Anda di halaman 1dari 5

PEMERINTAH KABUPATEN GUNUNGKIDUL

DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAH RAGA


SMP NEGERI 2 PATUK
Alamat : Jl. Yogya-Wonosari KM 24, Patuk, Gunungkidul 55862 Telp. 7478763

ULANGAN TENGAH SEMESTER GANJIL


TAHUN PELAJARAN 2012/2013
Mata Pelajaran
Kelas
Hari/Tanggal
Waktu

: Bahasa Jawa
: IX
:
: 90 Menit

____________________________________
Wenehana tandha ping (X) ana ing aksara a, b, c,
utawa d tumrap wangsulan kang kok anggep bener!

Wacan 1
Marno mono umure lagi ngancik pat belas taun,
sekolahe isih ana klas siji SMP Negri ing
sakcedhake desane. Dheweke kuwi putrane Pak
Dhukuh Paren ya Pak Saiman, priyayi sing
kondhang sugih, becik atine, lan pinter momong
rakyat ing padhukuhane. Eman, dene anake
lanang sing mung semata wayang iku beda
banget watake karo wong tuwane. Dhasar anake
wong sugih mula sapenjaluke tansah keturutan.
Yen Pak Saiman karo sing putri mono, ora
seneng nguja bocah, panyuwune putrane dituruti
janji penting lan migunani tumrap sekolahe
1. Kang dudu wewatakane Pak Saiman manut
cuplikan cerkak ing dhuwur yaiku
a. Becik atine
b. Pinter momong rakyat
c. Nguja anake lanang
d. Nuruti panjaluke anak sauger
migunanikanggo sekolahe
2. Pira putrane Pak Saiman manut pethikan
cerkak ing ndhuwur?
a. Siji
b. Loro
c. Telu
d. akeh
Wacan 2
Punika ngaten. Kala wau wonten ing
jembatan penyeberangan ngajeng menika,
piyambakipun dipunwastani nyopet arta.
Dening tiyang-tiyang kathah lajeng
dipungebugi ngantos kados ngaten.
Keleresan kula sumerep, lajeng kula bekta
wonten kantor polisi mriki kaliyan ngrantos
ambulans, ngendikane sawijining bapak
polisi njlentrehake
3.

Wong sing digebugi mau jalarane .

4.

5.

6.

a. nyopet dhuwit
b. kecopetan dhuwit
c. didakwa nyopet dhuwit
d. arep nyopet dhuwi
Pethikan crita ing ndhuwur njupuk
setting .....
a. Jembatan penyeberangan
b. Mobil ambulans
c. Kantor pos
d. Kantor Polisi
Intisarine cuplikan cerkak ing dhuwur yaiku
.....
a. Masarakat padha kulina main hakim
b. Copet kudu dibrastha
c. Polisi kudu paring pengayoman marang
sapa wae
d. Yen ana ing jembatan penyeberangan
kudu ngati-ati
Amanat kang kinandhut ing cerkak kena
kanggo
a. Tontonan lan tuntunan
b. Nambahi sesanggane (beban) urip
c. Kaca benggala(tuntunan) uripe
manungsa
d. Mangerteni jati dhiri manungsa

7. Kang kalebu crita fiksi gancaran kaya ing


ngisor iki, kajaba .....
a. Cerkak
b. Cerbung
c. Geguritan
d. Roman
Wacan 3
Dinten Kartini menika rak kangge ngurmati
Raden Ajeng Kartini, awit piyambakipun
sampun maringi tuladha ingkang kedah
dipuntindakaken putri Indonesia. Wanita
Indonesia menika kedah sekolah lan sinau
supados saged sababag kalih para priyanipun.
Kamangka kebaya menika rak satunggaling
simbol kekiranganipun wanita, kados ingkang
dipunngendikakaken Ki dhalang, bilih wanita
menika asring kesrimpet tapih kabotan
pinjung.
Jlentrehe Palupi.
(Kapethik saking cariyos
cekak: Antarane Kartini lan Palupi)
1

8. Pethikan carita ing nduwur kasebut


nuduhake perangan ..
a. Amanat lan irah-irahan
b. Tema lan setting
c. Tema lan watak
d. Setting lan paraga
9. Wose crita kasebut yaiku .....
a.
Palupi sarujuk menawa
mengeti dina Kartini
b.
Palupi ora sarujuk karo
pengetan dina Kartini
c.
Palupi sarujuk menawa
pengetan dina Kartini bocah putri padha
nganggo kebaya lan jaritan
d.
Palupi ora sarujuk manawa
pengetan dina Kartini bocah putri padha
nganggo kebaya lan jaritan
10. Kepriye manut panemune Palupi ngenani
kebaya iku?
a. Kebaya pinangka simbol kaluwihane
wanita
b. Kebaya pinangka simbol kasulistyaning
wanita
c. Wanita kang nganggo kebaya tambah
ayu lan luwes
d. Kebaya pinangka simbol kekurangane
wanita
Wacan 4
Bu Marni : Kepriye ndhuk, kowe gelem
ora?
Dewi
: Kula jane boten radi cocog
Bu, nanging kula ajrih menawi
bapak duka.
Bu Marni : Ora cocog amarga apa
ndhuk? Apa merga bocahe wis
tuwa?
Dewi
:Boten Bu, amargi kula
sampun gadhah pilihan.
11. Pacelathon sing dirembug Bu Marni lan
Dewi babagan .
a. Dewi ora cocog karo pilihane wong
tuwane
b. Bu Marni lan Dewi wedi karo bapake
c. Bapake Dewi seneng nesu
d. Bu Marni pengin rabi
Wacan 5
Sabar Nit, sabarna atimu! Galih ngarih-arih
Nita
Mas Tama wis katimbalan Gusti, Mas
wangsulane Nita
Nit, kabeh wong urip iku yen wis tekan titi
wancine, kabeh mesthi ngalami mati. Sebab
mati kuwi wates pungkasaning urip. Klebu uga
aku lan kowe, Dhik Tama sisihanmu lan kabeh
titahing Gusti Allah, mesthi ngalami mati.

12. Swasana kang diandharake nuduhake sedhih


amarga .
a. Nita kepaten Galih, garwane
b. Galih kepaten Tama, garwane
c. Nita kepaten Tama, garwane
d. Tama kepaten Nita, sisihane
Wacan 6
Wis, Ndhuk rasah digetuni. Pancen wis garise
awakmu ora bisa nerusake sekolah. Awake
dhewe ora mung ndheweki, isih akeh bocahbocah sing ora bisa sekolah merga ora nduwe
ragad. Sekolah jaman saiki pancen larang. Ora
mung ragad sekolah, kabeh rega-rega saiki
padha mundhak nyekik wong-wong sing
kesrakat kaya awake dhewe iki. Nanging, awake
dhewe kudu tetep syukur isih bisa mangan,
wong-wong sing padha manggon ana ngisorngisor kreteg, ana emper-emperan toko kae wis
ora bisa sekolah uga anggone mangan
kangelan. Ngendikane ibu ngeyem-yemi aku.
13. Sing dudu wewatekane Ibu manut cerkak ing
ndhuwur yaiku
a. Tetep syukur mring Gusti
b. Aja nggresula
c. Nrima panduming Gusti
d. Nggetuni nasib sing dadi wong miskin
14. Ing ngisor iki titikane cerkak, kajaba .
a. Asipat naratif
b. Nyritakake sawijining tokoh
c. Asipat fiktif
d. Asipat argumentative
15. Bab sing dadi inti pokok crita diarani ......
a. irah-irahan
b. tema
c. alur
d. konflik
16. Papan lan wektu dumadine crita ing cerkak
diarani
a. amanat
c. konflik
b . setting
d. paraga
17. Cerita fiksi kang nyritakake saka jaman
saiki banjur konflik nganti entekan
purnaning crita iku nggunakake alur
a. Maju
b. Mundur
c. Campuran
d. Regresif
18. Sajrone praktek maca cerkak, ana bab kang
kudu digatekake ing antarane wirasa, tegese .
a. Ngucapake tembung kanthi cetha
b. Solah bawa trep karo naskah cerkak
c. Bisa mbedakake lan milahake siji-sijine
tokoh lan swasana ing cerkak

d.

Bisa nyuwarakake saben tokoh kanthi becik

b.

ngebreh

c.
d.

boros
medhit

Wacan 8
Duwe kerdhus pira Pak?
Ya ana yen mung 40, ning dilangi nole
alias 4 Jawabku sakenane.
Wooo ditakoni tenanan! Karo mecucu.
Lha wong ora tau diklat kok ditakoni
kerdus. Wangsulanku
24. Sing dikarepake kerdhus ana ing pethikan
cerkak sertifikatku iku .
a.
kerdhus karton
19. Gambar ing ndhuwur kalebu ......
a. Novel
b. Cerkak
c. Kalawarti
d. Cergam
20. Sing diarani komik yaiku
a. Rerangkening crita kang mawa ilustrasi
gambar
b. Crita mawa ilustrasi gambar kang
nyedihake
c. Crita mawa ilustrasi gambar kang
werna-werna
d. Rerangkening crita kang mawa
pacelathon (dialog)
21. Wong kang ahli gawe komik diarani ....
a. Musikus
b. Komikus
c. Komisaris
d. Orator
22. Bab sing kudu digatekake nalika nindakake
diskusi kaya ing ngisor iki, kajaba ......
a. Aja golek menange dhewe
b. Menehi wektu marang wong liya
kanggo ngandharake panemu
c. Manawa ngandharake panemu ora kudu
kanthi waton utawa dhasar kang tinemu
nalar
d. Aja rumangsa manawa panemune awake
dhewe sing paling bener
Wacan 7
Tindak-tanduke Tini ana owah-owahane.
Dheweke wis ora nggunakake dhuwite
kanggo jajan utawa dolanan. Dhuwit sangu
sekolah utawa dhuwit sing ditampa saka
wong tuwane, age-age dilebokake celengan.
23. Miturut pratelan ing ndhuwur watake Tini
iku ..
a.
gemi

b.

sertifikat lemah

c.
d.

kertas rosokan
sertifikat pelatihan

Wacan 9
Banjur sing taun 1995 pola 150 jam neng
ngendi ya? Apa neng ngomah?Pitakone
batinku karo aku ngeling-eling anggonku
simpen sertifat mau.Mbok menawa dadi siji
karo SK Pembagian Tugas ing rak buku
ngomah! batinku karo ngeyem-yemi atiku.
Budhal Sekolah motor age-age dakblandhange
sakayange kareben cepet tekan ngomah. Bubar
sholat Duhur lan mangan age-age rak buku
dakudhal-udhal kanggo nggoleki Sertifikat
Pelatihan. Dakklumpukkake mung ana 7, wiwit
taun 2000-nan. Sing tahun 1995 meksa durung
ketemu.
25. Pethikan cerkak Sertifikatku ing ndhuwur
nuduhake menawa Pak Tegar iku wong sing

a.
ora setiti, lalen
b.

setiti, ngati ati

c.
d.

gemi, setiti
pinter nyenyimpen

26. Apa sing dikarepake: dikeruk ngetuk,


disusruk mumbul ana ing cerkak
Sertifikatku iku?
a.
ora tau duwe
dhuwi
b.
ora tau kentekan
dhuwit
c.
dhuwite akeh
banget
d.
dhuwite simpenan
akeh
27. Sajrone praktek maca cerkak, ana bab kang
kudu digatekake ing antarane wirasa,
tegese .
3

a. Ngucapake tembung kanthi cetha


b. Solah bawa trep karo naskah cerkak
c. Bisa mbedakake lan milahake sijisijine tokoh lan swasana ing cerkak
d. Bisa nyuwarakake saben tokoh kanthi
becik

28. Ing ngisor iki titikane cerkak, kajaba .


a. Asipat naratif
b. Nyritakake sawijining tokoh
c. Asipat fiktif
d. Asipat argumentative
29. Tokoh kang ala watak wantune lan tansah
gawe reridhu diarani tokoh .
a. Protagonist
b. Antagonis
c. Tritagonis
d. Figuran
Wacan 10
Dokter lan perawate kluyur-kluyur lunga. Aku
dheleg-ndheleg ana ruangan mau. Eba kagetku,
dakrungu ibune bocah-bocah nggugah aku,
Mas, tangi. Wis esuk..
30. Tembung dheleg-ndheleg tegese
a. Mikir
b. Ngalamun
c. Ngalamun sinambi mikir
d. Jagongan
Gatekna cerkak ing ngisor iki!

onakanku sing cilik dhewe lagi nangis.


Tangise ora kaya biyasane. Iki gawe
jengkele ibune sing lagi sibuk nyiapake
mulang.Bojone durung mulih saka
nyambut gawe. Dene anak-anake liyane wis
padha mlebu neng kamare dhewe-dhewe,
njekut sinau nyiapake ujian komprehensif.
"Kang Letug, tulung ya, dijaga anakku
iki.Dineng-nengi ben ora ngganggu. Aku jan
lagi buneg tenan lho." Panjaluke adhiku wadon
iki.
"Ya, dak neng-nengane." Aku banjur mlaku
nyedhaki ponakanku sing umure durung ana
limang
taun.
"Udah yah...Mama sedang sibuk tuh. Kan
kasihan kalau adik nangis terus.." Aku omong
nganggo
basa
Indonesia.
Pancen bocah jaman saiki basa Jawa sing alus
ora padha ngerti. Mulane ing kulawargane
adhiku, basa padinane campur. Malah luwih
akeh padha nganggo basa Indonesia. Rasane
lucu yen aku nyoba nganggo basa Jawa sing
alus. Bocah-bocahe padha ora seneng. Banjur
miwiti nganggo basa Indonesia.Bocah-bocah
uga wis ora nyebut rama utawa ibu marang
wong tuwane, nanging wis migunakake
tembung
Papa
utawa
Mama.
"Kenapa menangis terus Teta? Apa karena

dinakali
Mama?"
"We...weeee... Teta mau dibelikan baju
baru...we...wee.."
Teta jenenge ponakanku mau, kepengin
ditukokake klambi anyar. Mbokmenawa bapak
ibune
mung
durung
sempat
wae.
"Besok
Pak
Dhe
belikan
ya...mau
enggak?"Krungu jawabanku mau, dheweke
banjur
katon
lega.
Ngusap luh neng pipine, senajan ta isih
mimblik-mimblik
manja
banget.
"Besok Pak Dhe belikan yang namanya celana
kodhok
ya?
Tahu
enggak
kamu?"
Jawabane ponakanku mung gedheg-gedheg.
Ora ngerti apa kuwi sing jenenge kathok
kodhok. Kamangka dhek jaman cilikanku,
kathok kodhok kuwi istimewa banget. Saben
bocah yen krungu tembung kathok kodhok bisa
banjur senenge ora mekakat. Kathok kodhok
dadi favorite bocah-bocah. Mergane yen
dienggo anget
tur ora mlotrak-mlotrok.
Aku banjur crita marang ponakanku ngenani
kathok
kodhok
kuwi.
Sawatara crita bab kathok kodhok,
pikiranku kelingan dhek jaman semana aku
duwe kathok kodhok sing anyar. Aku dolanan
ingkling karo kanca-kancaku neng ngomah.
Nanging, blaik, ing tengah-tengahe dolanan
ingkling, aku ngebrok (ngising neng kathok).
Suara pret....preet....preeet.... banjur ambune
wah...jan ora karuwan! Kanca-kancaku banjur
padha
bengok
alok:
"Oeeee, Letug ngebrok! Letug ngebrok!" Mboko
siji kanca-kancaku padha mlayu nyingkiri aku
karo
nutup
irunge.
Aku mung bisa nangis nggugug ditinggal
kanca-kancaku. Aku nangis merga kathok
kodhokku sing anyar dadi reged kena abyuran
saka
wetengku.
Ora let suwe ana sing nyedhaki aku, nanging,
sing nyedhaki aku ora liya ya ibuku. Aku ora
dinesoni. Ibuku malah mung gumujeng. Aku
banjur dicandhak digawa menyang WC
Ibuku ora wegah ngresiki regedanku. Ibuku ora
wegah nyedhaki ambune regedanku. Ibuku ora
wegah nyandhak awakku lan nyawiki aku.
Ibuku ora duka weruh kathok kodhok anyarku
dadi reged. Lan aku banjur meneng anggonku
nangis. Aku mandeng ibu sing isih gumujeng
lan
gawe
tentreme
atiku.
Kelingan pengalaman mau, aku mung bisa
ngguyu dhewe. Kathok kodhokku sing anyar
wis reged lan mambu. Nanging aku bisa nemu
gumuyune ibu sing ora ilang saka rasaku.
Yen ing kulawarga isih ana ibu sing bisa
gumuyu, ngresiki reregedaning anak, sepira
begjane wong neng alam donya yen akeh sing
isih padha bisa gumuyu uga ngresiki
reregeding urip bebrayan.
www.cerkak-jawa.com/ceritacekak
I.
Wangsulana pitakonan iki
adhedhasar Cerkak ing
ndhuwur!
1.
2.
3.
4.
5.

Sebutna 5 paraga ing cerkak mau!


Sebutna wewatekane para paraga mau
Nggunakake alur kepriye? Wenehana
alesane!
Tulisen 3 amanat cerkak mau!
Kira-kira judhul apa sing paling cocok
kanggo cerkak ing ndhuwur?

Anda mungkin juga menyukai