Bathårå sêkawan nyêmbah matúr sandikå, lajêng bidhal ningali kawóntênaníng jagad
gumêlar.
Bathårå Antågå ing bénjíng turasipún dadós Kyai Tógóg, Pugúh, Antågå inggíh Kyai
Téjåmantri.
Déné Bathårå Ismåyå ing bénjíng asríng manitís dhatêng turasipún ingkang nama
Kyai Badråmåyå inggíh Kyai Sêmar.
Bathara Guru
2. Ladrang Srikatón. Madêg Bathårå Maník inggíh Bathårå Guru,
lajêng nyiptå kadhatón minångkå Kahyanganipún, dipún
wastani Kahyangan Junggríng Salåkå inggíh Kahyangan Ujúng
Giri Kailåså.
Nuntên mundhút garwå minångkå saktinipún, putrinipún
Bathårå Umaran ing nagari Parasu, nåmå Dwi Umå.
Ing salajêngipún Bathårå Guru kaliyan garwå Dèwi
Umå pêputrå gangsal kakúng sadåyå,
1. Bathårå Sambo,
2. Bathårå Bråmå,
3. Bathårå Indrå,
4. Bathårå Bayu, lan
5. Bathårå Wisnu.
Nalika punikå Bathara Guru Sakaliyan garwå nuju miyós
siniwåkå, dipún adhêp pårå putrå lan para Déwå
(Têmbúng Déwå asal sakíng basa Sanskrita Jawi-kina - Dew,
têgêsipún Cahyå.)
Nalikå punika pårå putrå dipún cariyósakên sampún kagungan
kahyangan lan garwå piyambak - piyambak.
1. Bathårå Sambo ing Kahyangan Hargådaksinå, Swargådaksinå inggíh Kahyangan
Swélågringgíng, garwanipún nåmå Bathari Siwagnyånå lan Dèwi Astuti.
2. Bathårå Bråmå ing Kahyangan Hargådahånå (Swargådahånå), garwanipún tigå, Dèwi
Sad (Wasi), Dèwi Saraswati, lan Dèwi Rarasati.
3. Bathårå Indrå ing Kahyangan Surålåyå inggíh Kahyangan Indralokå, garwanipún nåmå
Dèwi Wiyati, Bathårå Indrå kawajiban mranåtå pårå Déwå, lajêng nyíptå pagêlaran,
nåmå Rêpat Kapanasan, Kadhatón Kênyapuri Tinjomåyå, titihan Dwipånggå nåmå
Héråwåta inggíh Héråwånå,
4. Bathårå Bayu, minångkå déwaníng angín lan kêkiyatan ótót bayu, ing Kahyangan
Pusêrbawånå inggíh Kahyangan Swargå Panglawúng, garwanipún nåmå Dèwi Sumi.
5. Bathårå Wisnu ing Kahyangan Uttåråsagårå inggíh Uttaraswargå, Déwå ingkang
mêmayu hayuníng bawånå, garwanipún tigå, Dèwi Sri, Dèwi Pratiwi lan Dèwi
Sriyuwati inggih Dèwi Pujåyanti, patamananipún nåmå Sriwêdari, titihanipún pêksi
garudhå, nama Brihawan.
Bathara Patuk
6. Kocap Bathårå Guru, ing sabidhalipun pårå Déwå, lajêng ugi bidhal
nusúl anjampangi panyambút damêlipún pårå Déwå.
Sumêrêp pårå Déwå sami pêjah ngunjúk toyå wiså.
Rèhné botên mangêrtós sababipún, sartå ing wêkdal punikå ugi sangêt
ing ngóróngipún, nuntên agahan ngunjúk toyå sêndhang wiså.
Nangíng sawêg dumugi ing jånggå, kraós sakít, lajêng dipún utahakên,
jangganipún kalajêng biru gósóng, milå lajêng pêparab sang Hyang
Nilåkånthå, têgêsipún jangganipun biru gósóng.
Ingriku wóntên swantên tanpå rupi, Bathara Guru kadhawuhan lajêng
minggah malíh dhatêng rêdi Mandårå.
Ingriku wóntên sêndhang isi toyå panggêsangan.
Pårå Déwa ingkang sami pêjah, kapuríh nêtêsi toyaníng sêndhang isi
toyå panggêsangan wau.
Bathårå Guru nuntên minggah ing rêdi Mandårå (Rêdi Mandårå
punika ingkang kanggé mutêr samodrå susu, ngêdalakên Toyå Wiså,
lan Toyå Amrêtå, Toyå panggêsangan) mêndhêt toyå panggêsangan
kawadhahan ing sangku, lajêng murugi panggènanipún pårå Déwå
ingkang sami pralåyå.
Sadåyå sami dipún tètèsi toyå panggêsangan, sadåyå sami gêsang.
Pårå Déwå lajêng sami ngunjúk toyå panggêsangan wau.
Awít sakíng karsanipún Hyang Kang Måhå Kawåså, pårå Déwå lan
gólónganipún sami bótên kéngíng ing pêjah ing salami-laminipún,
sanadyan sagêd kéngíng ing sakít sawatawis.
Ditya Rembuculung
8. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå. Bathårå Guru lêlênggahan
kaliyan garwå Bathari Umå.
Rêraósan manawi ing sapunikå bumi pulo Jawi sampún råtå bótên
gonjíng.
Sartå karsanipún Hyang kang Måhå Kawåså, pårå Déwå lan
gólónganipún sami bótên kéngíng ing pêjah.
Bathara Guru lajêng nyiptå Déwa pitu ingkang ngrêkså lan nyanggå
bumi,
1. Dèwi Pratiwi, ngrêksa bumi sap kapisan.
2. Bathårå Kusikå, ngrêkså bumi sap kapíng kalíh.
3. Bathårå Ganggang, ngrêkså bumi sap kaping tigå.
4. Bathårå Sindhulå, ngrêksa bumi sap kapíng sêkawan.
5. Bathårå Dharampalan, ngrêkså bumi sap kapíng gangsal.
6. Bathårå Manikêm, ngrêkså bumi sap kapíng nêm, lan
7. Bathårå Antabogå, ngrêksa bumi sap kapíng pitu, sagêd malíh warni
någå agêng mawi swiwi.
Sasampunipun punikå, Bathara Guru lajêng mranåtå Déwå cacah
sangå, minångkå kanggé paugêraníng manungså, inggíh punikå.
1. Bathårå Mahadéwå, garwanipún nama Bathari Mahadèwi,
nguwaósi jagad wétan, pêkênanipún Lêgi, kithanipún salåkå,
sagantênipún santên, pêksinipún kúntúl, aksaranipún hå nå cå rå kå.
2. Bathårå Sambo, garwanipún nåmå Bathari Siwagnyånå,
nguwaósi jagad kidúl, pêkênanipún Paing, kithanipún têmbagi,
sagantênipún rah, pêksinipún wulúng, aksaranipún då tå så wå lå.
3. Bathårå Kåmåjåyå, garwanipún nåmå Bathari Ratíh,
nguwaósi jagad kidúl, pêkênanipún Pón, kithanipún mas,
sagantênipún madu, pêksinipún kêpodhang, aksaranipún på dhå jå
yå nyå.
4. Bathårå Wisnu, garwanipún nåmå Bathari Sri,
nguwaósi jagad lèr, kithanipún tósan, sagantênipin nilå, pêkênanipún
Wagé, pêksinipún gagak, aksaranipún må gå bå thå ngå.
5. Bathårå Bayu, garwanipún nåmå Bathari Sumi,
nguwaósi jagad têngah, pêkênanipún Kliwón, kithanipún prunggu,
sagantênipún wédang, pêksinipún gogík, aksaranipún ångkå wicalan
sadåså, 1 2 3 4 5 6 7 8 9 0.
6. Bathårå Pritånjålå,
nguwaósi jagad lèr wétan, aksaranipún Byå-byå.
7. Bathårå Kuwóra,
nguwaósi jagad lèr kilèn, aksaranipún Nåråsunyå.
8. Bathårå Siwah,
nguwaósi jagad kidúl kilèn, aksaranipún Nirwitri, lan
9. Bathårå Mahayêkti,
nguwaósi jagad kidúl wétan, aksaranipún Ganyå.
Sadåyå punika lajêng dipún wastani Sastrå Undhagi, Sastrå
Wrêkså, inggíh nama Sastrå Kalang, kanggé paugêran damêl wísmå,
lan wêwatón sanès - sanèsipún, amríh kalís ing pitunå lan
sambékålå.
Bótên watawís dangu katungkå sowanipún Bathårå Patúk lan
Bathara Tamburu, atúr uningå, wóntên dênåwå ngamúk ngrisaki
kawóntênan, margi sami bótên narimahakên tugêlíng jangganipun
Dityå Kålå Rau.
Pårå Déwå kadhawuhan nyirnakakên pårå dênåwå ingkang sami
damêl rêsah.
Pårå Déwa sami matúr sandikå, lajêng bidhal.
Wóntên ing pabaratan, pêrangipún pårå Déwa lan pårå dênåwå
ingkang dipún dombani Bathårå Antågå.
Wêkasan pårå dênåwå sami kasór sírnå larút.
Bathårå Bayu tayungan, lajêng sami wangsúl dhatêng Kahyangan.
9. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru dipún adhêp
pårå Déwå pêpak. Sadåyå sami sukå - sukå langên lénggót båwå,
déné jagad ginêlar sampún kalís ing sambékålå.
Tancêb Kayón.
Sastra Wreksa