Anda di halaman 1dari 7

RESPONDEN 1

Nama : Maslis
Umur : 56 tahun
Ket.

: Perangkat Desa

A : Interviewer
B : Responden

: Asmanipun sinten pak?

: Maslis.

: Sampun dangu dados perangkat desa pak?

: 24 tahun, mulai tahun 1990 mas

: Berarti sampun ngertos seluk-beluk pertanian teng mriki nggih pak?

: lha yo apal mas

: lha kinten-kinten bentuk kerjasama anggene antar petani mriki garap sabinipun pripun
mawon pak?

: rata-rata paron, kadang yo siji loro nelon mas

: sistem parone niku pripun pak?

B
karo

: setelah panen dikurangi untuk pengairan 1/6 baru diparon Antara yang punya sawah
sing garap

: kalau nelon pripun pak?

: setelah panen, dikurangi untuk pengairan, dibagi tiga untuk penggarap, pemilik lahan,
sama yang modali (biaya tanam, tuku bibit, bajak, pupuk, pekerja dll)

: terus kalau paron, benih,pupuk, dll yang nanggung siapa pak?

: dari penggarap mas

: untuk aturan biaya pengairan/irigasi kok bias 1/6 itu aturan dari mana pak? Dari
pemerintah atau kesepakatan warga piyambak pak?

: Dari kesepakatan warga sendiri bersama perangkat desa, kalo dulu pro liman (1/5) baru

dua tahun ini 1/6, karena ada bantuan dari pemerintah untuk alur dan alat irigasinya
A

: menurut jenengan, dari para petani yang sering jadi penggarap itu ada kemajuan atau
mboten pak dari segi ekonomi/kesejahteraanipun?

: nggih enten kemajuane mas, tapi nggih disambi nge dos ( kerja panen padi ). Sama kerja
serabutan pas masa tunggu. Nek cuman paro tok yo ra nutut mas.

: selama niki nopo wonten laporan/keluhan saking warga masyarakat terkait sistem
kerjasama garap sabin baik dari segi aturan atau mungkin kesulitan/hambatan dalam
pelaksanaanya pak?

: mboten wonten mas, mboten pernah wonten masalah, podo nrimo kabeh

: lha kinten-kinten jenengan ngertos nopo mboten pak aturan/kaedah bentuk kerjasama
penggarapan lahan pertanian menurut Islam/ sing syarI niku pripun?

: yo neng kene iki rata-rata NU mas,sabagian sitik yo muhammadiyah

: mboten, maksudipun nek teng Islam kan wonten kaedah musyarakah, muzaraah, dll
ngoten pak

: lhah nek wong neng kene iki gawe coro sing wes umum mas, sing wes suwe dilakoni,
dadi pokok panen dikurangi gawe pengairan terus kari dibagi loro ngono mas

; lha kadang kan kebutuhan irigasinipun benten-benten pak Antara lahan sing setunggal
kaleh sanesipun, lha niku nopo nggih pancet sedoyo dikurangi 1/6 kagem irigasi nopo
pripun pak?

: nggih sami, kabeh dibagi 1/6 kagem biaya pengairan, kecuali dukuh Dono gawe irigasi
sumur mboten saking bengawan, dadi dibiayai karo sing garap gawe nyewa diesele.
Pembagian panene langsung diparo. Soale daerah kono iku areale luwih duwur mas,
banyu bengawan gak iso munggah rono mas.

: lha terus 1/6 niku mlebete teng sinten pak? Ke kas desa nopo pripun pak?

: masuk desa mas, tapi desa sebelah gedongarum, desa mriki naming bagean 12%, sisane
masuk kas desa mriko. Untuk pekerja, diesel/bensin, dll iku urusane kono mas.

Nama : mbah yai Suroso


Umur : 59 tahun
Ket.

: Tokoh agama setempat

A : Interviewer
B : responden

: Sugeng sonten pak, asmanipun sinten pak?

: Suroso mas

A
pak?

: Sepengetahuan jenengan warga mriki ingkang tani kathah ingkang dados penggarap

B
: sing gadah lahan luas rata-rata digarapne mas, nek naming sebahu rong bahu digarap
piyambak, rata-rata tiang mriki niku dados penggarap sedoyo mas, garap gadahane juraganjuragan ingkang sabene kathah ngoten
A
: Terus sistem penggarapane niku sepengetahuan jenengan sing dilampahi warga mriki
niku pripun pak?
B
: ketingale ngeten mas, begitu pantune niku panen mangke dikurangi 1/6 kagem irigasi
sisane niku nembe dibagi kaleh Antara sing gadah saben kaleh sing garap
A

: terus benih, pupuk, dll niku sing nanggung sinten pak?

B
: lha niku, teng mriki niki sing nanggung sing garap, mestine niku kan nek menurut
agami sing gadah saben to mas
A
: namung maro mawon, nopo wonten sanesipun pak sistem ingkang diagem warga mriki
dalam garap sabenipun?
B
: rata-rata maro mas, Cuma kondosi tertentu tok kadang wonten sing nelon, tapi nggih
jarang banget akhir-akhir niki
A
: lha teng mriki niki kan termasuk daerah rawan bencana banjir pak, sak umpami terjadi
banjir pas dereng wancinipun panen, lha niku kerugian ditanggung bersama pak?
B
: nggih mboten, sing nanggung nggih sing garap cuma nggih kadang-kadang wonten nek
sing gadah lahan niku lomo nggih pas garap lahan teng ngajenge niku sebagian tumut nanggung
kados ngewangi tumbas pupuke utawi sanesipun ngoten

A
: berarti nggih radi nyengsarakaken sing garap nggih nek kerugian sing nanggung sing
garap ngoten pak
B
: nggih mas, tapi pripun maleh mas, warga mriki niki wes diparingi garapan mawon wes
bungah
A

: berarti sakjane nggih mboten saling menguntungkan pak proses sistem garapipun?

B
: janjane nggih paling diuntungke nggih sing gadah lahan niku, nanging nggih tiang mriki
niku mpun diparingi gawean mawon mpun bungah, entrane yo untung-untungo sitik kenek gawe
maem kaleh sangu anak sekolah ngoten. Dadose margi saling membutuhkane dadose nggih
saling nrimone masio radi gunjing
A
: tap selama niki sampun wonten nopo dereng pak saking warga mriki ingkang damel
sitem maro,tapi biaya benih, pupuk, bajak, dll niku ditanggung sareng-sareng ngoten?
B
: mboten pernah mas, dereng wonten sepeningal kulo. Cuma kadang nek tesih
dulur/keluarga kadang tesih nyukani bantuan/tambahan kagem nanggung biaya benih,pupuk, dll
niku
A
: Teng agami kan mpun wonten kaedahipun pak kados musyarakah, muzaraah ngoten,
nek teng mriki mpun wonten ingkang nerapaken kaedah-kaedah agami niki pak?
B

: dereng wonten mas, wes kadung kuat teng pakulinan saking turun-temurun mas

A
: selama niki sampun wonten pengarahan saking tokoh agama menawi proses sistem
penggarapan lahan niku sing bener sing sesuai kaedah agami niku ngeteniki, ngeteniki, ngoten
pak?
B
: nggih sampun jane mas, tapi mboten tek direken, sampun kadung ngakar kebiasaan
turun-temurun niki mas. Nek sing garap malah setuju, tapi sing gadah lahan niku mboten setuju.
Nek sing garap nyuwun kados kaedah agami, sing gadah lahan mboten purun mangke malah
mboten disukani gawean sing garap niki mas
A

: bererti terhambat kaleh kebutuhane nggih pak

: lha nggih niku mas

A
: soale nggih kados tahun lalu kan kulo tumut riset tentang ekonomi keluarga masyarakat
petani di kabupaten bojonegoro niki nggih ngoten, sing dikatakan benar-benar petani niku sing
gadah lahan 1,5ha lebih dadose saged nabung. Sementara mayoritas masyarakat lahannya kurang
saking niku, dadose sulit untuk maju sak umpami mboten disambi kerjaan lain.
B
: teng mriki nggih ngoten mas rata-rata namung gadah sebahu, rong bahu, malah wonten
sing mboten mboten gadah saben blas
A
: sepngetahuan bapak, dengan sistem ingkang diterapkan warga sak niki, kinten-kinten
wonten dampak positif/kemajuan mboten khususipun dari segi ekonomi/kesejahteraan?

B
: wah mboten begitu ketingal mas nek mergi system niku, tapir adi ketingal wonten
kemajuaan niku setelah wonten ARIAL (irigasi) saking bengawan, dadose tanam saged ping telu
setahun dan niku pantun sedanten. Nek riyin niku sing sepindah mesti tembakau. Tapi tembakau
kaleh pantun niku luwih nguntungaken pantune mas
A
: mengenai sistem irigasi ingkang gadah aturan dipotong 1/6 tiap hasil panen untuk
semua lahan pertanian niku tanggepane jenengan pripun pak? Kan kadang kebutuhane lahan sing
setunggal kaleh sanesipun benten-benten pak.
B
: nggih mboten nopo-nopo niku mas, niku kan sampun dados kesepakatan akad bersama,
dadose nggih sah-sah mawon. Diitung piyambak-piyambak perlahan mangke malah ribet.
Selama seluruh warga sepakat nggih sah-sah mawon.

Nama : M. Ali
Umur : 53 tahun
Ket,

: Tokoh masyarakat

A : Interviewer
B : responden

: Asmanipun sinten pak?

: Ali, Muhammad Ali

A
: kinten-kinten jenengan semerap mboten pak seluk-belukipun pertanian teng desa Temu
mriki khususipun teng proses kerjasama penggarapan lahanipun?
B
: yo ngerti mas, wong aku dewe yo tani teng mriki niki, nek kerjasamane wong mriki niki
biasane maro mas
A

: kinten-kinten pripun pak sistem utawa cara kerjasamanipun maro niku pak?

B
: nek bar di dos ngono kae sak wise diporo 1/6 gawe pengairan hasile niku sing sing
dibagi antara sing garap kaleh sing duwe lahan mas

A
pak?

: lajeng biaya-biaya termasuk benih, pupuk, dll niku nggih sami dibagi kaleh nopo pripun

: nek kuwi yo dadi tanggungane sing garap mas, sing duwe sabin yo meruhi hasil tok mas

A
: sejak kapan warga mriki nglampahi sistem utawi cara kerjasama penggarapan lahan
pertanian puniko pak?
B
: yowes suwe mas, mulai jaman bapakku biyen yowes ngene, nanging nek aturan 1/6 iki
yo lagi wae mas, sak bare wonten irigasi saking bengawan kuwi mas, nek biyen yo mung
ngandalne udan tok mas
A

: lha teru s aturan 1/6 niku sing damel sinten pak? Saking pemerintah nopo pripun pak?

B
: nek niku saking musyawarah warga mas, soko warga kene kaleh warga gedongarum
asale mili banyune bengawan sing kanggo irigasi kuwi mas, diesel gone warga kono, mbiyen
niku 1/5 mas, soale diesel sing duwe pribadi, nek saiki oleh bantuan pemerintah dadi terus
musyawarah maleh 1/6 niku
A

: lha 1/6 niku mangke mlebet teng kas pemerintah nopo pripun pripun pak?

B
: mlebu neng kas deso mas, deso kene karo deso sebelah gedongarom kono, iku nek
pengairane melu ARIAL gadahane deso, nek pengairane melu pribadi yo mengko bayare teng
sing duwe diesel kuwi mas
A

; sing tumut teng pribadi niku nggih sami 1/6 nopo pripun pak?

: yo podo wae mas 1/6

A
: mbalik maleh teng pertanyaan lajenge wau pak bab kerjasama garap lahan. Menurut
BPBD bojonegoro daerah mriki niki kan rawan banjir pak, sak umpami dereng wancine panen
terus banjir dadose gagal panen ngoten, lha niku kerugianipun sing nanggung sinten pak?
B
: yo sing garap mas, yo Cuma kadang-kadang wonten janjian riyen, dadose kados musim
tandur ketelu kuwi sing duwe lahan karo sing garap kuwi janjian disik yen banjir terus gagal
panen kerugian ditanggung wong loro utowo pirang persen eding tergantung kesepakatane. Tapi
akeh-akeh neng kene iki nek musim tandur ke telu kuwi akeh sing bero mas, pado rawani tandur,
tapi yo enek sing wani unda-undi, nek firasate apik nepaki mboten banjir yo bathine akeh, nek
dong banjir y owes nrimo rugi mas.
A
: menurut jenengan cara kerjasama ngeteniki sampun adil nopo dereng pak baik kagem
sing garap maupun sing gadah sabin?
B
: piye yo mas, diomong ora adil ki nanging yo ora ono masalah nganti seprene, diomong
adil ki janjane sing garap kuwi untunge yo ora sepiro tinimbang untung sing duwe lahan,
nanging yo piye wong awarga kene iki akeh-akeh buruh tani mas diparingi gawean kon garapne
sawahe ngono ae wes senenge ora kaprah. Tapi wong kene iki iso garap sawah sukses hasile
melimpah ngono iso dadi kebanggaan tersendiri mas

A
: selama niki mboten wonten keluhan nopo laporan terkait cara kerjasama penggarapan
lahan niki saking warga pak?
B
: yo ora ono mas, warga adem ayem wae, sambate paling nek pas pupuk larang ambek
pas wayahe panen rego gabah anjlok ngono tok, tapi bar kuwi y owes bar ngono ae mas, koyokoyo warga kene iki wes biasa digawe dolanan ngono kuwi mas.

Anda mungkin juga menyukai