Anda di halaman 1dari 1

Kulonprogo, www.jogjatv.

tv Ramli Samusir, Warga Durungan, Desa Wates, Kecamatan


Wates, Kulonprogo sampun watawis setunggal setengah taun punika mbudidayakaken
kodhok jinis Bullfrog, ing blumbang ngajeng griyanipun. Kodhok jinis Bullfrog, kejawi
dagingipun saged dipun konsumsi, ugi saged kangge sarana usada.
Kawiwitan saking nyobi, Ramli Samusir, warga Durungan, Desa Wates, Kecamatan Wates,
Kulonprogo wiwit setunggal setengah taun kapengker ternak kodhok Bullfrog dhateng
blumbang ngajeng griyanipun. Ramli sakawit pikantuk kodhok Bullfrog saking kancanipun
ing Magelang. Kangge ngrembakakaken kodhok Bullfrog kapetang gampil. Kawitanipun
nyawisaken blumbang. Dene ingkang kangge babonan, inggih kodhok Bullfrog umur
watawis setaun. Wondene pakanipun saged nanjakaken pelet, dipun pakani sedinten kaping
kalih. Kodhok ingkang saged dipun konsumsi padatan ingkang sampun umur nem wulan.
Kangge ngrembakakaken kodhok Bullfrog bab ingkang kedah dipun wigatosaken inggih
punika seminggu sepisan blumbang kedah dipun kuras kangge ngawekani paneraking jamur.
Kejawi kangge kabetahan restoran, kodhok Bullfrog ugi saged kangge jampi. Dene reginipun
antawis Rp 40.000,00 - Rp 50.000,00 saben kilonipun. Miturut Ramli Samusir, gagasanipun
ternak kodhok tuwuh nalika mangertos kancanipun ugi ternak kodhok ing griya.
Sinaosa pangupakawisipun gampil, nanging Ramli Samusir nelakaken nemahi pepalang ing
bab panyadenipun, awit saweg dhateng Peken Ngayogyakarta kemawon. Sadangunipun
ngingah kodhok, ramli saged pikantuk pamedal antawis Rp 7 yuta ing saben wulanipun.
(Muhammad Sugeng)
Maneka cara dipun tindakaken petani kangge mbrastha ama tikus, ingkang nerak taneman
pantunipun. Puluhan petani ing Desa Planggu, Kecamatan Trucuk, Klaten, Jawa Tengah,
dipun biyantu dening warganing TNI lan Polri, dinten Rebo (30/1) enjing, ngadani gropyokan
tikus.

Jalaran katerak tikus, 120 hektar taneman pantun ing Desa Planggu risak, satemah petani ing
wewengkon kasebat, dipun kuwatosaken nemahi gagal panen. Kepala Desa Planggu,
Sugiyanto, ngandharaken, ancasipun ngadani gropyokan kangge medhot pangrembakaning
ama tikus ing wewengkon Planggu, lan Kecamatan Trucuk. Sugiyanto ngajab, mangsa tanem
candakipun laladan pasabinan ing wewengkonipun boten katerak tikus. Dipun biyantu dening
warganing TNI-Polri, petani ing wewengkon kasebat nindakaken gropyokan tikus.

Kejawi nindakaken gropyokan tikus, sanak kadang tani ugi dipun ajab medhot mangsanipun
tikus, kanthi nanem taneman uwoh-wohan ing sabin. Sugiyanto mawas, kupiya punika
kawawas trep, kepara langkung mbebatheni tinimbang nanem pantun.

Anda mungkin juga menyukai