Anda di halaman 1dari 2

Ryo Vanda Anggara : 24

PEMILIHAN LURAH
Nalika Minggu awan ing daleme pak lurah wonten rembugan bab
pemilihan luah desa sukamaju ingkang kula Ryo dadi Ryo kalian Mahmud
dadi Pak Lurah

DIALOG :
Ryo : Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Pak Lurah : Waalaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh,ayo le melbu
kene aja neng njobonan omah
Ryo : injih pak matur suwun, kula angsal tanglet wawancara menawi bab
pemilihan lurah ?
Pak Lurah : entok.
Ryo : njih pak matur suwun,Pertama kula arep tanglet ,Upaya menapa
kamawon ingkang bapak tumindakake nalika bapak dados calon lurah?
Pak Lurah : sing pertama yaiku ngenekake
temu kader / tim sukses. banjur nglakoke kampanye lan strategi karo
ngenalake marang masyarakat tenteng visi lan misi ku nek kepileh dadi
lurah
Ryo : kados pundi pangraose njenengan sadereng dados lurah?
Pak Lurah: sadurung aku kepileh, bokmenawa isih ana rasa tegang pas
kuwi. ning pas aku diputuskan kepileh dadi lurah, aku rumangsa seneng
lan bersyukur .
Ryo : menapa remen uga duka ingkang njenengan resakan saksampune
dados lurah?
Pak Lurah: seneng lan sedihe akeh. Disamping aku isa mengayomi
masyarakat karo ngei laden sing paling becik. ning sok sok aku isa krungu

gunjingan saka masyarakat yen ana sethithik masalah sing ora iso di
barke
Ryo :napa visi uga misi bapak nalika dados calo lurah nalika punika?
Pak Lurah : VISI lan MISI ku pas kuwi sing pertama, mensejahterakan
masyarakat, mengayomi masyarakat, menehi ladenan sing becik lan
grapyak
Ryo :sinten tiyang-tiyang ingkang setia mbiantu njenengan
mewujudken visi uga misi bapaksak sampune dados lurah?
Pak lurah :setunggal SEKDES ( Sekretaris dhusun ) terus ditulung
karo RT uga RW.
Ryo :napa agawe periode kengajeng njenengan gadhah
rencana gawe nyalonken dados lurah malih?
Pak lurah : nek masyarakat isih mercayani aku, aku siap kanggo nyalonke
meneh dadi lurah .
Ryo :napa dana ingkang njenengan medalaken agawe
operasional / kampanye ?.
Pak lurah : aku ora ngerti mesti cacahe, bokmenawa luwih
saka Rp.50.000.000-
Ryo :pinten taun modale njenengan mbalik?
Pak lurah : aku ora mikir ke masalah kuwi. amarga Visi lan Misi ku sing
paling utama mensejahterakan masyarakat desa iki .
Ryo :Matur suwun pak lurah cekap sementen informasi
ingkang bapak sukakna. uga matur nuwun sanget amargi pak lurah maringi
berita ingkang katah
Pak lurah :sami-sami.Semugo informasi iki ngguno yo le.
Ryo :kula bade pamit rumiyin pak , Assalamualaikum warahmatullahi
wabarakatuh
Pak lurah: Waalaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai