaya kamitenggengen..
Mangga.., wangsulane Darminah, uga nuli cep Mripate mandeng
tamune akedhep tesmak, dumadakan nuli mlayu nggapyuk tamune karo
nggembor banter banget, Ibu..! o, Ibu..! Bu, teka panjenengan . Bu,
kula . kula. Putra Panjenengan pun Darminah. Darminah ngrangkul
kenceng karo nangis nguguk.
Tamune melumbengok nangis, O., anakku Ngger.! Kok kowe .ana
Ya Allah, gusti.., Pangeran kula.
Tamu mau, jebul ibune dhewe kang wis pirang-pirang taun pisah.
Darmanto, Sundari, lan Sumantri mung padha ndomblong ora ngerti nalar-nalare.
Darmanto, apa kowe pangling, iki rak ibumu dhewe., celathune
Darminah marang Darmanto. Darminah dhewe isih ngrangkulibune. Bu, menika
rak Manto rumiyin, nalika panjengan tilar tasih alit.
Manto banjur melu nangis sisan. Semono uga Sundari, calon garwane
Darmanto.
O Allah. Ngger, saka pokale ibumu nganti kelakon.. kaya
ngene. Lha Bapakmu.. saiki ..ana .ngendi?
Kocapa Mas Sastrosudiro isih ana kamar , bareng krungu rame-rame ing
njaba, nuli brabat metu kepingin weruh kedadean apa. Em .. kowe ta
Bune?
Iya, Pak sepira luputku.. nyuwun pangapura. Bu Sastro
banjur ngekep lan ngmbungi putu-putune.
Darminah, mbakyune Darmanto nuli marani Sundari, O, Allah jebul kowe
ki adhiku dhewe. To, Manto, kaya bener rasane atiku, gek anu, gek anu,

jebule Sundari calonmu iki adhiku dhewe, ya tegese adhimu dhewe, mung seje
bapak. O, Allah tujune during kebacut.
Iya , Ndhuk, kabeh iki kadang-kadangmu dhewe. Sambunge Bu
Sastro karo ngusapi eluhe. Sundari iki anakku nomer loro karo bojo dene
Sundara wis ora ana, jalaran mursal ora karuwan niru Bapake kang uga lunga
ora karuwan juntrunge. Jebule, anggone ngepek aku iki mung arep ngrontogi
bandhaku.
Bu, sing wis ya wis. Ngendikane Pak Sastro marang tilas garwane kang
ditinggal garwane. Bu Sastro biyene kepencut karo wong liya, banjur pegatan
karo Pak Sastro. Saiiki bali meneh.
Wosing Budi Pekerti :
2.
Kedah setya dhateng garwanipun
3.
Tumindak kedah dipunpenggalih langkung rumiyin, supados boten
kuciwa tembe wingkingipun, kados Bu Sastra ingkang dipuncidra
kaliyaningkang dipunajak sedheng.
4.
Nglampahi gesang bebrayan adhedhasar paugeran agami, sampun
ngntos kados Bu Sastra ingkang nilar kulawarga
kangge nggayuh
kekajenganipun piyambak.
5.
Saged tanggel jawab dhateng kulawarganipun.
6.
Putra kedah mangabekti lan ngestokaken dhawuhipun tiyang sepuh.
7.
Menawi badhe jejodhohan kedah dipunmangertosi garis katurunanipun.
Kados Sumanto ingkang badhe pepacangan kaliyan Sundari pranyata
kaprenah kakang adhi seje bapak.
Gladhen:
1. Menapa bentenipun cerkak,Novel,Roman..?
2. Katulisna unsure intrinsic saking Roman lan jelasna..!
3. Katulisna tahapan alur saking Roman!

Anda mungkin juga menyukai