Anda di halaman 1dari 1

ARTIKEL BAHASA JAWA

SEJARAH WAYANG
Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi
sing ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene
bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman
sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani
budaya wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi
wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu kuwi, budaya
wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme
sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia. Miturut
kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo
nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni
kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline
ruh
kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa
kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para
leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para
rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara
ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang. Kira-kira awalane tahun masehi,
kaya sing dicritakake karo dening para ahli sejarah mau, bangsa Hindu sing asale soko jazirah India
akeh pada teka dadi imigran menyang Indonesia. Bareng suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake
pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki akhire iya bisa diterima karo dening penduduk asline Indonesia.
Ing sakjroning jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo kalangan bangsawan sing sakteruse
banjur mempengaruhi basa asli Jawa lan Bali. Ing kene kesenian wayang karo bangsa Hindu dienggo
wadah ngembangake lan wedharake budaya agama Hindu lewat crita Mahabharata utawa Ramayana.
Suwe-suwe kahanan kaya mangkono kuwi sing sakbanjure ndadekake campur lan manunggale budaya
asli bangsa Indonesia karo budaya Hindu. Kesenian wayang sing budayane wis campur manunggal iki
mau sing sakteruse dadi sinebab agama hindu cepet nyebar, ngresep lan diterima ing masyarakat
Indonesia. Mulane ing jroning crita wayang iku akeh pranatane budaya agama Hindu.Miturut kitab
Sastra Centhini kasebutake mula bukane kesenian wayang purwo kuwi cinipta karo dening Raja
Jayabaya soko Kerajaan Kediri. Kira-kira abad 10 Prabu Jayabaya hanyipta gawe gegambarane roh
leluhure sing terus ditulisake ing godong lontar. Gegambaran sing kaya mangkono mau akeh sing
ditiru soko gambarane relief crita Ramayana, sing wis tinulis ing candi penataran Blitar. Prabu
Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine Crita Ramayana mergo dewekne kuwi
termasuk raja sing meyembah dewa Wishnu, sing uga nganti sakprene karo masyarakat isih dipercaya
Prabu Jayabaya dianggep panjelmaane lan titisane Betara Wishnu. Ing jaman sakwise, yaiku jaman
Jenggala kesenian wayang purwa kuwi disampurnakake wujude karo dening Raja Jenggala Raden
Panji Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa. Sakteruse dadi apik lan indahe. Kocap cinarita terus
wayang-wayang sing wis kawujud mau banjur diklumpukake lan disimpen ing jeroning peti khusus
sing nyeni indah. Bebarengan karo kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane
dianakake setiap ana upacara-upacara penting ing istana kerajaan lan uga didalangi dewe karo Sri
Suryawisesa. Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang kuwi saya luwih disampurnaake
lan dadi tambah apike, amarga wis ditambah bagian kana-kene sing disik-disikane dadi kekurangane,
terus digulung dadi siji. Wayang sing wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane
dibeber. Mulo kuwi jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang Beber. Wiwit ono
panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah metu soko lingkungane
keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat saknjabane keraton bisa melu ndeleng keindahane pagelaran
kesenian wayang beber. Sakbanjure nyedaki pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam
wis wiwit ngrambyah lan kawedhar ing tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayang
kuwi uga dienggo media effektif medharake ajaran agama Islam. Kahanan kaya mangkono kuwi uga
sing dadekake kesenian wayang akeh perubahan wujud sing cukup signifikan, kanggo ngilangake
gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi diharamake lan uga kanggo ngilangake
gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu. Ing jaman kuwi, wujude wayang di owah, digawe
soko kulit lan balung sing wujude mung kaya simbol-simbol supaya gegambarane menungsa dadi
samar, sakteruse nganti sakprene wujude wayang mung kaya lan dadi arupa simbol-simbol
wewayangan panguripane menungsa.