Anda di halaman 1dari 2

Dumateng Bp uztad faudzan ingkang kawula hormati

Dumateng Bp. Harjono selaku ketua RT 26 ingkang kawula hormati


Dumateng sesepuh pinisepuh ajisepuh, para bapak tamu undangan
warga rt 26 saha rencang-rencang guru prosus inten ingkang kawulo
hormati
Monggo kita tansah panjataken raos puji syukur dumateng Allah SWT
ingkang sampun maringi pinten-pinten rahmat, taufiq hidayah inayah
saha kanikmatan rejeki dalah kesehatan kesempatan sehingga ndalu
menika kita saget makempal wonten griyo mriki kinanti wilujeng sehat
wal afiat mboten wonten alangan setunggal menapa menapa
Mugi-mugi kempal kita ndalu meniko mbeto manfaat saha pikantuk
pahala lan barokah saking Allah SWT amiin
Sholawat saha salam mugi tetep kunjuk dumateng junjungan kita nabi
mulia nabi agung Muhammad SAW ingkang kita antu-antu syafaatipun
wonten mbenjang ing yaumil qiyamah amiin
Bapak-bapak warga rt 26 ingkang minulyo, kawula ngwakili prosus
inten ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken matur suwun ingkang
kathah
rawuhipun panjenengan sedaya, mugi-mugi rawuh
panjenengan sedoyo dipun catet minangka amal kesalehan ingkang
mbeto manfaat lan maslahat kagen kehidupan kita awit ndunyo
ngantos akhirat mangke..amiin
Sak lajengipun kulo nyuwun pangapunten ingkang katah bilih prosus
inten mboten saged nyediaken palenggahan ingkang sekeco, utawi
kirang gupuh anggen nampi rawuh panjenengan lan mangke menawi
wonten pasegahan ingkang kirang nuju prana dateng penggaling
panjenengan sedaya, kuloa ngwakili rencang-rencang prosus inten
nyuwun agenging samudra pangarsami
Bapak-bapak warga rt 26 ingkang minulyo,
wonten mriki kawulo minegkani pranoto hadicoro pengajian tasyakuran
cabang prosus inten tamsis, badhe maosaken susunan acara wonten
ndalu meniko:
1. Pembukaan 2. Sambutan saking perwakilan prosus inten Ibu devi
3. Sambutan saking Bp harjono selaku ketua rt 26 4. Acara inti inggih
menika ceramah saking Uztad Fauzan 5.Doa ingkang dipimpin kalih
ketua takmir Masjid Baitun Naim 6.Penutup
Bapak-bapak ingkang kawulo hormati, acoro engkang sepindah inggeh
meniko pembukaan, monggo acara wonten ndalu meniko kita bikak
sesarengan kanthi maos ( ummul kitab)ngala hadiniyah
Kita lajengaken acara ingkang kaping kalih inggeh meniko
sambutan.dumateng
panjenenganipun
ibu
devi
kulo
sumanggaaken.maturnsuwun bu devi..meniko wau sambutan saking
prosus inten
Sak lajengipun ingkang kaping tiga sambutan saking . Dumateng
bapak harjano ingkang kawu;lo hormati kulo sumanggaaken
makaten wau sambutan saking bapak harjono selaku ketua rt 26.
Dilajengaken acoro ingkang kaping sekawan inggeh meniko acara inti
ceramah
pangaosan,
dumateng
bapak
uztad
fauzan
kulo
sumanggaaken.meniko wau ceramah saking bp uztad fauzan mugimugi saget nambah ilmu lan iman kita sedaya amiin

Para bapak ingkang minulyo..Acoro ingkang gangxal inggeh meniko


doa, dumatheng bapak ketua takmir Masjid Baitun Naim kulo
sumanggaaken..
Acara ingkang terakhir inggeh meniko penutup, monggo acara ing
ndalu meniko kita tutup kanthi waosan hamdalah.Para bapak
ingkang minulyo..
Acara ndalu meniko sampun paripurno Mbok bilih panjenengan sedaya
ngersake kundur, kulo naming saget dedongan mugi kundur
panjenengan dugi dalem piyambak-piyambak tansah dipun lindungi
Allah swt mboten wonten aral setunggal menopo menopo
Mekaten saking kulo menawi wonten klenta klentu atur kulo nyuwun
panganpunten sak ageng agengipun..Wassalamualaikumwrwb

Anda mungkin juga menyukai