Anda di halaman 1dari 6

1.

Jêjêr ing Kahyangan Surålåyå, sang Nåtådéwå Bathårå Indrå miyós siniwåkå, dipún
adhêp pårå putrå, Bathårå Citråråtå, Bathårå Citråsénå, Bathårå Harjuwinångå inggíh
Bathårå Harjunåwångså, lan pêpak pårå Déwå.
Ngrêmbag gårå-gårå ing Kahyangan, margi sakíng Bathårå Bråmå sampún dangu
anggènipún tåpåbråtå wóntên ing Kahyangan Hargådåhånå, rêdi latu ingkang murúb
mangalad-alad bótên kéngíng ing pêjah, sapêrlu nyuwún jodho ingkang pinasthi,
dadós sêsêmbahanipún pårå janmi.
Sartå ugi ing wêkdal punika wóntên råjå raksåså ing pråjå Gilíngåyå, jêjulúk Prabu
Kålå Iråmbå, kapati brangtå nyuwún jodho widadari Dèwi Supråbå.
Bótên watawís dangu Bathårå Narådå rawúh, ngêmban dhawúh timbalanipún sang
Hyang Jagad Guru, kapuríh ambangsulakên panyuwunipún Prabu Kålå Iråmbå.
Margi miturút wawatón, bangså raksåså punikå jodhonipún rasêksi, Déwa Dèwi,
hapsårå hapsari, satriyå lan putri, tuwín sapiturutipún.
Bathårå Indrå matúr sandikå ngèstókakên dhawúh.
Bathårå Narådå wangsúl dhatêng Kahyanganipún.
Bibaran paséwakan.
2. Ing Karangkawidådarèn Tinjomåyå, Bathari Wiyati lan pårå widådari sami mêthúk
konduripún sang Nåtåddéwå Bathårå Indrå.
Sasampunipún sami satåtå lênggah, nuntên sami pangandikan kawóntênaníng
paséwakan.
Lajêng bibaran, Bathårå Indrå miyós ing njawi.
3. Madêg ing Rêpatkapanasan, Bathara Citråråtå, Bathårå Citråsénå, Bathårå
Harjunåwångså lan pårå Déwa tuwín wadyå dorandårå.
Mranåtå siyågå gêlaríng prang, sasampunipún samaptå sadåyå, lajêng bidhal, sami
nitíh têtumpakanipún piyambak piyambak.
Prampógan Déwa ngråtå margi nyingkirakên pêpêdhút.

Bathårå Harjuwinångå

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=404&Itemid=153 1
4. Madêging pråjå Gilingåyå, Prabu Kålå Iråmbå, Patíh Kålå Wisudhåyakså, êmban
yaksi Nyai Tumênggúng Layarmêgå, bupati sêpúh Kålå Sindhúngriwút, lan pêpak
pårå wadyå yakså.
Prabu Kålå Iråmbå tansah gandrúng gandrúng Dèwi Supråbå.
Manawi bótên dipún parêngakên, nêdya ngrisak Kahyangan.
Nyai Tumênggúng Layarmégå tansah ambómbóng lan mrayógakakên, supadós
langkúng rumiyín utusan wadyå punggåwå pangarså, nglamar dhatêng Kahyangan
Surålåyå.
Sang prabu andhahar ing atúr, lajêng utusan Dityå Kålå Pragålbå, mundhi nawålå
panglamar.
Bibaran paséwakan.
5. Ing pasowanan jawi dênåwå, Dityå Kålå Pragålbå, Kålå Sonåpracékå, Kålå
Córómóndó, Kyai Téjåmantri, Såråhitå lan wadyå dityå.
Ngrêmbag tåtå tåtå ing damêl, lajêng bidhal.
6. Madêgíng wånå Krêndhåwahånå, Bathårå Gånå kapati tåpå bråtå, sêmadi maladi
hêníng, nyuwún dhatêng Hyang Måhå Kawåså, sagêda ruwat anggènipún salah
kadadèn, rupi dênåwå muståkå dwipånggå.
Bótên watawís dangu Bathari Durga rawúh, paríng sabdå, milanipún salah kadadèn
rupi dênåwå múståkå dwipånggå, margi nalikå samantên nuhóni wêcaníng
papasthèn, bilíh Prabu Kålå Nilårudråkå punika satuhu sakalangkúng sakti
måndrågunå, bótên wóntên titah ing marcåpådå ingkang sagêd ngasórakên
kasêktènipún, kajawi ing bénjíng putranipún Bathårå Guru ingkang miyós salah
kadadèn, rupi dênåwå muståkå dwipånggå.
Wêkasan kalaksanan, Prabu Kålå Nilårudråkå sawadya sagêd sirnå déníng Bathårå
Gånå, sírna mêmalaníng Déwå.
Nangíng ing sapunika sampún kalamangsanipún Bathårå Gånå rinuwat dadós rupi
bagús, kanthi sarånå kapuríh têtulúng malíh karépótaning Déwå, nyirnakakên råjå
dênåwå Prabu Kålå Iråmbå sawadyå ingkang nêdyå ngrisak Kahyangan Surålåyå.
Bathårå Gånå ngèstókakên dhawúh, nyuwún pamít, lajêng bidhal.
Lampahipún Bathårå Gånå samargi margi tansah têtulúng dhatêng pårå janmi
ingkang ambêtahakên, inggíh punikå ingkang dipún wastani tåpå Ngramé.
Kocap lampahipún Dityå Kålå Pragalbå sawadyå sampún ngambah èrèng èrèngíng
wukír Jamúrdipå, kapapag Bathårå Citråråtå sawadyå.
Sulayaníng rêmbag, dadós prang Bótên watawís dangu Bathårå Gånå dhatêng
ambantu prang pårå Déwå, wêkasan pårå dênåwå kasór pêrangipún, sami lumajêng
ngunduri.
Bathårå Gånå lan Bathårå Citråråtå sawadya ngêmpal dadós satunggal, sami
nutugakên lampah.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=404&Itemid=153 2
Dityå Kålå Pragalbå

7. Madêg ing Kahyangan Utåråsagårå inggíh Kahyangan Swargåutårå, Bathårå Wisnu


manggihi rawuhipún sang Hyang Ismåyå lan wayahipún Kyai Bådråmåyå.
Sang Hyang Ismåyå ngandika nêdyå nglajêngakên nitipakên wayahipún pún
Bådråmåyå, dadóså pånåkawan kanthinipún Bathårå Wisnu, mómóng ing saturún
turunipún.
Kyai Bådråmåyå punikå kalêrês wayahipún, putranipún sang Hyang Bóngkóngan.
Mila manawi wóntên wigatósipún, sang Hyang Ismåyå sagêd manunggal dhatêng
Kyai Bådråmåyå.
Mila Kyai Bådråmåya manawi dadós pamómóng, mawi båså kråmå.
Nangíng manawi katitisan sang Hyang Ismåyå dhatêng pårå Déwå lan
sadayanipún mawi båså ngoko.
Sang Hyang Ismåyå ugi ngandika, manawi Bathårå Bråmå anggênipún tåpå bråtå
sampún wancinipún katarimah, badhé angsal jodho kang pinasthi, inggíh punika
widådari swargå ingkang kakasíh Bathari Saraswati.
Mila Bathårå Wisnu kadhawuhan têtulúng dadós lêlantaran kapanggihipún Bathari
Saraswati kaliyan ingkang råkå Bathårå Bråmå.
Ing sakonduripún Sang Hyang Ismåyå, Bathårå Wisnu lajêng bidhal, kadhrêkakên
Kyai Bådråmåyå.
Lampahipún Bathårå Wisnu lan panakawan ngambah wånå wåså, kapapag wadyå
dityå sakíng Gilíngåyå.
Sulayaníng rêmbag, dadós prang, pårå dênåwå sírnå pêjah sadåyå.
Bathara Wisnu nglajêngakên lampah.
8. Madêg ing Kahyangan Swargåkawidådarên, Bathari Saraswati pangayóman ing
kagunan kabudayan, sartå båså kasusastran, nalika punika nuju kapati sêmadi,
katungkå dhatêngipún Bathårå Wisnu, mundhi dhawuhipún sang Hyang Ismåyå, awit
sakíng wêcanipún sang Hyang Wênang, kadhawuhan andhêrêkakên Bathari
Saraswati tindak dhatêng Kahyangan Hargådahånå.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=404&Itemid=153 3
Bathari Saraswati amúng sumanggå, lajêng sami bidhal.
9. Madêg ing Kahyangan. Hargådahånå, Bathårå Bråmå kapati tåpåbråtå.
Katungkå dhatêngipún Bathårå Indrå, nênggani wóntên ing sandhíngipún.
Bótên watawís dangu katungkå rawuhipún Bathårå Wisnu lan panakawan
andhêrêkakên Bathari Saraswati ingkang katingal gumêbyar mancóróng cahyanipún,
nyunari hangganipún Bathårå Bråmå, satêmah lajêng mudhar anggênipún sêmadi,
kasmaran dhatêng Bathari Saraswati.
Bathårå Wisnu ngaturakên sadåyå dhawúh Bathårå Bråmå lajêng póndhóngan
kaliyan garwå Bathari Saraswati.
Sasampunipún punikå, Bathårå Indrå ngandikå, manawi sampún kalaksanan sadåyå,
lajêng kadhawuhan énggal sowan dhatêng sang Hyang Jagad Guru ing Kahyangan
Junggring Salåkå. Sadåyå lajêng sami bidhal.

Bathari Sarawati

10. Madêg ingpråjå Gilíngåyå, Prabu Kålå Iråmbå, patíh lan pêpak pårå wadyå, ngajêng
ajêng utusan.
Bótên watawís dangu Kyai Téjåmantri lan Såråwitå sowan dumrójóg tanpå
tinimbalan.
Atúr uningå, bilíh wadyå punggåwå utusan sami pêjah sadåyå mêngsah Bathårå
Wisnu.
Prabu Kålå Iråmbå sakalangkúng dukanipún, ngêrigakên wadyåbålå sikêp sangkêp
sagagamaning prang, lajêng bidhal nglurúg dhatêng Kahyangan.
11. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathara Guru dipún sowani Bathårå,
Narådå lan sadayå pårå Déwå, ngaturakên kawóntênaníng lêlampahan.
Katungkå sowanipún Bathårå Gånå dipún iríd Bathårå Citråråtå lan sadayanipún.
Bathårå Gånå matúr dhatêng Bathårå Guru, nyuwún dipún ruwat rupi bagus kadós
pårå putrå Déwå sanèsipún.
Bathårå Guru trênyúh ing panggalíh, nglênggånå lêlampahan ingkang sampún
kalampahan.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=404&Itemid=153 4
Lajêng marêngakên panuwunipún ingkang putrå Bathårå Gånå.
Nuntên dhawúh dhatêng Bathårå Bråmå, kapuríh dadós lêlantaran ngruwat ingkang
rayi dadós rupi bagús kadós pårå sadhèrèk sadhrèkipún.
Bathårå Bråmå matúr sandikå, lajêng bidhal kaliyan Bathårå Gånå.
Pårå Déwa sami andombani tut wingkíng.
12. Madêg pakuwónipún påråyåka. Prabu Kålå Iråmbå nuju wóntên salêbêtipún
pakuwón, kadhatêngan Bathårå Bråmå lan Bathårå Gånå.
Bathårå Brama ngandika, manawi sanyatå Prabu Kålå Iråmbå kapéngín rabi
widådari, kêdah bêkti dhatêng Bathårå Guru lan pårå Déwå, sarta purún kurban,
ambucal kawadhaganipún, supadós jiwanipún manunggal kaliyan Bathårå Gånå.
Prabu Kålå Iråmbå matúr sandikå ngèstókakên dhawúh kanthi madhêp mantêp ing
manah.
Prabu Kålå Iråmbå mapan, lajêng dipún sórót nétranipún Bathårå Bråmå ingkang
têngah, ingkang bêntèr sangêt, ngantós dumugi pêjah, kuwandå sirnå lêbúr.
yitmanipún kapanjingakên dhatêng hangganipún Bathårå Gånå, déné Bathårå Gånå
kapuja dadós kawadhagan rupi bagús.
Nuntên késah sakíng ngriku, sarwi sêsumbar dhatêng wadyå yakså, manawi ratu
gustinipún sampún pêjah.
Manawi bótên narimahakên, kapuríh nututi lampahipún.
Patíh Kålå Wisudhåyakså sangêt ing dukanipún, ngêrigakên wadyåbålå, têrús nututi
palajêngipún Bathårå Bråmå lan Bathårå Gånå bagús.
13. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru dipún adhêp Bathårå Narådå
lan pårå Déwå, nampi sowanipún Bathårå Bråmå, kawadhagan lan jiwanipún
Bathårå Gånå, lan ngaturakên sadayå lêlampahanipún.
Bathårå Guru paríng sabdå, bilíh kawadhaganipún Bathårå Gana ingkang sampún
sajiwå kaliyan Prabu Kålå Iråmbå, rupi bagús, têtêp dipún anggêp putrå, kaparingan
jêjibahan ngimpún kapustakanipún pårå Déwå, ing bénjíng wênang rabi widadari,
kaparingan nåmå Bathara Måhådéwå.
Sartå Kahyanganipún Bathårå Bråmå kaparingan nåmå Kahyangan Swargåwahånå
inggíh Kahyangan Swargå dúksinå.
Katungkå sowanipún Bathårå Citråsénå, atúr uningå, manawi wadyå yakså sóróh
amúk wóntên ing Rêpatkapanasan.
Pårå Déwa énggal bidhal mapagakên mêngsah.
Ing payudan, pêrangipún wadyå yakså mêngsah wadyå dênåwå, wêkasan Patíh Kålå
Wisudhåyakså pêjah déníng Bathårå Bråmå,wadyåbålå yakså dhadhal mawút sírnå
lêbúr tumpês tapís dipún amúk pårå Déwa ingkang dipún manggalani Bathårå Bayu.
Tayungan.
14. Madêg ing Kahyangan Junggríngsalåkå, Bathårå Guru, Bathårå Narådå lan pêpak
pårå Déwa, sami sukå sukå déné sampún kalís ing bêbåyå.

Tancêp Kayón.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=404&Itemid=153 5
Bathårå Måhådéwå

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=404&Itemid=153 6

Anda mungkin juga menyukai