Anda di halaman 1dari 2

ASAL MULA REOG PONOROGO

Babak 1
Ing jaman biyen ana putri sing ayu,jenenge Dewi Sanggalangit.Nanging,sampek saiki Dewi
Sanggalangit durung rabi
Nduk opo sebab e kowe kok ora gelem rabi?
(Dewi Sanggalangit gak gelem njawab)
Sejatine opo karepmu nduk...?takone raja kang arif
Rama , dalem tasik mboten purun sima nanging menawi rama purun, sejatosipun wonten
satunggal syarat ...
Yo ,opo anakku?
Kula nate nyupena menawi enten tiyang jaler gagah nglamar kulo kaliyan ngasto tarian , lan
wonten barisan titihan kembar sak akehe 140 kewan lan seng terakhir saged ndugiaken kewan
duweni endas singo .
Waduh abote ndok (mikir) yo wes aku tak gawe sayembara gawe awakmu.
Dewi ,syarat iku opo ora angel jare dayang .
Babak 2
Sopo bae sing bisa melok sayembara iku ora peduli sopo iku kabeh bisa melu , tapi bilih ngunu
eruh syarate akeh sing ora sanggup akhire kari wong 2 sing sanggup , wong-wong iku jenenge
Raja Singobarong , teko kerajaan Lodaya lan Raja kelanaswandana teko kerajaan Bandarangin .
raja kaget kerungu sanggupe loro raja iku , Raja Singobarong manungsa sing nduweni ndas singo
. sing terkenal angkara murka lan Raja kelanaswandana iku raja ganteng lan gagah prakasa , tapi
kebiasaane seneng karo bocah-bocah lanang .
Babak 3
Sesuk isuke biyung embang ngampiri Dewi Sanggalangit
Dewi ,menopo yakin karo sayembara iku ?
Duh biyung embang , iki wes dadi sayembara , aku ora bisa nolak(wajah pasrah)
Dewi, sakjatosipun sak durunge mundhut keputusan iku kirone dipikir-pikir disek
Babak 4
Raja Ringobarong ngutus patihe sing jenenge Iderkala
Patih ! selidikono Kelanaswandana ojo sampek kedhisikan
Inggih tuanku patih jawab
Iderkala langsung ngalih lan nyamar nang lodaya lan limang dino sak lanjute
Ampun baginda, Kelanaswandana ngendikane berhasil
Cilaka (kaget lan tangi mondar mandir)
Siapno prajurit! Siap nyerbu nang Bandarangin
Babak 5
Akhire prajurit Lodaya perang karo prajurit Bandarangin wayah iku. Raja Singobarong mlaku
menyang taman gawe nemoni burung merak.
Ha onok opo ndek ngarep kok rame-rame?(tangi lan ngampiri ing ngarep)
Sampek ing ngarep ,Raja Singobarong mirsani Raja Kelanaswandana wes siap nyerang.
kita kabeh siap mateni awakmu!
Babak 6

Akhire kedadean perang antara Raja Kelanaswandana lan Raja Singobarong .Raja
Kelanaswandana pun moco sawijining mantra.
Dadio kewan seng nduweni ndas 2
Dumadakan Raja Singobarong berubah dadi kewan sing nduweni ndas 2 lan kerajaan
Bandarangin menang .
Raja Kelanaswandana nglunasi prasyarate sing dijaluk Dewi Sanggalangit lan akhire Dewi
Sanggalangit digowo nang Bandarangin ing wengker . Wengker iku jeneng liyane kutho
Ponorogo lan dadi kesenian reog Ponorogo

Anda mungkin juga menyukai