Anda di halaman 1dari 88

RESEPSI PAMACA MARANG CERKAK

BINGKISAN LEBARAN SAKA PAK BUPATI


ANGGITANE MBAH BRINTIK

SKRIPSI

DENING
ZUNI MARDLIYANA
052114033

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA


FAKULTAS BAHASA DAN SENI
JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH
2009

RESEPSI PAMACA MARANG CERKAK


BINGKISAN LEBARAN SAKA PAK BUPATI
ANGGITANE MBAH BRINTIK

SKRIPSI
Kaajokake marang Universitas Negeri Surabaya
kanggo syarat ngrampungake
Program Sarjana Pendidikan

Dening
Zuni Mardliyana
052114033

UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA


FAKULTAS BAHASA DAN SENI
JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH
2009

ATUR PANGIRING

Puji syukur mugi konjuk wonten ngarsanipun Gusti Kang Maha Kuwaos,
amargi kanthi rahmat sarta hidayahipun panulis saged ngrampungaken
anggenipun nulis lan nyusun skripsi kanthi irah-irahan Resepsi Pamaca marang
Cerkak Bingkisan Lebaran Saka Pak Bupati anggitane Mbah Brintik. Panulis
matur nuwun sanget amargi anggenipun nyerat skripsi saged gumathok kaliyan
wekdal ingkang sampun dipun tamtokaken.
Anggenipun pikantuk asil ingkang prayogi tamtu boten saged uwal saking
panjurung ugi panyengkuyung saking:
1. Prof. Dr. Haris Supratno minangka Rektor Unesa.
2. Prof. Dr Setyo Yuwono minangka Dekan FBS.
3. Drs. Sukarman, M.Si. minangka Ketua Jurusan Pendidikan Bahasa
Daerah.
4. Drs. Sugeng Adipitoyo pinangka pembimbing ugi kang dados damar
sesuluh ngelmu anggen kula nggarap skripsi.
5. Bapak lan Ibu ingkang tansah paring panyengkuyung anggen kula ngangsu
kawruh,
6. Kanca-kanca lan sadaya ingkang sampun mbiyantu anggen kula
ngempalaken dhata.
Panulis ngrumaosi menawi anggenipun nyerat ugi nyipta skripsi punika
taksih tebih saking tembung sampurna. Skripsi punika kaajab sageda paring
paedah kagem pribadi mliginipun, ugi para pamaos umumipun.

Wasananing atur kawula nyuwun gunging samudra pangaksami mbok


bilih wonten lepating anggen kula nyerat. Pramila kula nyuwun pambiyantu ugi
kritik ingkang asipat nyengkuyung saking para maos, supados seratan punika
saged sae ugi bermanfaat.

Surabaya, 2 Januari 2010

Panulis

RESEPSI-NE PAMACA MARANG CERKAK


BINGKISAN LEBARAN SAKA PAK BUPATI
ANGGITANE MBAH BRINTIK
Zuni Mardliyana
ABSTRAK
Cerkak Bingkisan Lebaran Saka Pak Bupati karya Mbah Brintik
(CBLMB) ini merupakan cerita pendek yang dinobatkan sebagai karya pinilih
oleh majalah berbahasa Jawa Jaya Baya pada tahun 2004. Hal tersebut merupakan
salah satu alasan penelitian resepsi ini diadakan. Selain itu selama ini diketahui
bahwa penelitian tentang sastra masih berkutat pada masalah produksi saja,
sedangkan penelitian yang berhubungan dengan resepsi kurang mendapat
perhatian. Meskipun ada penenlitian tentang resepsi, tetapi masih banyak yang
terhenti pada segi konseptualnya saja, maka dari itu penelitian tentang resepsi juga
perlu diadakan secara operasional untuk memperjelas konsep-konsep yang telah
ada.
Masalah dalam penelitian ini adalah tentang penerimaan dan tanggapan
pembaca berdasarkan daya intelektual dan emosionalnya terhadap CBLMB.
Tujuan penelitian ini adalah untuk mendeskripsi dan menganalisis penerimaan
dan tanggapan pembaca berdasarkan daya intelektual dan emosionalnya terhadap
CBLMB. Kontribusi penelitian ini terhadap ilmu sastra adalah untuk memperjelas
tentang teori resepsi supaya tidak terhenti pada konsep saja. Selain itu, penelitian
ini juga dapat dijadikan sebagai referensi untuk penelitian dengan menggunakan
pendekatan resepsi lainnya.
Penelitian ini menggunakan pendekatan resepsi. Metode yang digunakakn
yaiku metode penafsiran teks yang dilakukan oleh reseptor terhadap CBLMB.
Teknik yang digunakan untuk mengumpulkan data dari reseptor adalah teknik
wawancara,baik langsung maupun tidak langsung (kuesioner dan angket), dan
pengamatan. Reseptor sebagai sumber data dipilih dari mahasiswa Jurusan
Pendidikan Bahasa Jawa Fakulta Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya
sebanyak 12 orang.
Data dalam penelitian ini meliputi resepsi dan tanggapan reseptor terhadap
CBLMB. Analisis dilakukan dengan cara mengklasifikasikan berdasarkan daya
dari reseptor. Kedua bagian tersebut masih dirinci lagi berdasarkan kategorikategori tertentu.
Berdasarkan analisis data hasil penelitian, reseptor menerima dan menilai
CBLMB sebagai cerita yang bagus dan sarat dengan pelajaran-pelajaran yang
berguna bagi kehidupan sehari-hari. Tanggapan yang diberikan reseptor terhadap
CBLMB ini ada 2 macam. Ada yang memberikan tanggapan berdasarkan ilmu
yang pernah diperoleh ketika kulian teori sastra dan kritik sastra, tetapi ada juga
yang memberi tanggapan berdasarkan perasaan (emosinya). Jika ditilik dari latar
belakang reseptor yang diambil dari golongan akademisi yaitu mahasiswa bahasa
Jawa yang harusnya dapat memberikan tanggapan berdasarkan ilmunya, tetapi
dari hasil penelitian ini masih ada yang menanggapi berdasarkan perasaan
sehingga menimbulkan suatu keunikan atau suatu hal yang aneh yang tidak
seharusnya terjadi.

RESEPSI-NE PAMACA MARANG CERKAK


BINGKISAN LEBARAN SAKA PAK BUPATI
ANGGITANE MBAH BRINTIK
Zuni Mardliyana
ABSTRAK
Cerkak Bingkisan Lebaran Saka Pak Bupati anggitane Mbah Brintik
(CBLMB) iki mujudake cerita cekak sing kapilih dening redaksi kalawarti Jaya
Baya ing taun 2004 minangka karya pinilih. Iku mau mujudake sawijining
alasan panliten ngenani resepsi iki dianakake. Sasuwene iki dingerteni menawa
panliten sastra mligi ing prekara produksi, saengga panliten adhedhasar resepsi
rada dilirwakake. Saliyane iku, panliten resepsi sasuwene iki mung winates ana
ing konseptual wae, mula prelu dianakake panliten kanthi cara operasional sing
bisa nyethakake konsep-konsep sing wis ana.
Punjering panliten ing panliten iki yaiku ngenani resepsi (panampa) lan
tanggapane pamaca adhedhasar daya intelektual lan emosionale marang CBLMB.
Tujuwan panliten iki yaiku kanggo ngandharake lan njlentrehake resepsi
(panampa) lan tanggepane pamaca adhedhasar daya intelektual lan emosioale
marang CBLMB. Panliten iki bisa mupangati marang ilmu sastra mligine
ancangan resepsi lan panliten sabanjure.
Ancangan sing digunakake ing panliten iki yaiku ancangan resepsi. Tata
cara (metode) sing digunakake yaiku tata cara nafsirake teks sing ditindakake
dening reseptor. Cara (teknik) sing digunakake kanggo nglumpukake dhata yaiku
nggunakake cara wawancara kanthi cara langsung lan ora langsung (kuesioner lan
angket), lan pangematan marang reseptor.
Reseptor yaiku pamaca sing menehi pambiji lan tanggapan marang CBLMB
sing wis disebarake dening panliti. Minangka reseptore, yaiku mahasiswa Jurusan
Pendidikan Bahasa Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya
cacah 12. Dhata diolehake saka asil wawancara marang reseptor, asile wujud
resepsi (panampa) lan tanggapane reseptor marang CBLMB. Sabanjure dhata sing
wis kasil diolehi, diklompokake adhedhasar dayane reseptor, yaiku daya
intelektual lan emosional. Saka rong perangan iku diprinci maneh miturut
tanggepan sing diwenehna reseptor.
Adhedhasar andharane dhata asil saka panliten, wujud panampane reseptor
marang CBLMB yaiku CBLMB mujudake cerkak sing apik lan prasaja nanging
kebak piwulangan-piwulangan becik ngenani urip lan panguripan. Tanggepan
sing diwenehake dening reseptor marang CBLMB ana rong werna, yaiku
tanggepan adhedhasar ilmu sing tau diolehi nalikane kuliah teori lan kritik sastra,
lan pambiji adhedasar emosi (rasa pangrasane). Reseptor sing dijupuk saka
golongan akademisi, yaiku mahasiswa Jurusan Pendidikan Bahasa Jawa, Fakultas
Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya kudune bisa menehi pambiji
marang sawenehe karya sastra adhedhasar kawruh sing wis tau diolehi, nanging
sing nyebabake resepsi marang CBLMB iki unik yaiku anane pambiji adhedhasar
emosionale.

ISINE SKRIPSI

KACA SAMAK........................................................................................
KACA IRAH-IRAHAN ...........................................................................
KACA PASARUJUKAN .........................................................................
PISUNGSUNG .........................................................................................
PEPELING...............................................................................................
ATUR PANGIRING ................................................................................
ABSTRAK................................................................................................
DAFTAR TABEL RESEPSI ...................................................................
ISINE SKRIPSI .......................................................................................

i
ii
iii
iv
v
vi
viii
x
xi

BAB I PURWAKA...................................................................................
1.1. Alasan Panliten ...................................................................................
1.2. Punjering Panliten ...............................................................................
1.3. Tujuwane Panliten...............................................................................
1.3.1. Tujuwan Umum ...............................................................................
1.3.2. Tujuwan Khusus ..............................................................................
1.4. Paedahe Panliten .................................................................................
1.4.1. Paedah Teoretis ................................................................................
1.4.2. Paedah Praktis ..................................................................................

1
1
3
4
4
4
4
4
4

BAB II TINTINGAN KAPUSTAKAN ...................................................


2.1. Ancangan ...........................................................................................
2.1.1. Tegese Resepsi .................................................................................
2.1.2. Titikane Resepsi ...............................................................................
2.2. Teori lan Konsep-konsep .....................................................................
2.2.1. Perangane Resepsi ............................................................................
2.2.1.1. Intelektual .....................................................................................
a. Refleksi ..................................................................................................
b. Rekreasi .................................................................................................
2.2.1.2 Emosional .....................................................................................
a. Impresi ...................................................................................................
b. Reaksi ....................................................................................................
2.2.2 Paprincene Perangane Resepsi ..........................................................
2.2.2.1 Intelektual .....................................................................................
a. Refleksi ..................................................................................................
1) Presuposisi (perkiraan) ..........................................................................
2) Afeksi (tumindak) ...................................................................................
b. Rekreasi .................................................................................................
1) Alur .......................................................................................................
2) Isi ..........................................................................................................
2.2.2.2 Emosional ......................................................................................
a. Impresi ...................................................................................................
1) Wujude (tampilan) .................................................................................
2) Isine .......................................................................................................
b. Reaksi (respon) ......................................................................................

5
5
6
8
11
13
13
13
14
15
15
16
16
17
17
17
17
18
18
19
19
19
19
19
20

BAB III TATA CARA PANLITEN ........................................................


3.1 Urut-urutan Strategis-e Panliten ...........................................................
3.1.1 Tata Carane Ngumpulake Dhata ........................................................
3.1.2 Tata Carane Ngandharake Dhata .......................................................
3.1.3 Tata Carane Njlentrehake Dhata ........................................................
3.2 Ubarampene Panliten ...........................................................................
3.2.1 Dhata ................................................................................................
3.2.2 Sumber Dhata ...................................................................................

21
21
21
22
23
24
24
24

BAB IV ANDHARAN LAN JLENTREHAN .........................................


4.1. Andharan ............................................................................................
4.1.1 Resepsi-ne Reseptor ..........................................................................
4.1.1.1 Resepsi Adhedhasar Daya Intelektual .............................................
a. Refleksi ..................................................................................................
1) Presuposisi ............................................................................................
2) Afeksi (tumindak) ...................................................................................
b. Rekreasi .................................................................................................
1) Ngreka Alure .........................................................................................
2) Ngreka Isine ..........................................................................................
4.1.1.2 Resepsi Adhedhasar Daya Emosional .............................................
a. Impresi ...................................................................................................
1) Wujude (tampilan) .................................................................................
2) Isine ......................................................................................................
b. Respon (reaksi) ......................................................................................
4.1.2 Perangane Reseptor ...........................................................................
4.2 Jlentrehan Ngenani Resepsi ..................................................................

26
26
26
26
27
29
33
34
35
36
38
38
40
44
48
51
52

BAB V DUDUTAN LAN PAMRAYOGA............................................... 58


5.1. Dudutan .............................................................................................. 58
5.2. Pamrayoga .......................................................................................... 59
KAPUSTAKAN .......................................................................................
LAMPIRAN .............................................................................................
Lampiran 1 ................................................................................................
Lampiran 2 ................................................................................................
Lampiran 3 ................................................................................................
Lampiran 4 ................................................................................................

60
62
62
63
66
68

DAFTAR TABEL RESEPSI-NE RESEPTOR


Tabel 4.1 Wujud refleksi-ne mahasiswa basa Jawa marang CBLMB ............. 28
Tabel 4.2 Wujud rekreasi-ne mahasiswa basa Jawa marang CBLMB ............ 35
Tabel 4.3 Wujud impresi-ne mahasiswa basa Jawa marang CBLMB ............. 39
Tabel 4.4 Wujud respon-e mahasiswa basa Jawa marang CBLMB ................ 48
Tabel 4.5 Pambijine reseptor marang CBLMB ............................................. 54
Tabel 4.6 Pambijine reseptor marang CBLMB adhedhasar titikan sing katon
55

BAB I
PURWAKA

1.1

Alasan Panliten
Panliten ngenani sastra wis akeh. Panliten iku mau nggunakake cara (teknik)

sing maneka warna. Tata cara (metode) sing digunakake uga beda-beda. Panliten
sastra miturut pojok pandulu (perspektif) sastra bisa dicaketi kanthi rong ancangan
(pendekatan), yaiku ancangan produksi lan resepsi. Kekarone kalebu tintingan
(apresiasi) marang karya sastra. Menawa proses produksi, sing cetha ora bisa
uwal saka pengarang, prosese nyipta, lan kahanan masyarakat nalikane teks sastra
iku dianggit. Dene saka segi resepsi raket banget karo pengarang, teks lan pamaca
karya sastra.
Panliten sastra ing babagan produksi luwih akeh tinimbang resepsi. Panliten
babagan produksi sastra mligi marang struktur lan kritik teks wae. Panliten jinis
iki mung menehi pambiji kanthi cara subjektif. Panliten sing kaya mangkono iku
wis kerep ditindakake. Mula saka iku panliten resepsi sing ngajak pamaca
minangka salah sawijining bab kang wigati marang panliten teks sastra perlu
dianakake. Bab iki raket banget karo asumsi dhasar ngenani resepsi sastra yaiku
karya sastra dicipta kanggo diwaca. Karya sastra mujudake sarana komunikasi
sing paling efektif kanggo pengarang lan pamaca.
Sasuwene iki, resepsi sastra dingerteni mung winates ing segi konseptual.
Anane konsep-konsep iku supaya ora kandheg, kudu diandharake kanthi cara
operasional sarana dianakake panliten sing cundhuk karo konsep sing wis ana.

Kanggo salah sijine tuladha ngenani panliten resepsi, bisa dideleng saka
tulisane Sugeng Adipitoyo ing Prasasti ngenani panampane masyarakat marang
lagu Genjer-Genjer nalikane jaman orde lama, orde baru lan reformasi.
Semono uga panampane masyarakat marang lagu Cucakrowo sadurunge lan
sawuse diganti lirik (cakepane) dening Kyai Maruf Islamuddin. Kekarone iku
mujudake resepsi masyarakat marang lagu utawa tembang. Dene panliten iki
ngenani resepsine masyarakat marang cerita cekak utamane sing nggunakake basa
Jawa. Saliyane arang, panliten ing babagan iki durung tau dianakake marang
sastra Jawa (utamane sing wujud gancaran).
Sing dadi sumber ing panliten iki yaiku cerkak Bingkisan Lebaran Saka Pak
Bupati anggitane Mbah Brintik (CBLMB). Cerkak iki cocog dicaketi kanthi cara
utawa adhedhasar resepsi, amarga saliyane dadi karya pinilih uga ngandhut babbab sing narik kawigaten sing bisa nuwuhake kesan lan tanggapan saka pamacane.
Bab iku mau jumbuh karo isi lan basa sing digunakake dening pengarang ing
sajrone cerkak iku.
Mbah Brintik yaiku salah sawijining pengarang kang sering nggunakake cara
tartamtu kanggo ngolehi kesan saka pamaca. Kesan kang dituwuhake saka karya
sing diasilake dening Mbah Brintik yaiku kesan ngguyokake (lucu/humoris).
Kamangka tema kang dijupuk werna-werna nanging carane crita lan basa sing
digunakake bisa nuwuhake kesan ngguyokake ora tau keri, saengga ndadekake
salah siji tetenger sing diduweni dening Mbah Brintik. Bab iki uga sing
nyebabake pamaca rumangsa dadi bageyan saka crita sing diwaca.
Dene sing dadi pamaca minangka responden ing panliten iki yaiku
mahasiswa jurusan basa Jawa Unesa. Pamaca ing kene mujudake salah sawijining

bab kang wigati sing nyebabke pengarang nyipta karya-karya sing luwih apik
maneh.
Wujud panampane pamaca marang karya sastra gumatung saka tingkatane
pamaca. Ana pamaca sing nampa karya sastra kanthi kaluguwane tanpa didhasari
teori-teori sastra, ana pamaca sing nampa kayra sastra kanthi skemata
kesastrawanane, adhedhasar pengalamane ing proses kreatif, ana pamaca sing
maca karya sastra linuwih ing pambiji apik-ala lan kasil-orane (kritik) marang
karya sastra. Ana uga pamaca sing nampa karya sastra kanthi skemata teori sastra
sing wis ditampa amarga pancen saka kalangan akademisi (Siswanto, 2008: 98).
Kawruhe pamaca sing tansah tambah lan owah, utawa asal lan elmu sing
diduweni beda-beda, bisa nuwuhake panampa lan tanggapan utawa sambutan sing
uga beda-beda. Kahanan iki nuduhake gejala menawa ing proses maca, dumadi
interaksi, dialog antarane pamaca karo teks sing diwaca sing banjur ndadekae
anane variasi-variasi teks (Soeratno ana ing Jabrohim, 2003).

1.2

Punjering Panliten
Adhedhasar andharan ing ndhuwur, sing dadi punjering panliten yaiku

ngenani:
1. kepriye panampane pamaca, lan
2. kepriye penangkepe pamaca marang CBLMB adhedhasar daya intelektual lan
emosional-e.

1.3

Tujuwane Panliten
Panliten iki duweni tujuwan umum lan tujuwan khusus kanggo njlentrehake

punjering masalah.
1.3.1. Tujuwan Umum:
Ngandharake resepsi lan tanggapane pamaca marang CBLMB.
1.3.2. Tujuwan Khusus:
Adhedhasar tujuwan umum, panliten iki njlenrehake ngenani wujud
panampa lan tanggapane mahasiswa basa Jawa Unesa marang CBLMB
adhedhasar daya intelektual lan emosionale.

1.4

Paedahe Panliten
Paedah saka panliten iki bisa dibedakake,

1.4.1 Paedah Teoretis


Panliten iki ngudal ngenani teori resepsi sastra supaya ora kandeg winates
ana ing konsep wae. Kanggo panliten sabanjure, panliten iki bisa dadi salah
sawijining referensi kanggo nganakake panliten sing padha utawa meh padha.
1.4.2 Paedah Praktis
Panliten iki bisa menehi sumbangan marang panliten ngenani sastra Jawa
sarta minangka pathokan kanggo nganakake panliten sing luwih kanggo panliti
lan panikmat sastra Jawa.
Saliyane iku panliten iki uga mujudake wujud ngetrepake ketrampilan lan
wawasan sing diolehake sasuwene kuliyah.

BAB II
TINTINGAN KAPUSTAKAN

Ana ing bab iki, nyajekake ngenani tintingan sastra miturut ancangan
resepsi lan teori ngenani resepsi. Saengga apa sing arep diudal ing mburi bisa
cetha jluntrunge.

2.1

Ancangan
Ancangan sing digunakake ing panliten iki yaiku ancangan resepsi.

Resepsi sastra yaiku cara kepriye pamaca negesi karya sastra sing diwaca, saengga
bisa menehi reaksi utawa tanggepan marang karya sastra iku. Resepsi sastra bisa
diperang adhedhasar teges lan teorine.
Kanthi nggunakake ancangan resepsi, bisa dumadi owah-owahan ing
sajrone panliten sastra sing seje karo sing wis ditindakake sasuwene iki. Sasuwene
iki, panliten ngenani sastra sing diutamakake yaiku teks, lan kanggo nggoleki
teges utawa maksud teks iku panliti mara menyang pangriptane teks.
Sejarah resepsi sing ngeblat marang teks yaiku panliten marang resepsi
sawijining karya sastra dening pamaca ing sawijining wektu. Ana ing sejarah
resepsi sing ndhasarake marang pamaca nliti ngenani owah-owahan pakulinan lan
cara macane pamaca. Panliten sing kaya mangkono mung bisa ditrepake marang
sakumpulan pamaca sing padha, tuladhane marang sakumpulan mahasiswa.
Panliten resepsi sing ditindakake marang pamaca sing sajaman bisa uga
nggunakake tata cara (metode) angket kanthi cecaketan (pendekatan) psikologi lan
sosiologi.
2.1.1Tegese Resepsi

Teges tembung resepsi ana sajroning sastra dijupuk saka istilah resepsi saka
ilmu psikologi. Resepsi dhewe diundhuh saka tembung reseptif sing mujudake
bageyan saka caketan (pendekatan) persepsi, mligine persepsi konstruktif ing
psikologi kognitif. Persepsi dhewe bisa ditegesi minangka

sawijining proses

carane milah, ngatur, lan nginterpretasekake informasi lan pengalaman sing ana
banjur nafsirake kanggo ngolehake gambaran sing wigati. Pandulu ngenani
persepsi konstruktif (intelegensia) negesake menawa panampa ngonstruksekake
utawa mangun stimulus sing ditampa dening reseptor.
Reseptors, or specialized neurons that actually transform phsycal energy
into neural messages (Wallace, 1997:117)
Reseptor-reseptor, utawa sarap-sarap sing biasane ngowahi wujude daya
kajiwan dumadi pesen-pesen kanggo tumindak.
Adhedhasar teges tembung reseptor ing ndhuwur, reseptor bisa ditegesi
minangka pancaindra, yaiku pandeleng (penglihatan), pangambu (penciuman),
pangrasa (perasa), pangrungu (pendengar) lan pandemek (peraba). Semono uga
tembung persepsi sing sering diarani pandangan, pendapat, paradigma. Ana ing
Kamus Lengkap Psikologi (Chaplin, 2002: 358) lan Kamus Psikologi (Wulyo,
1990: 131), persepsi ditegesi minangka proses mangerteni lan ngenali objek
utawa prastawa objektif nggunakake panca indra. Persepsi iku mangsuli pitakon
ngenani apa, piye lan ing ngendi utawa saka ngendi. Persepsi ing panliten iki
digunakake kanggo mangerteni bab-bab wigati sing ana sajroning cerkak miturut
pamaca teks sastra sing ditliti. Minangka asale teori resepsi, mula babagan
persepsi nduweni kagunan sing wigati tumrap panliten resepsi.
Tembung resepsi (recept) miturut Kamus Lengkap Psikologi (2002: 420)
tegese yaiku sawijining kesan utawa gambaran mental sing kawetu saka

tanggepan sawijining pawongan. Umar Junus nduweni panemu menawa resepsi


sastra ditujokake marang carane pamaca menehi teges marang karya sastra sing
diwaca, saengga bisa menehi reaksi utawa penangkep marang sastra iku. Reaksi
saka pamaca sing wujud reaksi langsung utawa ora langsung marang sawenehe
sastra diarani panampa (resepsi).
Panemune Umar Junus iku mau beda kelawan sing diandharake dening
Siegfried J. Schmidt ing Fokkema (Praptadiharja (Ed), 1998: 174) menawa
resepsi mujudake proses negesi, kanthi anane instruksi-instruksi sing katon ing
wujud basa marang teks tartamtu. Senajan beda, nanging panemune Umar Junus
lan Schmidt padha-padha munjerake objeke marang teges sing diwenehake dening
pamaca marang karya sastra. Dene Mukaovsk ngandharake panemune menawa
resepsi sastra dipunjerake marang wujud panampane pamaca sing ora beda
kelawan panliti. Mukaovsk lan Junus nduweni panemu sing padha ing babagan
pamaca. Mukaovsk uga ngandharake menawa panliten iku kudu tumeka marang
prekara-prekara metodologi historigrafi modern, hermeneutik strukturalisme.
Cundhuk karo panemune Fokkema (Praptadiharja (Ed), 1998: 180) adhedhasar
Jauss (ing Fokkema, 1998: 180) menawa konsep pambeda hermeneutik mujudake
konsep sing wigati sing bisa diowahi saka hermeneutik tradisional dadi jinis anyar.
Bab iki penting banget kanggo teori resepsi, lan mujudake konsep sing paling
dhasar. Tradhisi strukturalis nawakake konsep relasi minangka punjere teori
resepsi. Ana ing wiwitane, teori resepsi ngonceki ngenani relasi-relasi, dudu asal
mula; yaiku usaha sing kawitan kanggo mangerteni sistem sinkronik sing
dibandhingake karo teori liyane. Kanthi cara iki karya bisa maju saka dimensi
sinkronik tumuju marang dimensi diakronik nganggo contoh representatif

sinkronik; sejarah resepsi dudu sejarah asal muasal (Jauss ing Fokkema, 1998:
181).
Adhedhasar panemu iku, Fokkema (Praptadiharja (Ed), 1998: 181) menehi
dudutan menawa sistem relasi saka unsur-unsur (fonologis, leksikal, sintaksis,
utawa jinis tematik) teks mujudake titik tumpu (sinkronik) kanggo panliten teori
resepsi. Beda karo panemune Fokkema, Jausz nduweni panemu ngenani panliten
resepsi pamaca marang karya sastra bisa dicaketi nganggo pirang-pirang
ancangan, ing antarane yaiku ancangan sing sipate eksperimental, lan
intertekstualitas penyalinan, penyaduran, utawa penerjemahan.
Dene andharane Endraswara (2003) ngenani resepsi sastra yaiku ancangan
panliten sastra sing ora mung munjerake panlitene marang teks wae. Ana ing
kene, resepsi sastra nliti teks sastra sing nduweni gegayutan tartamtu. Teks sastra
sing ditliti adhedhasar saka gegayutane karo panampane pamaca.
Saka sekabehe panemu ing ndhuwur, bisa dijupuk dudutan menawa resepsi
yaiku wujud panampane pamaca marang sastra sing dicaketi nganggo ancangan
sinkronik utawa diakronik adhedhasar teks sastra.
Dene sing digunakake ana ing panliten iki yaiku ancangan sinkronik sing
mung nliti panampane pamaca marang cerkak Bingkisan Lebaran Saka Pak
Bupati ing wektu saiki.
2.1.2 Titikane Resepsi
Ancangan sing ndhasarake marang pamaca diarani estetik-reseptif. Lan
kajiyan sing munjerake panlitene marang pamaca diarani kajiyan reseptif.
Tafsiran-tafsiran estetik-reseptif nduweni tujuwan nuduhake ing ngendi lan
kepriye teks sastra bisa meksa marang pamacane supaya aktif, supaya teks iku bisa

ditafsirake minangka teks kanggo pamacane. Asring uga dituduhake panggonan


sing mbatesi karepe pamaca nalika nafsirake teks.
Ancangan resepsi sastra nduweni konsep menawa teks sastra iku polisemi.
Menawa wae iki mujudake karya satemene, nanging bisa uga carane pamaca
mahami teks. Konsep iki nulak anane panemu menawa teks mujudake siji-sijine
sing nduweni teges sing mung ana ing teks iku (Junus, 1985: 160). Junus uga
ngandharake menawa ana ing ancangan iki, teks lagi nduweni teges menawa wis
nduweni gegayutan karo pamacane. Teks mbutuhake anane kesan (=wirkung) sing
mung ana menawa ana pamacane.
Kesan sing tuwuh nalika maca karya fiksi bisa wujud kesan sing sipate
nyenengake (guyon), nentremake, nganyelake, uga rasa was-was ning ati. Kesankesan iku bisa tuwuh saka anane unsur-unsur pambentuke (Junus ing Siswanto,
2008) njlentrehake ngenani pentinge anane pamaca anggone menehi teges marang
karya sastra ing kasunyatan menawa karya sing padha bisa ditegesi kanthi cara
sing beda dening pamaca sing beda. Tuladhane wae saka paraga, alur, utawa
tetembungan sing digunakake dening pengarang kanggo ngolehake kesan tartamtu
saka pamacane. Nanging umume kesan tartamtu iku bisa diolehi kanthi cara
pengarang nyritakake sawijining kedadeyan nganggo tembung utawa ukara
tartamtu. Mula saka iku, resepsi sastra ora pracaya marang anane monosemi ing
karya sastra saka sak sumber panegesan sing otoriter sing mesthi benere. Resepsi
sastra uga menehi kelonggaran marang pamaca kanggo negesi teks, senajan ta
kelonggaran iku ora tau sampurna, lan mesthi ana unsur-unsur sing matesi.
Analisis resepsi sastra, adhedhasar pambiji saka pamaca teks sastra sing dadi
objek panliten. Resepsi sing ana gandheng cenenge karo interpretasi yaiku nliti

konkretisasi pamaca marang sawijining karya sastra (Abdullah ing Jabrohim,107111: 2003). Resepsi sastra uga ana gandheng cenenge karo bab sing aktif lan
dinamik, yaiku kepriye wong bisa nampa sawijining perkara, utawa kepriye wong
bisa ngolehake kesan, utawa menehi teges marang sawijining teks (Junus, 87:
1985).
Gegayutan antarane karya sastra karo pamaca ora cetha kaya gegayutan
antarane pengarang karo karya sastra ing proses produksine. Adhedhasar iku,
panliti munjerake kawigatene marang fenomena komunikasi sastra ana ing sajrone
reroncen pengarang-karya-pamaca, sing salah sijine winates ana ing panampane
pamaca marang karya sastra, yaiku karya-pamaca (Junus, 1985: 106). Mula saka
iku panliten iki mung munjerekae panliten marang wujud panampane pamaca
marang karya sastra.
Wujud panampane pamaca marang karya sastra gumatung saka tingkatane
pamaca. Ana pamaca sing nampa karya sastra kanthi kaluguwane tanpa didhasari
teori-teori sastra, ana pamaca sing nampa karya sastra kanthi skemata
kesastrawanane, adhedhasar pengalamane ing proses kreatif, ana pamaca sing
maca karya sastra linuwih ing pambiji apik-ala lan kasil-orane (kritik) marang
karya sastra. Ana uga pamaca sing nampa karya sastra kanthi skemata teori sastra
sing wis ditampa amarga pancen saka kalangan akademisi (Siswanto, 2008: 98).
Bekal pamaca sing tansah tambah lan owah, utawa asal lan ilmu sing diduweni
beda-beda, bisa nuwuhake panampa lan penangkep utawa sambutan sing bedabeda. Kahanan iki nuduhake gejala menawa ing proses maca, dumadi interaksi
utawa dialog antarane pamaca karo teks sing diwaca lan bisa ndadekake anane
teks sing werna-werna (Soeratno ing Jabrohim, 2003).

Pamaca sastra yaiku sing nduweni, nampa, nafsirake, menehi, lan ngronce
teges marang karya sastra saengga ngasilake pambiji tartamtu (Aminuddin, 1991:
94). Panemu iki cundhuk karo sing diandharake dening Beach (1993: 7-8)
menawa respon iku nduweni limang pandulu, yaiku tekstual (textual),
pengalaman (experiential), psikologis (psychological), sosial (social), lan budaya
(cultural). Adhedhasar pandulu iku, Beach uga ngandharake menawa paham
marang respone pamaca marang sawijining teks. Sawijining pawongan bakal
menehi penangkep marang sawijining teks adhedhasar kawruh sing diduweni,
tuladhane, nalikane menehi respon crita ngenani alam ghaib, pamaca menehi
respon adhedhasar konsep-konsep sing wis diduweni kanggo mbadhe ngenani
crita iku mau. Mula saka iku, partisipasi pamaca ndadekake teks sastra bola-bali
owah miturut pamacane (yaiku masyarakat pamacane) (Soeratno ing Jabrohim,
2003: 145-153).
Pamaca ing kene mujudake salah sawijining bab kang wigati sing nyebabake
pengarang nganggit karya-karya sing luwih apik maneh. Pambijine pamaca
marang crita uga beda-beda. Kabeh iku adhedhasar saka carane pengarang crita
lan pamilihane basa. Amarga ragam basa uga nduweni daya (pengaruh) sing
gedhe marang titikane pengarang.

2.2

Teori lan Konsep-konsep


Panliten ngenani resepsi sastra iki nggunakake ancangan fomenologi

(adhedhasar gejala sing katon). Titikan sing dimaksud yaiku gejala sing katon ana
ing pamaca teks sastra, bisa gandrung, seneng, sedhih lan utawa kepingkelpingkel (Endraswara, 2003: 122). Reaksi pamaca marang sawenehe karya sasra

bisa uga dideleng saka wujud panampa lan penangkep saka pamaca (masyarakat
pamaca) saka sistem sastra sing beda (Soeratno ing Jabrohim, 2003). Pamaca
karya sastra ora mung dadi panikmat wae, nanging pamaca ing kene minangka
subjek sing nindakake aktivitas kanthi cara dinamis kanthi nggawa teks sastra iku
ing urip padinan, perasaan, pamikiran lan imajinasine (Aminuddin, 1991: 49).
Lakon pamaca sing wigati banget ing komunikasi sastra nuduhake menawa
ancangan sastra ora mung mligi marang teks wae, nanging uga menehi panggonan
marang pamacane, yaiku ing proses gegayutane karo teks sastra sing diadhepi.
Mula saka iku teks sastra nduweni teges gumantung saka pamaca utawa
panampane, amarga pamaca sing menehi kesan, penangkep, lan panampa teks
sastra (Endraswara, 2003: 122). Kesan mujudake minat lan kecenderungan salah
sawijining wong marang wacan sing diadhepi. Reaksi langsung saka pamaca sing
wujud panampa (resepsi) saka teks sing wujud wacan sing didadekake teks
konkret miturut saka teges, pengalaman, lan penghayatan saka pamaca adhedhasar
telung konvensi yaiku konvensi basa, sastra, lan budaya ( Pratodokusumo, 2005:
55). Tanggepan pamaca marang sawenehe sastra nduweni rong konsep: kapisan
konsep ngenani carane nanggepi karya sastra; lan kapindhone konsep ngenani
pamacane. Anane tanggepan saka pamaca nuduhake aktivitase pamaca nalika
nampa karya sastra. Menawa ana tanggepan sing beda, wujud karya minangka
objek estetik uga beda. Pamaca menehi tanggepan utawa sambutan marang karya
sastra amarga ana unsur estetis saka karya sastra.
Kanggo nggampangake anggone ngandharake konsep, mula ing ngisor iki
dicethakake ngenani teori pamerange resepsi lan peprincen pamerange resepsi
adhedhasar wujud panampane pamaca.

2.2.1 Perangane Resepsi


Wujud resepsi-ne pamaca marang karya sastra bisa werna-werna. Nanging
Segers (1978: 109) merang resepsi pamaca marang karya sastra dadi rong
perangan, yaiku intelektual lan emosional. Resepsi kang kalebu ing kategori
intelektual yaiku wujud panampa sing ana gegayutane karo babagan tekstual,
tuladhane resepsi adhedhasar basa, paraga, dalane crita lan liya-liyane. Dene sing
kalebu golongan emosional, yaiku pamaca sing menehi penangkep adhedhasar
rasa pangrasane (emosi), tuladahane, ndredeg bisa kerut ana ing sajroning crita,
lan liya-liyane.
Senajan pamaca sing dadi objeke panliten saka golongan akademisi
ananging ora kabeh pamaca mau bisa nampa adhedhasar kawruh ngenani sastra
sing diduweni. Bisa uga pamaca iku nampa crita adhedhasar daya emosional (rasa
pangrasane).

2.2.1.1 Intelektual
Perangan iki dumadi saka wujud refleksi lan rekreasi-ne pamaca marang
cerkak sing mentas diwaca.
a. Refleksi
Refleksi, maca cerkak utawa sastra liyane bisa didadekake minangka
sarana kanggo mbalekake kahanan awak utawa pikiran sing tegang utawa
spaneng. Kanthi maca cerkak utawa wacan liya sing ngandhut unsur hiburan,
sawenehe pamaca bisa owah pikirane dadi entheng lan ora spaneng maneh.
Saliyane iku, pamaca uga bisa introspeksi lan mawas diri amarga crita sing
mentas diwaca. Wacan sing bisa didadekake sarana refleksi kayata wacan sing

mbahas ngenani urip lan panguripan sing ngandhut piwulang-piwulang becik sarta
sing ana kawruh utawa guyon parikenane. Refleksi miturut Chaplin (ing Kartono
(Ed), 2002: 424) yaiku mikir liwat pengalamane dhewe sangka jaman sing
kawuri. Teges iki cundhuk karo sing diandharake dening Wulyo, yaiku kesankesan sing ditampa dening perasaan ngenani kahanan awake dhewe, sing ana
gegayutane karo pengalaman ing jaman kawuri. Mula saka iku, refleksi bisa
digunakake minangka ngilone manungsa kanggo tumindak sing luwih apik
tinimbang sadurunge. Ana ing konteks resepsi iki, refleksi bisa ditegesi minangka
sarana pangilone manungsa adhedhasar karya sastra sing mentas diwaca kanggo
dijupuk hikmah, amanat lan piwulang becik sing kinandhut ana sajroning karya
sastra iku.
b. Rekreasi
Teges tembung rekreasi bisa dideleng saka tembung pambentuke, yaiku
tembung re sing tegese balik (maneh) lan create (kreasi) sing tegese nyipta. Yaiku
nyipta ulang (mengkreasikan kembali). Dadi wacan sing mentas diwaca dening
pamaca didadekake minangka salah sawijining pathokan utawa acuan kanggo
nggawe crita maneh. Adhedhasar crita utawa film sing mentas diwaca utawa
dideleng, pamaca nyoba nyipta utawa nganggit crita sing memper utawa mbuntut
(nerusake) crita sing wis ana. Saengga saka crita sing mentas diwaca, pamaca oleh
sawenehe inspirasi kanggo nyipta utawa panjurung kanggo nggawe crita anyar
(ngreka).
Rekreasi utawa tumindak penangkep (Kartono, 2002: 400) yaiku tumindak
sing wujud penangkep marang sawijining asil karya. John ana ing Kamus InggrisIndonesia negesi tembung rekreasi (recreate) yaiku melukiskan kembali. Ateges

samubarang sing wis tau dideleng utawa diweruhi, dening wong digambarake
maneh miturut imajinasine awake dhewe. Saengga ana wujud kreasi sing anyar
adhedhasar kreasi sing wis tau ana. Semono uga teges sing diwenehake dening
Pei (1971) ngenani tembung rekreasi. Miturut panemune, tembung rekreasi
(recreate) nduweni teges to create anew, as in ones imagination. Teges sing
diwenehna Pei iki ora beda adoh karo panemune John. Kekarone padha-padha
negesi tembung rekreasi minangka tumindak nyipta samubarang sing anyar
miturut imajinasi-ne adhedhasar samubarang sing wis tau ana. Panemu iki
menawa digathukake karo panemune Chaplin (ing Kartono) sabenere uga ora
beda adoh. Tumindak nyipta bisa uga wujud sawijing penangkep sing diwenehake
pawongan marang samubarang sing wis tau dideleng.

2.2.1.2 Emosional
Sing kalebu perangan adhedhasar daya emosional yaiku impresi lan
respon-e pamaca marang crita sing diwaca.
a.

Impresi
Impresi utawa kosok balene ekspresi, yaiku kesan, efek marang panca

indra, efek utawa daya (pengaruh) marang pikiran utawa perasaan sing sipate
mbangetake (Purwadarminta, 1976). Dene Chaplin (ing Kartono, 2002: 240)
negesi tembung impresi minangka 1) salah sawijining pangematan fenomenologis,
utawa penghayatan sing ora bisa diandharake, 2) salah sawijining pamikiran,
panemu, utawa putusan sing wagu; dudutan sing wagu. Anane impresi saka
pamaca marang sawijining cerkak ora mokal anane. Sebab cerkak ngandhut
prekara sing bisa njalari pamaca rumangsa seneng, sedhih utawa liya-liyane

nalikane utawa sabubare maca cerkak iku mau. Impresi saka pamaca bisa wujud
simpati miturut Kamus Psikologi (Wulan, 1990: 156) yaiku 1) rasa sing sak
paham; 2) rasa rumangsa ngalami utawa ngasarakake apa sing dirasakake dening
wong liya lan empati miturut Kamus Psikologi (Wulyo, 1990: 62) yaiku realisasi
lan pangerten marang pangrasa utawa mahami pikirane wong liya kanthi cara
ngempakake awake utawa melu ngarasakake perasaane wong liya sing sabenere.
b. Reaksi (respon)
Respon utawa reaksi-ne pamaca bisa kawetu nalikane pamaca nemokake
bab-bab sing nyleneh utawa nyimpang saka crita utawa lelakon sing diadhepi ana
sajroning cerkak. Respon bisa tumindak mindhakake (ngupamakake) nalikane
pamaca ing panggonan utawa nglakoni (nemahi) lelakon kaya sing lagi diadhepi
dening paraga ing crita. Saengga pamaca kadhang kala gregeten utawa mbatin
dhewe nalikane maca utawa ndeleng crita.

2.2.2 Peprincene Perangane Resepsi


Saka perangan ing ndhuwur, saben-saben bageyan nduweni pricen utawa
ros kaya sing arep diandharake adhedhasar daya intelektual lan emosional. Kanthi
cara emosional perangane bisa kaperang maneh dumadi refleksi lan rekreasi.
Dene saka daya emosional, perangane dumadi saka rong perangan, yaiku impresi
lan reaksi (respon). Luwih cethane bisa dideleng ing andharan ing ngisor iki.
Saka perangan-perangan bisa diprinci maneh miturut wujud resepsi-ne
pamaca. Paprincen iku diandharake kaya ing ngisor iki:
2.2.2.1 Intelektual
a.

Refleksi

Wujud refleksi iki bisa dideleng saka reaksi (respon) lan afeksi (tumindak)
sing kawetu saka pamacane.
1) Presupposition (perkiraan)
Miturut Kamus Lengkap Psikologi (Chaplin, 2006: 41) presupposition utawa
asumsi yaiku prakiraan sing nyethakake menawa samubarang iku bener kanggo
ngrembakane teori. Dene Wulyo ana ing bukune Kamus Psikologi (1990: 22)
negesi tembung asumsi minangka anggepan sing isih prelu dibuktekake
kabenerane.
Penafsiran yaiku wujud khusus ngenani lapurane panampa. Pada dene
panampa liyane, ing kene pamaca sing nafsirake lan tegesi teks sastra, nanging
tafsiran-tafsiran iku mesti karonce kanthi cara sing sistematik (Luxemburg,1992:
62). Tafsiran sing diwenehake dening pamaca biyasane tuwuh sawuse ndeleng
utawa maca bageyan sing katon.
2) Afeksi (tumindak)
Pamaca bakal tumindak luwih ngati-ati lan waspada sabubare maca crita
utawa ndeleng lelakon sing ngandhut piwulang becik. Piwulang iku bisa wujud
lelakon utawa amanat sing kinandhut ing sajrone crita utawa film. Saka lelakon
lan amanat iku, pamaca nyoba kanggo luwih waspada saupama nemoni lelakon
sing padha kaya ing crita utawa film sing mentas diwaca utawa dideleng. Pamaca
uga nyoba mbalekake marang awake dhewe utawa ngilo saka prastawa sing
mentas ditemahi dening paraga ing sajrone crita, supaya ora nganti lelakon sing
ala lan kurang nyenengake ngreridhu uripe ing tembe mburi.
b. Rekreasi

Ana ing perangan rekreasi, wujud resepsi bisa dideleng lan diolehi saka
conception (konsepsi). Konsepsi bisa ditegesi minangka 1) proses nggambarake
ide (gagasan) utawa proses mikir, 2) proses nyiptakake konsep, 3) sawijining ide
umum utawa klompok ide sing gegayutan, kayata konsepsi ngenani komunisme
(Chaplin, 2006: 102). Anane crita lan piwulang sing becik, sawenehe pamaca bisa
nduweni konsepsi ngenani urip lan panguripan utawa bab liyane adhedhasar crita
utawa samubarang.
Anane konsepsi iku bisa diolehi saka alur lan isine crita. Saka alure, pamaca
bisa nyipta alur sing luwih kreatif utawa niru carane pengarang nggunakake alur
ana sajroning crita. Wujud panampa sing mangkene iki biyasane mung klakon
marang pamaca sing kreatif.
1) Alur
Alur ana sajroning mujudake sawining bab sing wigati sing nyengkuyung
lakune crita. Alur sing ana sajroning crita bisa nyengkuyung dalane crita saengga
narik kawigaten. Saben-saben crita nduweni alur sing beda-beda, bisa maju,
mundur, utawa campuran. Anane alur sing narik kawigaten kanggo pamacane bisa
didadekake sawijining inspirasi anyar dening pamacane kanggo nyipta crita sing
alure memper kaya crita sing diwaca. Utawa saka alur sing kurang apik, pamaca
uga bisa oleh piwulang, menawa ngarang crita supaya ora nggunakake alur sing
saemper merga alur sing mangkono kurang apik.

2) Isi
Saliyane saka alur, pamaca sing kreatif uga bisa oleh inspirasi anyar kanggo
ngarang crita adhedasar isi sing dicritakake ing sajrone crita sing diwaca. Isi lan

tema sing apik lan arang dibahas, bisa dadi sawijining tema sing narik kawigaten
kanggone pamaca crita. Menawa pamacane mujudake pamaca sing kreatif, isi
saka sawijining crita bisa direka maneh dadi crita sing beda kanthi isi sing padha
utawa meh padha.

2.2.2.2 Emosional
a.

Impresi
Efek sing wujud simpati utawa empati saka cerkak marang pamaca bisa

katon saka unsur-unsur sing ana sajroning cerkak. Nanging ing panliten iki mung
munjerake dumadine efek iku adhedhasar wujud lan isine cerkak.
1) Wujude (tampilan)
Cerkak bisa narik kawigatene pamaca yen nduweni wujud (tampilan) sing
apik. Wujud cerkak bisa dibedakake dadi rong werna, yaiku ideal lan ora ideal.
Wujud sing ora ideal bisa dideleng saka panganggone basa lan carane panganggit
nyritakake lan ngemas critane sing beda saka pengarang-pengarang umume.
Wujud sing kaya mangkene bisa nuwuhake impresi saka pamacane.
2) Isine
Karya sastra bisa diarani apik lan nengsemake utawa ala lan nganyelake
gumantung saka isi sing dicritakake dening pengarange. Isi mujudake bab sing
wigati kanggo karya sastra, merga saka isi pamaca bisa menehi pambiji marang
karya sastra sing diwaca. Sastra bisa diarani apik lan nengsemake menawa bisa
nggawa pamaca kerut lan melu ngrasakake apa sing dirasakake dening paraga ana
sajroning cerkak adhedhasar isi sing dicritakake.
b. Reaksi (respon)

Respon utawa reaksi pamaca marang sawijing crita bisa wujud rasa pangrasa
sing bisa nyebabake pamaca bisa kerut ana sajroning crita lan ngrasakake apa sing
dirasakake dening paragane. Respon bisa kawetu nalikane pamaca nemokake babbab sing nyleneh utawa nyimpang saka crita utawa lelakon sing diadhepi ana
sajroning cerkak. Respon bisa awujud pangalembana marang crita utawa
paragane, tuladhane apik, ala seneng, ngumun, serik lan sapanunggalane. Saengga
pamaca kadhang kala gregeten utawa mbatin dhewe nalikane maca utawa ndeleng
crita.

BAB III
TATA CARA PANLITEN

Bab iki mbeberake ngenani tata carane panliten ngenani resepsi-ne


mahasiswa basa Jawa marang CBLMB. Tata cara iki dumadi saka rong perangan,
yaiku ngenani tahapan strategis lan ubarampene panliten. Kanggo luwih cethane
ing ngisor iki bakal diandharake kanthi gamblang.

3.1

Urut-urutan Strategise Panliten


Kanggo kaleksanane panliten ngenani resepsi-ne pamaca marang CBLMB

iki, panliti merang lan ngolah kanthi telung tata cara (metode), yaiku tata carane
nglumpukake dhata, ngandharake dhata, lan njlentrehake dhata.
Saben-saben tahapan dibeber kanthi rinci kaya ing ngisor iki:
3.1.1 Tata Carane Nglumpukake Dhata
Dhata sing digunakake ing panliten iki diklumpukake kanthi nggunakake tata
cara (metode) pustaka lan cara (teknik) wawancara.
Tata cara (metode) pustaka yaiku tata cara sing nggunakake sumber-sumber
pustaka minangka dhasar panliten. Tata cara (metode) pustaka sing ana
gegayutane karo panliten iki yaiku pustaka ngenani panliten, sastra lan buku-buku
liyane sing bisa nyengkuyung. Ing panliten iki sing wujud sumber pustaka utama
yaiku CBLMB saka kalawarti Jayabaya no. 33, minggu III/April/2004. Saliyane
iku, panliti uga nggunakake tata cara (metode) nafsirake teks. Tata cara iki
digunakake dening reseptor nalikane menehi pambiji marang CBLMB. Panliti
uga nafsirake CBLMB kanthi pojok pandulune panliti minangka pathokan sing
bisa kanggo bandhingan nalika ngandharake dhata.

Cara (teknik) wawancara yaiku sagunggunge pitakon lisan sing digunakake


kanggo ngolehake informasi saka reseptor (Arikunto, 2006: 151). Arikunto (2006:
227) uga ngandharake menawa cara (teknik) wawancara yaiku tata cara
nglumpukake dhata kanthi cara menehi pitakonan-pitakonan marang reseptor
kanggo golek informasi kang dibutuhake. Ing panliten resepsi iki, dhata sing
wujud asil wawancara nglumpuk sawuse panliti nyebarake CBLMB marang
reseptor kanggo diwaca lan sabanjure diwenehi pitakonan ngenani panampa lan
penangkepe marang cerkak iku.
Wawancara sing ditindakake ing panliten iki ana rong werna, yaiku
wawancara tinarbuka (langsung) lan wawancara katutup (angket). Wawancara
tinarbuka ditindakake kanggo nggolek dhata ngenani panampa lan penangkepe
pamaca marng CBLMB. Kanggo nyocogake (cross ceck) ngenani resepsi-ne
reseptor, mula panliti nyebarake angket adhedhasar titikane CBLMB sing katon.
Dadi yen ditulis kanthi urut, pisanan panliti golek cerkak anggitane Mbah
Brintik lan nyeleksi utawa milah-milah sing pantes didadekake objek panliten
adhedhasar ancangan resepsi. Saka cerkak sing wis kapilih, panliti banjur ngopi
lan nyebarake cerkak, yaiku CBLMB marang reseptor. Seminggu sabanjure,
panliti nganakake wawancara marang reseptor kanggo ngolehake dhata sing
dibutuhake. Dhata sing wis kasil dilumpukake saka reseptor ora mung winates
asil wawancara, nanging panliti uga nganakake pangematan lan menehi angket
marang reseptor saengga dhata sing diolehi luwih valid.
3.1.2

Tata Carane Ngandharake Dhata

Saben-saben panliten wis mesthi nduweni tujuwan. Kanggo bisa tumeka


marang tujuwan sing wis ditintingi, diprelokake tata cara (metode) sing trep

kanggo ngandharake dhata. Kanthi ngecakake tata cara ing sajrone panliten bisa
mbiyantu tujuwane panliten, saengga dhata sing wis kasil diklumpukake
mujudake dhata sing bener lan objektif.
Tata carane ngandharake resepsi saora-orane kudu ngliwati rong urutan:
1. marang pamaca individu utawa klompok diwenehi sastra. Pamaca diwenehi
pitakonan lisan lan tulis ngenani kesan lan panarimane marang sastra iku.
Oleh-olehane ditulis ana ing angket. Nanging kanggo oleh-olehan sing wujud
andharan utawa alasan diandharake kanthi cara kualitatif cathetan lapangan,
2. pamaca disuwun nginterpretasekake karya sastra (ing panliten iki yaiku
CBLMB). Banjur interpretasi iku diandharake kanthi cara kualitatif.
Saka rong urutan iku, sing kudu ditengenake yaiku nindakake panliten sing
asipat eksperimental. Panliten sing kaya mangkene iki asipat sinkronis
(Endraswara, 2003: 126).
Cundhuk karo cuwilan teori mau, ing panliten iki uga nindakake tata cara sing
meh padha. Jangkah sabanjure, dhata sing wis nglumpuk diandharake (dianalisis)
adhedhasar teori sing ana.
3.1.3 Tata Carane Njlentrehake Dhata
Dhata sing wis nglumpuk sing wujud cathethan lapangan lan angket
dijlentrehake (dibahas) kanthi cara deskriptif. Tata cara deskriptif yaiku tata cara
ngonceki dhata kanthi nggunakake tetembungan (dudu angka) kang bisa menehi
katrangan utawa andharan panliten adhedhasar dhata kang diantuki saka klompok
subjek kang ditliti (Azwar, 1998: 126).
Senajan nggunakake tata cara eksperimen, dhata sing diolehi bakal diolah
maneh didadekake dhata kualitatif lan dijlentrehake nganggo tetembungan

(deskriptif). Dene ancangan (pendekatan) sing digunakake yaiku ancangan


(pendekatan) resepsi, amarga dhata sing diolehi adhedhasar saka panampa lan
penangkep reseptor (pamaca).
3.2

Ubarampene Panliten
Kanggo ngantukake dhata sing valid, sawijining panliten kudu nduweni lan

nggunakake ubarampe sing cocog supaya dhata bisa diklumpukake kanthi


gampang. Ubarampe sing diprelokake ing panliten resepsi iki yaiku dhata, sumber
dhata, lan reseptor (pamaca).
3.2.1 Dhata
Dhata ing panliten iki awujud dhata utama (primer) lan dhata sekunder
(panyengkuyung). Dhata utama (primer) ing panliten iki yaiku panampa lan
penangkepe reseptor marang CBLMB sing mujudake asil saka wawancara sing
ditindakake dening panliti lan CBLMB sing kapacak ana ing Jaya Baya no. 33,
minggu III/April/2004

minangka karya pinilih. Dene dhata sekunder

(panyengkuyung) yaiku buku-buku ngenani sastra, utamane resepsi sastra lan


buku-buku psikologi, utamane ngenani psikologi kognitif.
3.2.2 Sumber Dhata
Sumber dhata ing panliten mujudake subjek saka ngendi bisa ngolehake
dhata (Arikunto, 1998: 114). Ana ing panliten iki sing dadi sumber dhata yaiku
CBLMB lan pathokan pitakonan sing dadi pathokan kanggo ngolehake resepsi lan
penangkep saka reseptor (mahasiswa basa Jawa Unesa). Saliyane iku, resepsi lan
penangkep sing wis diolehi saka reseptor uga mujudake sumber sing paling
dibutuhake ing panliten resepsi.

Kanggo ngolehake dhata dibutuhake pirang-pirang reseptor kanggo


diwawancarai. Sing dadi reseptor yaiku mahasiswa Jurusan Pendidikan Bahasa
Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya cacah 12. Alasane
merga mahasiswa mujudake pamaca saka kalangan wong sing ngerti (akademisi)
sing bisa menehi pambiji marang CBLMB adhedhasar teori sastra lan kritik sastra
sing tau diolehi nalika kuliyah. Mahasiswa Jurusan Basa Jawa, Fakultas Bahasa
dan Seni, Universitas Negeri Surabaya ing kene bakal menehi interpretasi marang
cerkak sing dadi sumbering panliten.

BAB IV
ANDHARAN LAN JLENTREHAN

Bab iki nyuguhake ngenani andharan (analisis) ngenani resepsi-ne reseptor


sing awujud panampa lan penangkep sarta jlentrehan (pembahasan) ngenani
resepsi-ne reseptor sing awujud panampa lan penangkep marang CBLMB sawuse
dianakake evaluasi.

4.1 Andharan kanthi Judhul Resepsi-ne Pamaca


Wujud panampane lan penangkepe reseptor

marang CBLMB bisa

diklompokake adhedhasar daya intelektual lan emosional-e. Senajan reseptor


sing dipilih saka golongan akademisi, nanging durung mesthi kabeh bisa nampa
CBLMB kanthi nggunakake kawruh ing babagan sastra sing diduweni. Bisa uga
reseptor-reseptor iku nampa CBLMB adhedhasar rasa pangrasane (daya
emosional-e).

4.1.1 Resepsi Adhedhasar Daya Intelektual


Adhedhasar daya intelektual-e, pamaca bisa menehi pambiji utawa
penangkep marang CBLMB sing arupa refleksi lan rekreasi. Refleksi lan rekreasine reseptor bakal kaandharake ing ngisor iki.
4.4.1.1 Refleksi
Ana ing Kamus Psikologi, tembung refleksi nduweni teges mikir kanthi cara
pengalamane dhewe sangka jaman sing wis kawuri. Ana ing konteks iki, refleksi
bisa ditegesi maca cerkak utawa sastra liyane minangka sarana kanggo mbalekake
kahanan awak utawa pikiran sing tegang utawa spaneng. Refleksi mujudake

sawijining pangilon supaya bisa introspeksi lan mawas diri. Introspeksi lan
mawas diri iku bisa dideleng saka reaksi (respon)-e pamaca marang cerkak lan
tumindak sing arep ditindakake sabubare maca cerkak.
Adhedhasar teges iku, CBLMB uga mujudake sarana refleksi kanggo
reseptor-e. Saka dhata sing wis kasil kaimpun, ana reseptor sing kahanan ati lan
pikirane saya entheng lan/utawa bisa nglilangake stress sing dialami dening
pamaca sing lagi akeh pikiran.
Sarana maca cerkak, sawenehe wong bisa oleh piwulang ngenani urip
minangka pangilon kanggo introspeksi lan luwih mawas diri saka kedadeyankedadeyan sing memper karo cerkak sing mentas diwaca.
Semono uga sing kedaden marang reseptor sing maca CBLMB, akeh banget
piwulang sing bisa kapethik saka crita iki. Pamaca ngakoni menawa konflikkonflik sing dialami dening paraga pak Lurah bisa didadekake pangilon kanggo
urip ing tembe mburi. Saliyane iku, uga saka konflik-konflik iku pamaca bisa
luwih waspada marang kedaden sing saemper karo cerkak lan nduweni ancangancang kanggo mrantasi perkara iku.
Kanggo mangerteni wujud refleksi-ne reseptor marang CBLMB bisa
dideleng saka tabel 4.1.
Tabel 4.1
Wujud refleksine reseptor marang CBLMB
Refleksi
Presupposition (pangira-ngira)
No.
Reseptor

Titikan
pengarang
Tembung
/basa

R-1

Afeksi
(tumin
dak)

Isine crita

Tema

Penasaran

Katrangan

Melu ngrasakne Ancang


sing dirasakne -ancang
paragane

Diselingi tetembungan sing


bisa nuwuhake kesan lucu;
cerkake
bakal
mbahas
ngenani bingkisan nanging

R-2

R-3

R-4

R-5

R-6

R-7

R-8

R-9

R-10

durung
ngerti menawa
bakal ana konflik-konflik;
menawa dadi pemimpin
kudu
ngerti
karepe
andhahane
Panganggone
tembung
istimewa merga nggunakake
basa rinengga; alure kurang
sambung antarane awal
nganti pungkasan,
Ana parikane; Isine crita
bisa didadekake tuladha
kanggo para pimpinan ing
negara Indonesia
Nggunakake dialek-dialek
nanging ora ngerti saka
dhaerah ngendi; ngandhut
piwulang-piwulang becik
Kebak klawan paribasan,
parikan
lan
tembunge
blakasuta sarta gampang
dingerteni;
rumangsa
khawatir marang nasibe pak
Lurah
Nggunakake
basa-basa
kiasan
lan
paribasan;
penasaran lan ngarep-arep
pak Lurah bisa ngatasi
masalahe; menawa dadi
pimpinan kudu ndeleng
andhahane; critane mbok
menawa bisa luwih apik yen
endinge ora ngambang
Basa sing digunakake seje
saengga pengin ngerti tegese
tetembungan iku; pengarang
kerep
njupuk
ngenani
prekara cilik sing arang
digatekake
dening
masyarakat;
Pengarang
nyritakake
ngenani
urip
lan
panguripane wong Jawa;
sejatine
critane
biyasa
nanging dicritakake kanthi
cara sng narik kawigaten
saengga nuwuhake kritikan
saka pamacane
Temane ngenani politik;
Kepengin dadi kaya lurah
sing rela berkorban lan
bijaksana
Sing nuduhake ciri khase
pengarang yaiku saka alur
sing digawe narik kawigaten
kanggo pamacane supaya

R-11

R-12

maca simh luwih akeh


maneh.
Saliyane
iku
tembung-tembung
guyon
sing arang ditemokake ing
karya-karya saka pengrang
liyane; saka penganggone
basa ndadekake bageyan
saka crita; apabila menjadi
seorang pemimpin harus
adil meski dicacat harus
tetap
adil
meski
mengorbankan kepentingan
pribadi di atas kepentingan
orng banyak
Tetembungane akeh sing
umum nanging ana sing
beda yaiku anane kerata
basa, wangsalan lan parikan,
ana uga tembung sing
nuwuhake efek lucu; Ora
patia monoton utawa kaku
merga
nggambarake
kedaden sing ana ing
masyarakat; prihatin marang
kahanan
masyarakat
menawa kaya ing crita
Onja ing paraga lan
karaktere, critane natural
lan apa anane

a. Presupposition (perkiraan)
Kanthi cara maca cerkak, pamaca bisa menehi pangira-ngira ngenani ciri
khas sing sing manjila saka pengarang. Kaya dene reseptor CBLMB sing uga
nduweni pangira-ngira ngenani ciri khas karangane Mbah Brintik adhedhasar
cerkak-cerkak karyane Mbah Brintik sing wis tau diwaca.
Saka reseptor sing cacahe rolas, ana enem sing wis tau maca karyane Mbah
Brintik saliyane CBLMB. Saka enem sing wis tau maca iku menehi pangira-ngira
menawa ciri khas sing paling onja saka cerkake Mbah Brintik yaiku saka
tetembungan lan basa sing digunakake minangka sarana crita. Basa sing
digunakake prasaja, apik, blakasuta (blak kotang), lan ngandhut sawenehe basa
rinengga senajan kadhang kala diplesetne.

Diarani prasaja merga pancen basa sing digunakake basa padinan sing wis
asring banget digunakake dening masyarakat. Ngandhut basa rinengga kayata
kerata basa, kayata kerata basa kang ana ing CBLMB senajan ta diplesetake.
Tuladhane yaiku tembung lurah sing diwenehi teges 1) ngelu nyang sirah, 2)
alune ora mblarah, 3) alune diarah-arah. Kerata basa plesetan iki bisa dideleng
ana ing pacelathon antarane pak Lurah karo bu Lurah kaya sing kapethik ana ing
ngisor iki:
.....
Tibane dadi lurah ki gawe ngelu nyang sirah ya Pak? Jajal nek ana masalah
ngene iki, Riyaya wis mepet, ora mikir kebutuhane dhewe, malah mumet
mikir masalahe wong liya. Oalah ...luuraaaah, lurah... ngelu nyang sirah
....huh!
Pak Lurah nggone numpangi omongane Bu Lurah karo ngguyu,
Lawong mandhak ngelu sirahe bae apa gupuh sing adol Panadol akeh,
Bodrex toko ya nlecek. Gak gelem ngelu sirahe, ya aja dadi lurah..., sing
penting kuwi, lurah, alune ora mblarah ya ta? Hihiiiilkkk....
.......
.......
Bu Lurah langsung nglendheh. Ya wis aku kalah. Teluk, sing bener
alune diarah-arah, wis. Iya ngono ya Pak?
Saka tetembungan sing asring diplesetne iku mau tuwuh asumsi, menawa
cerkak karyane Mbah Brintik iku humoris.
Enem reseptor

sing wis tau maca cerkake Mbah Brintik uga ngarani

menawa Mbah Brintik seneng njupuk tema saka urip padinan sing prasaja, dene
masalahe kaya-kaya sengaja dipilih masalah sing sepele sing jarang banget
digatekake dening wong akeh. Cerkak sing temane dijupuk saka masalah sepele
iku mau pranyata bisa narik kawigatene pamacane nalika wis dadi crita, wongwong biyasane lagi wae sadhar menawa prekara sepele iku pranyata uga butuh
kawigaten sing luwih. Bab iku mau uga lagi disadhari dening reseptor sing maca
CBLMB.

Dene saka enem reseptor liyane sing pancen durung tau krungu utawa maca
cerkake Mbah Brintik. Reseptor-reseptor iki uga bisa menehi pangira-ngira
menawa cerkake Mbah Brintik nduweni pambeda karo cerkak-cerkak liyane.
Prakiran ngenani CBLMB ora mung winates marang titikan (ciri khas)-e
pengarang, nanging adhedhasar irah-irahane cerkak, reseptor uga nduweni
pangira-ngira sing beda-beda. Saka asil wawancara, prakiraan sing digagas dening
reseptor diperang dadi rong jinis, yaiku prakiraan awal lan sabanjure. Prakiraan
awal dijupuk saka kesan nalika maca irah-irahane CBLMB. Dene prakiraan
sabanjure yaiku kesan nalikane maca lan sabubare maca CBLMB.
Prakiraan sepisan sing dipikirake dening reseptor yaiku, penasaran marang
isi cerkak iku. Werna-werna sing dipikirake dening reseptor. Merga irah-irahane
Bingkisan Lebaran Saka Pak Bupati, ana sing mikir menawa cerkak iku bakal
mbahas ngenani bingkisan saka Bupati kanggo punggawa praja liyane, parcel,
amplop utawa salam tempel. Reseptor uga ana sing mikir menawa critane ana
gegayutane karo sasi pasa, malah ana sing ngira menawa iki permainan suap
sing dilakoni dening bupati marang andhahane. Sing rada luwih saka pikirane
reseptor marang CBLMB yaiku ngenani bingkisan sing dimaksudake ing
sajrone crita ini ana gandheng cenenge karo unsur-unsur politik.
Nalika lagi maca irah-irahane wae, akeh banget pikiran sing digagas dening
pamaca, apamaneh nalikane maca lan sabubare maca critane. Saka asil wawancara
marang rolas reseptor, reseptor nduweni gagasan sing beda-beda. Ana sing mikir
lan mesakake marang nasibe lurah, ana sing rumangsa menawa critane mulek,
penasaran saengga pengin ngerti kepriye crita sabanjure, nggumun marang
kedaden sing dicritakake, lan ana uga sing seneng marang critane.

Gagasan-gagasan iku adhedhasar saka sing dikandhakake reseptor nalikane


diwawancarai. Minangka buktine, ing ngisor iki pethikan asil wawacara marang
mahasiswa basa Jawa.
, aku ngira yen cerkak iki bakal mbahas ngenani bingkisan, nanging
durung ngerti menawa bakal ana konflik sing kaya apa, malah bisa diarani
aku bingung merga durung ngerti maksud saka judul iku. (R-1)
Pertama aku maca judule, bingkisan saka pak bupati dak kira ya bingkisan
saka atasan kanggo bawahane. (R-2)
Aku ngira nalika maca judule crita iki bakal nyritakake ngenani hadiah sing
diwenehna bupati. (R-3)
Pisanan sing dak pikir nalika maca judule yaiku ngenani hadiah utawa
penghargaan. (R-4)
Nalikane maca judhule, kawitan sing tak pikirake ngenani wulan pasa.
(R-5)
Pertama sing tak pikir nalikane maca judule yaiku parcel. (R-6)
Kesan sepisan nalikane aku lagi maca cerkak iki, tak kira crita sing bakal
dicritakake ngenani crita sing nyenengake tibane lha kok beda. (R-7)
Cerkak kanthi irah-irahan Bingkisan Lebaran Saka Pak Bupati iki dak
kira menawa cerkake ana gegayutane karo politik. (R-8)
Pisanan sing dak pikirake nalikane maca judhule yaiku sebuah bingkisan
sing diwenehake dening bupati marang wargane. (R-9)
Sing ana ing pikiranku nalikane maca judhule ya entuk bingkisan. (R-10)
Bingkisan Lebaran Saka Pak Bupati, sing ana ing angen-angenku ing crita
iki mesti ana unsur politike. (R-11)
Hadhiah saka bupati, sing dak pikirake bingkisan yaiku amplop utawa
salam tempel, dadi miturutku pisanan wayah maca judhule, crita iki bakal
nyritakake ngenani suap saka bupati. (R-12)

b. Afeksi (tumindak)
Sawijining wujud refleksi-ne reseptor marang CBLMB yaiku ancang-ancang
kanggo tumindak adhedhasar lelakon ing sajrone crita. Ancang-ancang iku
kapethik saka piwulang sing kinandhut ing cerkak. Piwulang-piwulang iku kayata:
Sadurunge mutusake samubarang perlu anane pamikiran sing mateng
saengga ora salah dalan. (R-1)
Anane konflik sing dialami paraga Lurah sajrone CBLMB menehi kawruh
ngenani ancang-ancang tumindak sing kudu ditindakake nalika nemoni prekara
sing saemper. Paling ora R-1 ngerti yen ngadhepi prekara ora bisa grusa-grusu
supaya ora salah kedaden kaya sing ditindakake dening paraga Lurah ing
CBLMB.
Yen dadi pemimpin, kudune bisa ngerti marang karepe anak buah
(andhahane), kudu lila kurban kanggo wong akeh (masyarakat). (R-1, R-6,
R-9, R-10, R-11)
Panemu sing diandharake dening R-1, R-6, R-9, R-10, R-11 yaiku ngenani
tumindak sing kudu dilakoni dening sapa wae menawa dadi pangarep (pimpinan)e
sawijining klompok (masyarakat). Miturut panemune reseptor-reseptor

iku,

pangarep kudune bisa ngayomi lan ngerti marang karepe andhahane. Saliyane iku,
minangka pangarep wis samesthine gelem ngabdi lan lila kurban kanggo butuhe
wong akeh (masyarakat)
Kudu sabar, merga sanajan nglakoni apik, nanging mesthi isih ana sing
menehi pambiji ala (nyacat). (R-5, R-10)
Gagasane reseptor

iku maksude saliyane abdine masyarakat, pangarep

(pimpinan) uga mujudake pamong sing kudu bisa sabar nalika mrantasi prekara
sing diadhepi. Merga minangka pangarep kadhang kala senajan wis tumindak apik

mesthi isih ana wae wong sing nyacat (ora lega) marang sing wis ditindakake
pimpinane.
Ora bisa nganggep samubarang iku sepele, merga sing sepele iku bisa dadi
perkara sing gedhe. (R-7)
Dene gagasan sing disampekake dening R-7 ing ndhuwur iku isih ana
gegayutane karo gagasan sadurunge. Nalikane ngadhepi prekara, pimpinan uga
ora bisa ngenthengake (nyepelekake) merga perkara sing katone sepele bisa dadi
perkara sing gedhe lan nuwuhake perkara sing ruwet.
Minangka anggauta masyarakat, kita kudu gelem ngregani liyan lan aja
nganti mangan hake liyan. (R-11)
Beda klawan gagasane reseptor liyane, R-11 nganggep menawa minangka
perangane masyarakat wis samesthine kudu ngregani karepe liyan. Lan sing luwih
penting maneh yaiku aja nganti mangan lan ngrampas hake liyan. Merga urip ing
sajrone masyarakat iku kudu nduweni rasa tepa slira marang padha-padha supaya
uripe ayem, tentrem lan guyup rukun.
Saka piwulang-piwulang iku, reseptor nduweni karep ing tembe mburi bisa
dadi manungsa sing luwih apik lan menawa dadi pimpinan, bisaa dadi kaya
paraga lurah sing bijaksana lan luwih nengenake rakyate tinimbang awake dhewe.

4.1.1.2 Rekreasi
Anggone reseptor

nampa lan ngreka crita adhedhasar CBLMB bisa

dideleng saka alur lan isie crita.


Rekreasi utawa ngreka apa sing wis diwaca. Cerkak uga bisa dadi sawijining
acuan kanggo nuwuhake ide kreatif, merga kanthi cara maca cerkak sawenehe
wong bisa oleh referensi lan panjurug supaya bisa ngreka crita sing memper

cerkak sing mentas diwaca. Ing konteks iki CBLMB mujudake cerkak sing
nuwuhake ide kanggo ngreka tumrap reseptor .
Tabel 4.2
Wujud rekreasine reseptor marang CBLMB
No.
Reseptor

Rekreasi
Alure
Iya
Ora

Katrangan

Isine
Iya
Ora

R-1

R-2
R-3

R-4

R-5

R-6

R-7

R-8

R-9

R-10

R-11

R-12

Merga mung seneng maca nanging ora bisa yen kudu


nulis
Seneng marang critane nanging ora menehi inspirasi
Critane menehi inspirasi kanggo nggawe crita sing
luwih apik
Merga ora seneng marang critane dadi ora menehi
inspirasi blas
Seneng marang sastra nanging dudu sing wujud crita
(sing wujud musik)
Pengin nambah kosakata ngenani basa rinengga lan
liyane saka cerkak-cerkak liyane
Ora bisa nganggep samubarang iku sepele merga bisa
dadi perkara sing gedhe
Merga critane lumrah nanging pengarange jeli nangkep
prekara sing sepele bisa dadi crita sing narik kawigaten
Kepengin kaya paraga Lurah ing CBLMB sing rela
berkorban lan bijaksana
Apabila menjadi seorang pemimpin, kita harus adil
dicacat harus tetap adil meski mengorbankan
kepentingan pribadi di atas kepentingan orang banyak
Kepengin nggawe crita sing intine ngacu marang para
pimpinan kanggo luwih tanggung jawab marang
jabatan lan masyarakate
Wateke paraga Lurah sing bisa didadekake tuladha
kanggo para pimpinan

a. Ngreka Alure
Reseptor minangka pamaca CBLMB ora oleh sumber inspirasi saka alur
sing dipilih dening pengarang ing cerkak iki. Saka dhata sing wis ditabulasekake,
bisa dibuktekake menawa reseptor babar pisan ora ana sing oleh inspirasi saka
panganggone alur ing CBLMB. Reseptor ngarani menawa alur ing CBLMB
prasaja, maju, lan runtut. Ora ana sing beda lan narik kawigaten saka alur sing
dipilih dening pengarang merga alur sing kaya mangkono bisa dideleng ing
cerkak-cerkak liya. Mula saka iku ora nuwuhake ide kreatif anyar kanggo reseptor

Unesa. Nanging ana sawijing mahasiswa sing meneh panyaruwe marang wusana
(endinge) crita. Panyaruwene yaiku supaya CBLMB digawe crita sambung merga
ending-e ngambang banget. Miturut pamawase, menawa ana bacutane kayane
critane bisa luwih apik.
b. Ngreka Isine
Ide kreatif ora mung bisa diolehi saka alur, nanging pamaca uga bisa oleh
inspirasi anyar kanggo nganggit utawa nulis crita utawa liyane adhedhasar isi
cerkak sing mentas diwaca. Semono uga sing dumadi marang reseptor sing wis
maca CBLMB lan diwawancarai.
Sarana maca CBLMB, 58% reseptor oleh inspirasi anyar. Dene wujud
inspirasi iku ana sing pengin ngarang crita sing luwih apik, lan ana uga sing
pengin dadi wong sing memper paraga lurah ing CBLMB. Saliyane iku reseptor
uga rumangsa terhibur karo carane pengarang ngolah tetembungan minangka
sarana crita.
Saka tabel ing ndhuwur bisa dideleng menawa sing oleh inspirasi saka
CBLMB yaiku R-3, R-6, R-7, R-9, R-10, R-11 lan R-12. Alasane kapitu reseptor
iku beda-beda. Sing isih ana gegayutane karo unsur-unsur-e crita yaiku R-3, R-6
lan R-12. R-3 ngandharake menawa CBLMB menehi inspirasi kanggo nggawe
crita sing luwih apik. Dene R-11 pengin nggawe cerkak sing isine ditujokake
kanggo para pangarep (pimpinan) supaya luwih tanggung jawab marang jabatan
lan masyarakat (utawa andhahane). Beda maneh alasane R-6 sabubare maca
CBLMB. R-6 pengin sinau lan nambah kosakata ngenani basa rinengga saka
cerkak-cerkak liyane adhedasar tetembungan lan ukara sing digunakake dening
pengarang ing CBLMB.

Patang reseptor liyane yaiku R-7, R-9, R-10 lan R-12 oleh inspirasi saka
tumindak lan sipate paraga lurah ing CBLMB. Saka tumindake paraga lurah sing
rada grusa-grusu, R-7 bisa oleh inspirasi lan kawruh kanggo mutusake prekara.
Intine minangka manungsa sing salumrahe, ora bisa nganggep samubarang iku
sepele merga bisa dadi prekara sing gedhe. Menawa R-7 nduweni gagasan anyar
adhedhasar tumindake paraga Lurah, nanging R-9 malah kepengin dadi wong sing
kaya paraga Lurah sing lila ngurbanake butuhe kanggo masyarakate lan bijaksana.
R-12 malah nggagas menawa wateke paraga Lurah ing CBLMB bisa didadekake
tuladha kanggo pangarep (pimpinan) ing negara Indonesia. Semono uga sing
diandharake dening R-10, miturut panemune minangka pengarep wis samesthine
kudu bisa adil senajan dicacat lan ngurabanake butuhe dhewe.
Dene R-1 ora oleh inspirasi saka CBLMB merga pancen mung seneng maca
lan ora seneng nulis. Semono uga R-2, babar pisan ora oleh inspirasi saka
CBLMB nanging seneng marang dalan critane. Dene miturut R-4, CBLMB ora
narik kawigaten saengga ora menehi inspirasi. Critane wis umum banget lan ora
ana sing istimewa. Gagasan iki padha karo sing dikandhakake dening R-8. Saka
pamawase CBLMB sejatine isine prasaja nanging merga pengarange pinter
ngolah konflik, mula CBLMB dadi cerkak sing narik kawigaten. Senajan critane
apik lan narik kawigaten nanging ora menehi inspirasi marang R-8 lan R-5.
Menawa R-8 menehi alasan sing mangkono, beda karo alasan sing diwenehna
dening R-5. R-5 sejatine uga seneng marang CBLMB nanging ora oleh inspirasi
merga sastra sing disenengi dudu sing wujud crita nanging musik.

4.1.2 Resepsi Adhedhasar Daya Emosional


Saka daya emosinal-e reseptor, panampa lan penangkep sing diwenehna
marang CBLMB bisa awujud impresi lan reaksi (respon)-e reseptor. Andharane
bisa kaya ing ngisor iki.
4.1.2.1 impresi
Impresi utawa sing luwih kerep diarani kesan sing bisa nuwuhake daya
tartamtu marang pancadriya utawa rasaning ati lan pikiran utawa sing kerep
diarani kesan. Kesan bisa tuwuh nalikane sawenehe pawongan nindakake lelakonlelakon tartamtu. Semono uga nalikane maca karya sastra, pamaca bisa
ngrasakake kesan sing dirasakake dening paraga nalikane utawa sabubare maca
karya sastra. Kesan iku iku bisa arupa simpati utawa empati saka wujud
(tampilan) lan isine cerkak. Adhedhasar wujud (tampilan) sing beda tinimbang
cerkak liyane, CBLMB iki bisa dideleng saka penganggone basa lan carane crita
pengarang, pambiji sing diwenehake reseptor werna-werna. Semono uga karo isi
sing dicritakake, kamangka temane mung siji, nanging pambijine beda-beda.
Tabel 4.3
Wujud impresine reseptor marang CBLMB
No.

Impresi

Reseptor

Wujud

R-1

Katrangan

Isi

Ideal

Unik

Apik

Prasaja

Njelehi

Narik
kawigaten

Ora kaya cerkakcerkak


liyane,
swasana
sing
dicritakake serius
nanging
ana
lucune; bisa ngerti
akeh ngenani urip

R-2

R-3

R-4

R-5

R-6

R-7

R-8

R-9

R-10

R-11

saka
konflikkonflike crita
Tetembungan sing
ngandhut
basa
rinengga
&
pungkasane crita
sing
ngambang
ndadekake cerkak
narik kawigaten
Nggunakake basa
rinengga
&
ngandhut piwulang
becik
Diwiwiti
karo
protese pak RT
Nuwuhake kesan
humor & bisa
nyebabake
kerut
ana sajroning crita
Nggunakake basa
rinengga
&
gegayutan
karo
solah
bawane
masyarakat
Wiwit
sepisan
kebak
klawan
konflik & masalah
lumrah sing diolah
kanthi cara sing
beda saengga dadi
masalah sing bisa
narik kawigaten
Masalah
sing
ringan
ing
masyarakat
didadekake
masalah sing rumit
dening pengarange
Lucu
nanging
jorok , ora sepiraa
tertarik
amarga
critane wis ora
asing maneh ing
masyarakat
Ana wangsalan lan
basa
rinengga
liyane, ngandhut
pesen lan ora adoh
saka urip padinan
Ana kerata basa,
wangsalan,
lan
paribasane; critane
gampang lumebu
ing uteg, disisisipi
ukara-ukara sing
ngguyokake, lan
dialog antarane pak

R-12

Lurah karo bu
lurah katon alami
lan ora digawegawe
Nduweni ciri khas
sing majila &
lumrah kaya sing
an ing masyarakat
padesan

a. Wujude (tampilan)
Miturut panemune pamaca, cerkak Bingkisan Lebaran Saka Pak Bupati iki
nduweni tampilan sing ora lumrah (ideal) yen dibandhingake karo cerkak liyane,
cerkak iki nduweni ciri khas sing arang malah kepara ora ana ing cerkak liyane,
yaiku ana ing basa sing digunakake pengarang kanggo crita sing kadhang kala
diselingi karo basa-basa rinengga, kayata kerata basa, wangsalan, lan paribasan.
Saperangan saka pamaca uga ngarani menawa pengarang asring nggunakake
dialek saka dhaerah tartamtu sing ora dingerteni tegese dening pamaca. Nanging
nalikane wis dironce dadi ukara, tembung iku mau bisa dingerteni karepe.
Panemu sing kaya mangkono ngenani wujude CBLMB dening reseptor
diandharake siji mbaka siji ing ngisor iki.
R-1 nduweni panemu menawa CBLMB beda karo cerkak-cerkak sing wis
tau diwaca. Saliyane iku, CBLMB uga mujudake cerkak sing narik kawigaten
merga unik. Sing nyebabake CBLMB iki unik diandharake dening R-1 menawa
swasana sajroning crita sing kudune temen (serius) nanging bisa nuwuhake daya
(efek) ngguyokake. Maksude nalikane dumadi konflik ing CBLMB iki tuwuh
swasana sing ngguyokake amarga polah tingkah lan caturan antarane paraga sing
nyleneh (ora lumrah).
Beda klawan panemune R-1, R-2 ngadharake ngenani pambedane CBLMB
karo cerkak liyane yaiku ing panganggone basa dening pengarang. Ing CBLMB

iki akeh nggunakake ukara sing ngandhut parikan lan basa rinengga liyane. Sing
kaya mangkono iku, dening R-2 diarani istimewa senajan nuwuhake pitakon
merga durung ngerti artine. Ora mung iku, pranyata ending-e crita sing nggantung
uga mujudake bab sing narik kawigatene lan diarani beda klawan cerkak liyane.
Senajan bab sing nyebabake CBLMB beda karo cerkak liyane, nanging
alasan sing diwenehake beda. R-3 rumangsa seneng merga caturan antarane pak
Lurah karo bu Lurah lucu. Miturut R-3, anane parikan lan tembung-tembung sing
ngguyokake bisa nggawe guyu lan nambahi kosakata anyar tumrap sing maca.
Saliyane iku, basa rinengga iku ndadekake CBLMB apik apamaneh crita sing
sejatine prasaja nanging disampekake kanthi cara sing narik kawigaten sarta
endinge sing uga lucu saya ndadekake CBLMB pantes menawa didadekake karya
pinilih.
Saka telung reseptor

iku mau nyatakake menawa kabeh padha seneng

marang CBLMB. Dene sing dumadi marang R-4 seje karo sing dirasakake dening
R-1,R-2 lan R-3. Miturut R-4 CBLMB pancen beda klawan cerkak liyane nanging
amarga basa lan tetembungan sing digunakake akeh njupuk saka dialek sawijining
dhaerah nyebabake R-4 bingung. R-4 uga ngandharake menawa tetembungane
mulek sarta ending-e ngambang banget.
R-5 nduweni panemu beda maneh. Kandhane, senajan ukarane akeh
nggunakake paribasan, parikan lan basa rinengga liyane nanging miturut R-5
basane blakasuta lan gampang dingerteni. Saka panganggone basa sing mangkono
jarene R-5 bisa menehi kawruh, nuwuhake kesan humor lan swasana (n)desane
katon.

Semono uga sing dirasakake dening R-6. Anane

basa-basa kiasan lan

paribasan nyebabake CBLMB kalebu unik yen dibandhingake karo cerkak liyane.
Saliyane iku, pranyata carane pengarang crita sing disengkuyung karo basa sing
digunakake nyebabake pamacane berimajinasi. Mula saka iku, R-6 nduweni
kekarepan kanggo ajar ngenani basa rinengga lan tetembungan liyane saka
cerkak-cerkak supaya ngerteni jinis-jinise lan bisa ngerti tegese.
Antarane R-1, R-2, R-3, R-4, R-5, lan R-6 ngarani yen sing nyebabake
CBLMB beda karo cerkak liyane merga anane basa-basa rinengga ing ukaraukarane. Senajan R-7 uga nduweni panemu yen CBLMB iki beda karo cerkak
liyane nanging ora mung winates ing tetembungane. R-7 ngrumangsani menawa
cerkak iki beda merga kawit sepisanan wis kebak klawan konflik.
Sing diandharake dening R-8 meh padha karo panemune R-4. CBLMB ora
nduweni kaistimewan, mung wae pengarange pinter olehe ngolah konflik-konflik
ringan sing dumadi ing masyarakat saengga katone mujudake masalah sing rumit
lan narik kawigaten. Bab sing kaya mangkono iku sing nyebabake CBLMB
kalebu cerkak sing rada abot miturut R-8.
Panemune R-9 iki padha karo panemune sawenehe reseptor sadurunge.
CBLMB nduweni kaistemewan ing panganggone tetembungan. Daya (efek) lucu
bisa kawetu saka tetembungan iku. Nanging R-9 nganggep menawa tetembungan
sing dianggo lucu nanging rinasa jorok. Saliyane iku, R-9 uga malih mikir merga
anane tetembungan sing dirasa asing (dialek) sajroning CBLMB.
Pranyata R-10 uga nduweni panemu sing ora beda adoh karo reseptor
liyane. Miturute R-10, anane guyonan sajone CBLMB wajar ananging anane basa
rinengga sing wujud wangsalan, parikan lan liyane sing nyebabake CBLMB beda

karo cerkak-cerkak liyane. Bab liya sing uga beda yaiku ngenani tegese tembung
sing langsung diwenehna saengga pamacane ora prelu angel-angel mahami
maksud saka ukara utawa tetembungan iku. Saliyane iku, sing ndadekake cerkak
anggitane Mbah Brintik beda karo cerkak liyane yaiku saka alur-e sing digawe
supaya wong tertarik kanggo maca sing luwih akeh maneh (wiwit awal nganti
pungkasan).
Minangka wong sing awam, R-11 nganggep menawa basa sing digunakake
ing CBLMB gampang dingerteni senajan ana tetembungan sing durung dingerteni
tegese, nanging menawa wis dironce dadi ukara bisa dingerteni karepe. Saka
reroncean tembung sing kaya mangkono R-11 rumangsa nyaman merga daya
tangkap digampangake kanthi reroncean sing nyengkuyung.

Senajan tembung-

tembunge akeh sing umum nanging ana uga saperangan sing rada beda kayata
kerata basa, wangsalan, lan paribasan. Anane tetembungan iku bisa nuwuhake
daya (efek) lucu.
Semono uga pambijine R-12 ngenani basa sing digunakake ing CBLMB
apik, lugu, ana kerata basane lan lumrah kaya sing dianggo sajronie masyarakat.
Nanging ciri khas sing manjila saka CBLMB manggon ing karakter paragane.
Saka pambiji sing diwenehake dening luwih saka 80% reseptor bisa diarani
menawa CBLMB nduweni pambeda karo cerkak liyane. Pambedane CBLMB ana
ing basa lan tetembungan sing digunakake pengarang. Anane wujud sing beda
tinimbang cerkak liyane, CBLMB mujudake cerkak sing narik kawigaten. Saka
pilihan tembung iku, reseptor ngrasakake daya (efek) ngguyokake.
Nanging 16%

reseptor sing ngandharake menawa CBLMB

ora narik

kawigaten. Alasane merga basa sing digunakake mbulet lan mbingungi sarta

critane sejatine mung crita sing prasaja nanging merga diolah kanthi cara sing
beda saengga bisa dadi cerkak sing bisa diarani rada abot.
Saka panemu sing beda saka reseptor iku mau bisa dijupuk dudutan menawa
CBLMB nduweni wujud sing beda. CBLMB mujudakake cerkak sing unik merga
tembung lan ukarane akeh nggunakake dialek lan basa rinengga. Sing kaya iku
arang utawa kepara ora abisa dipethuki ing cerkak-cerkak liyane.
b. Isine
Isi sing dimaksudake ing konteks iki yaiku ngenani samubarang sing
dicritakake dening pengarang sing bisa nuwuhake pengaruh marang pamacane.
Pengaruh-e marang pamacane iku bisa wujud rasa simpati utawa empati marang
lakon sing dicritakake.
Kesan sing dirasakake dening R-1 ngenani isine CBLMB yaiku seneng
merga critane apik. Saka CBLMB iki bisa diolehi piwulang-piwulang becik
ngenani urip ing sajrone masyarakat. Piwulang-piwulang iku mau bisa dijupuk
saka konflik-konflik sing dumadi ing sajrone crita. saka anane konflik sing kaya
mangkono, paling ora kanggo sabanjure menawa ana masalah sing saemper karo
iku bisa ngerti kepriye carane mrantasi.
Miturut R-2, CBLMB pancen apik nanging sing nyebabake cerkak iki apik
dudu saka konflike kaya sing diandharake dening R-1. R-2 nduweni panemu seje
ngenani apike CBLMB. CBLMB iki apik merga pungkasane crita sing ngambang
lan isine nyritakake ngenani urip padinan.
Pamawas sing diwenehna dening R-3 ora beda adoh karo R-2. marang
CBLMB iki, R-3 menehi pambiji apik merga isine ngenani urip padinan lan kebak
piwulang-piwulang becik. Piwulang iku bisa diolehi saka paragane sing bisa

didadekake tuladha. Saliyane iku, menawa dicundhukake antarane judhul lan isine
uga tepak. Saengga CBLMB mujudake crita sing utuh lan nengsemake.
Menawa miturut R-3 CBLMB mujudakake cerkak sing nengsemake,
nanging beda karo sing dirasakake dening R-4. Saka andharane, R-4 ngrasa yen
CBLMB mbingungi, njelehi lan ora narik kawigaten. merga ana ing kawitane crita
diwiwiti karo protese sawijining paraga saengga R-4 sing durung maca judhule
rumangsa bingung lan ora ngerti marang karepe paraga iki mau.
Dene sing dirasakake dening R-5 wis beda maneh. Bingung sing dirasakake
dening R-4 malah ora dirasakake babar pisan dening R-5. R-5 malah rumangsa
mesakake marang paraga Lurah. Pranyata R-5 rumangsa wigati marang CBLMB
iki merga nalikane maca bisa kegawa marang swasana ing sajrone crita.
R-6 wigati marang CBLMB merga critane ana gegayutan karo solah bawane
masyarakat. Saliyane iku, R-6 uga penasaran lan nduweni pangarep-arep ing
pungkasaning crita paraga Lurah bisa mrantasi masalahe. R-6 nduweni panemu
sing kaya mangkono merga CBLMB iki cuthele ngambang.
Kawigaten ngenani isine CBLMB sing diwenehake dening R-7 rada beda
karo reseptor liyane. Bab iku mau merga saka pamawase, kisah sing dicritakake
ing CBLMB meh padha karo kedaden sing tau dialami dening kluwargane R-7.
Mula saka iku, R-7 bisa ngguyu dhewe nalikane maca critane. Saliyane iku,
carane pengarang sing pinter ngronce konflik-konflik cilik dumadi konflik sing
kompleks, saengga CBLMB iki kebak klawan konflik.
Semono uga sing diandharake dening R-8. CBLMB narik kawigaten merga
anane konflik-konflik ringan ing sajrone masyarakat dikemas dadi masalah sing

rumit dening pengarang. Saengga nuwuhake kritikan saka pamacane. Saliyane


iku, critane kaya-kaya pancen nyata dumadi ing kanyatan.
Sing dirasakake dening R-7 lan R-8 beda karo sing dirasakake dening R-9.
Merga masalah sing jupuk ngenani urip padinan saengga dianggep ora ana sing
istimewa. Saka isine crita, R-9 ora wigati babar pisan merga critane wis lumrah
dumadi ing masyarakat.
Menawa R-9 nganggep prekara sing lumrah dumadi ing masyarakat ora
narik kawigaten, suwalike R-10 malah wigati karo critane merga kanthi ngangkat
bab sing katone sepele nanging ngandhut piwulang-piwulang becik. Saliyane iku,
liwat CBLMB pengarang uga nyampekake pesen marang pimpinan supaya ora
seneng mentingake awake dhewe wae, nanging uga kudu mikirake liyan, utamane
wargane.
Saka pamawase R-11, CBLMB critane ora monoton utawa kaku merga
critane umum lan kerep dumadi ing masyraakat. Crita sing prasaja iku mau
nyebabake gampang lumebu ing uteg lan bisa ditampa maksude kanthi cetha.
Saengga nggampange lan narik kawigaten tumrap sing maca.
R-12 nduweni pamawas sing padha karo R-4. kekarone padha-padha
nganggep menawa CBLMB mujudake cerkak sing mbingungake. Sing
mbedakake antarane R-12 karo R-4 yaiku ngenanikawigatene marang CBLMB.
Anane kesan sing mbingukake nyebabake R-4 orang wigati babar pisan marang
CBLMB iki. Dene miturut R-12, senajan critane mbingungake nanging isine narik
kawigaten merga lumrah kaya sing ana ing masyarakat padesan.
Adhedhasar pamawase mahasiswa basa Jawa, CBLMB bisa nggawa
reseptor kerut ing sajrone crita. Nalikane maca, ora sethithik pamaca sing ngaku

menawa melu prihatin, mangkel, nggumun, mesakake lan liya-liyane marang


nasibe pak Lurah. Sanajan ta ana sing mung biyasa wae. Iku mau disebabake
pancene pamacane kurang seneng lan minat marang sastra sing wujud cerkak
(utawa gancaran).
Saka babagan tema, ing kene pamaca menehi pambiji menawa tema sing
dijupuk dening pengarang yaiku ngenani urip padinan sing prasaja nanging
ngandhut piwulang-piwulang becik. Mula saka iku, cerkak iki saka segi isi
nduweni kaluwihan tinimbang cerkak-cerkak liyane. Kawasisane pengarang milih
tema sing arang ketengen lan digatekake dening pawongan umume bisa narik
kawigatene pamacane. Saliyane iku, carane ngolah tetembungan sing apik bisa
ndadekake tema sing prasaja dadi bab sing wigati lan prelu digatekake.

4.1.2.2

Reaksi (respon)

Saka asil wawancara respon utawa reaksi-ne reseptor marang CBLMB yaiku
ana sing seneng merga critane apik lan ngandhut piwulang-piwulang becik
kanggo urip, ana sing bangga lan seneng karo tumindake lurah sing adil lan nyoba
golek pamecahan masalah senajan ta pungkasane dicacat, ana sing nggumun
merga pranyata ana kedadeyan sing kaya mangkono ing masyarakat lan ora tau
kepikir sadurunge dening pamaca.
Tabel 4.4
Wujud reaksi (respon)-ne reseptor marang CBLMB
Reaksi (respon)

No.
Responden

Apik

Seneng

R-1

R-2

R-3

Nggumun Ora seneng

Katrangan
Nggumun merga ana kedadeyan sing
kaya ing CBLMB
Rumangsa terhibur
Narik kawigaten amerga ngandhut
piwulang

R-4
R-5
R-6

R-7

R-8

R-9

R-10
R-11

R-12

Ora menarik
Isa kerut ing crita
Penasaran
Rada bingung karo tembung sing
digunakake; pengin ngerti cerkak
liyane
Pikiran rasane kebuka
Mung merga perkara bingkisan njaluk
diendhegna saka jabatan minangka
ketua RT/RW
Uteg rasane bali fresh
Priatin marang kahanan masyarkate
Critane serius mergane ana kesan sing
mbingungake

Respon-e reseptor marang CBLMB antarane siji lan sijine beda-beda.


Nanging kabeh mau mujudake wujud reaksi sing diwenehna pamaca marang
gambaran urip lan panguripan sing dicritakake pengarang ing cerkak kasebut.
Saliyane ng-respon marang cerkake, pamaca uga menehi respon marang crita
sing dicritakake.
Respon-e dening R-1 marang CBLMB yaiku rasa nggumun. Merga ana
kedadeyan (konflik) sing ora tau kanyana babar pisan ing pikirane. Saking
nggumune R-1 nganti ngguyu dhewe ing batin. Sadurunge iku, R-1 rumangsa
bingung merga durung ngerti maksud saka judhul CBLMB.
Dene sing dirasakake dening R-2 yaiku atine ngrasa seneng merga critane
apik. Iku mau merga anane owah-owahan sing sakawit ora ngrasakake apa-apa
banjur rumangsa seneng sabubare maca CBLMB.
Beda maneh sing diandharake dening R-3, R-3 seneng marang CBLMB
merga ngandhut piwulang-piwulang becik. Saliyane iku, R-3 uga nduweni
pangrasa sing padha kaya R-1 yaiku nggumun nanging alasan sing diwenehake
beda. R-3 nggumun merga rumangsa mongkog (bangga) saupamane isih ana
lurah sing tanggung jawab kaya paragane CBLMB.

Menawa R-1, R-2 lan R-3 seneng marang CBLMB suwalike sing dirasakake
dening R-4. R-4 babar pisan ora seneng marang CBLMB merga saka rumangsane
critane mbingungake lan mulek. Mula saka iku kahanane ora ana owah-owahan
babar pisan. Senajan mangkono, R-4 nduweni panemu sing apik ngenani CBLMB
iki. Miturut pamawase, CBLMB ngandhut piwulang sing becik tumrap urip lan
panguripan.
Biji apik diwenehake R-5 marang CBLMB. Merga saka nalikane maca
critane, R-5 bisa kerut ing swasanane crita. Pranyata R-6 uga menehi pambiji sing
padha. Saliyane iku, R-6 uga rumangsa penasaran marang nasibe lurah sabanjure.
Rasa penasaran iku tuwuh merga ing pungkasane crita dening pengarang digawe
modhel ending terbuka saengga pamacane kudu nafsirake tutugane crita nganggo
imajinasi-ne dhewe-dhewe. Dene owah-owahan sing dirasakake dening R-6
sawise maca CBLMB yaiku prasaane luwih tenang merga kehibur karo isine crita
sing apik.
Padha kaya sing diandharake dening reseptor

liyane, R-7 uga menehi

pambiji sing apik marang CBLMB. R-7 ngandharake menawa sarana maca
CBLMB rasa pangrasane owah. Saka rumangsane, sadurunge maca CBLMB
kahanane nglokro nanging sabubare maca malih semangat. Ora mung iku,
pranyata R-7 sing ora seneng maca malih kepengin maca cerkak liyane sabubare
maca CBLMB critane apik.
Reseptor

sabanjure R-8 ngandhakake menawa seneng marang CBLMB

merga sabubare maca critane pikirane kebuka. Senajan seneng marang critane
nanging saka pamawase critane lumrah ngenani pola pikire wong ndesa sing
seneng iren-irenan.

Dene R-9 malah nggumun campur mangkel sabubare maca CBLMB merga
paraga pak RT ing CBLMB nganggep lurah kurang becik mung merga perkara
cilik. R-9 uga terkesan marang paraga Lurahmerga nduweni sipat rela berkorban
kanggo wargane uga bijaksana.
Owah-owahan sing dirasakake dening R-10 sabubare maca CBLMB yaiku
utege kaya-kaya refresh. Nanging R-10 uga mesakne marang lurahe merga mumet
mikir wargane nganti dibelani tuku bingkisan kanggo wargane.
Yen R-10 mesakake marang paraga lurah, seje maneh sing dirasakake
dening R-11. Rasa prihatin tuwuh nalikane ngerteni kahanan masyarakat sing
kaya ing CBLMB. Sawise maca CBLMB pangarasane R-11 ora patia ana owahowahan. Mung rumangsa seneng merga ana sing lucu lan bisa nglegakake
pikirane.
Senajan critane serius lan nuwuhake kesan mbingungake, nanging R-12
seneng marang CBLMB merga isine lumrah kaya sing ana ing masyarakat
padesan. Saliyane iku, menawa didadekake minangka karya pinilih, dikira ya
pantes wae merga nduweni ciri khas sing manjila.

4.1. Jlentrehan Ngenani Resepsi


Saka andharan ngenani resepsi ana ing sub bab 4.1 mau nuduhake menawa
resepsi pamaca marang CBLMB bisa bisa arupa panampa kanthi cara ilmu sing
tau diolehi nalikane kuliah (intelektual) lan adhedhasar rasa pangrasane
(emosional).
Sabubare maca CBLMB, panliti menehi pambiji menawa cerkak kasebut
nduweni kandhutan lelucon. Sahingga bisa menehi hiburan marang sapa wae sing

maca. Saliyane iku panliti uga bisa njupuk piwulang-piwulang becik sing
kinandhut ing sajrone CBLMB.
Miturut reseptor sing jupuk, asil sing kudu diolehi saka panliten yaiku
pambiji miturut tingkat intelektual adhedhasar kawruh ngenani sastra sing wis
diolehi nalika kuliyah. Nanging dhata sing diolehi beda karo pangira-ngirane
panliti. Amarga anggone menehi pambiji, reseptor sing uga reseptor isih ana
sing menehi pambiji adhedhasar tingkat emosionale.
Dene paprincen asil sing diolehi yaiku, adhedhasar intelektual, wujud
panampane reseptor bisa arupa refleksi lan rekreasi. Saka rong perangan iku sijisijine nduweni bageyan dhewe-dhewe. Refleksi kabage dadi presuposisi lan
afeksi. Dene rekreasi kabage miturut alur lan isine. Refleksi minangka sarana
mbalekake kahanan awak utawa pikiran sing spaneng bisa diprici wujud
presuposisi (pangira-ngira) lan tumindak (afeksi). Adhedhasar judhule, pamaca
nduweni presuposisi (pangira-ngira) sing beda-beda. Ana sing ngira menawa
cerkake bakal nyritakake wulan pasa, parcel, hadhiah, salam tempel lan ana uga
sing ngira menawa bakal crita ngenani Bupati sing ana gandheng cenenge karo
politik (main suap). Dene adhedhasar piwulang-piwulang sing kinandhut ing
CBLMB, reseptor uga malih nduweni ancang-ancang kanggo tumindak (afeksi)
sing becik utawa luwih becik. Ancang-ancang iki mau sawijining wujud saka
refleksine reseptor marang urip adhedhasar CBLMB.
Miturut panemune mahasiswa basa Jawa, CBLMB uga bisa didadekake
sarana kanggo rekreasi. Bab iku mau bisa diolehi saka alur lan isine cerkak.
Nanging menawa dideleng saka alure sing prasaja (maju) padha kaya ing crita
umume, pamaca akeh pengin nyipta maneh cerkak sing isine saemper kaya

CBLMB sing mbahas ngenani urip padinan lan pamrentah sing diwungkus kanthi
cara sing prasaja nanging narik kawigaten.
Miturut rasa pangrasane (emosional) reseptor , wujud resepsine pamaca bisa
diperang adhedhasar impresi lan respone pamaca.

Impresi iku bisa tuwuh saka

wujud (tampilan) lan isi sing dicritakake. Iki bisa dideleng saka asil wawancara
karo reseptor sing ngandharake menawa wujud CBLMB ora lumrah kaya cerkakcerkak liyane., merga ing cerkak iki akeh nggunakake tetembungan saka dialeke
pengarang lan ana ing pacelathon antarane paragane asring dislemiti basa
rinengga sing werna-werna. Kayata wangsalan, paribasan (bebasan), kerata basa
lan liya-liyane. Saliyane iku, carane crita pengarang uga asring nyebabake
pamacane ngguyu.
Dene saka isi, CBLMB sing nyritakake ngenani prekara sing diadhepi lurah
nalikane ngadhepna Riyaya iki bisa nggawa pamacane kerue marang swasana ing
sajrone crita. Saengga ora arang pamaca sing banjur prihatin, mesakake, malah
kepara melu ngrasakake apa sing dirasakake dening pak Lurah.
Saliyane impresi, wujud resepsi adhedhasar emosionale pamaca bisa uga
arupa respon. Respon reseptor marang CBLMB ana werna-werna. Ana sing
seneng, biyasa, lan ora seneng babar pisan. Iku mau merga pancen pamaca
nduweni panampa lan ukuran sing beda-beda. Ana sing rumangsa nggumun, lucu,
bangga (mongkog), seneng, mesakake, malah ana uga sing tansaya bingung.

Pambijine Reseptor marang CBLMB Adhedhasar Angket Evaluasi sing


Dibagekake
Asil pambijine reseptor marang CBLMB adhedhasar pitakonan ing angket
evaluasi oleh-olehane diandharake ana ing ngisor iki.

I.

Pambiji Umum
Mahasiswa angkatan 2005

Mahasiswa angkatan 2006

4,33

Mahasiswa angkatan 2007

Mahasiswa angkatan 2008

5,67

Rata-rata

5,5

Saka asil pambijine reseptor ngenani CBLMB ing ndhuwur bisa diarani
menawa cerkak iki luwih saka apik.

II.

Pambiji Adhedhasar Titikan Sing Katon


Faktor Kebaruan

Skor

Kategori

Penggunaan Bahasa

4.1

Cukup

Orisinalitas

3.5

Kurang

Ketegangan

4.9

Benar

Minat

4.5

Lebih

Emosi

5.5

Lebih

Dipercaya

4.1

Benar

Penokohan

4.9

Benar

Tarikan

5.3

Kurang

Tempo

3.1

Benar

Plot

2.5

Tidak Benar

Tema

2.9

Benar

Struktur

3.0

Benar

Faktor Daya

Faktor Pembentukan

Adhedhasar oleh-olehan angket sing wis diwenehake sabubare panliti


menehi pitakon wawancara marang reseptor , asil sing diolehi saka faktor-faktor

pambiji ngenani ciri (titikan) bisa diarani menawa CBLMB apik lan nduweni
kaistimewan.
Panganggone basa ana ing CBLMB miturut reseptor meh/nyedhaki
sampurna. Bab iki mau merga pengarang isih akeh nggunakake tetembungan saka
dialeke lan rada sakarepe dhewe, saengga pamaca kadhangkala rada ewuh
mahami maksud lan karepe tembung utawa ukara saroning crita.
Saka segi orisinalitas, asil sing diolehi saka pamaca isih kurang merga
pancen pamaca nduweni cara nyawang lan tanggepan sing beda-beda. Ana sing
nyawang minangka pamaca biyasa, pamaca kritik, pamaca kreatif lan liyane.
Dene aka segi ketegangan, rata-rata pamaca ngarani menawa cerkak iki
pancen bisa nuwuhake rasa tegang kanggo pamacane. Iki mau bisa tuwuh saka
konflik sing dumadi ana sajroning cerkak iku dhewe. Anane konflik-konflik
singdumadi ana ing sajrone cerkak iki bisa nggawa pamacane kerut lan melu
emosi. Bab iku raket banget gandheng cenenge karo prastawa sing dumadi,
prastawa sing dumadi iku ora adoh karo sing dumadi ing urip sanyatane merga
paraga lan wateke pancen nggambarake gambare watek manungsa. Saka paragane
pamaca pancen seneng lan sarujuk, nanging merga ending utawa pungkasane crita
ngambang, nyebabake pamaca rada cuwa.
Padha kaya jinise, cerkak iki pancen cekak baget merga mung nyritakake
kahanan sing dumadi ana ing wektu iku uga lan ora nyritakake wektu sadurunge
utawa sawise, sahingga tempone cepet banget.
Akeh pamaca sing mbiji CBLMB iki apik. Saka isine, pamaca akeh sing
menehi kawigaten luwih kanggo mikir lan menehi analisa sing luwih marang
cerkak iki. Iku mau cundhuk karo tema sing dijupuk dening pengarang minangka

asil pamikiran sing cetha. Saengga unsur-unsure uga katon sambung sinambung
antarane siji lan sijine.

Panliten ngenani resepsi iki wis nate ditindakake ananging sing dadi objek
panlitene beda. Saliyane objeke, ancangan sing digunakake uga beda. Menawa
panliten sadurunge nggunakake ancangan diakronis, ana ing panliten iki
nggunakake ancangan sinkronis. Panliten sadurunge sing dadi objek yaiku
gendhing Genjer-Genjer kanthi irah-irahan Kasus Lagu Genjer-genjer di
Jawa Timur pada Masa Orde Lama, Orde Baru dan Masa Reformasi sing
ditindakake dening Sugeng Adipitoyo (Prasasti, 2003: 60-71).
Saliyane iku, ana uga analisis resepsi sing ditindakake dening Sarumpaet
(Endraswara, 2003: 127) marang kajian sastra anak-anak. Ana ing andharane,
panliti bisa nampilake undag-undagane buku sastra sing disenengi dening bocah.

BAB V
DUDUTAN LAN PAMRAYOGA

5.1. Dudutan
Sabubare nliti ngenani resepsi lan tanggapane mahasiswa basa Jawa marang
CBLMB, bisa didudut menawa wujud resepsi lan interpretasi sing diwenehna
marang CBLMB ora mung adhedhasar tingkat intelektual, nanging uga ana sing
menehi pambiji adhedhasar tingkat emosional. Kamangka reseptor sing dijupuk
saka golongan akademisi sing kudune bisa nampa lan menehi pambiji kanthi
dhasar kawruh ngenani sastra sing wis diolehi nalikane kuliyah.
Bab sing kaya mangkono iku bisa diarani menawa saka pambijine
mahasiswa basa Jawa marang CBLMB dumadi sawijining bab sing beda sing ora
kanyana bisa tumeka saka golongan akademisi kaya dene mahasiswa pendidikan
basa Jawa. Yaiku menehi pambiji marang karya sastra adhedhasar tingkat
emosionale. Kamangka, menawa dikaji saka kawruh ngeneni sastra sing tau
diolehi dening mahasiswa minangka reseptor nalikane kuliyah kaya-kaya pambiji
marang sawijining karya sastra adhedhasar emosional iku ora bakal ditemoni.
Amarga pancen wis samesthine mahasiswa iki mau menehi pambiji marang karya
sastra adhedhasar daya intelektuale yaiku ngenani teori lan kritik sastra.
Saka asil resepsine mahasiswa basa Jawa iku, bisa diarani menawa pambiji
sing diwenehake kalebu unik. Dene proses kena apa bisa dumadi bab sing kaya
mangkono yaiku merga isih akeh mahasiswa sing seneng maca cerkak lan karya
sastra liyane minangka sarana kanggo hiburan. Saengga ora nggumunake menawa
sajrone maca karya sastra iku mau, mahasiswa ora nggunakake kawruh ngenani

kritik sastra kanggo ngudal lan mbiji karya sing diwaca. Sanajan ana uga
mahasiswa sing kritis, peka lan tliti marang kahanan-kahanan sing dumadi ing
sawijining karya sastra, nanging cacahe ora akeh kaya dene sing mung ndhasarake
pambijine marang rasa pangrasane utawa swasana ati lan pikirane (emosional).

5.2. Pamrayoga
Isih akeh banget sastra utamane sastra Jawa sing prelu ditliti nganggo
ancangan resepsi, utamane kanggo sastra-sastra kuna. Panliten sing ditindakake
bisa kanthi ancangan sinkronis utawa diaronis. Mula disuwun kawigatene para
maos, utamane sutresna basa lan sastra Jawa supaya gelem nindakake panliten iki.
Saka asil panliten ngenani resepsi iki, kaajab bisaa paring sumbangan marang
lestari lan ngrembakane sastra Jawa.
Panliti rumangsa isih akeh banget kekurangan ing kana kene, mula disuwun
kanggo para maos supaya maklumi sakabehing kaluputane panulis.

KAPUSTAKAN

Adipitoyo, Sugeng. 2003. Kasus Lagu Genjer-Genjer di Jawa Timur pada


Masa Orde Lama, Orde Baru, dan Masa Reformasi dalam Prasasti: Jurnal
Ilmu Sastra dan Seni. Surabaya: Fakultas Bahasa dan Seni
Aminudin. 2005. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Cetakan Ketiga. Bandung:
CV. Sinar Baru
Arikunto, Suharsimi. 2006. Prosedur Penelitian: Suatu Pendekatan Praktik.
Jakarta: Rineka Cipta
Asihwardji, Danuyasa (Ed). 1996. Ensiklopedi Psikologi: Pembahasan dan
Evaluasi Lengkap Berbagai Topik, Teori, Riset, dan Penemuan Baru dalam
Ilmu Psikologi. Jakarta: Arcan
Azwar. 1998. Metode Penelitian. Yogyakarta. Pustaka Pelajar
Echols, John M. Dan Hassan Shadily. 2000. Kamus Inggris Indonesia. Jakarta:
Gramedia
Ellis, Henry C. 2004. Fundamental of Cognitive Psychology (seven edition). 2004
Endraswara, Suwardi. 2006. Metodologi Penelitian Sastra. Yogyakarta: Pustaka
Widyatama
Fokkema, D.W. 1998. Teori Sastra: Abad Kedua Puluh. Jakarta: Gramedia
http://www.SastraIndonesia.com/2009/05/teks-pembaca-interpretasi/
http://www.munarislampung.wordpress.com/2008/11/06
Jabrohim (Ed). 2003. Metodologi Penelitian Sastra. Yogyakarta: Hanindita Graha
Widya
Junus, Umar. 1985. Resepsi Sastra: Sebuah Pengantar. Jakarta: PT. Gramedia
Junus, Umar. Dari Kata Ke Ideologi. Sariyan, Awang (Penyunting). 1985. Dari
Kata Ke Ideologi: Persoalan Stilistik Melayu. Kuala Lumpur: Fajar Bakti
Sdn. Bhd
Kartono, Kartini (Ed). 2002. Kamus Lengkap Psikologi. Jakarta: PT. Raja
Grafindo Persada
Luxemburg, Jan van, dkk. 1989. Tentang Sastra. Jakarta: Intermasa
Luxemburg, Jan van, dkk. 1992. Pengantar Ilmu Sastra. Jakarta: Gramedia

Mbah Brintik. 2004. Bingkisan Lebaran Saka Pak Bupati, dalam Jaya Baya No.
33 Minggu III/April/2004: hlm. 34-36 dan 46
Moleong, Lexy J. 2006. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: Rosdakarya
Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada
University Press
Pei, Mario. 1971. The Lexicon Webster Dictionary. America: The EnglishLanguange Institute of America, Inc.
Pratodokusumo, Partini Sardjono. 2005. Pengkajian Sastra. Jakarta: Gramedia
Purwadarminta. 1976. Kamus Umum Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai Pustaka
Siswanto, Wahyudi. 2008. Pengantar Teori Sastra. Jakarta: PT. Gramedia
Stenberg, Robert J. 2008. Psikologi Kognitif (Edisi ke-4). Yogyakarta: Pustaka
Pelajar
Sugiono. 2007. Metode Penelitian Kualitatif dan R & D. Bandung: Alfabeta
Sumardjo, Jakob dan Saini. 1988. Apresiasi Kesusastraan. Jakarta: Gramedia
Surachmad. 1985. Pengantar Penelitian Ilmiah Dasar: Metode dan Teknik.
Bandung: Tarsito
Teeuw. A. 1984. Sastra dan Ilmu Sastra: Pengantar Teori Sastra. Jakarta:
Pustaka Jaya
Tim Penyusun. 2005. Buku Panduan Skripsi: Fakultas Bahasa dan Seni.
Surabaya: Departemen Pendidikan Nasional Unniversitas Negeri Surabaya,
Fakultas Bahasa dan Seni
Wallace, Patricia M.,Jeffrey H. Goldstein. 1997. An Introduction to Psychology
(Fourth Edition). Brown & Benchmark Publishers
Wulyo. 1990. Kamus Psikologi. Lamongan: Bintang Pelajar

Lampiran 1

PEDOMAN WAWACARA

1. Pitakonan-pitakonan katujokake kanggo

ngolehake dhata ngenani

panampane reseptor marang CBLMB.


2. Pitakonan-pitakonan katujokake kanggo
penangkepe reseptor marang CBLMB.

ngolehake dhata ngenani

Lampiran 2
FORMULIR EVALUASI
Pernahkah Anda baca cerpen ini sebelum ini? Tuliskan tanda X pada lingkaran
yang berkenan.
pernah
tidak

I.

Penilaian umum
Bubuhkan tanda X pada angka yang menurut Anda dapat diberikan kepada
cerpen ini.
1

sangat
buruk
II.

7
sangat
bagus

Penilaian Berdasarkan Beberapa Kriteria


Anda diminta menyatakan penilaian Anda tentang cerpen ini berdasarkan
dua belas kriteria yang diberikan di bawah. Anda baca dengan cepat dan
kemudian bubuhkan tanda X pada lingkaran yang Anda rasa patut.
Biarkan urutan tak benar sama sekali dan benar sekali saling bertukar
tempat.
1. Penokohan/perwatakan
Cerpen ini memberikan sketsa tentang watak manusia yang dapat
dikenal.

tak benar
sama sekali

tak benar

benar

benar sekali

2. Penggunaan bahasa
Dalam cerpen ini terdapat penggunaan bahasa yang sempurna
dengan cara yang persis dan jelas.

benar sekali

benar

tak benar

tak benar
sama sekali

3. Minat
Cerpen ini menaik sekali hingga saya berpikir lebih lanjut, dan/atau
saya ingin menganalisisnya.
tak benar
sama sekali

tak benar

benar

benar sekali

4. Struktur
Unsur-unsur dalam cerpen ini padat dan dapat diintregasikan
dengan unsur-unsur lain di dalamnya untuk membentuk suatu yang
koheren.
benar sekali

benar

tak benar

tak benar
sama sekali

benar

benar sekali

5. Ketegangan
Saya bersimpulan cerpen ini tegang.
tak benar
sama sekali

tak benar

6. Tarikan
Saya rasa secara pribadi saya tertarik kepada tokoh-tokoh dalam
cerpen ini atau/dan cara penyelesaian didalamnya.
benar sekali

benar

tak benar

tak benar
sama sekali

benar

benar sekali

7. Emosi
Cerpen ini merangsang emosi saya.
tak benar
sama sekali

tak benar

8. Tempo
Cerpen ini berjalan dengan tempo yang sangat cepat.
benar sekali

benar

tak benar

tak benar
sama sekali

9. Orisinalitas
Cerpen ini menghedaki saya menggunakan perspektif baru atau
perspektif yang berbeda.
tak benar
sama sekali

tak benar

benar

benar sekali

10. Tema
Cerpen ini memperlihatkan satu tema atau pemikiran yang dengan
jelas dikembangkan dalam perkembangan ceritanya.
benar sekali

benar

tak benar

tak benar
sama sekali

11. Plot
Cerpen ini mempersembakan suatu perkembangan penyelesaian
yang jelas.
tak benar
sama sekali

tak benar

benar

benar sekali

12. Dapat dipercaya (tentang adanya)


Peristiwa dalam cerpen ini menurut saya dapat dipercaya.

tak benar
sama sekali

tak benar

benar

benar sekali

Lampiran 3
DATA RESEPTOR
1. Nama
: Dwi Siswanto
Umur
: 20 tahun
Jenis Kelamin : Laki-laki
Angkatan
: 2007 A
Asal
: Madiun
2. Nama
: Ginanjar W.L.
Umur
: 21 tahun
Jenis Kelamin : Laki-laki
Angkatan
: 2007 B
Asal
: Madiun
3. Nama
: Bambang Santuku
Umur
: 22 tahun
Jenis Kelamin : Laki-laki
Angkatan
: 2007 B
Asal
: Tulungagung
4. Nama
: Puguh Tiranggono
Umur
: 22 tahun
Jenis Kelamin : Laki-laki
Angkatan
: 2006 A
Asal
: Tulungagung
5. Nama
: Taufan Setyawan
Umur
: 24 tahun
Jenis Kelamin : Laki-laki
Angkatan
: 2005 A
Asal
: Trenggalek
6. Nama
: Sumiatin
Umur
: 22 tahun
Jenis Kelamin : Perempuan
Angkatan
: 2005 A
Asal
: Madiun
7. Nama
: Latif Nur Hasan
Umur
: 21 tahun
Jenis Kelamin : Laki-laki
Angkatan
: 2006
Asal
: Madiun

8. Nama
: Nadhif Dwi Saputra
Umur
: 23 tahun
Jenis Kelamin : Laki-laki
Angkatan
: 2006
Asal
: Ponorogo
9. Nama
: Andini Lestari
Umur
: 18 tahun
Jenis Kelamin : Perempuan
Angkatan
: 2008 A
Asal
: Gresik
10. Nama
: Putri Duma
Umur
: 20 tahun
Jenis Kelamin : Perempuan
Angkatan
: 2008 A
Asal
: Jombang

11. Nama
: Elfira Septiana L.
Umur
: 19 tahun
Jenis Kelamin : Perempuan
Angkatan
: 2008 A
Asal
: Lamongan
12. Nama
: Hendrik Wahyu Ditya
Umur
: 22 tahun
Jenis Kelamin : Laki-laki
Angkatan
: 2005
Asal
: Pare

Lampiran 4
RINGKESAN ASIL WAWANCARA
Reseptor I (Wawan07A)
Kawitan aku maca cerkak kuwi, aku ngira yen cerkak iki bakal mbahas
ngenani bingkisan, nanging durung ngerti menawa bakal ana konflik sing kaya
apa, malah bisa diarani aku bingung merga durung ngerti maksud saka judhul iku.
Nalikane maca, aku isa ngguyu dhewe merga ya rada nggumun kok ya ana
kedadeyan sing kaya ngono iku. Dak kira crita ing cerkak iki ora kaya cerkakcerkak sing biyasane dak waca. Yen panganggone basa ing cerkak iki ana sing
lucu, apa maneh sing nepaki caturan antarane pak Lurah karo sing wedok.
Pancen, sadurunge maca cerkak iki mau, perasaanku rilek. Nanging
sabanjure aku malah rumangsa nggumun. Aku ora tau mikir lan mbayangna
sadurunge yen bakale ing critan iki ana konflik sing kaya mangkono. Saka cerkak
iki aku oleh inspirasi menawa sadurunge mutusake samubarang perlu anane
pamikiran sing mateng. Saliyane iku menawa dadi pemimpin iku kudu ngerti
marang karepe wong ngisor (RT/RW/Wargane).
Yen miturut pamawasku, cerkak iki nyritakake ngenani urip padinan. Basa
sing nggunakake kanggo crita kok dak kira akeh banget basa sing durung tak
ngerteni, utamane ngenani basa-basa rinengga. Dalane crita raket banget, tegese
saka wiwitan crita yaiku nalikane pak Lurah diprotes nganti tumekane pemecahan
masalah iku runtut banget. Sing rada nyolok iku ya tetembungan sing gawe. Ing
kana kene diselipi tembung sing dak kira rada asing sing bisa marakake lucu dene
ukarane katon baku merga tinata apik.
Crita iki miturutku narik kawigaten, mergane unik. Saliyane iku uga
swasana sing dicritakake serius nanging ana lucune. Ing tengah-tengahe konflik
ana pembuktian-pembuktian sing nguwatake alasane pak Lurah. Lan sing luwih
penting, aku bisa ngerti akeh saka kahanan lan konflik-konflik sing ana ing critane.
Menawa cerkak iki didadekake minangka karya pinilih dak kira kok ya
pantes. Merga ngandhut pelajaran-pelajaran penting sing bisa didadekake tuladha
kanggo urip ing tembe mburi. Saliyane iku critane asik merga saka judhule sing
sederhana yaiku bingkisan ee... lha kok pranyata penjabarane amba banget.

Reseptor II (Ginanjar07B)
Pertama aku maca judhule, bingkisan saka pak Bupati dak kira ya
bingkisan saka atasan kanggo bawahane. Nalikane maca cerkak iki atiku
rumangsa seneng merga pancen critane apik, sesuai karo keadaan sehari-hari.
Perkara penggunaan basane, ana sebagian sing durung tak ngerteni utamane sing
parikan lan sapanunggalane iku lho... nanging, senajan mangkono dak kira kok ya
istimewa ta ya... panganggone basa-basa sing mangkono iku mau nggarai aku
mikir merga pengin ngerti maksude lan basa-basa rinengga liyane sing luwih
akeh.
Sadurunge maca cerkak iki mau perasaanku biyasa wae, nanging sabubare
aku rumangsa terhibur. Sanajan aku seneng marang dalane crita nanging aku blas
ora terinspirasi.
Yen miturutku, crita iki mau kok kurang sambung antarane awal, tengah
lan endinge. Dene temane ya nyritakake ngenani kehidupan sehari-hari. Alure
runtut lan pilihan tembunge akeh sing durung tak ngerteni.
Crita iki narik kawigaten kanggoku. Segi kemenarikane iku saka pilihan
tembunge sing akeh nganggo basa rinengga lan saka endinge sing nggantung, tak
terduga.
Menawa cerkak iki didadekake karya pinilih, aku setuju mergane apik
(ending terbuka).
Reseptor III (Bambang07B)
Aku ngira nalika maca judhule crita iki bakal nyritakake ngenani hadiah
sing diwenehna Bupati. Nalika maca, kesan sing dak rasakake seneng merga
caturan antarane pak Lurah karo bu Lurah lan nalikane pak Lurah sambat lucu
saengga aku isa ngguyu. Nanging aku ya nggumun merga rumangsa bangga
saupamane isih ana Lurah sing tanggung jawab kaya sing ana ing cerkak iki.
Basa sing digunakake ing cerkak iki informatif, cetha lan gampang
dingerteni. Saliyane iku uga apik merga ana parikane. Efek saka panganggone
basa iku isa gawe guyu lan isa nambahi kosakata anyar tumrap sing maca.
Sadurunge maca crita iki mau perasaanku biyasa wae. Bedane sawise aku
maca aku malih ngerti lan bisa melu ngrasakake apa sing dirasakake dening

paraga ana ing crita iki. Ora mung iku, aku uga ngrasa terhibur sabubare maca
crita iki mau.
Kanggoku crita iki bisa menehi inspirasi marang aku kanggo nggawe crita
sing luwih apik maneh. Isi sing dikandhut ing crita iki uga bisa didadekake
tuladha kanggo para pemimpin ing negara Indonesia.
Miturut pamawasku crita iki mau alure jelas (cetha), temane ya ngenani
sosial (urip padinan). Saka judhule ya apik, paraga sing ana uga bisa didadekake
tuladha.
Crita iki narik kawigatenku merga ngandhut nilai-nilai, kayata ing
babagan pendidikan yaiku kita bisa blajar saka sipate pak Lurah (tanggung
jawab), sosial yaiku pak Lurah sing ngerti marang wargane.
Menawa dipilih dadi karya pinilih aku setuju merga endinge lucu, critane
sejatine sederhana nanging disampaikan kanthi cara menarik, basa sing digawe
apik kayata basa rinengga.
Reseptor IV (Puguh06A)
Pisanan sing dak pikir nalika maca judhule yaiku ngenani hadiah utawa
penghargaan. Kesan sing tak rasakake mulek, marakake aku bingung merga ing
awal ujug-ujug pak RT protes. Nalikane maca crita iki aku ora piye-piye (biasa)
wae merga kata-katane mulek lan akeh nggunakake kata-kata campuran. Efek
panganggone kata-kata sing kaya iku malah marakake bingung. Endinge tak kira
kok ya ngambang banget.
Sadurunge maca cerkak iki mau aku ngantuk, samarine maca perasaanku
biyasa wae merga tak kira cerkak iki ora menarik. Cerkak iki uga ora menehi
inspirasi blas kanggo aku.
Saka sekabehane crita iki aku nyimpulake menawa tema sing diangkat
yaiku ngenani kejujuran, alure runtut, basa sing digunakake ana dialek-dialek
saka salah sawijining dhaerah tapi gak ngerti dhaerah ngendi. Tokoh-tokohe
nggambarake sawenehe wong sing ana ing kasuyatan. Kayata: P. Lurah:
menanamkan nilai-kejujuran, nduweni jiwa ngayomi; B. Lurah: wong wadon sing
apik, senajan ngadhepi masalah sing ora entheng nanging tetep semangat
ngadhepi urip; pak Kabul: menginginkan sesuatu sing dudu hake, ngandhalake

kelemahane kanggo nggayuh kekarepane; P. Somad: nduweni solidaritas sing


dhuwur, nanging negatife seneng memaksakan kehendak; P. Usreg: kurang bisa
nriman, kaya unen-unene wong biyen diwenehi ati ngrogoh rempela.
Aku ora tertarik blas marang crita iki merga critane biyasa wae saengga
ora nuwuhake kesan piye-piye. Nanging sing positif ing cerkak iki ngandhut
pelajaran-pelajaran.
Aku setuju menawa cerkak iki dadi karya pinilih merga minangka karya
sastra, cerkak iki cukup menghibur kanggo pamacane.
Reseptor V (Topan05)
Nalikane maca judhule, kawitan sing tak pikirake ngenani wulan pasa.
Kesanku marang cerkak iki mengharukan merga aku rumangsa mesakake marang
lurahe. Basa sing dianggo ing cerkak iki penuh paribasan, parikan, blakasuta,
gampang dingerteni, lan seneng nyebut merk tuladhane merk obat-obatan. Saka
panganggone basa iku mau ndadekake crita iki apik. Ora mung iku, merga
tetembungan sing ana ing cerkak iku bisa menehi pengetahuan, nuwuhake kesan
humor, lan kesan (swasana) ndesane bisa katon.
Sadurunge maca crita iki mau rasane atiku wis seneng merga arep ketemu
karo kanca-kancaku, nanging samarine maca cerkak iki aku kok malah prihatin
marang nasibe pak Lurah. Aku uga malih tambah ngerti kepriye nasibe lurah sing
lurus, pikirane lurah sing bener, lan resikone nalikane nglakoni apik. Yen
miturutku meskipun kita berbuat baik, namun pasti ada saja orang yang menilai
jelek.
Senajan aku seneng marang crita iki nanging aku ora terinspirasi. Yen
ditakoni apa sebabe, aku seneng marang sastra nanging dudu sing wujud critacrita ngene utawa sing luwih jelas aku seneng marang musik.
Crita iki miturutku nyritakna ngenani urip padinan, dene tema sing
diangkat yaku tema sosial, alure nggunakake alur maju. Yen ditilik saka judhule
karo isine ya wis cocog. Paragane digambarake kathi cara sing apik, lengkap
merga kepriye gambarane manungsa ing kasunyatan digambarake ana ing cerkak
iki. Basa sing digunakake uga gampang dingerteni.

Crita iki narik banget tumrapku, merga aku isa kerut ana ing critane. Aku
rumangsa kuwatir marang nasibe pak Lurah piye sabanjure.
Yen dinobatake minangka karya pinilih, aku setuju banget merga critane
pancen apik banget.

Reseptor VI (Sumiatin05)
Pertama sing tak pikir nalikane maca judhule yaiku parcel. Kanggoku
crita iki narik kawigatenku, merga ana gegayutane karo solah bawane masyarakat,
nggunakake basa-basa kiasan, saliyane iku uga nggunakake paribasan. Ora cukup
mung semono wae, crita iki uga unik dibandhingake cerkak liyane. Kesanku
nalikane maca cerkak iki aku malih pengin ngerti piye sateruse critane, intine aku
rumangsa penasaran lan ngarep-arep bakale pak Lurah bisa ngatasi masalahe.
Sayange cuthele kok ngambang.
Panganggone basa ing cerkak iki apik, basane gampang dipahami lan bisa
nambahi pengetahuan ngenani basa rinengga. Dene pilihan tembunge apik, ana
sanepa, bebasan, lan kerata basane. Efek saka panganggonae basa iku mau bisa
menehi gambaran kanggo mangerteni jinis apa tembung iku mau lan pengin ajar
luwih maneh ngenani basa rinengga. Merga basa sing digawe iku uga, aku enjoy
lan nikmati tembung-tembung iku mau.
Sadurunge maca cerkak iki mau aku ndredeg merga bubar playon utawa
bisa diarani menawa rasane atiku gelisah lan kesel. Nanging sabubare maca
cerkak iki mau rasane atiku malih luwih tenang, aku lali marang kedadeyan sing
mentas wae marakake ndredeg. Aku uga malih nduweni kepenginan kanggo
ngerteni karyane Mbah Brintik sing liyane. Dene inspirasiku kok malah aku
pengin nambah kosakata ngenani basa rinengga lan basa-basa liyane saka cerkakcerkak
Kira-kira karyane Mabh Brintik ana telu sing wis tau tak waca. Miturutku
sing nuduhake ciri khase Mbah Brintik yaiku humoris, kadhang kala rada porno
lan nduweni keunikan dibandhingna cerkak liyane. Carane crita lan basa sing
digunakake bisa nyebabake sing maca berimajinasi.
Saka crita iku mau aku bisa nyimpulake menawa minangka pemimpin, wis
samesthine bisa ndeleng ngisorane (andhahane). Paribasan mung wong cilik

saengga ora nuwuhake kecemburuan antarane wong sing siji karo liyane. Ana
kalane tanggungjawabe pemimpin marang ngisorane luwih gedhe. Ana kalane
uga pemimpin kudu lila ngorbanake apa sing diduweni kanggo kepentingane
wong akeh supaya hubungan antarane pemimpin lan sing dipimpin bisa harmonis.
Menawa cerkak iki dipilih dadi karya pinilih aku ya setuju, nanging aku
nduwe saran. Kayane crita iki bakal luwih apik menawa digawe crita sambung
saengga endinge ora ngambang.

Reseptor VII (Latif06)


Kesan sepisan nalikane aku lagi maca cerkak iki, tak kira crita sing bakal
dicritakake ngenani crita sing nyenengake tibane lha kok beda. Dene nalikane
maca cerkake, sing dak rasakake wiwit awal kebak kelawan konflik. Wiwit saka
konflik cilik hingga dadi konflik gedhe. Lha konflik gedhe iku mau mujudake
gabungan saka konflik cilik-cilik sing ana ing wiwitane crita saengga konflike bisa
kompleks.
Miturut panemuku, basa sing digunakake ing sajrone iki aku akeh sing
durung tak ngerteni tegese amarga basa sing digunakake dudu basa Jawa baku
utawa bisa diarani basa nggon-nggonan, tuladhane tembung srool. Ora mung
iku wae pranyata ing sajone crita iki uga nggunakake wangsalan. Sing dadi angenangen saka basa sing digunakake ana bebasan sing unine emban cinde emban
ciladan nanging ing crita iki kok malih dadi emban cinde emban oyot jan-jane
sing bener iku sing endi? Sing rada wigati maneh yaiku ngenani basa tulise,
tuladhane wae nalikane

Pak Lurah ngresula, kok ya ditulis apa anane kaya

nalikane diujarake. Saka basa sing digunakake iku mau, dak kira ora patia ana
pengaruhe kanggoku. Ning iku yen dideleng saka segi konteks. Menawa saka
tetembungan sing dak kira rada seje bisa marakake aku kepengin mangerteni
tegese tembung iku.
Rasa pangrasaku sadurunge maca cerkak iki mau nglokro merga pancene
aku ora patia seneng maca. Dene nalikane maca aku malah kudu ngguyu merga
rumangsaku critane lucu. Lucune ki mergane kisahe meh padha kaya kahanan
kluwargaku. Lan maneh, pranyata maca cerkak iki bisa ngowahi kahananku sing

sakawit nglokro malih dadi semangat merga pancene cerkake iki apik. Saka
cerkak iki uga aku malih kepengin maca cerkak liyane.
Inspirasi sing dak olehake saka cerkak iki, pranyata ora bisa nganggep bab
siji sepele. Merga bab sepele iku bisa uga ndadekake prekara sing gedhe.
Ngenani pangriptane, aku wis sering krungu jeneng Mbah Brintik. Aku
uga wis nate maca cerkake saliyane cerkak iki mau. Saka pamawasku, Mbah
Brintik ing saben-saben cerkake asring njupuk bab-bab cilik sing arang ketengen
dening pawongan akeh supaya oleh kawigaten sing luwih. Saliyane iku uga
nonjolake aspek sosial.
Cerkak Bingkisan Lebaran Saka Pak Bupati iki ngangkat tema sosial
sing ana ing pamrentahan Indonesia khususe Jawa. Dene isine ngenani masalahmasalah sing diadhepi dening Pak Lurah (minangka pimpinan) neng sajrone
masyarakat lan menawa dideleng dening wong liya (anggauta masyarakat). Alure
runtut dene basa sing digunakake kaya sing wis tak andharake ana ing ngarep
mau.
Aku sarujuk menawa cerkak iki didadekake karya pinilih, sebab
miturutku pancene cerkak iki luwih. Kaluwihane iku ana ing masalah sing
didadekake crita, yaiku ngenani masalah sing lumrah nanging diolah kanthi cara
sing beda saengga nalikane wis dadi cerkak bisa dadi cerkak sing narik kawigaten.
Reseptor VIII (Nadhif06)
Cerkak kanthi irah-irahan Bingkisan Lebaran Saka Pak Bupati iki dak
kira menawa cerkake ana gegayutane karo politik. Nalikane maca cerkake, aku
nduweni pambiji menawa cerkak iki kalebu cerkak sing rada abot, mergane
konflik-konflik ringan sing ana ing sajrone masyarakat dikemas dadi masalah sing
rumit dening pangripta. Saliyane iku, crita sing dicritakake ing cerkak iki kayakaya nyata utawa pancene ana ing kanyatan.
Saka segi basa, aku ngarani basa sing digunakake apik merga ana bebasan
tuladhane sadawa-dawane lurung isih dawa gurung, wangsalan tuladhane
...ngembang duren, ndlongop... lan tetembungan sing nuduhake dialeke penulis.
Saka panganggone basa sing kaya mau iku rumangsaku malah rada angel

dipahami amerga kudu mbolan-mbaleni maca supaya ngerti apa sing dikarepake
saka ukara lan tembung sing kawetu saka paraga ing cerkak iki.
Sadurunge aku maca cerkak iki mau pikiranku biasa wae (normal) lan ora
nduweni pikiran apa-apa. Dene sabubare maca, aku rumangsa pikiranku terbuka.
Nanging miturutku crita sing kaya ing crita iki lumrah. Iki crita ngenani pola
pikire wong ndesa yaiku seneng iren-irenan.
Sanajan ta aku seneng marang critane nanging blas aku ora oleh inspirasi
saka cerkak iki mergane ya kaya sing lagi wae tak andharake menawa critane
lumrah nanging pengarange jeli nangkep prekara sing sepele iku mau.
Ngenani pengarange, aku ngerti lan wis tau maca karyane sing liyane.
Nanging sangertiku, asil karya saka pengarang iki akehe kapacak ana ing Panjebar
Semangat. Sing katon saka pengarang iki yaiku nuduhake urip lan penguripane
wong Jawa. Crita iki satemene biasa wae nanging diungkapake kanthi cara sing
narik kawigaten saengga bisa nuwuhake kritikan saka pamacane.
Tema cerkak iki yaiku ngenani kritikan marang penguwasa ing jaman
saiki sing akeh banget ngarep-arep gratisan. Paraga Lurah ing cerkak iki wis
nuduhake cara ngatasi masalah sing jarang banget dilakoni dening pimpinan ing
jaman saiki. Crita iki nggunakake alur maju. Saka basa sing digunakake wis
kaandharake ana ing ngarep mau.
Menawane cerkak iki kapilih minangka karya pinilih, aku ya sarujuk
sebab pengarang ing cerkak iki bisa ngemas masalah cilik (biasa) dadi masalah
sing melok-melok lan kudu digatekake aneng masyarakat.
Reseptor IX (Dini08A)
Pisanan sing dak pikirake nalikane maca judhule yaiku sebuah bingkisan
sing diwenehake dening Bupati marang wargane. Aku heran marang wong-wong
ing crita iki. Mosok mung merga sebuah bingkisan njaluk diberhentikan saka
jabatan minangka ketua RT/RW.
Basa sing digunakake ing cerkak iki gampang dicerna, apik lan nyambung
antarane tembung siji lan sijine. Nanging ana uga tembung sing marakake aku
rada bingung, yaiku tembung mbombong. Saka basa lan tembung sing
digunakake iku nuwahake efek lucu marang cerkak iki. Tuladhane yaiku dialog

antarane pak Lurah lan bu Lurah. Aku nganggep menawa iku lucu, nanging jorok.
Efek panganggone basa sing rada asing nyurung aku kanggo mikir.
Sadurunge maca cerkak iki kahananku stabil, nanging nalikane maca aku
malih heran campur mangkel merga mung merga bab cilik langsung nganggep
menawa lurah kurang apik. Aku uga terkesan marang paraga lurah sing rela
berkorban kanggo wargane.
Sawise maca crita iki mau aku kepengin dadi kaya lurah ana ing crita iki
sing rela berkorban lan bijaksana.
Saka cerkak iki, aku ngira menawa sing paling onja saka cerkak iki saka
segi tema yaiku ana gegayutane karo politik.
Cerkak iki mau intine crita ngenani bingkisan lebaran, alure maju,
paragane awit saka lurah sing bijaksana, sabar lan lucu. Semono uga bu Lurah
sing uga sabar lan lucu, dene pak Usreg, gak sopan lan pak Somad sing egois.
Basa ing cerkak iki gampang dipahami.
Saka segi ketertarikan, aku gak sepiraa tertarik merga critane wis ora
asing maneh ana ing masyarakat.
Aku setuju yen cerkak iki dadi kaya pinilih merga critane pancen apik,
yaiku ngenani protese rakyat marang pimpinane.

Reseptor X (Duma08A)
Sing ana ing pikiranku nalikane maca judhule ya entuk bingkisan.
Nalikane maca aku terkesan marang pak Lurah sing kepengin melakukan
perbuatan yang seadil mungkin. Masia wis usaha nanging tetep wae isih cacat
miturut wargane. Aku rumangsa mesakake marang lurahe merga mumet mikir
wargane nganti dibelani tuku bingkisan kanggo wargane.
Basa sing digunakake basa Jawa biasa sing gampang dingerteni lan
rumangsaku biasa wae kaya sing digunakake ana ing masyarakat. Ana uga
guyonan-guyonan sing dak kira ya ajar-wajar ae. Sing rada beda ya ing wangsalan
lan basa rinengga liyane, nanging uga wis diwenehi teges langsung dening
pangriptane.

Efek panganggone basa marang aku, bisa nggawa aku rumangsa dadi
bagian saka crita iki mau. Dene guyonane bisa marakake ngguyu merga pancene
ya lucu.
Aku gak nduweni pikiran sing piye-piye sadurunge maca cerkak iki mau
nanging sawise maca utegku kaya-kaya refresh.
Inspirasi sing dak olehake saka cerkak iki yaiku apabila menjadi seroang
pemimpin, kita harus adil meski dicacat harus tetap adil meski mengorbankan
kepentingan pribadi di atas kepentingan orang banyak.
Sadurunge aku wis tau maca karya-karyane Mbah Brintik. Sing nuduhake
ciri khas saka cerkak-cerkake yaiku sepisan saka alur, maksude alure digawe
supaya wong tertarik kanggo maca sing luwih akeh maneh (nganti pungkasane
crita). Saliyane iku, tembung-tembung guyon sing jarang ditemokake ing karyakarya saka pengarang liyane.
Cerkak iki temane ngenani kehidupan sosial, alure maju. Saka paragane
sing dadi sorotanku mung pak Lurah minangka pimpinan sing adil, luwih
mentingake kepentingane wong akeh nanging gengsian. Semono uga bu Lurah,
saliyane gengsian uga durung tatag, merga uga dadi pimpinan kadhang kala isih
mumet menawa ana masalah.
Aku tertarik marang cerkak iki merga ngandhut pesen kanggo para
pimpinan supaya ora seneng mentingake awake dhewe wae nanging uga kudu
mikirake liyan (wargane). Basa sing digunakake uga gampang dingerteni mergane
pancen ya umum nanging diselingi karo guyonan.
Crita iki narik kawigaten lan ngandhut pesen lan ora adoh saka urip
padinan. Mula aku sarujuk menawa cerkak iki kapilih minangka karya pinilih.

Reseptor XI (Elfira08A)
Bingkisan Lebaran Saka Pak Bupati, sing ana ing angen-angenku ing
crita iki mesti ana unsur politike. Pranyata cerkak iki nggambarake kauripan
masyarakat, saliyane iku uga nggambarake kahanan politik ing negara Indonesia.
Saka pamawasku, cerkak iki ora patia monoton utawa kaku merga critane pancen
umum lan asring dumadi ing masyarakat. Nalikane maca aku biasa wae, mung
bisa didadekake minagka info yen ing sawijining masyarakat tartamu pranyata

kahanan politike kaya ngono. Aku uga prihatin menawa kahanan masyarakat kaya
ngono iki.
Minangka wong sing awam, aku nganggep menawa basa sing digunakake
ing cerkak iki gampang dingerteni. Senajan ana tetembungan sing durung tak
ngerteni tegese, nanging menawa wis disusun dadi ukara aku bisa nangkep karep
saka tembung iku mau. Tembung-tembunge akeh sing umum nanging ana uga
sebagian sing rada beda kayata kerata basa, wangsalan lan paribasan sing ana ing
cerkak iki. Saka panganggone basa sing kaya ngono iku mau aku rumangsa
nyaman merga daya tangkap bisa digampangake kanthi reroncean tetembungan
sing nyengkuyung. Dene ngenani tembung-tembung liyane malah bisa nuwuhake
efek lucu. Tembung sing lucu iki bisa ndadekake pikiranku malih fresh.
Kahanan awakku nalikane arep maca cerkak iki mau isih durung stabil.
Nanging merga tetembungan lan basa sing digunakake gampang dingerteni, aku
bisa langsung fokus marang critane. Sabubare maca cerkak aku ora ngrasakake
owah-owahan sing signifikant. Nanging merga ana sing lucu, aku rumangsa
seneng lan bisa rada nglegakake pikiranku.
Saka cerkak iki, aku oleh inspirasi kepengin nggawe cerkak sing intine
ngacu marang para pimpinan kanggo luwih tanggung jawab marang jabatan lan
masyarakate. Ora winates iku wae, merga critane ngandhut unsur sing lucu lan
kesan mbocahi marakake aku kepengin bisa ana ing antarane paragane.
Cerkak iki pancen rada beda saka cerkak-cerkak liyane. Ana ing cerkak
liya, ora ana guyonan, paribasan, wangsalan lan basa rinengga liyane. Tuladhane
tembung mblakrak. Tembung iki wis umum banget ana ing sajrone masyarakat,
uga ana singkatan sing ngacu marang tembung lurah, saka tembung iku mau
tuwuh kosakata anyar.
Cerkak iki ngangkat tema politik, basa sing digunakake uga gampang
dingerteni, alure maju, setting sing digunakake ana ing pirang-pirang panggonan
saengga ora mboseni. Saliyane iku cerkak iki uga ngandhut nilai-nilai kayata nilai
moral yaiku: 1) menawa dadi pimpinan kita kudu bisa dadi pimpinan sing apik, 2)
minangka anggauta masyarakat kita kudu ngregani wong liya lan aja nganti
mangan barang sing dudu hake.

Cerkak iki narik kawigatenku mergane critane gampang lumebu ing uteg,
disisipi ukara-ukara sing ngguyokake, dialog antarane pak Lurah karo bu Lurah
katone kaya alami kaya-kaya ora digawe-gawe.
Cerkak iki pancen pantes dadi karya pinilih mergane tema sing diangkat
ngenani politik nanging luwih ngacu marang guyonan politik (ora murni politik).

Reseptor XII (Hendrik05)


Hadhiah saka bupati, sing dak pikirake bingkisan yaiku amplop utawa
salam tempel, dadi miturutku pisanan wayah maca judhule, crita iki bakal
nyritakake ngenani suap saka Bupati. Dene nalikane maca, aku ngrasa menawa
cerkak iki kalebu crita sing serius merga ana kesan sing mbingungake.
Panganggone basa ing cerkak iki apik, lugu, lan ana kerata basane lan
lumrah kaya sing digawe pawongan ing sajrone masyarakat. Efek panganggone
basa iki mau marang aku yaiku aku malih bisa ngerti ngenani urip dadi lurah,
kesan pisanan pancene rada mangkel karo paraga lurah nanging barang ngerti
asline, pranyata paraga lurah iki malah bisa menehi inspirasi marang aku.
Sadurunge maca cerkak iki pancene kahanan atiku rada sumpeg merga
akeh pikiran. Sabubare maca, wis rada mendhingan lan bisa kanggo refreshing.
Saka iki owah-owahan sing dak rasakake malih rada kreatif. Pikiranku uga fresh
lan kahanan atiku uga malih ayem.
Aku wis tau maca cerkak liya saka pengarang iki. Rumangsaku ciri khase
cerkak anggitane Mbah Brintik yaiku luwih nengenake marang paraga lan
karaktere. Critane natural lan apa anane.
Nalikane pak Kabul mertamu ing omahe pak Lurah, pak Kabul katon
mbesengut abang kupinge amarga ora diwenehi bingkisan saka pak Bupati dening
pak Lurah. Kamangka ketua RT lan RW liyane diwenehi kabeh. Nanging pak
Lurah kok mung mangsuli entheng wae.
Rumangsa dadi pimpinane rakyat, pak Lurah nduweni alternatif kanggo
mbungkusake wong-wong sing durung oleh bingkisan, nanging niyat apike pak
lurah diwales karo suudzon saka wong-wong sing diwenehi mau.
Cerkak iki narik kawigaten merga isine lumrah kaya sing ana ing
masyarakat padesan.

Rumangsaku pancen cerkak iki pantes didadekake karya pinilih merga


cerkak iki mau cocog yen dipacak lan nduweni ciri khas sing manjila.

Anda mungkin juga menyukai