P. 1
Puspa Warna

Puspa Warna

|Views: 1,164|Likes:
Dipublikasikan oleh Ki Demang Sokowaten
menu puspawarna
menu puspawarna

More info:

Published by: Ki Demang Sokowaten on Feb 27, 2010
Hak Cipta:Attribution Non-commercial

Availability:

Read on Scribd mobile: iPhone, iPad and Android.
download as PDF, TXT or read online from Scribd
See more
See less

11/09/2012

pdf

text

original

Sections

01. Jagad Jåwå Akèh bangêt têmbúng utåwå têtêmbúngan síng biså digandhèngaké karo têmbúng Jåwå.

Têmbúng wóng digandhèngaké karo têmbúng Jåwå dadi wóng Jåwå, têmbúng manungså digandhèngaké karo têmbúng Jåwå dadi manungså Jåwå, têmbúng kulåwargå dadi kulåwargå Jåwå, têmbúng budåyå dadi budåyå Jåwå, têmbúng jagad dadi jagad Jåwå. Istilah jagad Jåwå pancèn cêdhak karo istilah budåyå Jåwå. Ånå síng ngarani lan nggêrbå mênåwå jagad Jåwå kuwi mêngku budåyå Jåwå. Jagad Jåwå luwíh jêmbar têbané tinimbang budåyå Jåwå. Bab budåyå mliginé budåyå Jåwå ugå jêmbar têbané. Ruang lingkúp lan kabèh kang kacakúp akèh bangêt. Prof Dr Koentjaraningrat ånå ing bukuné síng sêsirah Kêbudayaan Jawa njlèntrèhaké kanthi komplít bab kabudayan Jåwå. Kabudayan Jåwå ora bisa pisah karo wóng Jåwå, síng ånå ing pulo Jåwå wiwít såkå dumadiné têkan jaman saiki. Panjênêngané ngrujúk tulisané Th Pigeaud, BJO Schrieke lan WF Wertheim ngênani “variasi régional” kabudayan Jåwå. “Variasi régional” duwé têgês síng mèh pådhå karo bab tlatah, lingkungan, wilayah utåwå kawasan budåyå. Lingkungan budåyå Jåwå nyakúp ranah lan tlatah, yåkuwi: Bantên, Sundhå, Pêsisír Kulón, Banyumasan, Bagêlèn, Pêsisír Wétan, Nêgari Gúng (Suråkartå lan Ngayogyåkartå), Måncånêgari, Mêdurå lan Sabrang Wétan). Kêjåbå variasi régional kasêbút, Prof Dr Koentjaraningrat ugå njlèntrèhaké pérangan síng diarani kabudayan univêrsal (cultural univêrsals). Cacahé ånå pitu yåkuwi babagan: båså, sistêm tèknologi, sistêm panguripan utåwå ékonomi, organisasi sosial, sistêm pêngêtahuan, réligi lan kêsênian. Wêwatón bab-bab iku tinêmu mênåwå kabudayan Jåwå iku isiné, wujudé, pérangané, siji lan sijiné ora pådhå, tinêmu rupå-rupå lan manéka warnå síng jumbúh karo “sub kultur”-é utåwå wilayahé. Nyinau, naliti utåwå njingglêngi bab jagad Jåwå lan kabudayan Jåwå, bisa lan prayogå nganggo pratélan cacah pitu utåwå variasi régional mau. Ana ing babagan båså lan sastrå ånå síng diarani Sundhå, Jåwå lan Mêdurå. Isiné wêrnå-wêrnå ora múng bab dialèk, nanging kabèh síng kacakúp ånå ing båså lan sastrå Jåwå síng nglingkúpi tlatah Bantên, Pasundhan, Banyumasan, Pêsisiran, Suråkartan, Ngayogyåkartan, Sêmarangan, Jawa Timuran, Mêduran lan liya-liyané. Ing babagan sastrå ånå sastrå síng tinulis utåwå sastrå síng ora tinulís. Têbå lan isiné akèh bangêt kayåtå babad, riwayat, caritå gancaran, caritå cêkak, carita ginurit, saloka, novèl, ésèi, aksårå Jåwå (hå nå cå rå kå då tå så wå lå på dhå jå yå nyå må gå bå tå ngå) lan spituruté síng ånå lan tinêmu ing pulo Jåwå. Gêgandhèngan karo bab iki, Råmå Sudi Yatmånå ånå ing andaran Mbah Sétrå mènèhi tulådhå síng akèh bangêt. Kajåbå bab båså lan sastrå, kabudayan Jåwå ngêmót, mêngku, mêngkoni lan nyakúp ilmu (ngèlmu) Jåwå, kayåtå filsafat Jåwå, ngèlmu

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

1

sangkan paraníng dumadi, kêbatinan (ngèlmu kêjawèn), ngèlmu patitisíng pati, ngèlmu kasampurnan, kawaskithan, kalantipan, ngèlmu mistík utåwå tasawuf, kajiwan (ngèlmu jiwå), kanuragan, ngèlmu karang, guna kasantikan, pawukón, pétúng, pasatuwan, katuranggan, palintangan (horoscope), ramalan (jångkå), pralambang, ngèlmu kalang, ngèlmu wêwangunan (arsitèktúr), lan liyå-liyané síng cacahé akèh bangêt. Bab ngèlmu Jåwå akèh síng ditulis ånå ing kapustakan Jåwå (kuno, têngahan, anyar), naskah-naskah, manuskrip, primbón-primbón, wulangan, wêjangan, wêdharan, andaran, pitutúr, pêpali, sulúk, kidungan, têmbang (gêdhé,cilík) lan liyå-liyané. Ånå síng ditulís nangíng ugå ånå síng ora tinulís arupå tradisi lisan. Wulangan, ngèlmu lan “laku” Jåwå mênåwå dipilah-pilah, dipilíh-pilíh, dipånthåpånthå lan digånthå-gånthå, diothak-athík (dadi gathúk), dinalar lan dianalisís nganggo cårå (métodê, tèknik) sing “ilmiyah”, biså awujúd blêgêríng ngèlmu Jåwå utåwå “the body of Javaness sciences”. Såkå kabèh ilmu, ngèlmu utåwå pangawikan mau bisa ditimba sakèhíng bab, “asèt” utåwå “hartå-kåyå” kabudayan Jåwå síng cacahé, gunggungé, têbané jêmbar lan ngédab-édabi. Saupåmå banyu utåwå tirtå (bêníng, wêníng) kang ånå ing sumúr yèn ditimbå ora bakal êntèk, yå babagan kalahiran yå babagan kajiwan, yå lahiriyah yå batiniyah. Akèh síng lungíd, rumít, ngrawít, éndah, édi lan adi (luhúr, luhúng). Ånå ing babagan tèknologi, rékådåyå rékåyåså akèh tinêmu ånå ing ngèlmu kalang lan ngèlmu arsitèktúr Jåwå. Mulå ånå wangunan rupå Karatón lan lingkungané síng ngêmót akèhíng pérangan síng nduwèni lambang lan filosofi síng dhuwúr. Ånå síng diarani Alún-alún, Waringín (kurúng), Pagêlaran, Sitihinggil, Panggúng Sånggå Buwånå, pérangan Bangsal, lawang utawa Kori (Mangu, Gapít, Kêmandhungan, Srimanganti, Bråjånålå lan sapituruté), Gêdhóng, utåwå Dalêm Agêng lan satêrusé nganti têkan plataran Alún-alún sisíh kidúl. Wêwangunan síng ciri-ciriné khas Jåwå uga tinêmu ing njåbå Karatón pérangan lan jinisé akèh bangêt. Kabudayan Jåwå uga akèh ngêmót babagan sistêm ékonomi. Wulangan Jåwå ånå ing ékonomi mliginé ing bêbakulan lan dêdagangan luwíh nêngênaké bêbrayan, sêsrawungan, kêkancan, pasêduluran lan liyå-liyané, mula ånå têtêmbungan tuna satak bathi sanak. Ånå ing babagan sêni lan budåyå manungså Jåwå nduwèni pérangan sêni cacahé akèh bangêt, nglimputi sêni swårå: karawitan, gamêlan, géróngan, gêndhíng, lêlagón, sêndhón lêlangên swårå, sulúk, têmbang, måcåpat, musik lan instrumèn Jåwå liyané. Ånå ing babagan tari ånå tari bêdåyå, srimpi, bêksan, lênggót båwå, gambyóng, wayang wóng, bambangan cakíl, wirèng lan tari pêthilan, kêthoprak, srandhúl, ludrúk lan liyåliyané. Babagan sêni rupå tinêmu akèh bangêt ing candhi-candhi Båråbudhúr, Prambanan, Plaósan, Sèwu, Bókó, Pênataran, Bajang Ratu lan liyå-liyané ånå síng rupå kålå makårå, pradhaksinå, rêcå, patúng lan sapituruté. Pérangan sêni ugå akèh tinêmu ing pêwayangan lan pêdhalangan. Akèh bangêt lambang lan wulangan ånå ing pêwayangan lan pêdhalangan. Bab-bab síng magêpókan karo sêni, akèh bangêt paédah lan manfaaté, kayåtå:

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

2

nguripaké bab råså kaéndahan, ngalusaké tingkah laku lan kapribadhèn, nyurúng kréasi lan aprésiasi, biså mujúdaké kahanan síng timbang antarané intêlèktual (rasio) lan émosi. Durúng paédah lan manfaat síng arupå lêlagón, hiburan, tuntunan lan tóntónan sing ngrêsêpaké ati. Sêni budåyå Jåwå bisa nuwúhaké råså lan jiwå Jåwå, jatidhiri, kapribadhèn síng nduwèni ciri unik lan khas. Ånå ing Jagad Jåwå lan kabudayan Jåwå digêlar akèhing babagan kang rupå-rupå lan manékå warnå. Jagad Jåwå ngêmót éwóníng bab ånå ing jagadé manungså Jåwå síng uríp ånå ing tlatah Jåwå. Déníng : Ki Sutadi Pangarsa Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah.

02. L a k u Kétóké gampang túr prasåjå. Níng såpå síng biså nglakóni såkå wiwitan têkan pungkasan kanthi santoså, ajêg, tansah mbudi dåyå, sêtyå anggóné nanggulangi tumindak ålå. Nêtêpi wêdharané Mangku Nagårå IV: “ngèlmu iku, kalakóné kanthi laku, lêkasé lawan kas, têgêsé kas nyantósani, sêtyå budyå, pangêkêsé dúr angkårå”. Têmbúng laku kêsampar kêsandhúng ing båså lésan sartå tulís. Têbané jêro, åmbå lan murakabi (vèrtikal, horizontal lan intêgral). Tuladhané: 1. Lagi nglakóni, aja dibédå; 2. Åjå laku jinå, laku sèdhèng, laku cidrå; 3. Modhèl kåyå kuwi ora laku ing dhaérahku; 4. Têmbang gêdhé Kusumastuti kuwi laku 13 ; 5. Prayogå pådhå ngrêti laku-lakuné wóng amóng dagang; 6. Jumurúng pandóngå jêmbarå kuburé lêpaså parané kanggo kang lagi lêlaku; 7. Pagawéané nglakókaké dhokar; 8. Dhuwít sêthithík dilakókaké kalayan gêmi nastiti ngati-ati banjúr dadi akèh; 9. Ora prayogå tumindak sumúr lumaku tinimbå. Cêkak aósé, têmbúng laku kuwi mratah, gumléthak, cêdhak gampang dicandhak, gumléthak mlètrèk gampang diêmèk-êmèk. Kamångkå sêjatiné têmbúng kuwi dadi punjêr lajêr tumrap wigatining uríp kanggo bêbrayan Jåwå. Paku Buwånå IV mrêtèlakaké : “Dadiå lakunirèku, cêgah dhahar lawan gulíng, lan åjå asukå-sukå, ålå wataké wóng sukå, nyudå prayitnaning batín”. Prayitnå ing batín iku minångkå lambaraníng pangudi. Nganggo sawêtårå, ora kêbablasên.
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

3

Ngurangi mangan lan turu. Élíng yèn isíh akèh síng durúng biså mangan, ora bisa turu. Malah kêpårå akèh síng mati amargå kêwarêgên tinimbang síng mati amargå kêluwèn. Cobå, nyuwunå prikså marang kang pådhå sugêng saras panjang yúswå kaé, åpå pådhå kêrêp kêwarêgên? Ora kurang-kurang R Ng Rånggåwarsitå paríng bundhêlan marang såpå waé: “mangkéné patrapipún, wiwít anèm amandêngå laku, ngêngurangi mangan turu sawêtawís, amêmêkak håwå nêpsu, dhasarånå andhap asór”, åpå bisa ? Lha månggå. Pancèn nyåtå síng andhap asór síng diunggúlaké, déné síng ngunggúlaké dhiri síng diasóraké. Sabên wóng Jåwå, ngurangi mangan sasêndhók, banjúr ånå bêras pirang tón kang biså didanakaké. Sabên wóng Jåwå, sabên dinå anggóné turu dikurangi sêprapat jam, banjúr sasasi, sêtaún pirang jam, biså kanggo sinau, kanggo gladhèn ningkataké sumbêr dayané. Wiwít bocah nganti wóng tuwå ora masalah. Pancèn ånå bocah síng nuwani lan iyå akèh wóng tuwå síng mbocahi. Lha yèn anggóné sadhar wís kêbacút tuwå, wís tuwå nêdyå nindakaké laku kasêbút. Kuwi jênêngé kasèp. Lha yèn kasèp kêpriyé ? Yèn kasèp résiko tanggúng pênumpang. Amargå laku iku bhåwå (Sanskêrta), håwå iku process, process kuwi prolog nalog épilog, púrwå madyå wasånå. Tan kênå ora “the man behind the process, senior yunior medior”. This is a must: mudhå, madyå, wrédhå. Déníng : Sudi Yatmånå

03. Laku Utåmå Andarané Råmå Sudi Yatmånå bab laku ndudút ati lan kêpéngín ngganêpi. Laku tumrap wóng Jåwå síng (isíh) njåwå pancèn pêntíng. Wulangan Jåwå akèh kang nuntún supåyå pådhå nindakaké laku (bråtå) síng apík, bêcík, utåmå síng béda karo “lakuné” kéwan. Amargå manungså kuwi tinitah supåyå drajaté luwíh dhuwúr-luhúr katimbang kéwan. Wêlingé, åjå nganti drajaté pådhå karo kéwan. Manungså diwêlíng supåyå duwé laku síng utåmå, såkå têmbúng Sanskêrta uttama. Wulangan, pitudúh, pitutúr ngênani laku utåmå ånå ing budåyå lan sastrå Jåwå akèh bangêt. Sêrat-sêrat anggitané Sri Mangkunagårå IV ngêmót wulang warnå-warnå supåyå nduwèni tumindak utåwå laku kang utåmå. Ånå laku síng kudu dilakóni déníng para santånå, pårå punggåwå åpå déné pårå kawulå marang gustiné. Kêjåbå såkå iku ånå laku tumrap muríd marang guruné, pårå putrå marang wóng tuwané. Ånå ing Sêrat Warayagnyå mènèhi pitutúr tumrap putrå síng arêp pålåkråmå supåyå duwé nalar síng wêníng lan landhêsan hukúm. Yèn hukúm ditinggal têmah dadi nisthå. Supåyå ora kêduwúng nganggo nalar kang
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

4

wêníng: kang dhingín bóbót, pindho bêbêt, katri bibít. Wulangan bab laku utåmå tumrap anak tinulís ing Sêrat Paliatmå. Pali pådhå karo papali/awisan, atmå putrå. Paliatmå papali tumrap putrå síng isiné ånå 15 (limå las) bab, utamané bab njågå baléwísmå, sukúr marang Hyang Widhi, ngrêkså lan ngaubi pårå kadang, kuwajiban marang sasåmå, njågå kaluhuran, karukunan, khalal-kharam, åjå ånå ålå-ingalanan, lan sapituruté. Ånå ing Sêrat Yogatåmå ugå ånå wulangan tumrap pårå putrå supåyå tansah nindakaké ulah yogå, pujå, bråtå lan tåpå. Kabèh isiné apík-apík, ora gampang di cakaké nangíng nuntún marang tumindak utåmå. Ånå ugå laku síng kudu di tuladhani déníng pårå punggåwå, nayåkå pangêmbatíng pråjå ånå ing Sêrat Nayåkåwårå. Bab-bab síng magêpókan karo kawiryan lan kawicaksanan ing olah kaprajan supåyå diudi. Têmbang Dhandhanggulå pupúh 6, muni: “Wardiníng kang wasitå jinarwi, wrúh ing hukúm iku watêkirå, adóh marang kanisthané, pamicårå punikå, wèh rêsèpé ingkang miyarså, tåtåkråmå punikå, ngêdóhkên panyêndhu, kagunan iku kinaryå, ngupabogå déné kalakuwan bêcík, wèh rahayuníng rågå”. Mêthík såkå wulangan iki, pårå nayåkå pråjå “wajíb” ngêrtèni lan ngêcakaké hukúm utåwå undhang-undhang. Mênåwå hukúm dilanggar bisa mlêbu ing jurang kanisthan. Kêjåbå såkå iku pårå nayåkå pråjå supåyå biså njågå bab “ilat, ulat lan ulah”. Ånå ing babagan ilat (wicårå) síng ngati-ati, åjå méncla-ménclé, “ésúk dhêlé soré témpé”. Ajiníng dhiri såkå lathi, ajiníng awak såkå tumindak. Bab ulat lan ulah kudu dijågå supåyå bisa nuwúhaké kêrahayón tutús tutúg ngabdi ånå ing pråjå. Laku utåwå watak bêcík tumrap pårå prajurít uga diwulangaké ånå ing Sêrat Tripåmå. Tri têlu, påmå pami, upami têtuladhan, tuladhan síng cacahé têlu. Tulådhå tumrap pårå prajurít supåyå niru wataké Patíh Suwåndå, kang ginêlung tri prakårå yakuwi: - gunå, - kåyå, - purún. Wataké sang Kumbåkarnå satriyå Ngalêngkå ugå biså dadi tulådhå amargå ngrungkêbi pråjå labúh nagårå. Wataké Suryåputrå narpati Ngawånggå, amårgå suwitå lan dadi agul-agul Ngastinå (têtêp) mbélani Kuråwå prang lawan Arjunå. Laku utåmå kang katindakaké pårå parågå têlu mau kalêbu ing babagan lêlabuhan tumrap pråjå. Ånå manèh tulådhå liyané síng bisa dibundhêli lan dipundhi-pundhi. Radèn Ngabèhi Rånggåwarsitå kadhawuhan déníng Pakubuwånå X supåyå nyalin Sêrat Nitisruti anggitané Panêmbahan Sénópati, dadi têmbang síng éndah lan nyênêngaké. Ånå ing Sêrat Nitisruti digambaraké kåyå déné (watak) pêndhitå utåmå lan sêmpurnå. Sabiså-biså manungså iku diibarataké kåyå wít cêndhånå. Sanadyan wís ambrúk lan dadi cilík-cilík têtêp nduwèni gåndå arúm kang ngambar têkan ngêndi-êndi.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

5

Kabèh mau amargå duwé ati síng apík, jêmbar kåyå langít síng ora ånå mégané. Krêntêgíng ati kudu tansah apík marang sasåmå. Sabanjuré laku utåmå utåwå utamaníng bråtå sinêbut ing Wédhåtåmå : “nulådhå laku utåmå, tumrapé ing tanah Jawi, wóng agúng ing Ngèksigåndå, Panêmbahan Sénópati, kapati amarsudi, sudaníng håwå lan nafsu, pinêsu tåpå bråtå, tanapi ing siyang ratri, amêmangún karyénak tyasíng sasåmå”. Ånå bab pêntíng síng pêrlu dijingglêngi, yåkuwi kapati amarsudi, sudané håwå lan nafsu. Håwå nafsuné dipèpèr dipêrsudi supåyå sudå. Håwå nafsuné dirèh åjå malah dirèh karo håwå nafsu. Ånå ing uripé bisaå ngêrèh håwå nafsu, åjå malah dadi kawulané håwå nafsu. “Pêngêndalian diri” dadi punjêríng tumindak ånå ing ngêndi baé. Sênadyan akèh bangêt wulangan ånå ing susastrå Jåwå, pêrlu dingêrtèni lan diyakini mênåwå wulangan laku utåmå tinêmu ing agåmå-agåmå: Islam, Kristên, Katholik, Hindhu, Budå lan Khóng Hu Chu. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah.

04. Budi Pêkêrti Råmå Sudi Yatmånå ngandaraké bab Budi Pêkêrti kanthi gamblang. Kåyå padatan, Råmå Sudi miwiti andarané nganggo piranti morfologi lan étimologi. Asalé têmbúng budi såkå båså sansêkêrta budh síng têgêsé: nglilír, tangi, gumrégah, sadhar ing babagan kajiwan. Sabanjuré têmbúng pêkêrti síng nduwèni têgês: tumindak, tumandang, makaryå, makarti ing babagan karagan. Pêkêrti ånå sambúng rakêté karo tindak-tandúk jiwå lån rågå, lair lan batin. Budi pêkêrti biså dipilah, nangíng ora biså dipisah. Gêgandhèngan karo bab iku, ånå têtêmbungan síng sinêbút mono dualistik. Bab loro síng biså dipilah nangíng ora bisa dipisah. Ånå ing kawrúh métapisika sinêbút the law of two, paugêran loro síng tansah ånå. Lahír pasangané batín, ålå pasangané bêcík, salah-bênêr, padhang-pêtêng, luhúr-asór lan sapituruté. Mulå ånå budi lan pêkêrti síng biså dipilah dadi luhúr-asór, utama-nistha, ålå-bêcík lan liyå liyané. Budi lan pêkêrti síng ålå prayogå di singkiri, nangíng budi lan pêkêrti síng bêcík prayogå diudi lan dicakaké ing bêbrayan. Råmå Sudi ugå nyitír tulisané Edi Sêdyawati síng nyêbútaké ciri-ciri budi pêkêrti luhúr síng cacahé 56. Kayåtå srêgêp nyambút gawé, nduwèni tanggúng jawab, disiplin, iman mantêp, andhap asór, pikirané mênêp, pikirané jêmbar, prasåjå, gumrêgút, kónstrúktif, tansah muji syukúr lan liyå-liyané. Sabanjuré ugå nyêbút watak síng nduwèni nilai-nilai luhúr ing bêbrayan Amérika lan Inggrís, yakuwi jujúr, wani, rukún, unggúl pribadiné, disiplin, sêtyå, urmat, trêsnå,
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

6

tanggap, andhap asór lan adíl. Lêlandhêsan Kónfêrènsi Budi Pêkêrti ing Jakarta 26-28 Óktóbêr 2000 ånå rékomèndasi síng sambúng karo cak-cakané budi pêkêrti, yakuwi liwat pêlatihan lan pakulinan, patuladhan lan srawúng kang lugas. Ki Hajar Déwantårå ugå mratélakaké mênåwå cak-cakané budi pêkêrti luhúr disêbútaké ånå ing tataran dhiri pribadi, kulåwargå, bêbrayan, sêsåmå lan bångså. Gêgandhèngan karo andarané Råmå Sudi kasêbút, ånå bab-bab wigati síng pêrlu dijingglêngi. Budi pêkêrti luhúr ora bisa pisah karo étika, utawa kawrúh bab ålå-bêcík. Franz Magnis Susénó ana ing buku “Etika Dasar”, jlèntrèhaké kanthi kómplít ngênani étika síng ånå sambúng rakêté karo ajaran moral. Étika lan ajaran moral dadi sarånå síng nuntún såpå waé supåyå bisa uríp síng bênêr, wicaksånå, sampúrna, éndah lan sapituruté. Kanggo mujúdaké kahanan iki pêrlu paugêran, norma, kaidah, tåtåkråmå, tåtåsusilå, tåtåcårå, étikèt lan sapituruté, síng kudu diugêmi lan ditaati. Budi pêkêrti luhúr orå biså pisah karo sumbêr utåwå tuk-é étika lan ajaran moral, yakuwi ånå ing agåmå-agåmå Hindu, Budhå, Kristên, Islam, Khóng Hu Cu, aliran Kêpêrcayaan, Kêbatinan lan mistisismê. Akèh bangêt piwulang utåwå ajaran agåmå síng nuntún supåyå biså urip apík, nêmu bagyå lan mulyå ing ndonya lan akhérat. Ånå ing filsafat Taoism uga akèh ngêmót kaidah utåwå ajaran moral síng nudúhaké dalan kêbajikan, kautaman, kawicaksanan lan kaluhúran. Ajaran åpådéné nilai-nilai ètis lan moral uga tinêmu ing sêni sastra, sêni tari, sêni rupa, musik, dongèng, têmbang lan sapituruté. Ajaran ètik lan moral uga tinêmu ing jagad pêwayangan. Dr Hazim Amir MA ånå ing buku “Nilai-nilai Ètis dalam Wayang” ngandaraké kanthi gamblang lan komplít nilai-nilai ètis kasêbút. Ånå ing pêwayangan akèh bangêt bab síng biså dadi sarånå kanggo pêndidikan watak. Pagêlaran wayang síng nduwèni unsúr-unsúr kaéndahan, yåkuwi sêni sastra, widya (filsafat lan ilmu), péntas, karawitan lan sêni ríptå (kréativitas), biså dadi salah sijiníng sarånå pêndidikan budi pêkêrti. Lumantar pagêlaran wayang, biså dadi altêrnatif métodê pêndidikan watak síng cócók. Amargå, tuntunan lan wulangan ing pêwayangan ora nduwèni sifat dóktrinèr, biså ditóntón, dirungókaké lan dirasakaké. Lakón-lakón wayang síng sumbêré såkå kêkawin Mahabarata lan Ramayana, nduwèni nilai-nilai síng éndah, unik lan adi luhúng. Parågå utawa tókóh-tókóh ing pêwayangan síng nduwèni watak bêcík, bisa dadi conto lan tulådhå. Wêwatón sumbêr-sumbêr ajaran étika lan moral síng akèh bangêt mau, budi pêkêrti luhúr bisa di udi, dikulinaké lan dingrêmbakakaké. Pêndidikan budi pêkêrti ånå ing bêbrayan síng lagi nandhang krisis múlti dimènsi prayogå dipilah lan ditåtå. Pêndidikan budi pêkêrti (luhúr) dadi babagan síng wigati amargå nduwèni nilai-nilai síng éndah lan adi (luhúng) kanggo mbangún watak bångså (nation and character building). Déníng : Sutadi, Pangarsa Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

7

05. L ê l u h ú r Têmbúng dwipúrwå lêluhúr såkå têmbúng linggå luhúr kang têgêsé dhuwúr. Kabèh kuwi miturút kontèks kang sumadhiyå. Déné lumrahé têmbúng luhúr kuwi ugå ngêmót råså wigati, bêcík lan utåmå. Akèh têtêmbungan kang nggunakaké têmbúng luhúr, kayåtå: budi pakarti luhúr, marsudi luhúr, pangudi luhúr, pawiyatan luhúr, majlís luhúr. Uga akèh jênêng kang nganggo têmbúng luhúr, kayåtå: - Luhúr Pambudi, - Luhúr Winasís, - Warsitå Luhúr, - Sri Luhúr Wigati. Têmbúng lêluhúr pådhå karo luhúr-luhúr, atêgês dhuwúr-dhuwúr, yåiku kang ånå ing dhuwúr-dhuwúr. Sabanjuré têmbúng lêluhúr minångkå istilah wóng tuwå sapandhuwúr kang wús nurúnaké. Lêluhúr kuwi ånå sing isíh sugêng, ånå lan akèh kang wís murút ing kasidan jati. Awaké dhéwé iki pådhå duwé lêluhúr yåiku wóng tuwå sakalórón, båpå lan biyúng. Dadi, båpå biyúng ånå båpå biyungé. Båpå biyungé båpå biyúng iyå ånå båpå biyungé, mangkono sapandhuwúr. Síng wís pådhå omah-omah, duwé bojo, gadhah sémah, kagungan garwå (garbhå) wóng tuwané dadi papat. Wóng tuwå såkå awaké dhéwé loro, lan wóng tuwa såkå sisihané uga loro. Wóng papat kuwi mêsthi wóng tuwané wólu. Wólu aran êmbah, simbah utåwå éyang. Êmbah wólu kuwi wóng tuwané mêsthi nêmbêlas. Nêmbêlas kuwi aran buyút. Sapandhuwúr wóng tuwané buyút cacah têlúng pulúh loro, arané canggah. Lêluhúr sandhuwuré yaiku warèng, cacahé ånå sêwidak papat. Têrusé udhêg-udhêg, ånå satus wólu likur. Banjúr gantúng siwúr, róng atús sèkêt ênêm. Gropak sénthé limang atús rolas. Kandhang bubrah sèwu pat likúr. Ing ndhuwuré manèh dêbóg bósók, ånå róng èwu patang pulúh wólu. Sabanjuré têkan tataran 11 gunggungé wís ånå patang èwu sangang pulúh ênêm, kuwi diarani galíh asêm. Mangkono satêrusé sandhuwuré. Mångkå saupåmå salah siji såkå kasêbut lêluhúr kuwi ora tinitah ing alam padhang iki, aliyas ora èksís, wósé ora sugêng ing ndonyå iki, lha åpå awaké iki ånå? Mulå prayogané pårå lêluhúr kasêbut kinúrmatan, dimúlyakaké, cinandhi ing salumrahé. Awaké dhéwé iki ing saiki lan ing mêngkoné iyå pådhå dadi lêluhúr; lêluhuré pårå anak, putu, buyút, canggah, warèng, udhêg-udhêg, gantúng siwúr, gropak sénthé, kandhang bubrah, dêbóg bósók, galíh asêm, sartå trah tumêrah turún tumurún mênggênêrasi amangún lan ambangun tuwúh, nuhóni darmané uríp. Iku laku jåntrå jlèntrèhíng ngauríp síng såpå ora ngluhúraké pårå lêluhuré, pantês baé ugå ora diluhúraké déníng kang binakal lêluhúr sartå turún-turúné.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

8

Bêbrayan sadonyå iki duwé cårå lan adat dhéwé-dhéwé tumrap ngluhúraké pårå lêluhúr. Ånå síng tilík kubúr, bêrsíh kubúr, rêsík kubúr, kirím dongå, wilujêngan mêmulé utåwå nyandhi, wilujêngan ruwahan, ziarah, misa arwah, ngêsúr tanah, nêlúng dinå, mitúng dinå, matang pulúh, nyatús, mêndhak pisan, mêndhak pindho, nyèwu, kól, haúl, lan sajinisé kuwi. Sanadyan wús sawatårå suwéné anggóné sédå (1350) éyangé, Gayatri; Hayam Wurúk nganakaké pangêtan ing taún 1362 aran sraddha. Sarirané ingkang éyang ginubah ginambar måwå rêróncèn ing kêmbang, sarta winarnå (dicritakaké) munggúh labúh labêté åpå déné åpå baé kang bisa tinulad tinuladhå dadyå sudarsanèng têdhak turún-turuné (Nêgarakêrtagama; Pararatón). Ing bêbrayan nganti tumêkå saiki isíh katón lan karåså nuwansa pèngêtan kang kadyéku. Bêbrayan isíh pådhå nyraddha, nyraddhan (nyadran) sarta anawúng lan anawúr kêmbang, sêkar; pådhå ngêmbang utåwå nyêkar. Pårå mitra ing ngrikå, Amérika, ing sasi Novèmbêr pådhå balík ndésané dhéwé-dhéwé, saprêlu bêbarêngan karo kulawargå kulawangså kulabråyå nglêksanani silaturahmi karo síng isíh uríp, matúr nuwún marang Gusti Allah awít sakèh sakabèhíng bêrkah kang ruméntah marang pårå tinitah, kanthi pangêtan Thanksgiving Day, kalayan angalimputi ngluhúraké pårå lêluhúr, kang tandhês tundhóné angluhúraké Hyang Mahaluhúr, luhúrluhuríng ngaluhúr, sangkan Paraníng Pårå Lêluhúr. Déníng : Sudi Yatmånå

06. Nyadran lan Lêluhúr Råmå Sudi Yatmånå njlèntrèhaké bab lêluhúr kanthi gamblang. Lêluhúr pådhå karo luhúr-luhúr, yaiku kang ånå ing dhuwúr-dhuwúr. Ånå síng nyêbút, pårå éyang síng wís sédå utåwå surúd ing kasédan jati. Wóng Jåwå ugå ånå síng nyêbút, pårå éyang síng wís kóndúr ånå ing têpêt suci, lokåbåkå utåwå alam kêlanggêngan. Ing tlatah Surakartå, ugå ånå síng nyêbút éyang síng wís suwargi. Amargå pêrcåyå mênåwå arwah éyangé wís munggah ånå ing suwargå. Tradisi nyadran tumrap wóng Jåwå dianggêp pêrlu lan pêntíng. Umumé ditindakaké ing sasi Ruwah (såkå têmbúng arab arwah), sêpulúh dinå sadurungé ngibadah påså, akèh kang pådhå nyêkar pårå lêluhuré. Råmå Sudi Yatmånå ngétúng siji mbåkå siji wiwít såkå båpå biyung têkan sapandhuwuré. Ånå ing ngèlmu Kêjawèn, wiwít anak lan båpå biyúng sapandhuwúr sinêbút sêjarah rolas síng gunggungé kabèh ana 4094 (patang èwu sangang pulúh papat). Pilahané, 1. båpå biyúng (2), 2. mbah (4), 3. buyút (8),
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

9

4. canggah (16), 5. warèng (32), 6. udhêg-udhêg (64), 7. gantúng siwúr (128), 8. gropak sénthé (256), 9. têbu sinósóg (512), 10. pêtarangan bubrah (1024), 11. amún-amún (2048). Tradisi Jåwå pancèn unik nduwèni ngèlmu síng mènèhi pêpélíng marang anak (putu) supåyå ngêrti marang lêluhuré. Anak dikêkudang supåyå ngêrti båpå biyúng síng ngukir jiwå ragané. Sabanjúré digulå wênthah supåyå ngêrti marang mulå bukané wiwít mbah, mbah buyút, canggah, warèng lan sapêndhuwuré. Ånå sêsêbutan liyané, supåyå anak putu ngêrti sarasilahé. Sawisé ngêrti, diwêlíng supåyå dipêpundhi, amargå kabèh mau pêpundhèné. Ing sasi ruwah iki akèh pêpundhèn síng disowani lan dirêsiki. Nyadran tumrap wóng Jåwå dianggêp wigati, amargå ånå bab kang sambúng karo tradisi spiritual. Istilah tradisi, mulå bukané såkå têmbúng latin tradere utåwå traditio (båså mancané transmit, handing down) , têgêsé “maríngaké såkå ndhuwúr”. Síng diparingaké babagan kang nduwèni nilai kang adi (luhúng, luhúr). Tumuruné bab kang adi mau ånå síng wujúd piwulang (ajaran,dóktrin) réligi, nangíng ugå ånå kang wujúd piwulang métaphisika. Ånå ing jagad Kêjawèn akèh bangêt tradisi síng ånå sambúng rakêté karo slamêtan. Clifford Geertz, síng nulís buku “Abangan, Santri, Priyayi dalam Masyarakat Jawa”, gamblang anggóné ngandaraké bab slamêtan ing masyarakat Jåwå. Akèh bangêt tåtåcårå slamêtan síng dianani ing padésan tlatah Mójókuthó (Paré) Jawa Timur. Tradisi síng gêgayutan karo slamêtan lan lêluhúr, ugå di jlèntrèhaké déníng Koentjaraningrat ing bukuné “Kêbudayaan Jawa”. Masyarakat síng ngrasúk faham (théologi) Jåwå pådhå nindakaké upacårå nyadran ing sasi Ruwah supåyå pådhå ora lali marang asal-usulé. Råmå Sudi Yatmånå kanthi pratitís nyêbút tilík kubúr, bêsík kubúr, rêsík kubúr, kirím dongå, slamêtan, mêmulé utåwå nyandi, ruwahan, ziarah, misa arwah, ngêsúr tanah, nêlúng dinå, mitúng dinå, matang pulúh, nyatús, mêndhak pisan, mêndhak pindho, nyèwu, khól lan sapituruté. Kêjåbå såkå iku, ugå nyêbút upåcårå sraddha minangka pèngêtan sédané Gayatri déníng Prabu Hayam Wurúk ing tahún 1362. PJ Zoetmulder ånå ing buku Kalangwan ugå nyritakaké bab upåcårå sraddha kanggo mèngêti sédané Tribhuwana Tungga Déwi ånå ing tahún 1350. Upåcårå sraddha minångkå pèngêtan raja-raja síng wís pupút yuswå ugå sinêbút ing kidúng Banåwå Sêkar, nganggo ubå rampé wujúd baitå (prau) síng digawé såkå kêmbang (púspå, sêkar). Ya amargå såkå upåcårå iku, síng diarani nyadran saka têmbúng sraddha, nyraddha, nyraddhan, têrús dadi nyadran. Tradisi nyadran ora biså pisah karo kêmbang utåwå sêkar. Mula ånå istilah nyêkar pårå lêluhúr nganggo ubå rampé kêmbang (mawar,

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

10

kênångå, mlati, têlasih lan liya-liyané). Ånå ing bêbrayan, kêmbang dadi pratåndhå (lambang, simból) sêsambungan utåwå taliråså trêsnå, asíh, dúhkitå, sungkåwå lan liya-liyané. Tradisi nyadran pranyåtå wís lumaku wiwít jaman Måjåpahít nganti saiki. Pakúrmatan kanggo lêluhúr isíh lêstari têkan saiki lan dipêpêtri déníng masyarakat, khususé ing tlatah padésan. Nyêkar ing sasi Ruwah nduwèni suråså utåwå wulangan marang anak putu supåyå pådhå trêsnå lan élíng marang lêluhúr. Tradisi nyadran (bêsík kubúr, tilík kubúr) ngélingaké tumrap såpå waé supåyå pådhå ngêrti marang pårå lêluhúr síng saiki wis ånå ing alam kubúr. Babagan tilík kubúr utåwå ziarah pancèn dipratélakaké ånå ing agåmå Islam supåyå pådhå kèlingan bab pati. Bab pati ånå sêsambungané karo bab uríp síng ora suwé. Paribasané kåyå wóng mampír ngombé. Mulå ånå têmbang Dandhanggulå síng muni: “Sanépané wóng uríp puniki, anèng ndonyå iku umpamanyå, múng kåyå wóng mampír ngombé, umpåmå manúk mabúr, lêpas sakíng kurunganèki, pundi méncókíng bénjang, åjå kóngsi klèru, umpåmå wóng njan sinanjan, ora wurúng mêsthi bali mulíh, mríng asal kamulanyå”. Minångkå dudutan : nyadran iku ngluhúraké lêluhúr kang tundhóné supåyå élíng lan manêmbah marang Kang Maha Luhúr. Déníng : Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

07. U r í p Généå aku nulís iki. Yågéné panjênêngan måcå tulisan iki. Åpå sêbabé ånå síng nêrbitaké koran. Jalaran åpå kók pådhå nglópêri koran. Sêbab åpå panjênêngan kók ngunjúk lan dhahar. Awít åpå pådhå sênêng sinau. Amargå åpå kêpéngín sêmat, pangkat lan drajat. Sêbab åpå pådhå jêjodhoan. Kabèh kuwi wangsulané pådhå, múng siji, múng satêmbúng, yåkuwi amargå : uríp. Mapan ånå ing linguistik kapratélakaké lira-liruning swårå kang ora ngowahi têgêsíng têmbúng (hukúm bunyi), tulådhå: Rårå Mêndút pådå karo Lårå Mêndút, ugå Dhara Mêndut (prawan síng mêndutmêndut). Pari karo padhi. Bêras karo pêtas. Ugå babagan wolak-walikíng swårå (métatésís), tuladhané : tipís karo sipit, lóntar karo róntal. Sapu kuwi kanggo usap-usap, mulå ånå usap astå aliyas sapu tangan. Yèn sêgå diusap mênyang lambé diarani suap.
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

11

Mangkono ugå suap-suap liyané kang kalêbu apús-apús. Bocah cilík luwé banjúr disuapi, atiné dadi puas. Ati puas kuwi ati síng gêdhé, gêdhéné sakiwak paús. Bali mênyang têmbúng uríp, wóng uríp kuwi duwé rupi. Jênêng uríp amargå isíh mêng-irúp håwå. Kålå-kålå wóng uríp kuwi yå piur-piur (pyur-pyuran), mula prayogå di-ipúr; la wóng diipúr waé isíh riup-riup (riyup-riyup). Åjå digolèki; déné yèn kêpêthúk åjå disélaki; kuwi aran ripu (mungsúh). Dèstún diajak samad-sinamadan tumuju puri-níng kawilujêngan. Uríp iki huríp Huríp kuwi hudhíp. Hudhíp hiya hidhúp. Huríp prayogå dipuríh, diudi, dirékådåyå. Yèn huríp ora dipuríh, biså dadi rupíh (ringkíh, lêmês). Suwéníng suwé (lambat laun, sooner or later) puhír yakuwi ndlèdèk. Jênêng uríp amargå isíh mênghirúp håwå. Cêthané isíh biså ambêgan. Ambêgan kuwi wujúd dayaníng uríp kang wigati, kang utåmå lan pratåmå. Yèn modhèl saiki uniné: “reathing is the first and the most importent competency of the life”. Bisaå pådhå nåtå lan unjal ambêgan, ngudi lingkungan kang séhat, rêsík lan murakabi (kalêbu mahas ing asêpi, manêkúng, manêgês, médhitasi, kóntèmplasi, ulah prana, ulah yoga lan isíh sadhabrêg manèh. Miturút síng pådhå marsudi ing babagan biologi, kómpêtènsining uríp liyané yaiku : - mêmangan kang mupangati, - ora watón anggêré mangan. - Ora uríp kanggo mangan, nangíng mangan muríh uríp. Mangan roti, mangan thiwúl, mangan kawrúh lan liya-liyané. Banjúr srawúng sacårå indhividhual lan sosiyal, vèrtikal, horizóntal lan intêgral. Têrús manjíng ajúr-ajèr, mómór, mómót, mómóng mêngku. Angón kósók tumuli êmpan papan. Bacuté ngudi kadhéwasan jiwa sartå rågå. Nganti mbangún tuwúh, turún tumurún, mêrégênêrasi (cf Rendra, 1991). Ånå kiwå ånå têngên. Ånå dhuwúr ånå cêndhèk. Ånå bungah ånå susah lan sapanunggalané. Dadi, ånå uríp ånå mati (pati). Ngêndikané pårå pamarsudi uríp lan mati iku siji, mati lan uríp iku siji. Barêng ndungkap yúswå, panyuwuné R Ng Rånggåwarsitå marang Allah : sagêdå sabar santoså, mati sajroning uríp. Mulå bóróng anggå (amargå) sawargå mêsi martåyå (ing kånå kuwi maisi isiné uríp utåwå amartå). Logikané yèn bisa mati sajroning uríp, ugå bisa uríp sajroning mati. Punikå urusanipún Ngrikå. Déníng : Sudi Yatmånå

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

12

08. P r å j å Babagan pråjå têbané jêmbar bangêt amargå sêsambungan karo bab nêgårå lan pamaréntahan. Ulah kaprajan nyakúp laku jantraníng nêgårå lan pamaréntahan. Babagan ngatúr nagårå lan pamaréntahan dianggêp wigati wiwít anané kratón, pênjajahan walåndå nganti saiki jaman transisi démokrasi. Kadhang kålå, pråjå ugå ditêgêsi kratón, nêgårå, nuså lan bångså. Karana iku pråjå duwèni têgês pådhå karo kratón utawa nêgårå. Mulå ånå têtêmbungan utåwå wêlingan: “síng bisa njågå pråjå, síng biså njågå nuså lan bångså. Ånå ing bêbrayan lumrah dadi kaprah, têmbúng pråjå diungkrêt dadi cilík têbané. Mulå ånå têmbúng prajané wanitå, prajané priyå, prajané kórps, kêsatuan lan liyåliyané. Pråjå banjúr ditêgêsi: kapribadhèn, watak, harkat utåwå martabat. Têmbúng pråjå ugå akèh digunakaké kanggo jênêng wóng amargå ngabdi dadi nayåkå pråjå, contoné Pråjå Pangarså, Pråjå Suradyå, Praja Supråbå, Rêkså Hadi Pråjå, lan sapituruté. Ånå ugå kanggo jênêng papan utåwå pahêman lan paguyuban, kayåtå Pasar Pråjå, Pråjå Laras, Ngèsthi Pråjå, Ngèksi Pråjå lan liyå-liyané. Babagan pråjå ånå sambúng rakêté karo têmatané pråjå supåyå têmåtå. Pråjå ditåtå nganggo tatanan síng têmåtå. Bab kaprajan wís lumaku suwé wiwít jaman kuno têkan saiki. Kêjåbå såkå kuwi bab síng sêsambungan karo tåtå-pråjå ugå tinulís ing naskah-naskah kuno kayåtå: Pararatón lan Nagarakêrtagama. Awêwatón naskah-naskah kuno iku Prof Dr Slamêt Muljånå nulís buku yåkuwi “Pêmugaran Pêrsada Sêjarah Lêluhur Majapahit” lan “Pêrundang-undangan Majapahit”. Prof M Yamin ugå nulís buku ngênani “Tatanêgara Majapahit”. Napak tilas såkå buku-buku kasêbút akèh bangêt bab síng biså dadi sumbêr informasi åpådéné réfêrènsi bab kaprajan. Lêlandhêsan karo bab-bab iku, ora múng têmbúng (istilah) síng tinêmu ånå ing kaprajan jaman Måjåpahít nangíng ugå bab-bab síng magêpókan karo téori, kónsèp, struktur birokrasi, sêsanti, prinsip-prinsip dhasar (grund norm), kawicaksanan, filosofi pêmêrintahan lan liyå-liyané. Wêwatón naskah-naskah kunå, ånå têmbúng utåwå istilah síng apík lan pantês dadi têtimbangan lan réfêrènsi ing ulah kaprajan wêktu iki. Kanthi cathêtan utåwå wêlingan: tèks kudu nggatèkaké karo kóntèks. Bab síng sêsambungan karo istilah akèh síng rujukané såkå têmbúng Jåwå kuno, kayåtå: - Grhadhika Bhakti Praja, - Grahadi, - Sasana Wanodya Wiratama, - Graha Sabha Prêmana, - Bina Graha lan liyå-liyané. Émané ånå síng nggunakaké istilah-istilah mau kurang bênêr utawa klèru. Mbók mênåwå amargå kurang tliti lan kêsusu amargå ngoyak wêktu, kurang cèk lan

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

13

ricèk. Tundhóné dadi ora bênêr, salah trús kaprah. Contoné têmbúng såkå båså Sanskêrta “Graha” mêstiné ditulis Grha. Têmbúng graha ana ing Old Javanese-English Dictionary tegese (1) eclipse (2) planet (3) name of aprticular evil demond (4) seizing, takeng (5) crocodile .... “Dêmak níng móng lawan graha ula”. Wêwatón iku mulå ånå sing nafsiraké mênawa Bina Graha duwé têgês bina buaya (apa pêrlu diganti ?). Ånå ing kaprajan isih akèh tinêmu lambang nêgårå apadéné sêsanti-sêsanti sing sumbêré såkå båså lan sastrå Jåwå, jagad pêdhalangan lan liya-liyané, tuladhané : Bhinéka Tunggal Ika Tan Hana Darma Mangrwa, déné utamané Nåtå bêrbudi båwå laksånå, sabdå Pandhita Ratu tan kêna wola-wali, Bhakti Praja, Madya Praja, Nindya Praja, Wasana Praja lan liyå-liyané. Akèh bangêt sêsanti ing lambang Daérah Provinsi utåwå Kabupatèn/Kota, kayåtå: - Jawa Timur “Jêr Basuki Måwå Béå”, - Jawa Barat “Gêmah Ripah Ripih Rèpèh”, - Jawa Têngah “Prasêtyå Ulah Sakti Bhakti Pråjå”, - Kabupatèn Klatèn “Tumêngå Tåtå Hanggatrå Nagårå”. - Kabupatèn Têmanggung “Bhumi Pålå”. Såkå têmbung bumi patålå utåwå pråtålå lan liyå-liyané. Ing babagan kaprajan, rikålå jaman pênjajahan walåndå ånå têmbúng pangrèh pråjå. Pårå punggåwå, nayåkå pråjå wêktu iku ngåyåhi påkåryån síng åjêg mréntåh utåwå ngêrèh marang kawulané, marang rakyaté. Sawusé mardika dadi Pamóng Pråjå supåyå bisa ngatúr pråjå, nêntrêmaké pråjå ngêmóng kawulå. Gêgandhèngan karo akèhíng fungsi síng kudu ditangani, olah kaprajan ora múng mligi ing babagan régulasi nangíng nyakúp ayahan fasilitasi, négosiasi lan lêladi muríh raharjaning bångså lan nagårå. Pårå pangêmban pangêmbatíng pråjå kudu bisa mujúdaké profilé nayåkå pråjå síng profèsional, mumpuni ing ulah kaprajan. Pårå pamóng pråjå kudu bisa njågå wibawané, kudu rêsík lan duwèni harkat lan martabat síng pinuji, ngayómi lan nglindhungi. Ånå ing pêdhalangan ånå têmbúng: - awèh têkên marang wóng kang kalunyón, - awèh payúng marang kang kodanan, - awèh bogå marang kang kaluwèn. Ånå ing kaprajan wêktu iki ånå wulangan tumrap pårå pamóng pråjå supåyå pådhå tansah njågå pråjå, prajané éksêkutif lan prajané lêgislatif. Njågå martabaté éksêkutif ya njågå martabaté législatif. Pårå kawulå ngarêp-arêp supåyå pådhå nindakaké ulah kaprajan síng utåmå åjå pådhå nindakaké ulah kang nisthå. Ånå ing ulah kaprajan biså lan pêrlu nduwèni réfêrènsi nêgårå liya síng wís maju.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

14

Yå carané yå tåtå prajané supåyå biså mujúdaké kahanan síng luwíh têntrêm, adíl lan makmúr. Kónsèp Tri Praja, éksêkutif législatif lan yudikatif pêrlu luwíh ditåtå lan disêmpúrnakaké nút majuníng jaman. Tåtå pråjå síng arêp dicakaké kudu biså mujúdaké kahanan síng luwíh tåtå, têntrêm, adíl, makmúr, bagyå lan múlyå. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

08. P r å j å Babagan pråjå têbané jêmbar bangêt amargå sêsambungan karo bab nêgårå lan pamaréntahan. Ulah kaprajan nyakúp laku jantraníng nêgårå lan pamaréntahan. Babagan ngatúr nagårå lan pamaréntahan dianggêp wigati wiwít anané kratón, pênjajahan walåndå nganti saiki jaman transisi démokrasi. Kadhang kålå, pråjå ugå ditêgêsi kratón, nêgårå, nuså lan bångså. Karana iku pråjå duwèni têgês pådhå karo kratón utawa nêgårå. Mulå ånå têtêmbungan utåwå wêlingan: “síng bisa njågå pråjå, síng biså njågå nuså lan bångså. Ånå ing bêbrayan lumrah dadi kaprah, têmbúng pråjå diungkrêt dadi cilík têbané. Mulå ånå têmbúng prajané wanitå, prajané priyå, prajané kórps, kêsatuan lan liyåliyané. Pråjå banjúr ditêgêsi: kapribadhèn, watak, harkat utåwå martabat. Têmbúng pråjå ugå akèh digunakaké kanggo jênêng wóng amargå ngabdi dadi nayåkå pråjå, contoné Pråjå Pangarså, Pråjå Suradyå, Praja Supråbå, Rêkså Hadi Pråjå, lan sapituruté. Ånå ugå kanggo jênêng papan utåwå pahêman lan paguyuban, kayåtå Pasar Pråjå, Pråjå Laras, Ngèsthi Pråjå, Ngèksi Pråjå lan liyå-liyané. Babagan pråjå ånå sambúng rakêté karo têmatané pråjå supåyå têmåtå. Pråjå ditåtå nganggo tatanan síng têmåtå. Bab kaprajan wís lumaku suwé wiwít jaman kuno têkan saiki. Kêjåbå såkå kuwi bab síng sêsambungan karo tåtå-pråjå ugå tinulís ing naskah-naskah kuno kayåtå: Pararatón lan Nagarakêrtagama. Awêwatón naskah-naskah kuno iku Prof Dr Slamêt Muljånå nulís buku yåkuwi “Pêmugaran Pêrsada Sêjarah Lêluhur Majapahit” lan “Pêrundang-undangan Majapahit”. Prof M Yamin ugå nulís buku ngênani “Tatanêgara Majapahit”. Napak tilas såkå buku-buku kasêbút akèh bangêt bab síng biså dadi sumbêr informasi åpådéné réfêrènsi bab kaprajan. Lêlandhêsan karo bab-bab iku, ora múng têmbúng (istilah) síng tinêmu ånå ing kaprajan jaman Måjåpahít nangíng ugå bab-bab síng magêpókan karo téori, kónsèp, struktur birokrasi, sêsanti, prinsip-prinsip dhasar (grund norm), kawicaksanan, filosofi
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

15

pêmêrintahan lan liyå-liyané. Wêwatón naskah-naskah kunå, ånå têmbúng utåwå istilah síng apík lan pantês dadi têtimbangan lan réfêrènsi ing ulah kaprajan wêktu iki. Kanthi cathêtan utåwå wêlingan: tèks kudu nggatèkaké karo kóntèks. Bab síng sêsambungan karo istilah akèh síng rujukané såkå têmbúng Jåwå kuno, kayåtå: - Grhadhika Bhakti Praja, - Grahadi, - Sasana Wanodya Wiratama, - Graha Sabha Prêmana, - Bina Graha lan liyå-liyané. Émané ånå síng nggunakaké istilah-istilah mau kurang bênêr utawa klèru. Mbók mênåwå amargå kurang tliti lan kêsusu amargå ngoyak wêktu, kurang cèk lan ricèk. Tundhóné dadi ora bênêr, salah trús kaprah. Contoné têmbúng såkå båså Sanskêrta “Graha” mêstiné ditulis Grha. Têmbúng graha ana ing Old Javanese-English Dictionary tegese (1) eclipse (2) planet (3) name of aprticular evil demond (4) seizing, takeng (5) crocodile .... “Dêmak níng móng lawan graha ula”. Wêwatón iku mulå ånå sing nafsiraké mênawa Bina Graha duwé têgês bina buaya (apa pêrlu diganti ?). Ånå ing kaprajan isih akèh tinêmu lambang nêgårå apadéné sêsanti-sêsanti sing sumbêré såkå båså lan sastrå Jåwå, jagad pêdhalangan lan liya-liyané, tuladhané : Bhinéka Tunggal Ika Tan Hana Darma Mangrwa, déné utamané Nåtå bêrbudi båwå laksånå, sabdå Pandhita Ratu tan kêna wola-wali, Bhakti Praja, Madya Praja, Nindya Praja, Wasana Praja lan liyå-liyané. Akèh bangêt sêsanti ing lambang Daérah Provinsi utåwå Kabupatèn/Kota, kayåtå: - Jawa Timur “Jêr Basuki Måwå Béå”, - Jawa Barat “Gêmah Ripah Ripih Rèpèh”, - Jawa Têngah “Prasêtyå Ulah Sakti Bhakti Pråjå”, - Kabupatèn Klatèn “Tumêngå Tåtå Hanggatrå Nagårå”. - Kabupatèn Têmanggung “Bhumi Pålå”. Såkå têmbung bumi patålå utåwå pråtålå lan liyå-liyané. Ing babagan kaprajan, rikålå jaman pênjajahan walåndå ånå têmbúng pangrèh pråjå. Pårå punggåwå, nayåkå pråjå wêktu iku ngåyåhi påkåryån síng åjêg mréntåh utåwå ngêrèh marang kawulané, marang rakyaté. Sawusé mardika dadi Pamóng Pråjå supåyå bisa ngatúr pråjå, nêntrêmaké pråjå ngêmóng kawulå. Gêgandhèngan karo akèhíng fungsi síng kudu ditangani, olah kaprajan ora múng mligi ing babagan régulasi nangíng nyakúp ayahan fasilitasi, négosiasi lan lêladi muríh raharjaning bångså lan nagårå. Pårå pangêmban pangêmbatíng pråjå kudu bisa mujúdaké profilé nayåkå pråjå síng profèsional, mumpuni ing ulah kaprajan.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

16

Pårå pamóng pråjå kudu bisa njågå wibawané, kudu rêsík lan duwèni harkat lan martabat síng pinuji, ngayómi lan nglindhungi. Ånå ing pêdhalangan ånå têmbúng: - awèh têkên marang wóng kang kalunyón, - awèh payúng marang kang kodanan, - awèh bogå marang kang kaluwèn. Ånå ing kaprajan wêktu iki ånå wulangan tumrap pårå pamóng pråjå supåyå pådhå tansah njågå pråjå, prajané éksêkutif lan prajané lêgislatif. Njågå martabaté éksêkutif ya njågå martabaté législatif. Pårå kawulå ngarêp-arêp supåyå pådhå nindakaké ulah kaprajan síng utåmå åjå pådhå nindakaké ulah kang nisthå. Ånå ing ulah kaprajan biså lan pêrlu nduwèni réfêrènsi nêgårå liya síng wís maju. Yå carané yå tåtå prajané supåyå biså mujúdaké kahanan síng luwíh têntrêm, adíl lan makmúr. Kónsèp Tri Praja, éksêkutif législatif lan yudikatif pêrlu luwíh ditåtå lan disêmpúrnakaké nút majuníng jaman. Tåtå pråjå síng arêp dicakaké kudu biså mujúdaké kahanan síng luwíh tåtå, têntrêm, adíl, makmúr, bagyå lan múlyå. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

09. Politik Krisis ékonomi lan monêtèr lan anané réfórmasi síng umuré wís pitúng tahunan iki durúng biså mulihaké kahanan síng luwíh apík. Réfórmasi diplèsètaké dadi “répótnasi” amargå kahanan ékonomi isíh mrihatinaké. Rêgå-rêgå mundhak, wragad sêkolah larang, golèk gawéan angèl, pêngangguran akèh, cacahíng wóng miskín ora kêpårå sudå malah tambah, data tindak kriminal mundhak, curanmór akèh, cacah laku amoral, narkoba lan tumindak múrsal såyå tambah lan liyåliyané isih akèh. Kanggo nyåndrå kahanan iku mantan Lurah Jawa Têngah, Pak Ismail nggunakaké têmbúng S-3 yakuwi “sangsåyå suwé sangsåyå”: usrêg, ruwêt, rêkåså, sêngsårå. Kapan bisa têmåtå dadi luwíh apík, luwíh maju, adíl lan makmúr (?) Kanggo ngadhêpi kahanan iku ånå pilihan pitakónan 1. mbangún babagan politik luwíh dhisík banjúr ékonomi, 2. nêngênaké ékonomi sawisé iku politik 3. mranåtå politik bêbarêngan karo ékonomi. Kåyå-kåyå pilihan nómêr têlu luwih prayogå. Åpå biså? Ånå sing duwé panêmu mênåwå babagan politik iku kalêbu bab, wilayah utawa ranah síng sipaté sènsitif, rumít, rumpíl, riwíl, bab sêpélé biså dadi gêdhé, kriwikan biså dadi grójógan. Politik síng diawaki lan dipandhégani déníng partai-partai politik ngusúng faham
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

17

(dóktrin, idiologi, ismê) síng arêp diwujúdaké nggunakaké stratêgi (cara, tèknik, taktik) supåyå biså kasêmbadan nduwèni pówêr ing ngêndi-êndi. Cita-citané, visi lan misiné ngarah supåyå biså kuåså lan nguwasani laku jantraníng nagårå. Karêpé kêpéngín nduwèni panguåså síng nguwasani kalungguhan ing èksêkutif lan lêgislatif. Malah ånå síng kêpårå drêmbå, múrkå, ngångså, ngangsêg kêpéngín ngêrèh lan nguwasani pêrangkat yudikatif. Kanggo mujúdaké visi lan misiné ånå lan akèh síng kêgåwå, kêgodhå, kêpilút karo pikirané Sartre “tujuan mênghalalkan cara”. Ånå uga síng ngugêmi prinsip powêr is money (ånå nêgårå “komunis”) utåwå money is powêr (ånå nêgårå kapitalis). Karånå iku mulå ora anèh mênåwå ånå istilah politik dhuwit (money politics) utåwå dhuwit politik (?). Kanggo ngrêbút panguwåså ing législatif utåwå éksêkutif mliginé kalungguhan Mêntêri, Gubêrnúr, Bupati lan Walikota, pimpinan DPRD lan liyå-liyané kudu duwé båndhå donyå kanggo main dhuwít ing ranah politik. Babagan monéy politics ånå ing alam transisi démokrasi katón mlåhå, nglêgênå, cêthå wélå-wélå. Dhuwít orå biså dipisahaké karo politik, politik orå biså dipisahaké karo dhuwit. Jêr basuki mawa béya (?) Kabèh mau kanggo nggayúh lan nglungguhi drajat, pangkat lan sêmat ånå ing lêmbaga éksêkutif lan législatif. Mênåwå wís biså kuåså lan kasíl nguwasani kalungguhan kasêbút, kêpénginé supåyå langgêng lan lêstari. Síng dadi panjångkå nduwèni “powêr” síng suwéné limang tahun, munggahé sêpulúh tahún, tandúk dadi limålas tahún, mênåwå biså tandúk manèh dadi róng pulúh tahún lan satêrusé. Politik dhuwit dadi pilihan lan paradigma síng mrambah lan mratah ånå ngêndi-êndi. Kêpêntingan utåwå intêrèst ing babagan politik kadangkålå pancèn ngono. Mênåwå syahwat politik tangi lan diumbar têrús-têrúsan biså lali marang filsafat politik. Babagan politik prayogå nduwèni filosofi síng di thukúl lan ngrêmbåkå wêwatón nilainilai politik síng sêjati. Filsafat politik mulang supåyå sadhar lan njingglêngi mulå bukané politik utåwå purwå dumadiné politik. Wiwít têmbúng polis lan policy utåwå kawicaksanan lan kêarifan kanggo ngatúr laku jantraníng “nêgara kota”. Pårå politikus kudu ngrêti têbané filsafat politik åjå malah kakèhan pilsyahwat politik. Politik sing orå dituntún filsafat bisa nuwúhaké kahanan síng ora prayogå amargå gampang milíh cårå síng diwulangaké déníng Sartre. Kabèh cårå, rékådåyå, rékåyåså diugêmi lan dianggêp halal síng pêntíng klakón. Pêmikirané Lord Acton ånå ing têtêmbungan “powêr tends to corrupt” kudu dingrêtèni, difahami lan digatèkaké. Aja mílík “nggéndhóng lali” têrús kêgodha nindakaké korúpsi lan kolusi (KKN) wiwít tataran pusat têkan tataran anak cabang utåwå rantíng.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

18

Babagan politik prayogå katindakaké wêwatón budåyå politik síng apík. Kabèh parågå politik prêlu nduwèni étika politik, sopan santún politik lan tåtåkråmå politik wêwatón fatsoen åpådéné kodê étik tumrap pårå politikús. Kåyå wis wêktuné pårå kadêr partai politik nduwèni watak lan kapribadhèn síng njunjúng nilai-nilai luhúr síng biså ngunggahaké wibawané, harkaté lan martabaté. Njingglêngi prêkårå politik ora biså dipisahaké karo démokrasi. Faham démokrasi ngusúng prinsip-prinsip ngênani kêdaulatan rakyat. Punjêring kêkuasaan ånå tangané rakyat. Rakyat bênêr-bênêr nduwèni kêdaulatan kanggo åpå waé ing babagan åpå waé. Kêjåbå såkå iku nilai-nilai démokrasi nuntún adêging pêmêrintahan wêwatón pêrsêtujuan rakyat síng diatúr lan dipréntah. Mênåwå ånå partai politik duwé massa akèh (mayóritas) hak-hak masyarakat síng cacahé sêthithik (minóritas) kudu diurmati. Amargå, róh démokrasi ngúrmati anané hak azasi manusia (HAM). Síng lagi kuwåså prayogané åjå kumawåså, åjå sawiyah-wiyah, åjå sêwênang-wênang. Ånå wulangan Jåwå nganggo têmbúng “ngono yå ngono níng mbók yå åjå ngono”. Èsènsiné síng múrwat, síng cócók lan timbang karo ukuran lan kahanan. Ånå manèh prinsip démokrasi liyané yåkuwi nganggêp mênåwå jêjêríng manungså ånå sangarêpé hukúm pådhå, ora mbédak-bédakaké drajat lan kalungguhan, ora êmban cindhé êmban siladan. Cak-cakané hukúm pêrlu adíl lan njamín råså kêadilan tumrap såpå waé. Hukúm kudu diúrmati lan åjå ånå politisasi aparat pênêgak hukúm. Prinsip liyané, pêmêrintah kudu lêlandhêsan kónstitusi utåwå undang-undang. Kahanan síng béda-béda síng diarani pluralismê ing babagan sosial, ékonomi lan politik diúrmati kanthi ngrêmbakakaké nilai-nilai tolèransi supåyå biså saiyêg saékå pråyå mbangún pråjå mbangún nêgårå. Åjå malah ngêcakaké politik balas dêndam, jégal-jégalan, góntók-góntókan, tawuran lan drêdah sing ora ånå êntèké. Róh, nilai-nilai lan prinsip-prinsip démokrasi kasêbut ndhuwúr gampang diucapaké nangíng angèl dicakaké. Nangíng wís wêktuné diwiwiti ngiras pantês latihan supåyå munggah drajat såkå politikus dadi nêgarawan. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonesia Komisariat Jawa Têngah

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

19

10. D é m o Démo utåwå démonstrasi síng mrambah mratah ånå ngêndi-êndi dadi têngårå utåwå tåndhå anané démokrasi. Karånå iku mênåwå ånå démo ora pêrlu dikêrasi. Ora pêrlu diadhêpi nganggo cårå-cårå síng ora mikolèhi apa manèh cårå síng biså ndrawasi. Prayogané, démo ånå ing alam démokrasi disikêpi nganggo cårå síng wajar-wajar waé. Démo-démo wêktu iki kók prêlu difahami nganggo dolanan têmbúng: - démo lan orasi, - démo síng di-kréasi, utåwå - démo karo rékréasi. Démo lan orasi pancèn dadi bab síng ora bisa pisah. Orasi utåwå pidato dadi bab síng wigati utawa pênting. Lumantar orasi kabèh unêg-unêg bisa disokaké. Liwat cårå orasi kabèh aspirasi bisa disuntak nganti “êntèk apèk kurang golèk”. Kadhangkålå orasi síng diujaraké ora mudhêngaké, malah mbrêbêgi kupíng lan jèngkèlaké ati. Akèh síng kêganggu amargå démo biså ndadèkaké lalu lintas macêt, kadhangkala ngrusaki wêwangunan, anané tawuran, utåwå nggåwå gêgaman, ulah lan ucapané kasar, “nyåndrå” mobíl tèngki, ngêjêgi kantór, ngrusak prabót kantór, mêkså lan liyaliyané isíh akèh. Sabanjúré démo ora narík simpati malah nuwúhaké antipati. Bab dhémo pancèn ånå síng nganggêp positif, “apík” lan lumrah. Éwå sêmono sók ånå èksès síng négatif, åpå manèh mênåwå ånå drêdah lan bêntrók antarané pårå-pårå síng lagi démo karo pêtugas. Kadhangkålå kahanan dadi ora karu-karuwan, surung surungan, jóróg-jórógan, adu jótós, tawuran lan ånå síng tatu, gubras gêtíh, malah ånå síng mati. Njingglêngi akèhé orasi rikålå démonstrasi, yå gayané yå carané, åpå mênèh isiné, nandhakaké yèn aktifis démo wêktu iki pancèn akèh síng “pintêr” orasi. Karånå iku, åpå wis wêktuné ånå fèstifal orasi kanggo milíh jago-jago orasi síng mumpuni?. Gêgandhèngan karo bab kréasi, “aprésiasi” lan inovasi, dhémo wêktu iki kêpårå tinêmu akèh lan ngédab-édabi. Ora múng bab piranti tèknologi síng digåwå, tatacarané wís nggunakaké jêjaríng (nèt working) síng apík. Mulå ora anèh mênåwå démo kêdadèn ånå ing ngêndi-êndi. Isu síng diusúng pådhå lan kêdadèn ånå ing wêktu síng bêbarêngan. Isu lan substansi síng dadi punjêríng dhémo ora múng isu lokal, régional malah mrambah isu intêrnasional. Isu síng dipêrjuangaké ånå síng nyangkút karo bab sosial lan kêmanusiaan síng sêsambúngan karo pêlanggaran hukúm lan kêadilan, “hak asasi manusia” utåwå HAM, isu lingkungan síng rusak, isu sampah, isu lístrík têgangan tinggi (sutèt), isu KKN, bab palêmahan, tindak kêkêrasan lan sapituruté. Isu ékonomi nyangkút bab inflasi utåwå undhaké rêgå-rêgå BBM, sêmbako, upah

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

20

minimúm régional, “pêmutusan hubungan kêrja”, pêngangguran, THR, kêsêjahtêraan burúh lan liya-liyané. Isu politik ajêg dadi undêrané démo sing kêdadèn ånå ing ngêndi-êndi amargå wis mlêbu ånå ing ranah politik. Isu intêrnasional ugå ånå síng diusúng contoné soal pêndhudhukan Irak déníng Amérika, langkah Israèl ånå ing Masjidil Aqsa, isu Ambalat, drêdah pêrbatasan antarané Indonésia-Malaysia, lan liyå-liyané. Parågå démo ora nóntón tuwå åpå anóm. Bocah-bocah TK, SD síng isíh cilík wís pådhå ngêrti démo. Parågå démo ora múng dumadi såkå mahasiswa, murid, burúh, karyawan, pêkêrja, tukang bécak, tukang ojèg, tukang sapu, pêdhagang kaki lima (PKL), tani, nêlayan, pêkêrja sèx komêrsial (PSK), lan liyå-liyané isíh akèh bangêt. Gunggúngé ora múng puluhan, atusan malah nganti têkan éwón pada nggrubyúk papan síng didémo. Kréasi démo wêktu iki pancèn akèh bangêt. Ånå síng nganggo tabuh-tabuhan kayåtå jêdhór, tambúr, trómpèt, sêmpritan, kênthóngan, lan mrambah têkan pêrabót pawón kayåtå: séndhók, panci, réngkót, blèk piríng gêmbrèng lan liyå-liyané. Kabèh dithuthuki wola-wali nganti ramé mbrêbêki kupíng. Démo ugå ånå sambungé karo rékréasi tinimbang nganggúr ånå ngomah mèlu démo ngiras pantês rékréasi. Èksprèsi démo ånå síng arupå aprésiasi. Paraga dhémo ånå síng mèh wudå blêjêt badané di cèt manéka warnå karo nindakaké “hapêning art” síng lucu lan gawé guyu. Lokasi démo ora múng kêdadèn ing Médan, Jakarta, Bandhúng, Ngayogyåkartå, Sêmarang, Suråbåyå, Makasar lan kuthå-kuthå gêdhé liyané, malah wís têkan ing tlatah padésan. Démo kêdadèn ora múng ånå ing Istana Kêprésidènan, MPR, DPR, Mahkamah Agúng, BPK, Kêjaksaan Agúng, KPU, kantór Départêmèn lan kantór pamaréntah liyané, kantór Kêdutaan lan Kónsulat Jéndral lan liyå-liyané. Dhémo ugå kêdadèn ing tataran Provinsi kayåtå Gubêrnuran, DPRD, Kêjaksaan Tinggi, Pólda, Kantór-kantór Dinas tataran Provinsi, RRI lan isíh akèh bangêt kantór síng dadi sasaran démo. Démo ugå nêmah ing tataran Kabupatèn, Kota, Kêcamatan, Kantor Kalurahan lan Kantór Désa. Démo wís mrambah lan mratah ånå ngêndi-êndi. Démo wís dadi modhèl utawa cårå kanggo ngadhêpi kahanan síng ora disêtujóni. Prêsasat ora ånå wêktu sêpi kêjåbå démo. Lagi ngalami époria ing babagan démo. Paribasané sabên dina ånå tuntutan lan protès nganggo cårå démo. Démo kåyå-kåyå wís dadi budåyå ing bumi Indonésia. Budåyå démo wís ajêg kêdadèn ånå ing tataran pusat têkan daérah, tataran dhuwúr têkan tataran ngisor. Åpå démo wís dadi budåyå ?. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

21

11. D r ê d a h Njingglêngi kahanan wêktu iki akèh prêkårå síng mrihatinakê yåkuwi drêdah ånå ing ngêndi-êndi. Ånå ing Dêså ånå drêdah antaranê pêrangkat Dêså karo institusi Dêwan Pêrwakilan Dêsa. Drêdah ugå kêdådèn ånå ing pilihan Kêpala Dêsa. Amargå jagonê kalah, kadhêr-kadhêrê pådhå ora trima têrus ngrusak swasånå ing padêsan. Kahanan arupå drêdåh disurúng kåro bab politik. Politik ånå sambúng rakêtê karo pamríh (intêrèst) kanggo ngrêbút “kêkuasan” ing tataran ndhuwúr têkan tataran ngisór. Cak-cakanê ora múng ngrêbút posisi ing pêmêrintahan, nangíng ånå ing partai wiwít pusat têkan rantíng. Karånå iku mulå ånå drêdah ing ranah politik. Undêranê kêpêngín dadi têtunggulíng partai amargå rumangsa palíng biså. Drêdah antaranê kadhêr partai siji lan sijinê bisa kêdadèn amargå rêbút bênêr. Drêdah biså kêdadèn ånå ing njåbå (lapangan), nangíng bisa ånå ing njêro gêdhúng. Amargå ora cócók karo tatib kongrès têrús prótès. Kahanan dadi ramê lan ruwêt. Amargå usulanê ora ditåmpå têrús mêtu såkå gêdhúng (walk out). Ånå ing njåbå gêdhúng ugå ramê amargå pådhå nduwèni pêndhukúng. Atusan pêndhukúng pådå adhêp-adhêpan arêp adu jótós. Ånå manèh drêdah síng nêmah pårå ulama ånå ing múktamar. Amargå kalah swårå ora kêpilíh dadi suhíng partai, ati dadi panas ora trimå karo kanyatan. Drêdah uga nêmah ing institusi lêgíslatif, antaranê para wakíl rakyat amargå bêdå fraksi, pêrsèpsi lan bêdanê bab síng diyakini. Rapat fraksi dadi ajang padudón têrús mlêmbar ånå ing rapat plêno. Udan intêrúpsi dadi kahanan sing ånå ing rapat-rapat DPR. Kahanan dadi panas malah akèh anggota síng maju (mlumpat) nyêdhaki mêjå pimpinan. Ånå síng bêngók-bêngók nganggo têmbúng síng ora pantês lan pådhå jóróg-jórógan. Kahanan såyå panas dadi kisrúh ora karu-karuhan. Kêjåbå såkå iku, antaranê anggota lêgislatif karo èksêkutif biså nuwúhakê drêdah. Amargå diarani “Ustadz ing kampúng malíng” kahanan dadi panas. Síng siji rumångså bênêr, síng sijinê ugå rumångså bênêr. Kawitanê amargå bêdå panêmu lan pênafsiran tumrap wêwatón síng diênggo landhêsan. Ing jajaran èksêkutif, ånå kêdadêyan cèkèr-cèkèran amargå bêdå panêmu, rumångså bênêr lan rêbút bênêr. Amargå ora cócók karo gaya kêpêmimpinanê, pådhå ramê-ramê mundúr såkå jabatan struktural. Ånå manèh conto, amargå watak kêpalanê síng adigang, adigúng lan adiguna, ora nguwóngakê uwóng, lan liya-liyanê, anak buahê pådhå gawê layang budhêg. Malah ånå síng dêmo lan ngumpúlakê tandha tangan milíh mundúr såkå jabatanê.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

22

Kahanan lan swasånå kantór dadi ora sêhat. Ing padêsan ånå kadadêyan sêpêlê dadi gêdhê. Mulå ånå têtêmbungan kriwikan dadi grójógan. Kêdadêyan mau kawitanê såkå udúr amargå rêbút bênêr utåwå rumångså bênêr. Udúr dadi èyèl-èyèlan munggahê dadi padu. Sabanjurê, padudón dadi kêrêngan utåwå adu karosan. Kadhangkålå ånå síng mbêlani amargå ånå sêsambungan pasêduluran utåwå kêkancan. Amargå kåncå tunggal dêsa têrús dibêlå. Kahanan dadi ramê utåwå ruwêt. Krêngan utåwå “pêrang” antar kampúng dadi kanyatan. Sabanjurê nuwúhakê drêdah síng ora bisa dirukúnakê. Mênåwå ora ånå síng nêngahi kahanan dadi usrêg ora karuh-karuhan. Ora múng tatu lan mêtunê gêtíh amargå “kónflík antar kampúng”, råjå pati bisa nêmah såpå waê. Kabèh mau gumantúng gêdhê cilikê prêkårå síng dadi jalaran. Ing padêsan, drêdah lan krêngan bisa kêdadèn amargå rêbutan banyu. Banyu síng anyêp biså nuwuhakê panas kang njalari drêdah lan krêngan. Ora múng kuwi, krêngan bisa nêmah anggota kórps antaranê têntara karo pulisi. Amargå tabrakan lalu lintas lan rumangsa bênêr dhêwê, bisa dadi drêdah. Kêjåbå såkå iku, ånå drêdah síng ndadèkakê cêcóngkrahan amargå rêbutan warisan. Padudón, èyèl-èyèlan munggahê têkan krêngan bisa kêdadèn amargå rêbutan kikís pêkarangan. Prêkårå rêbutan kikís (batas) pêkarangan ora múng kåncå utåwå tånggå, pasêduluran biså dadi bubrah. Amargå rumangsa bênêr antaranê siji lan sijinê dadi prinsip síng dikukuhi. Mênåwå mlêbu ing babagan palêmahan (bumi, siti, prêtiwi) têkan ngêndi waê dibêlani. Mulå ånå têtêmbungan: sêdumúk bathúk sênyari bumi di tóhi pati. Sêmono antêpíng têkad amargå ngrungkêbi bab síng wigati. Wêktu iki, kahanan síng arupå drêdah biså nêmah såpå waê. Ånå ing ing lêmbaga lêgislatif utåwå ånå ing èksêkutif. Ånå ing alam transisi dêmokrasi wêktu iki akèh kahanan síng angèl disikêpi. Prêkårå êkonomi gandhèng karo pêrkårå (pamríh) politik. Prêkårå hukúm sók cêngkah karo prêkårå sosial kêmasyarakatan. Manút landhêsan hukúm bênêr, nangíng wêwatón kahanan kurang pênêr. Normatif bênêr nangíng sosiologis kurang pênêr. Gêgandhèngan karo akèhíng drêdah mau ånå wulangan Jåwå síng biså digunakakê kanggo ngurangi ruwêtê kahanan. Ånå ing tataran ndêså biså nggunakakê wulangan “ånå rêmbúg dirêmbúg”. Kêjåbå såkå iku ånå ujaran “åjå watón muni, níng muniå síng nganggo watón”. Ringkêsê supåyå tansah nggóndhèlan aturan utåwå paugêran (hukúm, undang-undang). Ånå ing ajaran Islam ugå ånå piwêlíng supåyå pådhå tabayún, tasamúk lan islah supåyå drêdah biså dipungkasi. Ånå ugå têmbúng lawas “dêsa måwå cårå nêgårå måwå tåtå”. Wêwatón têmbúng iki suprêmasi hukúm kudu di cakakê ing sabên tataran, síng såpå salah sèlèh. Ngadhêpi drêdah antaranê Malaysia karo Indonêsia prêkårå blók Ambalat, biså waê

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

23

ngêcakakê ujar “sêdumúk bathúk sênyari bumi di tóhi pati”. Sawijiníng cårå kanggo nggugah nasionalismê supåyå luwíh trêsnå marang bumi nuswantårå. Kanggo nggugah sêmangat pårå mudhå bisa nganggo sêsumbar “iki dhadhaku, êndi dhadhamu”. Sak gêndhíngmu tak ladèni utåwå nganggo têmbúng “rawê-rawê rantas malang-malang putúng”. Akèh bangêt ajaran Jåwå síng biså dadi rêfêrènsi ngadhêpi drêdah síng laras karo kahanan. Kêjåbå såkå iku ugå ånå wulangan síng angèl di cakakê, yakuwi: “nglurúg tanpå bålå, mênang tanpå ngasórakê”. Utåwå nêmpúh cårå diplomasi síng landhêsan prinsip “win-win solution”. Dêníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonêsia Kómisariat Jawa Têngah

12. P o r n o Porno nduwé têgês síng ora sithík amårgå ånå têmbúng síng cêdak utåwå mèh pådå têgêsé, kayåtå: saru, lékóh, trócóh, wudó (blêjêt), nglêgênå, lan liyå-liyané. Båså Indonésiané porno: cabúl lan wiwít ånå têmbúng utåwå istilah pornografi lan pornoaksi. Pornografi ditêgêsi gêgambaran kêlakuané manungså síng érotis, biså ngundang lan nangèkaké syahwat (sèx) rupå gambar utåwå tulisan. Kêjåbå såkå iku pornografi biså rupå barang (kasat måtå) síng disêjå lan digawé biså ngundang lan ngunggahaké nafsu syahwat. Nóntónaké sarirå åpå manèh ngobahaké pérangan badan síng sêtêngah wudå utåwå wudå blêjêt sinêbút pornoaksi. Pornografi lan pornoaksi bisa kêdadèn ånå ing ngêndi waé kayåtå ing télévisi, film (biru), vcd, dvd, majalah, koran, buku, foto, gambar, ånå ing panti pijêt, salón, púb, nite clúb lan liyå-liyané. Wêktu iki ånå têngårå mênåwå pornografi lan pornoaksi ngrambah ngrêmbåkå ånå ngêndi-êndi ora pêrduli ånå kuthå utåwå déså. Pókóké akèh bangêt. Ånå síng têrang-têrangan, ånå síng dêdhêlikan, ånå síng nduwèni idzin (légal) lan ånå síng ilégal. Ora saiki ora biyèn, bab síng disêbút barang wadi, saru, lékóh, trócóh, wudå, nglêgênå lan liyå-liyané, umuré pådhå karo umuré manungså. Ånå ing buku Cênthini jilíd sångå nómêr pitúng pulúh ênêm, nyritakaké kêdadéyan síng nêmah anak-anaké Ki Nuripin síng jênêngé Banêm, Baniyêm lan Baniyah. Anak têlu-têluné “digarap” karo Jayèngrågå. Giliran sêpisan Si Banêm dicritakaké nganggo têmbúng: “yúng yúng adhúh biyúng déné sakít têmên. Yayèngrågå astanyå ngukuhi, tinêtêp ancêpé, lír nyêlumbat klåpå....... lan satêrusé” Si
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

24

Banêm síng prawan kasèp dadi ora prawan manèh. Kêdadéyan síng nêmah Banêm, dirungókaké karo Banikêm lan Baniyah. Dicritakaké mênåwå: “Ni rårå ro, si Banikêm lan Baniyah sasuwéné ngrungókaké suwarané tíng balêkúk myang krêngkité ambèn ngramêni, samyå ngilêr ngilu ngisór ndhuwúr.....lan satêrusé”. Ringkêsé, têlu-têluné Banêm, Banikêm lan Baniyah bêngi iku wís ora prawan manèh. Bab pêkêrja sèx kómêrsial (psk) ånå jaman wingi uni ugå akèh. Lêlakóné para sindhèn, rónggèng lan tandhak ugå disêbút ånå ing buku Cênthini. Dicritakaké mênåwå Ni Wulanjar, Ni Sangidah, Ni Tarijah lan Biyang Kacêr (síng ayu) njógèd lan pådhå ngibíng karo tamu-tamuné nganti lingsír wêngi. Ånå pérangan liyå dicritakaké : “Kèh solahé wirågå ni Lanjar ngakèn pêrawan sunthi, anggúng nêkêm guthúl, èsmu ngungún gèngipún, såyå drèng asmaranipún ...... lan satêrusé.” Ana ing sastrå Jåwå “modèrn” ugå ånå crita síng biså dianggêp porno. Soebagijo IN ana ing tulisané síng sêsirah “Porno dalam Sastra Jawa” uga nyuplík mêngkéné : “Iyå. Saiki kowé gênah wuda ngono. Wudamu luwíh apík tinimbang disandhangi apa baé. Sanadyan sutrå síng larang pisan. Ujaré Budi karo mak-mêk”. Sabanjuré ugå nyuplík crita : “Sarêng malêbêt ing wísmå, manjíng sênthóng sarêng tiyang kalíh, nêlasakên sakayangipún. Tan wrúh ing isín wirang, tan kélingan pringgå båyånirèng laku. Wús kalap ing kaluputan, katarík dinadhúng iblís”. Babagan critå sing sipat porno wiwít biyèn ånå, nangíng ora kåyå jaman saiki. Crita porno gambar porno, ngrêmbåkå ånå ngêndi-êndi, ing pasar-pasar, têrminal, tokotoko buku, malah wís mlêbu ånå sêkolahan-sêkolahan. Pornografi lan pornoaksi wís ngambah têkan ndéså-déså. Têngårå krisís moral wêktu iki wís kêdadèn lan ngédab-édabi. Adêgan síng sipat porno (grafi, aksi) ånå ing film, télévisi,vcd, dvd lan liya-liyané wís kåyå lumakuné banjír síng angèl ditanggulangi. Èksès utåwå dhampak ålå såkå kabèh mau såyå tambah såyå mratah nyurúng anané kêdadéyan síng nisthå. Tumindak jina, nêrak pagêr ayu, slingkúh, rudå pakså sèxual, sanggåmå pra nikah, nggugúraké kandhungan lan liya-liyané akèh kêdadèn. Kahanané såyå nguwatiraké lan mrihatinaké. Wís wêktuné undang-undang åpådéné pêraturan dhaérah ngênani pornografi lan pornoaksi dirêmbúg têrús di têtêpaké lan disahaké. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

25

13. Wayang lan Dhalang Wayang, Dhalang, Bléncóng, Kêlír lan Gêdêbóg ora biså dipisah-pisahaké ånå ing pagêlaran wayang. Wêwatón sêrat Sastra Gêndhíng blêgêré pancèn lima. Nangíng mênåwå mêthík såkå kakawín Sumanasantaka limang bab mau kêtambahan anané tabuh-tabuhan utåwå gamêlan manút gêndhíng-gêndhíng síng biså alón, cêpêt, ngrangín utåwå sora. Iku durúng anané pradånggå, wiråswårå, swåråwati utåwå pêsindhèn. Sabanjuré wayang utåwå ringgít wujudé barang síng dirékå kåyå “bonéka” síng nduwèni ciri khas. Wayang digawé såkå kulít utåwå kayu síng ditatah, diukír disunggíng dadi pêpêthan utåwå gêganthaníng manungså. Jinisé wayang akèh bangêt kayåtå: - wayang kulít púrwå, - golèk, - ménak, - gêdhóg, - klithík, - krucíl, _bèbèr, - dupara, - sulúh, - wayang wóng lan liyå-liyané. Amargå ånå kréasi lan aprésiasi wayang-wayang mau ngalami owah-owahan, ånå síng ilang lan ånå síng lêstari têkan saiki. Wayang mliginé wayang kulít tinêmu såyå apík, éndah lan èdi. Lumakuning wayang ånå ing pakêliran ora biså pisah karo lakón síng digêlar. Babagan crita utåwå lakón dadi sumbêr péntas wayang síng cacahé akèh bangêt. RS Subalidinata ngétung lan nliti puståkå síng dadi sumbêring lakón wayang. Ånå puståkå-puståkå síng kuno, yåkuwi: Mahabharata isiné wólulas parwå, kêkawín Ramayana, Arjuna Wiwaha, Krêsnayana, Sumanasantaka, Smaradhana, Bhomakawya, Bharatayuda, Arjuna-wijaya, Partayajna lan Sudamala. Manawa púståkå anyar tinulis ånå ing sêrat-sêrat: - Mintårågå, - Råmå, - Déwaruci, - Bharatayuda, - Arjunasasra, - Lokapala, - Sri Sadana lan liya-liyané síng isiné crita roman pêwayangan. Ånå manèh buku-buku crita wayang síng luwíh anyar, yakuwi sêrat-sêrat: Kandhaníng Ringgít Purwa, - Purwakandha, - Paramayoga, - Puståkå Rajapúrwa,

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

26

- Pêdhalangan Ringgít Púrwa, - Pakêm-pakêm lan liya-liyané síng cacahé akèh bangêt. Wayang óra biså dipisahaké karo dhalang pêpindhané babagan loro síng nyawiji. Pagêlaran biså urip, ngês lan nduwèni råså tinêmu ånå ing parågå dhalang. Victoria M Clara van Groenedael ånå bukuné “Dalang dibalik Wayang” ngandaraké bab dhalang tlêsíh lan komplít. Dhalang mujúdaké parågå síng lêbdå ing kawrúh babagan filsafat, ilmu, ngèlmu, pangawikan, båså lan sastrå. Parågå dhalang biså diarani guru síng wís putús ing laku lan nguwasani sakèhíng ngèlmu kasêpuhan, kalêbu babagan nilai-nilai ètika lan moral. Ånå ing jagad pakêliran dhalang pêrlu lan kudu ngrêti lakón, pakêm, paugêran, åntåwacånå, garap lakón, sanggít lan mumpuni ing babagan sêni péntas, kêrawitan, gêndhíng, sêni rípta, bab humór, ndagêl lan liyå-liyané. Supåyå dalang têtêp èksís akèh bangêt syarat síng kudu dicukupi. Sêmangat lan obahíng jaman kudu tansah dijingglêngi. Kêmajuan lan owah-owahan ing babagan pêmêrintahan, politik, ékonomi, sosial kêmasyarakatan pêrlu dingrêtèni. Kabèh mau kudu dijingglêngi amargå fungsi wayang ora múng mligi kanggo komunikasi. Wayang lan pêwayangan dhalang lan pêdhalangan wís dadi babagan síng sipaté “multi dimènsi” lan wís nyakup unsúr-unsúr budåyå síng akèh bangêt. Sêjarah wayang wís lumaku atusan tahún nganti kaya wujudé síng saiki. Gêgandhèngan karo iku tanggal 21 April 2004 dadi têngêr síng wigati tumrap jagadíng pêwayangan, amargå Unèsco nêtêpaké wayang minångkå “Mastêrpiece of the Oral and Intangible Heritage of Humanity”. Wayang déníng Unèsco ditêtêpaké minångkå “Karya Agúng Budaya Dunia” ånå ing kutha París. Piagam pêngukuhan kaparíngaké déníng Dirjèn Unèsco Koichiro Matsuura marang Kêtua Umúm Sénåwangi Drs Solichin. Upåcårå digambaraké apík lan nyênêngaké amargå ditêkani kurang luwíh 1000 undangan. Koichiro Matsuura ånå ing tanggap wacånå ngêndikakaké mênåwå wayang nduwèni nilai-nilai sing agúng lan adi luhúng. Wayang biså dadi sarånå ndhidhík såpå waé ing babagan étís lan èstêtís. Akèh bangêt nilai síng sipaté adi, èdi lan éndah ånå ing jagad pêwayangan. Koichiro Matsuura ugå ngaturaké panuwún marang pårå dhalang, sêniman lan sêniwati anggóné pådhå nguri-uri lan nglêstarèkaké wayang. Sawisé tanggap wacånå dhalang Ki Mantêp Sudarsånå mayang arupa pakêliran padat udåkårå 90 mênít suwéné. Akèh síng pådhå cingak lan gumún nóntón Ki Mantêp Sudarsånå anggóné mayang. Kêjåbå såkå iku ugå digêlar paméran wayang síng narík minat lan akèh wargå måncånagårå kêpéngin nyinau, nliti lan njingglêngi wayang. Wayang wís malêbu ing tataran global. Wayang wís mrambah mratah têkan jaban rangkah lan disênêngi wargå måncånagårå. Karånå iku, ånå momèntum síng apík kanggo nanggapi alam global lumantar wayang. Wayang minangka “asèt budåyå” síng adi ora múng pêrlu diuri-uri lan dilêstarèkaké

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

27

nangíng pêrlu digarap kanthi sistimatik lan holistik. Ngadhêpi tantangan ing alam global wís wêktuné anggêlar pêmanthêng lan pêmandêng nggarap pêwayangan lan pêdhalangan. Wayang lan dhalang prayogå dipapanaké ånå ing kontèks litbang, “pênêlitian dan pêngêmbangan” (research and development). Situs lan wèb site síng ånå Sénawangi pêrlu ditambah lan disêmpurnakaké. Pêmêrintah (Pusat lan Daérah), Kêdutaan, Kónsulat lan Pêrwakilan Pêmêrintah ånå luar nêgêri, Sêkrétariat Pêwayangan Nasional Indonésia (Sénawangi), Pêrsatuan Pêdhalangan Indonésia (Pêpadi), Lêmbaga/ Institut/Sêkolah Tinggi lan Pusat Studi ing babagan sêni, Karatón, pahêman, paguyuban lan sanggar-sanggar, sêniman, sêniwati, masyarakat pêwayangan, dunia usaha, swasta lan liya-liyané pêrlu sinèrgis mbangún pêwayangan lan pêdhalangan. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

14. B l é n c ó n g Mêthík såkå puståkå Sastrå Gêndhíng anggitané Sultan Agúng tinêmu andaran: 1. upamané kahanané ringgít, baléncóngé amêngku ing wayang, wayang amêngku dhalangé, dhalang kêlír winêngku, baléncóngé amúng madhangi, kêlír kang dadyå lésan déné kang lumaku, múng dhalang kalingan wayang, apan gênti puniku tari-tinari, wayang manút ing dhalang. 2. dhalangira yêkti manút ringgít, lamún ora mangkånå lakunya, nora dadi pamayangé, dhalang umpêtan iku, nèng ngisoré baléncóng kaki, ki wayang tan uningå, ing pangrasanipún, angråså púrbå pribadyå, mångkå nyåtå mobah mosikíng kang ngringgít, krånå karyaníng dhalang. 3. dhalang bléncóng manjíng jroníng kêlír, tunggal sanggón kalawan kang mayang, anangíng séjé prênahé, si wayang datan wêrúh, dhalang bléncóng nèng jroníng kêlír, gêpókan lan si wayang,
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

28

kang ngobahakên iku, satingkah polahíng wayang, dhalangira ngiras mindhå-mindhå ringgít, tunggal råså myang karså. ”Mêthík såkå andaran Sastrå Gêndhíng ndhuwúr, ånå limang babagan wigati síng pêrlu dijingglêngi: - Bléncóng, - Dhalang, - Kêlír, - Gêdêbóg, - Wayang. Ånå ing pêwayangan Bléncóng dadi piranti síng wigati. Sawisé Ki Dhalang nyumêt Bléncóng kêlír dadi padhang wayang simpingan katón cêthå, têmåtå apík, urút runtút. Kabèh ubå rampé pagêlaran wayang cêtha-ngéglå-wélå wélå kênå sórótíng Bléncóng. Ånå ing jagad pêwayangan Bléncóng dadi têngårå utåwå lambang såkå “ora ånå dadi ånå”, saka kahanan “pêtêng dadi padhang”. Sawijiníng tåndhå púrwaníng dumadi. Bléncóng dadi sumbêríng pêpadhang síng madhangi pagêlaran wayang. Mêthík såkå buku Filsafat Kêjawan tulisané RM Soenandar Hadikoesoemo, Bléncóng-KêlírGêdêbóg-Dhalang-Wayang duwèni arti filosofis. Posisi Bléncóng ånå têngah dadi pancêr-punjêring Kêlír sing wujudé pêsêgi, nglambangaké kéblat papat (wétan, kulón, lór, kidúl) lima têngah. Wulangan Jåwå ånå sêbutan utåwå têmbúng “sêdulúr papat limå pancêr”. Kêlír lan Gêdêbóg minangka lambang ananíng alam-jagad-rat. Sadurungé Bléncóng disumêd Dhalang, kahanan alam isíh pêtêng, kahanan isíh suwúng. Wulangan Jåwå nyêbút ånå ing alam suwúng “awang-awang-uwúng-uwúng”. Bléncóng dadi lambang sumbêríng pêpadhang síng madhangi jagad. Bléncóng, Dhalang lan Wayang (Ringgít) dadi piranti wigati ånå ing pagêlaran. Kasêbút ånå ing kakawín Arjuna Wiwaha: “Hananonton ringgit manangis asekel mudha hidhepan, huwos wruh towin yan walulang inukir molah angucap, hatur ning wang tresneng wisaya malaha tar wihikanan, ri tatwanyan maya sahana-hana ning bawa siluman”. Ånå wóng nóntón wayang nangís sêdhih, ruwêt pikirané lan ngêrti mênåwå iku kulít diukír, obah, muni, kandhané wóng lagi kêpéngín ngêrti wósíng uríp, pranyåtå ora ngêrti, mênåwå sêjatiné iku måyå, kabèh iku gaib anané. Têmbúng Dhalang tinêmu ing kakawin lan crita Nawaruci; têmbúng Kêlír tinêmu ing kakawin Arjuna Wiwaha, Hariwangsa, Bhomantaka lan Partayadnya: “hanan kadi wayang katon kineliran puti-putih adamar trang ing rawi”. Ånå síng kåyå wayang, katón anané layar putíh lan ånå damar sinaring súryå. Awêwatón andaran iku, Bléncóng iku kåyå pêpindhané srêngéngé (súryå, radityå) singmadhangi jagad. Wayang ånå ing pakêliran nglambangaké jagadíng manungsa síng nduwèni watak síng ringkêsé ånå loro, watak apík lan watak ålå.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

29

Simpingan wayang síng ånå têngên (racaké) duwé watak apík, simpingan wayang síng ånå kiwa akèh duwèni watak ålå. Mula ånå têtêmbungan laku ngiwå iku ålå, laku nêngên iku utåmå. Obah, uni lan lakón wayang déníng parågå Dhalang diiringi karo tabúh-tabuhan rupå gamêlan. Ånå ing kakawín Sumanasantaka disêbut : “para ratu saha gendhing gong rajah tabeh-tabehan”. Pårå ratu sinambút nganggo gêndhíng, góng, swårå lan tabúh-tabuhan. Instrumèn tabúh-tabuhan ånå ing kêkawín Sumanasantaka sinêbut: - bahiri utåwå bhèri, - kêndhang, gubar, - béríng-béríng, salukat, - sarún, - gambang, - salundhíng, - múng-múng, - sangkha, - têrompèt, - gamêlan, - gångså, - giríng-giríng, - kangsi, - bêndhé, - kêmpúl, - góng, - gúng kamanak, - sarún bêlah. Instrumèn kasêbút saiki jênêng gamêlan. Gamêlan sêsambungan karo gêndhing síng ugå ånå ing sastrå Jåwå kuno: “gending tan kakarsalwan bhramara kahidepanya ngisep sarwa sari”. Gêndhíng síng muni alón, kåyå kumbang ngisêp warnå-warnaning kêmbang. Ånå ing pagêlaran wayang, kabèh mau dipadhangi Bléncóng. Bléncóng pancèn dadi pêpadhang síng madhangi pagêlaran wayang. Madhangi panguripan. Bléncóng síng madhangi panguripan. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

15. G ê n i Têkan wêktu iki isíh akèh kóbóngan. Gêniné murúb ngalat-alat ngóbóng pérangan omah lan toko. Ånå síng ludhês, nangíng ugå ånå síng biså dislamêtaké. Síng nrênyúhaké, dagangan, mas-masan, dhuwít lan båndhå liyané ludhês dadi awu.
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

30

Malah ånå bocah síng kóbóng, kahanané mêlas lan mêsakaké bangêt. Gêgandhèngan karo kóbóngan mau, akèh síng gêtún, kêduwúng, susah, sêdhíh, lårå, sambat lan nangís campúr adhúk ora karúh-karúhan. Ubalíng gêni pancèn ora nóntón wêktu lan mångså. Sanadyan mångså rêndhêng, ubalíng gêni bisa ngóbóng åpå waé. Ubalíng gêni sók ora kênyånå-nyånå, biså mubal dadi gêdhé lan ora milíh-milíh. Omah, pêkantóran, pasar, mall, hotèl, supêr markêt, Balai Kota, Kêratón lan liya-liyané biså kóbóng. Ånå ing Kalimantan ubalíng gêni bisa ngêntèkaké alas. Ånå éwóníng titík api sing sawêktu-wêktu biså ngóbóng alas nganti ludhês. Alas síng kóbóng biså njalari pêlúk síng pêdhês lan håwå síng rêgêd. Lingkungan bisa rusak, tanêman bisa ludhês, amargå ulahíng gêni síng ngédab-édabi. Sumbêríng gêni síng dadi jalaran wêrnå-wêrnå. Biså såkå têgêsan rókók, sênthír, téplók, kómpór, sambungan listrík síng kónslèt, utåwå bahan síng gampang kóbóng. Kêjåbå såkå kuwi, amargå ulahíng mênungså síng ngrèmèhaké, crobo, lali, tlédhór, sêmbrono, kurang ngati-ati lan liya-liyané. Ulahíng manungså síng kåyå ngono mau dadi jalaran kobaríng gêni, såkå cilík dadi gêdhé. Sumbêríng gêni biså såkå dayaning alam síng panas. Wêwatón piwulang ilmu alam, ånå pitudúh mênåwå punjêríng bumi iku panas bangêt, éwón grad (derajat) Celcius. Pêpanas såkå jroning bumi biså arupa lahar. Lahar bisa ngrusak lan ngóbóng åpå waé. Såpå síng kêtrajang lahar bisa angêmasi. Kêjåbå såkå iku, panasé bumi biså kêdayan såkå panasé srêngéngé síng ngédab-édabi. Sabanjuré, obahíng gêni bisa kêsurúng såkå dayaning angín. Obahíng angín bisa njalari plêtiké gêni såkå cilík dadi gêdhé. Njingglêngi bab alam, ånå pérangan síng biså ngimbangi dayaníng gêni, yåkuwi banyu. Banyu bisa mungkasi obahing gêni síng ngédab-édabi. Gêni gêdhé sing ngalat-alat bisa disírnakaké nganggo banyu. Panasé gêni biså dipungkasi nganggo banyu. Gêgandhèngan karo bab iku, ånå hukúm alam síng njalari kahanan dadi sêimbang lan sêlaras tumrap panguripan. Mêthík piwulang såkå buku Púrwaníng Dumadi, ånå anasír alam síng dumadi såkå gêni (hagni), angin (maruta), bumi (bantålå) lan banyu (hêr). Kabèh mau andayani mobah mosikíng jagad, jagad gêdhé (makro kósmós) lan jagad cilík (mikro kósmós). Anasír gêni nduwèni sipat angêt lan panas. Tumrap jagad cilík, jagadé manungså, ora kabèh sipat panas ålå. Anasír síng sipaté panas bisa murakabi panguripan. Ånå ing pêwayangan Gunungan utåwå Kayón ånå gêgambaran síng bisa dadi lambang. Sisíh ngarêp arupa uwít utåwå lingkungan panguripan, síng sisíh mburi arupå dênåwå lan gêni ngalad munggah. Ånå ing padésan, urúbíng gêni biså kanggo ngliwêt, olah-olah lan liyå-liyané. Pêpanasé gêni biså kanggo pêdiang utåwå api-api ngangêtaké awak. Kadhang kålå, pêpanas iku dadi butuhing ngaurip. Akèh bangêt pérangan panguripan

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

31

síng mbutúhaké panasé gêni. Síng pêntíng, mêruhi panas sing ukurané prayogå kanggo kêbutuhaníng manungså. Anasir panas ing jagad cilík biså nuwúhaké lårå, bilahi lan bisa njalari tumêka ing pati. Panasé awak, mundhaké såkå 37 dêrajat nganti têkan 45 dêrajat Celcius biså ora kuwat uríp, aliyas mati. Kêjåbå såkå iku, anasír panas bisa ngóbóng ati. Mênåwå anasír panas lumêbu ing ati bisa ngabangaké kupíng lan ndrawasi. Anasír gêni síng nuwúhaké håwå panas biså mlêbu ing pasamuan utåwå parêpatan. Anasír gêni síng asipat panas bisa mlêbu ing rapat-rapat MPR, DPR lan DPRD. Amargå kalah swårå, jagoné kalah, pikirané cupêt lan kurang mênêp, atiné banjúr kóbóng. Swasånå panas síng kêlair ånå ing rapat, bisa awujúd nggêbrak méja, rêbutan jabatan kêtua komisi, padudón, drêdah lan liya-liyané. Swasånå panas ing parêpatan, ngusúng nafsu amarah amargå kêdayan anasír gêni. Swasånå lan håwå (nafsu) panas ing jaman transisi démokrasi wêktu iki, kêdadéyan ånå ing ngêndi-ngêndi. Akèh wakíl rakyat síng gampang kêtaman anasír gêni síng panas. Akèh bangêt mahasíswa, pulisi, burúh, pêtani, nêlayan lan liya-liyané síng gampang nêsu, ngrusak lan ngóbóng åpå waé. Síng mrihatinaké, malah ånå pêmimpín síng mêsthiné dadi patuladhan, ora biså ngêndhalèni nafsu amarahé. Gêgandhèngan karo swasånå lan håwå panas mau pêrlu diimbangi nganggo anasír hêr utåwå banyu (bêníng,wêníng). Sipat gêni pêrlu diadhêpi karo sipat banyu. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

16. L é s ú s Róng minggu sadurungé sasí Surå, angín gêdhé nêmah kuthå Sêmarang. Puluhan wítwitan pådhå ambrúk. Ånå pérangan omah, pagêr, trotoar, talúd lan liya-liyané pådhå rusak. Ora múng kuwi, pérangan dalan ing kuthå dadi rêgêd kêpalangan wit-witan sing ambrúk. Instalasi tilpún lan listrík pådhå rusak ndadèkaké lampu bang-jo (trafíc light) mati. Karånå iku nambahi macêt lan ruwêté lalu lintas. Angín lan lésús ugå nrajang Nganjúk Jawa Timúr, Pêkalóngan, Pêmalang, Brêbês lan tlatah Jawa Têngah liyané. Akèh wit síng rungkad, sól lan ambrúk ngalangi dalan. Wêwangunan ing padésan akèh síng rusak kêtrajang angín lésús. Lésús ugå diarani clèrèt tahún síng akèh kêdadèn ing mångså rêndhêng. Dumadiné lésús såkå obahíng angín såkå cilík dadi gêdhé. Obahíng lésús nuwúhaké swårå kêmrasak gawé girís lan mirís ing ati. Prahårå alam såkå obahíng angín pancèn nggêgirisi lan ngédab-édabi. Åpå manèh yèn dibarêngi karo gêbyaríng kilat lan gludhúg.
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

32

Ati dadi mirís awak dadi kèdhêr. Akèh korban jiwa, båndhå, dalan, wêwangunan lan pêmukiman síng rusak såkå ulahe lésús. Prahårå lésús biså nrajang pêkêbónan, wit-witan, pêsawahan lan tanêman åpå waé. Tanêman pari síng nyêdhaki mangsa panèn biså rusak kêtrajang lésús. Pårå kåncå tani ing padésan pådhå sêdhih mênåwå ora panèn. Kabèh pådhå susah mênåwå kêtaman musibah prahårå angín. Kórban båndhå ora múng yutan malah bisa mílyaran rupiyah. Ing pêsisír laút tlatah China pérangan kidúl ugå ånå prahårå angín síng sinêbút taifun. Tai saka têmbúng china síng têgêsé gêdhé. Fun såkå têmbúng Jêpang síng nduwèni têgês angín. Taifun atêgês angín gêdhé, dumadi såkå siklón tropis ing tlatah Philipina, ajêg nrajang pérangan pêsisír China, Taiwan lan Jêpang tlatah kidúl. Obahing angín síng diarani hurricane ugå ånå ing pérangan Amérika. Hurricane dumadi såkå ciklón Indian ing pêsisir laút Pacific. Lakuné mrèmbèt têkan tlatah têngah Amérika. Munggah mudhuné grat håwå lan pêpanas laút nuwúhaké udan ing mångså rêndhêng, utåwå larang udan ing mångså kêtiga. Obahíng angín síng arupa lésús, taifun, hurricane lan liyå-liyané kudu dijingglêngi lan disikêpi kanthi waspådå. Kêjåbå såkå iku, ing laút Pacific tlatah wétan têkan Australia, ånå siklón síng biså dadi prahårå arupå “badai tropis”, Èl Nino lan La Nina. Dåyå pêngaruhé biså têkan ing bumi Indonésia. Manút katrangan Badan Météorologi lan Géofisika (BMG) ing wêktu iki pêrlu waspådå ngadhêpi iklím pancaroba. Obahíng angín pêrlu digatèkaké, sanadyan kórban såkå polahíng angín luwíh ènthèng kêtimbang prahårå alam liyané. Njingglêngi kahanan wêktu iki, prahårå alam síng arupa obah lan ubalíng gêni (agni), isíh ånå ing pérangan kuthå. Gonjang ganjingé bumi (bantålå) arupå lindhu sing nuwúhaké obahíng banyu (hêr) tsunami durúng biså di “prédiksi”. Kêjåbå såkå iku, rusaké kahanan amargå lindhu ing Acèh, Sumatra Lór, Nias, Padang, Bêngkulu, Alór, Nabiré, Sulawêsi têngah, Garút, Bali lan Lómbók akèh síng durúng rampúng didandani. Sabanjuré isíh ånå prahårå angín (marutå) arupå lésús síng mèlu nambahi ngrusak kahanan. Kabèh mau dadi têtêngêr sêjarah síng ora biså dilalèkaké. Indonésia wêktu iki ngadhêpi prahårå alam síng lungå-têkå, matumpå-tumpå kåyå ora ånå pêdhóté. Bumi Nuswantårå nandhang susah kêtaman musibah sing nggêgirisi lan ngédab-édabi. Isíh sêsambungan karo prahårå mau, ånå ing pêwayangan dicritakaké mênåwå lakuné anasír angín (marutå, bayu) diwujúdaké nganggo gunungan utawa kayón síng obah. Obah osikíng angín dikuwasani déníng Bêthårå Bayu minångkå déwaníng angín. Karånå iku, ånå sêsêbutan sêdulúr tunggal bayu utåwå ajiwå bayu. Ciri-ciriné nganggo sandhangan kampúh polèng bang bintulu síng rupané abang, irêng, kuning lan putíh.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

33

Kampúh síng rupané wêrnå papat dadi lambang parågå (wayang) síng wis biså ngêndhalèni håwå nafsu amarah, aluwamah, supiyah lan mutmainah. Wayang síng nganggo kampúh polèng bang bintulu yåkuwi Anóman, Wrêkudårå lan Déwå Ruci. Dicritakaké mênåwå dharah bayu bisa mangrèh lakuníng angín. Bêthårå Bayu nduwèni kuwåså ngrêsiki utåwå ngónclangaké isiníng alam nganggo pangaribåwå arupå angín síng gêdhé. Njingglêngi wulangan ing pêwayangan, ånå babagan síng bisa dadi têtimbangan. Gêgandhèngan karo anané prahårå alam síng kêdadèn nganti saiki, pêrlu laku lahír síng timbang karo laku batín. Lahiré mêngku batín, batiné mêngku lahír. Ånå ing sasi Surå iki, laku batín síng pêrlu dilakóni yåiku mawas diri lan mulat sarirå hangråså wani. Pirantiné biså nganggo têmbúng níngrat. Carané nganggo pikiran sing wêníng supåyå njingglêngi síng ånå ing sarirå (mikro kósmós). Kêjåbå såkå iku ugå mulat obah osikíng alam lan isiné jagad, rat (makro kósmós). Sabanjuré, mêthík såkå wayang síng nduwèni “jiwå bayu”, tinêmu ånå ing sandhangan rupå kampúh polèng bang bintulu. Lêlambaran sandhangan síng rupané abang, irêng, kuníng lan putíh, mènèhi pitudúh supåyå biså ngêndhalèni håwå nafsu amarah, aluwamah, supiyah lan mutmainah. Síng kaparingan kuwåså åjå kumawåså, síng lagi mimpín åjå adigang, adigúng lan adigunå. Åjå murkå, drêmbå lan kêpilút gêbyaríng råjå brånå lan sakaliríng barang síng sipaté kadonyan. Mênåwå ora élíng lan waspådå biså nuntún marang tumindak cidrå, culikå lan nisthå. Sêsanti lan grêgêt mamayu hayuníng nuså lan bångså pêrlu dipêpundhi lan dicakaké ing bêbrayan. Wujudé supåyå pådhå susilå anór rågå, tabêri lan nduwèni watak lan panggawé bêcík Têmbungé Arab diarani amar ma’ruf nahi mungkar. Kêjåbå såkå iku, akèh wulangan Jåwå síng bisa diuri-uri lan dipêpêtri. Kanggo têtimbangan, ånå wulangan síng biså nuntún dadi lantíp ing sasmitå måcå mobah mosikíng alam. Pådhå gulangên ing kalbu ing sasmitå amríh lantíp. Åjå pijêr mangan néndrå kaprawiran kang dèn èsthi. Pêsunèn sariranirå, cêgah dhahar lawan gulíng. Ålå watakíng wóng suka (asêsukan) nyudå prayítnaníng batín. Sabanjuré, sipat éling, dzikír lang ngibadah kanthi bêcík marang Gusti Allah pêrlu dibarêngi karo sipat waspådå marang tåndhå-tåndhå alam (jaman). Ngadhêpi prahårå alam síng sók ora kênyånå-nyånå, ånå babagan síng kudu disiapaké. Piranti síng asipat batiniyah kudu dilêngkapi nganggo piranti lahiriyah, yåkuwi tèknologi canggíh síng biså ngawékani lan ngêrtèni bakal têkané prahårå. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

34

17. L i n d u Minggu Pahíng tanggal 26 Dèsèmbêr 2004 kêpungkúr ånå lindhu gêdhé. Bumi horêg nuwúhaké ombak tsunami síng gêdhéné ngédab-édabi. Pêsisír Asia pérangan wétan-kidúl kêtrajang, akèh síng rusak, kahanané bosah basèh. Nêgårå-nêgårå síng kênå tsunami yakuwi Suriah, Maladéwa, India, Srilangka, Bangladès, Thailand, Malaysia lan Indonésia (pérangan Acèh lan Sumatra Kulón). Kórban manungså síng mati atusan éwón lan akèh bangêt síng durúng kêtêmu. Kahanané pårå kórban mrihatinaké, nrênyuhaké lan mêsakaké bangêt. Akèh layón síng ora wutúh manèh, kêgubêl lumpúr, kêcêpít lan kêjugrúgan wêwangunan síng ambrúk, tumpang súh dadi siji karo akèhé barang sing bosah basèh. Kórban manungså sing isih urip, ora kabèh séhat, akèh síng badané ora wutúh, rusak, cacat, tatu, lårå lan akèh síng sambat ngaru-årå ngrasakaké kahanané. Síng kêparingan slamêt pådhå ngungsi ånå tlatah síng aman. Kabèh pådhå susah amargå kélangan anak, bojo, ponakan, mbah, sêdulúr, kåncå, suratsurat pêntíng, dokumèn, pêrabótan omah, radio, tv, råjå kåyå, råjå brånå, barang pêthingan lan liya-liyané. Campur aduké råså prihatin, trênyúh, sêdhih lan susah ora múng dirasaké pårå kórban (manungsa) síng isíh slamêt, nangíng ugå nêmah krabat síng ånå njåbå rangkah Acèh. Akèh bangêt síng nglairaké råså prihatín, simpati, bélå sungkawa lan mèlu ndonga’aké mugå arwahé pårå kórban ditåmpå déníng Allah síng Maha Kawåså. Síng isíh slamêt ugå didonga’aké mugå kaparingan tawakal lan tabah ngadhêpi kahanan síng ngédab-édabi mau. Ombak gêdhé tsunami ugå ngrusak lan nrajang pêlabuhan, tanêman, wit-witan, pomahan, jaratan (makam), masjíd, mushola, pasar, mal, instalasi listrík, pabrík, dalan, krêtêg, kantór-kantór lan wêwangunan liyané. Lingkúngan kutha lan padésan ing tlatah pêsisír kulón Acèh prasasat waråtå kêtrajang ombak lan pådhå rusak ora karu-karuwan. Gêgandhèngan karo prahårå alam síng nêmah Acèh lan pérangan Sumatra Kulón iku, Indonésia lagi nandhang susah, sêdhih lan prihatin. Indonésia lagi nangís. Ngadhêpi kahanan iku, pamaréntah (pusat) lan kabèh pérangkaté, disêngkuyúng lan diawaki déníng pårå ulama, tókóh masyarakat, têntara, pamóng praja, artís, pêrusahaan, dunia usaha (swasta), TV, média group, wartawan, mahasiswa, rélawan lan liyå-liyané pådhå cancút nangani kórban lan mulihaké kahanan. Pirang-pirang posko dianakaké supåyå bisa cêpêt mbiyantu pårå kórban. Bantuan arupå pangan, sandhangan, dhuwít lan liya-liyané têrús lumintu. PBB uga mènèhi pambiyantu, katambahan pamaréntah Singapúr, Malaysia, Koréa, Jêpang, Australia, Amérika lan liyå-liyané. Lindhu síng nuwúhaké tsunami tanggal 26 Sèptèmbêr 2004, kacathêt dadi bêncana alam síng palíng gêdhé dhéwé. Lagi iki donyå ånå prahårå alam síng nduwèni kórban palíng akèh, nggêgirisi lan ngédabédabi. Gêgandhèngan karo lindhu lan prahårå alam mau, ing pêwayangan(pêdhalangan) ånå pocapan síng bisa kanggo nggambaraké kahanan. Sadurungé ånå gårå-gårå dipocapaké déníng Ki Dhalang : akèh lindhu, gêtêr patêr, bumi gonjang-ganjíng, samodra kocak, gunúng moyag-mayíg.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

35

Horêgíng bumi gawé rusak pêkarangan lan têgalan. Ing bawånå sintru kêsapút lêbu. Ing akåså gumaludhúg, kilat thathít magêntúran, dhêdhêt érawati ngakak, gorå gurnitå kagiri-giri. Horêg bumi prakêmpå, mandhala mangambak-ambak, kumucak mawêtu gêni. Kêtigå dåwå ånå udan salah mångså dêrês, lésús pindhå pinusús, sindhúng riwút magênturan, prahårå gorå walikan. Tirtaníng samodrå umób lír linêbúr, búr buah syúh sumamburatíng ambårå låyå ambèr ngêlêbi dharatan, yayah angêlêm jagad. Hardaníng gårå-gårå sumundhulíng surålåyå gonjíng balé marcukundha maník, rêngat sunguné lêmbu andini kåyå njêból-jêbólå kori sélå matangkêp, kumitír pêthité Hyang Anantabogå. Kawah Candradimukå lír kinêbúr, ambèr êndhút siblêgêdåbå, kayu andóng kayu muríng pådhå rêbah kasulayah. Gègèr pårå widådårå widadari, hapsårå hapsari sami ngungsi Hyang Hodipati. Kêjåbå såkå iku, ugå dipocapaké mênåwå sato iwèn lan ibêr-ibêran susah. Janmå, pandhitå, ratu pådhå nandhang sungkåwå. Déwå tumurún ing ngarcåpådå årså têtulúng janmå mêt parmaníng budåyå. Pandhitå bangkít mêmujå, manjíng pråjå minta pitulunganíng ratu. Sari pathi pocapan dhalang kasêbút, biså dadi wulangan (sinandi) kanggo ngadhêpi kahanan ing Indonésia wêktu iki. Kêdadéyan wiwít anané krisis multi dimènsi (monêtèr, êkonomi, étika, moral, kêpêmimpinan), gêrakan sêparatis ing Acèh lan Papua, térór, bóm, kónflik ètnis ing Sulawêsi Têngah, lindhu ing Alór lan Nabiré, lindhu tsunami ing Acèh lan liyå-liyané, pêrlu diwawas kanthi wêníng, prêmati, élíng, waspådå lan wicaksånå tumrap såpå waé. Rakyat, ulama, pêmimpín, politisi, ilmuwan, pêjabat, aparatúr pêmêrintah, kadêr parpól, mahasiswa, wartawan, burúh, tani, nêlayan, rélawan lan kabèh kómpónèn bångså, pêrlu tumandang gawé, saiyêg saékå pråyå ngadhêpi kahanan Indonésia. Njingglêngi kahanan ing Acèh, åpå déné akèhing pambiyantu sing ora nóntón lan mbédak-bédakaké suku, ras, agåmå, aliran lan liya-liyané, dadiyå sarånå kanggo ningkataké råså kamanungsan, råså kabangsan lan råså katrêsnan, pêrsatuan lan kêsatuan ing bumi Indonésia. Muga Gústi Allah SWT mêsakaké lan nulungi Indonésia sing lagi prihatin, susah lan nangis. Amin. Déning : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

18. Prahårå Sawisé pêsisír Acèh kêtrajang tsunami síng ngédab-édabi, banjír nrajang pérangan Acèh liyané. Kahanan Acèh såyå nrênyúhaké, mrihatinaké lan mêlas bangêt. Acèh dadi bosah basèh amargå tsunami, isíh kêtambahan karo banjír síng nrajang wilayah Acèh liyané.
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

36

Banjír bandhang ugå nrajang tlatah Sumatra lór lan kidúl, Lampúng, Kalimantan kulón lan têngah. Banjír nêmah pérangan wilayah liyané, ngrusak dalan, krêtêg lan nrajang sawah, tambak, kêbón, pêkarangan ing padésan. Pêkêbónan, tambak lan sawah dadi puso ora bisa panèn. Kuthå métropolitan Jakarta ugå kêbanjiran. Akèh bangêt pêndudúk ngungsi ånå papan síng aman. Aula kantór, sêkolahan, balai RW, Masjid lan liyå-liyané dadi papan pêngungsèn. Lagi iki Jakarta ngalami banjír síng palíng gêdhé. Banjír nêmah papan síng cêndhèk, mlêbu pêkarangan lan omah, nyundhúl plafón síng dhuwuré têlúng mètêran. Pérangan omah síng kêtrajang dadi rêgêd ora karu-karuwan. Karpèt, mèbêlèr, lêmari, naskah, dókumèn, TV, radio, bantal, kasúr, sêpéda mótór lan pêrabótan omah liyané, kênå banjír kêcampuran lêmi lan rêgêdan liyané. Omah ånå síng rusak lan ambrúk nambahi kahanan síng nyusahaké. Akèh bangêt båndhå síng ilang ora bisa dislamêtaké. Wargå síng ånå pangungsèn, tuwa-anóm, gêdhé-cilík, sugíh-mlarat, pådhå nandhang susah nåmpå kahanan mau. Gêgandhèngan karo banjír (musiman, tahunan) mau, rélawan, tim SAR, LSM, satkórlak, aparat pêmêrintah lan liyå-liyané pådhå tandang mbiyantu ngènthèngaké kahanan. Kanggo mbiyantu pårå kórban dibukak pósko, dapúr umúm, pós layanan kêséhatan lan liyå-liyané. Bantuan pangan, sandhangan, obat-obatan lan kêbutuhan pêdinan liyané dikirím kanggo pårå kórban. Kabèh pådhå mbudidaya supåyå bisa ngènthèngaké síng lagi susah amargå kêna musibah. Badan Météorologi lan Géofisika (BMG) nêrangaké mênåwå sasi Januari tahún iki curah udan mundhak dadi dhuwúr. Udan dêrês arêp nêmah akèhíng tlatah ing bumi nuswantårå. Gêgandhèngan karo praståwå iku, obahíng banyu ing sasi Januari lan Fébruari iki luwíh gêdhé karo padatan. Obahíng banyu biså nrajang åpå waé lan såpå waé, ora mbédak mbédakaké drajat, pangkat lan kahanan. Lakuné banyu, såkå cilík dadi gêdhé biså kêdadèn ånå ngêndi waé lan ora nóntón wêktu. Wayah prak ésúk, awan, soré utåwå bêngi, banjír biså nêmah lan nrajang såpå waé. Banyu udan síng tumibå ing tlatah pêgunungan biså njalari lakuníng banjír síng nggêgirisi. Alas síng gundhúl, kahanan lingkungan síng rusak, pêmukiman lan wêwangunan síng ora têmåtå, bisa nuwúhaké banjír bandhang síng ngédab-édabi, ngrusak lan nrajang tlatah ngêndi waé. Ora múng ing padésan, kuthå-kuthå ing pêsisír biså rusak bosah-basèh kêtrajang banjír bandhang. Kórban arupå båndhå (donyå), wêwangunan, fasilitas umúm síng rusak lan liyå-liyané, yèn di kêrtå aji, ånå puluhan trilyún rupiah. Kanggo mulihaké kahanan, mliginé ing Acèh dibutúhaké wêktu puluhan tahún.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

37

Anggaran lan blånjå pêmêrintah dadi tambah lan kudu disisíhaké kanggo program rékónstruksi. Bumi síng horêg utåwå lindhu síng nuwúhaké prahårå tsunami ing Acèh, prahårå banjír síng nrajang akèhing wilayah ing Indonésia, pantês sinêbút prahårå alam síng bangêt nggêgirisi. Lagi iki bumi Nuswantårå kêtrajang bêncana alam síng palíng gêdhé lan ngédab-édabi. Isíh sêsambungan karo prahårå alam, mliginé bab obahing banyu (hêr), ing jagad pêwayangan ånå lakón síng biså dadi têtimbangan. Mêthík kawrúh såkå lakón Múrwakala ing upåcårå Ruwatan, ånå jinisé manungså síng nandhang sukêrtå. Mênawa sukêrtå ora diruwat bisa nêmóni bilahi (malapêtaka), amargå dipangan Bêthårå Kålå. Sabanjuré ånå ing kitab Manikmåyå, dumadiné Bêthårå Kålå karånå anané kåmåsalah síng tumibå ing samodrå. Tumètèsing kåmåsalah nuwúhaké panas, banyu sêgårå umób lír linêbúr. Obahíng banyu sêgårå sinurúng lésús pindhå pinusús nuwúhaké ombak gêdhé ngêlêbi dharatan kåyå-kåyå arêp ngêlêm jagad. Kahyangan gègèr, pårå Déwa didhawuhi siyågå lan nggåwå gêgaman piranti pêrang. Kabèh gêgaman ditamakaké ing samodra, síng akhiré salín rupå wujúd Bêthårå Kålå síng kudu nyírnakaké manungså kang nandhang sukêrtå. Wêwatón wulangan Jåwå ing upåcåra ruwatan, ånå kapêrcayaan síng diugêmi yåkuwi såpå síng nandhang sukêrtå supåyå slamêt kudu diruwat. Måntrå-måntrå arupå caråkå balík síng diwåcå ånå ing ruwatan, nduwèni sari pathi yåkuwi panyuwunan utåwå pandongå supåyå slamêt, rahayu, hayu-hayu niskålå. Ngadhêpi prahårå alam ing bumi Indonésia, lakón wayang Múrwåkålå biså dadi wulangan (sinandi) supåyå pådhå tansah élíng, dhikír, dêdongå lan têrús ngibadah kanthi luwíh apík marang Gústi Allah. Muga Allah SWT nulungi lan mêsakaké Indonésia síng lagi nandhang susah. Amin. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

19. Ngudhari Masalah Síng Nggubêl Bahasa Jawa Ånå ing kålåwarti Panyêbar Sêmangat (PS) nomêr 8 taún 2006 kapacak palapurané AT nganggo irah-irahan ’Isíh Akèh Masalah síng Nggubêl Båså Jåwå’. Isiné mêthik såkå andarané Bapak Sutadi ånå ing sêminar ‘Pêmbêlajaran Båså Jåwå’ kang dianakaké déníng MGMP Båså Jåwå SMP Pónórógó. Masalah síng lagi nggubêl båså Jåwå prayogå diudhari ånå ing kongrès båså Jåwå síng arêp diadani ing sasi Juli taún 2006. Wiwit wêktu iki prêlu ancang-ancang kêpriyé carané bisa ndhudhah, lan ngudhari masalahé. Sêpisan, prêlu ngrêtèni anatomi masalah síng diadhêpi. Kabèh masalah síng lagi disandhang båså Jåwå prêlu di-idèntifikasi siji mbåkå siji.
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

38

Masalah prêlu di-invèntarisasi arupå daftar invêntarisasi masalah (DIM). Kapindho, nlusuri lan njingglêngi masalahé wêwatón hukúm sêbab-akibat, upamané nganggo pitakónan ‘kênå (ng)åpå’ kók dadi masalah. Sabab åpå kók banjúr kêdadéan kåyå mangkono, wiwít kapan masalahé, lan liyå-liyané. Kabéh mau mujúdaké ‘kêrangka logis’ síng nuntún cårå utawa tèknik kanggo ngudhari masalah. Masalah síng lagi nggubêl båså Jåwå ora sit?ík malah kêpårå akèh. Ånå síng tinêmu ing pasinaón utåwå sêkolahan, Ånå ing lingkungan kulåwargå lan masyarakat. Ånå ing ranah pasinaón tinêmu masalah-masalah sing gayút karo kurikulum síng dicakaké wêktu iki wiwít SD lan SMP. Åpå wís wêktuné kurikulum mau dièvaluasi utåwå di-réview manèh? Nyêmpurnakaké kurikulum pancén ora gampang lan mbutúhaké wêktu síng ora sêdhèla. Åpåmanèh kudu trêp karo kompêtènsi, síng ditêmbungi KBK utåwå ’kurikulum bêrbasis kompêtènsi’. Ånå ing babagan implêmèntasi supåyå muríd trampil nggunakaké båså Jåwå ora múng bab kurikulum. Ånå ing kèné buku ajar dadi sarånå síng pêntíng kanggo mulang. Buku ajar síng dicakaké ing pamulangan prayogå dijingglêngi manèh åpå wís trêp karo kaanan saiki. Mênåwå kurang trêp amargå obahíng kaanan prêlu ditåtå manèh. Mênåwå ånå buku ajar síng kurang pas utawa bólóng-bólóng prêlu ditambal. Mênawa ånå síng kliwatan prêlu disulam. Pårå pakar båså lan sastrå Jåwå síng kulinå nyusún buku ajar prêlu ngrêmbúg bab iki. Sarasèhan prêlu diadani kanggo nyusún buku ajar ’gagrag anyar’ supåyå jumbúh karo kaanan wêktu iki. Sawisé buku ajar ditåtå lan tumåtå apík prêlu survey kaanan guru. Kaanan guru prêlu ditliti. Thêk kliwêré guru anggóné mulang (wurúk) prêlu dingêrtèni. Buku wacan síng diwåcå åpå waé, pirå cacahé, tinêmu angèl åpå ora. Guru åjå mung watón mulang níng prêlu mulang síng nganggo watón utåwå program síng disiapaké kant?i prêmati. Guru prêlu nyinau lan nguwasani bahan ajar. Ånå ing kéné guru kudu mumpuni ing kawrúh (pangawikan) ngênani båså lan sastrå Jåwå. Émané, ora kabèh guru lulusan sêkolah guru (SPG) utåwå institut síng ånå program studi båså Jåwå. Kanggo guru ånå ing tataran SD tambah bêban amargå buku ajar síng kudu dikuasani ora mung båså Jåwå. Akèh bahan ajar liyané síng prêlu diwåcå. Supåyå prosès pêmbêlajaran båså Jåwå ing SD dadi luwih apík prêlu diadani kajian ngênani cak-cakané pamulangan båså Jåwå. Såpå síng kudu naliti? Jawabané yå pakar båså Jåwå, Dinas síng tugasé gayút karo båså lan sastrå, disêngkuyúng pårå panggilút lan pêndhêmên båså Jåwå. Tuladhå ngênani ayahan utåwå agênda pênêlitian, upamané: åpå wís wêktuné diangkat

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

39

guru bidang studi båså Jåwå ing tataran SD?. Åjå nganti guru ing tataran SD kakèhan utåwå kabótan sanggan amargå kudu nguasani bahan ajar síng akèh bangêt. Kompêtènsi lan kualitas guru ånå ing pamulangan prêlu ditliti. Buku ajar lan buku wacan síng ånå uga prêlu diinvêntarisasi. Kanggo ngudhari masalah kualitas ing pasinaón guru prêlu dikúrsús båså lan sastrå Jåwå. Kursus síng diadani mbutúhaké wêktu síng cukup åjå múng ’karbitan’. Nyêmak dudutan kongrès båså Jåwå síng wís diadani rambah píng têlu ånå ing Sêmarang, Malang lan Yogya, isíh akèh bab síng kudu diinvêntarisasi lan diudhari. Masalah síng nggubêl båså Jåwå ora múng tinêmu ånå ing pamulangan. Ånå ing lingkungan kulawårgå ugå ånå masalah síng nggubêl. Wêwatón asíl pênêlitiané Pak Edi Subrótó såkå UNS antarané nyêbút mênawa cakcakané båså Jåwå ing kuthå-kuthå wís mlórót kualitasé. Masalah síng nggubêl båså Jåwå uga tinêmu ånå ing lingkungan masyarakat. Akèh bangêt pahêman lan paguyuban síng isíh nrêsnani lan nggilút båså lan sastrå Jåwå. Kabèh prêlu cancút lan gumrégah ngudhari masalah. Program lan ayahan síng ditindakaké pêrlu sinèrgis karo program pamaréntah. Paguyuban Pênulís lan pêngarang Sastrå Jåwå ugå prêlu tumandang ngudhari kaanan. Prêlu saiyêg saékå pråyå mbudi dåyå muríh lêstariné båså lan sastrå Jåwå. Ånå pakar båså síng usúl supåyå têmbúng ’nguri-nguri’ diganti nganggo têmbúng ’mbudidåyå’ síng têmbúng mancané ’em-powerment’. Pakar mau ngêndika mênåwå nggunakaké têmbúng nguri-uri kêsané kók kåyå ngopéni dinosaurus utawa kéwan liyå síng kudu diopèni. Masalah síng nggubêl båså Jåwå uga tinêmu ånå ing ranah birokrasi pêmêrintahan. Umumé ngênani bab wragad utåwå anggaran kanggo pêmbinaan båså lan sastrå Jåwå. Wêwatón amandêmèn pasal 32 UUD 1945 pamaréntah tataran Provinsi, Kabupatèn lan Kota prêlu macak anggaran kanggo båså lan sastrå Jåwå. Pangajabé, lumantar anggaran síng kapacak ånå ing APBD Kabupatèn / Kota, masalah síng nggubêl båså jåwå bisa diudhari siji mbåkå siji. Jêr basuki måwå béyå. Muríh lêstariné båså lan sastrå Jåwå mbutúhaké prabéya síng cukúp. Akèh bangêt ayahan síng kudu dibandhani nganggo APBD sabên tauné. Para sutrêsna, pandhêmên, panggilút båså lan sastrå Jåwå prêlu luwíh cakêt lan rakêt karo wakíl-wakilé ånå ing légíslatif. Informasi síng magêpókan karo båså lan sastrå Jåwa karo prêlu diandaraké karo wakílwakilé ånå ing DPRD. Kanggo nanggapi kongrès båså Jåwå síng arêp diadani sasi Juli 2006 prêlu disiapaké daftar invêntarisasi masalah (DIM) síng nggubêl båså Jåwå. Mugå-mugå biså dirêmbúg lan diudhari. Déníng : Ki Sutadi, Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

40

20. Asilipún Kongrès Båså Jåwi Kapêngkêr wóntên pakar ingkang ngêndikakakên bilíh asilipún Kongrès Båså Jawi (KBJ) I, KBJ II, asilipún KBJ II, KBJ III, asilipún KBJ III, KBJ IV. Salajêngipún ugi dipún ngêndikakakên bilíh KBJ mênikå namúng upåcårå ingkang dipún adani kanthi rutin. Panyåkråbåwå ingkang makatên sagêd tuwín sah-sah kémawón. Wóntên ing alam dhémokrasi wêkdal samangké, sintên kémawón dipún jamín mêrdikå utawi bébas nggadhahi pamanggíh Bébas ngêmpal lan ngêdêgakên parté. Bébas ngawóntênakên parêpatan, kalêbêt bébas nggadhahi pamanggíh bilíh kongrès båså Jawi ingkang kawóntênakên nglairkan kongrès båså Jawi salajêngipún. - KBJ I dipún adani taún 1991 ing Sêmarang, - KBJ II kawóntênakên taún 1996 ing Batu malang, - KBJ III dipúnlêksanakakên taún 2001 ing Ngayogyakarta. - KBJ IV insya Allah badhé kawóntênakên ing Sêmarang tanggal 10 dumugi 14 Sèptèmbêr 2006. Mênåpå asilipún mangké badhé nglairakên KBJ V prayogi manawi dipún tênggå. Tumrap ingkang kawogan tuwin pårå kadang panitya, pamanggíh kasêbat prêlu dipún tampi kanthi longgaríng panggalíh. Kritik ingkang saé prêlu dipún bundhêli kagêm sangu supadós KBJ IV ingkang badhé dhatêng langkúng saé tuwín murakabi tumrap bêbrayan Jawi. Kiprahipún SDM lan asilipún KBJ. Parêpatan ingkang dipún sêbat kongrès bèntên kaliyan saraséhan. Têbanipún langkúng jêmbar. Ingkang ndhèrèk kongrès inggih langkúng kathah. Wóntên pêjabat ingkang kawogan mbikak, wóntên ingkang maringi sêsorah, wóntên ingkang kapiji minångkå pêmakalah, pårå panyarta, panitia pêngarah tuwín panitia pêlaksana. Sadåyå ‘sumbêr daya manusia' (SDM) kasêbat, nindakakên ayahan wóntên ing kongrès. - KBJ I dipún adani wóntên kitha Sêmarang kanthi téma: ‘Bahasa Jawa sêbagai Potènsi Jatidiri Pêmbêntukan Kêbudayaan Nasional'. Makalah ingkang dipún andarakên wóntên 102. - KBJ II ing Batu Malang nêtêpakên téma: ‘Pêranan Bahasa dan Sastra Jawa dalam Pêmbangunan Kêbudayaan Nasional pada Era Globalisasi'. Makalah ingkang dipún paparakên wóntên 80. - Salajêngipún KBJ III ingkang dipún adani ing Ngayogyakarta, kanthi téma: ‘Dêngan Bahasa dan Sastra Jawa kita bangún Manusia Indonesia Baru yang Mêmiliki Budi Pêkêrti Luhur, Bêrkêtahanan nasional dan Bêrkêtahanan Budaya Bangsa'. Makalah ingkang dipún andarakên wóntên 61. Wêwatón téma-téma KBJ ingkang dipún pilíh kêtingal wóntênipún krativitas tuwín kêmajêngan ingkang jumbúh kaliyan tujuan kongrès. Makalah ingkang dipún andarakên tuwín dipún bahas déníng pårå panyartå cacahipún

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

41

wóntên 243. Mênikå ngêtingalakên bilíh pårå pêmakalah ngginakakên dåyå pamikír lan pêngalamanipún lajêng nyêrat prêkawís båså lan sastrå Jawi. Pårå pêmakalah kathah ingkang ngawóntênakên studi kapústakan ingkang sambêt kaliyan téma tuwín topikipún kongrès. Ingkang sajatosipún wigati tumrap kongrès basa Jawi inggíh mênika kiprahipún SDM ingkang bêbådrå wóntên ing kongrès. 243 makalah ingkang kagêlar wóntên KBJ, sagêd dipúnsêbat ‘artåkåyå' kabudayan Jawi ingkang sakalangkúng pêntíng. Asilipún KBJ ingkang sampún rambah kapíng tigå inggíh kiprahipún pårå jamhur, nimpunå, pakar, winasis, pandhêmên, panggilút, guru lan sanès-sanèsipún ingkang tansah sinau, nyinau, jingglêngi, ngandarakên sadåyå bab ingkang sambêt kaliyan båså lan sastrå Jawi. Asilipún kongrès inggíh lampahíng dåyå kréatif ingkang prasasat mbanyu mili wiwít tataran ‘púrwå, madyå, wasånå'-nipún kongrès. Ayahan kongrès bèntên kaliyan proyèk mbangún margi utawi mbangún krêtêg ingkang asilipún kasat måtå. Asilipún kongrès inggíh arupi kêmpalan makalah dalah dudutan utawi kêsimpulan kongrès. Prêlu dipún akèni bilíh dèrèng sadåyå rékomèndasi kongrès sagêd dipún wujudakên. Taksíh kathah prêkawís ingkang ngadhang lan dadós pêpalang tumrap mêkaripún båså lan sastra Jawi. Tuladhanipún, dudutan ingkang mrayogèkakên prêlunipún payúng hukúm tumrap sadåyå ayahan kanggé nglêstarèkakên båså lan sastrå Jawi. Mênikå mbêtahakên studi utawi kajian akadêmik déníng pårå pakar båså lan sastrå Jawi. Sasampunipún mênikå lajêng malêbêt ing ranah ‘tèhnik pêrundang-undangan'. Tataran salajêngipún, déníng pamaréntah dipún andarakên wóntên DPRD supadós dipún sahkên minångkå Pêraturan Daérah. Wêwatón Pêrda ngèngingi Båså lan Sastrå Jawi kasêbat sagêd ngawèkani wóntênipún program dalah anggaranipún. Ngadhêpi globalisasi ingkang dayanipún ngèdab-èdabi, båså lan sastra Jawi mbótên sagêd uwal sakíng pêpalang mênika. Manawi mbótên dipún bètèngi båså lan sastrå Jawi sagêd kasêmpyók déníng ombak globalisasi. Kajawi mênika wóntên pérangan ing ranah birokrasi ingkang prêlu dipún sêmpurnakakên. Dèrèng kathah sarjana båså lan sastrå Jawi ingkang ngawaki jabatan Kêpala Sèksi/Sub Bagian Kêbahasaan tuwín Kabudayan, langkúng-langkúng wóntên Kabupatèn utawi Kitha. Sadåyå rékomèndasi kongrès badhé lumampah kanthi rancag manawi sadåyå ingkang kawogan ing birokrasi, pårå nimpuna dalah pakar båså lan sastrå ing Univêrsitas/Fakultas/Program studi, pårå panggilut båsål lan sastrå ing paguyuban lan sanggar-sanggar, pårå guru lan sanès-sanèsipún jumangkah nindakakên sadåyå ingkang kasêrat wóntên rékomèndasi kongrès. Babagan cumawisipún wragad lan anggaran dadós prêkawís ingkang wigati tumrap

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

42

ayahan mênikå. Asil-asil sanèsipún Sasampunipún KBJ I kêlampahan dipún adani wóntên Sêmarang, kathah pårå pakar båså lan sastrå Jåwi ingkang lajêng nggadhahi gagasan prêlunipún nindakakên rékomèndasi kongrès. Yayasan Studi Båså Jawi Kanthi lair wóntên ing taún 1992. Ndungkap umuripún ingkang sampún 14 taún kathah sangêt ayahan ingkang dipún tindakakên ing babagan båså, sastrå lan budåyå Jawi. Kiprahipún pårå nimpunå lan pakar båså lan sastrå Jawi ing Unnes ugi nglairakên program studi båså lan sastrå Jawi ing Unnes. Wóntênipún Balai Bahasa Jawa Têngah ugi sagêd dipún sêbat asilipún pårå nimpunå ingkang kålå samantên ‘olah pikír' wóntên ing kongrès. Kajawi mênikå, ugi lair rubrik Mardi Jawi wóntên ing Suara Mêrdeka ingkang sampún lumampah puluhan taun lan dipún wragadi déning pamaréntah Provinsi Jawa Têngah. Kurikulum båså Jawi ing pamulangan SD, SMP, SMA/SMK/MA, wóntênipún buku ajar båså Jawi, kúrsús-kúrsús båså Jawi, lan sanès-sanèsipún, sagêd dipún wastani asíl ulah pamikír lan kiprahipún pårå pakar båså lan sastrå Jawi ingkang bêbådrå wóntên satêngahíng kongrès dumugi kongrès salajêngipún. Mugi-mugi KBJ ingkang badhé dhatêng sagêd murakabi tumrap båså lan sastrå Jawi. Ngadhêpi ombak globalisasi ingkang sagêd ngringkíhakên båså lan sastrå Jawi tuwín lunturipún jatidiri, prêlu dipún tanggapi mawi ulah kridhanipún pårå pêjabat, pårå pakar lan jamhur, pårå guru, pårå pandhêmên tuwín panggilút båså lan sastrå Jawi. Sadåyå prêlu ngawóntênakên ayahan ingkang sinèrgis wóntên madyaníng KBJ utawi sasampunipún KBJ dipún lêksanakakên. Sadåyå prêlu nindakakên ayahan kanthi sêsarêngan, tuwín linambaran sêmangat ånå rêmbúg dirêmbúg, guyúb, rukún, saiyêg saékåpråyå tumuju dhatêng lêstarinipún båså lan sastrå Jawi. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

21. Båså Jåwå prêlu nút ing Jaman Kêlakóné Dinå sabtu tanggal 4 Fébruari 2004, Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Bahasa Jawa SMP Kabupatèn Pónórógó nganakaké Sêminar Båså Jåwå. Sêminar sêdinå síng milíh téma ‘Pêmbêlajaran Bahasa Jawa Têrkini dalam rangka mênyóngsóng Hari Bahasa Ibu Intêrnasional, ditêkani kurang luwíh 525 pêsêrta. Mulå yå rêgêng lan ngêgrêng. Sawisé dibukak déníng Bupati Pónórógó, ånå pêmakalah cacah limå síng njlèntrèhaké anggitané. - Sutadi, ngandaraké bab ‘Masa Dêpan Bahasa Jawa dan Pêmbêlajarannya'; - Råmå Sudi njlèntrèhaké bab ‘ Sênêng Båså Jåwå nuhóni Kurikulum Bêrbasís Kómpêtênsi'; - Suharmónó K ngandaraké ‘Leksikón Bahasa dan Budaya Jawa

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

43

Pónórógó sêbagai Asèt Lokal untúk Bêraktivitas Global'; - Sugeng Wiyadi bab ‘Matêri Sastrå Jåwå ing Pamulangan SD lan SMP. - Sugeng Adipitóyó ngênani ‘Implêmèntasi KBK ing wulangan båså Jawi: Pandhangan lan Cak-cakanipun'. Sêminar wiwít ‘angêt' sawisé diélingaké anané kritik tumrap båså Jåwå taún 80-an, yåkuwi: - 'båså Jåwå arêp mati', - ‘båså Jåwå kunó', - ‘båså Jåwå féodal', - ‘båså Jåwå ndakik-ndakik', - ‘åpå ganjarané biså båså Jåwå', - ‘båså Jåwå ora kênå kanggo golèk dhuwít', - ‘nasibé båså Jåwå båkål kåyå båså Kawi arêp ilang' lan liyå-liyané. Båså Jåwå åpå arêp mati?. Båså Jåwå ing Surinamê síng lumaku kurang luwíh 90 taún lan ora ‘dibina' déníng pamaréntah Surinamê waé isíh lêstari, apamanèh ana ing bumi Jåwå. Malah kêpårå akèh (bangêt) síng prêcåyå mênåwå båså Jåwå ora bakal mati. Båså Jåwå têtêp lêstari. Syaraté, kudu ånå program síng gumathók lan jinångkå, upamané limang taunan, sêpulúh taunan lan satêrusé. Mulå kudu ånå jångkå, síng jinångkå supåyå jinangkúng déníng Gústi Kang Måhå Kawåså. Bab jångkå pancèn pêntíng. Åpåmanèh sawisé UUD 1945 pasal 32 diamandêmèn, landhêsan hukúm kanggo nguri-uri lan nglêstarèkaké båså Jåwå dadi mantêp. Wêwatón amandêmèn pasal 32 kasêbút, Nêgara lan Pamaréntah kudu ngúrmati lan nglêstarèkaké båså-båså ètnis (daérah), kayata Jåwå, Sunda, Madura, Bali, Banjar, Batak, Acèh, Bugís lan liyå-liyané. Bêbarêngan karo ayahan nguri-uri båså ètnis, båså Indonesia ugå (pêrlu) dipêrsudi. Båså asíng kayåtå: Inggris, Jêpang, Mandarín lan liyå-liyané ugå pêrlu disinau kanggo ngadhêpi globalisasi. Gêgandhèngan karo bab iki ånå unèn-unèn sing pêrlu dibundhêli, yåkuwi: 'ayahan lokal mikír global'. Åjå múng kasêngsêm babagan (nilai) lokal nanging ugå prêlu mikír global. Jamané têrús lumaku malah kêpårå cêpêt. Obah-owahíng jaman dipêcút karo tèknologi. Såyå suwé såyå canggíh. Mula båså asíng ugå prêlu disinau lan dingêrtèni. Uríp ånå têngahíng jaman síng maju kudu duwé pawitan utawa sangu síng cukup. Anå ing sêminar iki, Råmå Sudi mêlíng lan mènèhi wulangan supåyå ngati-ngati. Anå jaman síng lagi édan iki ora kudu mèlu ngédan. Båså Jåwå ora prêlu mèlu ngédan, 'ngèli níng ora kèli', 'ngíntír níng ora kénthír'. Karo guyónan, Råmå Sudi wanti-wanti åjå pådhå kénthír ngadhêpi jaman édan. Båså Jåwå prêlu 'nút ing jaman kêlakóné'. Kêpriyé båså Jåwå síng kudu nút ing jaman kêlakóné? Kêpriyé cak-cakané? Apå kudu ngê-'póp'? Apå prêlu ånå gagrag utawa babaran anyar? Kajåbå såkå iku Råmå Sudi ugå mènèhi pêpélíng: pênutúr båså Jåwå prêlu êmpan papan.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

44

Panåtåcårå prêlu nggatékaké papan lan wêktu, nggatékaké mångså kålå. Ora kudu ndakik-dakik lan prayogå nganggo unèn-unèn síng prasåjå. Unèn-unèn síng trêp karo kaanan. Têmbúng-têmbúng Jawa síng digunakaké prêlu komunikatip lan dingêrtèni déníng kawula mudha. Pårå juru panåtåcårå lan pamêdhar sabdå prêlu évaluasi. Åjå ndakik-ndakik. Mênåwå nggunakaké båså rinêngga yå síng trêp karo papan lan kaanan. Mênåwå nyåndrå yå åjå 'akèh cåndrå kurang rupå'. Åjå malah ngandar-andar angêndhukúr nggladrah ora karu-karuwan. Ånå pamrayogå manèh yåkuwi åjå : kakèhên, kêdhuwurên, kêgêdhèn, kêbablasên, lan liyå-liyané. Ånå ing sêminar iki, ugå ånå usulan supåyå pêpiridan (idióm?) ing båså Jåwå ditliti manèh, åpå isíh cócók karo kaanan saiki. Wawasan kêkinian prêlu dadi têtimbangan. Akèh bangêt unèn-unèn utåwå pêpiridan síng prêlu ditliti lan diowahi. Upamané: 'ånå bêlo mèlu sêtón'. Kawulå mudhå wís ora paham bab iki. Amargå wêktu iki wís ora ånå manèh bêlo (anak jaran) ånå ing dinå Sêtu mèlu gladhèn. Ånå manèh: idhêp-idhêp kélangan endhóg siji, åpå ya isíh cócók. Apå yå mêntålå karo kulít dagingé dhéwé banjúr disêbrataké. Tulådhå manèh: dadiå gódhóng êmóh nyuwèk dadiå banyu êmóh nyawúk. Apå yå pantês lan trêp mêdhót silaturahmi síng cêngkah karo ajaran agama. Ånå manèh yåkuwi sadumúk bathúk sênyari bumi di tóhi pati. Gujêngan prinsip pancèn prêlu nangíng yå kudu trêp karo kaanan lan wêktu. Ora kabèh kudu dikukuhi têrus nékad utåwå ngêndhat wani mati. Ånå ing wêktu iki luwíh bêcík landhêsan hukúm, musyawarah, mupakat, nggunakaké wawasan síng jêmbar, kawaskithan, 'ånå rêmbúg dirêmbúg'. Akèh bangêt pêpiridan síng prêlu ditliti (di-study) supåyå trêp lan cócók karo majuníng jaman. Jamané wís bédå lan maju. Ånå manèh síng prêlu dadi landhêsan utåwå têtimbangan yåkuwi HAM. Hak síng asipat azasi tumrap manungsa síng prêlu dingêrteni, dipahami, diluhúraké lan diúrmati. Majuning jaman pancèn ånå síng dadi kórban lan tumbal. Obahíng jaman ånå `bayarané`. Kadhang kålå bayarané larang. Ora kabèh murakabi nangíng ugå ånå akibaté. Ånå síng tambah ånå síng kurang, malah ånå síng ilang. Majuníng jaman duwèni dhampak síng ora kabèh apík malah ånå síng ndrawasi lan mbêbayani. Obahíng jaman saya cêpêt åpå manèh ånå ing kuthå-kuthå métropolitan. Pasar tradisional wís ilang dadi mal, dalan-dalan ånå sing owah dadi dalan tól. Ånå ing bêbrayan akèh bangêt síng owah. Ånå ing donyå pancèn ora ånå síng langgeng. Síng lêstari utåwå sing langgêng yå owah-owahan kuwi. Mulå båså Jåwå yå prêlu `owah` nút ing jaman kêlakóné. Para pandhêmên, panggilút, lan sutrêsna båså Jåwå prêlu dadi 'ningrat'. Pikirané kudu 'níng' amblês, bêblês malêbu manjêro, ngrumangsani, mawas dhiri, mulat

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

45

sarira hangråså wani. Kêjåbå såkå iku ugå prêlu nggatèkaké mobah mosikíng jagad 'rat'. Njingglêngi lan ngêrtèni owah-owahan síng ånå ing njåbå. Pårå sutrêsnå båså Jåwå prêlu ngrêtèni obahing jaman lan ombyakíng jaman. Pêpindhané: ngèli níng aja kèli, ngéntír níng aja nganti kéntír. Kånå kéné lagi banjír åjå nganti kéntír. Jamané lagi édan níng åjå mèlu ngédan. Síng élíng lan waspådå. Waspådå purbå waséså. Lidíng rêmbug: båså Jåwå prêlu nút....nút....nút ing Jaman kêlakóné. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

22. Mbangún Pråjå Kanggê Nanggapi Ewah éwahan Jaman Kêparêngnå kulå ing ngriki múrwakani andharan kanthi lêlandhêsan Téma ‘Kanthi Niyat Nandúr Tékat kang Kuwat, ngudi marang Sêjatiníng Bêcík Mbangún Santosané Jatidhiri Bångså'. Wêwatón téma mênikå, wóntên têmbúng-têmbúng pinilíh (keywords), ingkang prêlu dipún priksani kanthi prêmati, inggíh mênikå: 1. Niyat lan tékad ngudi kabêcikan 2. Mbangún santosané Jatidhiri Bångså. Naliti têmbúng-têmbúng kasêbat, wóntên kónsèp (concept) lan wós (èsènsi, content) ingkang prêlu dipún dhudhah tuwin dipún jingglêngi. Ingkang sêpisan, niyat lan tékad ngudi kabêcikan. Tiyang Jawi anggadhahi aksårå Jawi: (hå, nå, cå, rå, kå, då, tå, så, wå, lå, på, dhå, jå, yå, nyå, må, gå, bå, thå, ngå) mêngku nilai-nilai (values), ingkang saé, éndah lan adi (luhúng, luhúr). Aksårå ‘ngå-bå' kasêrat kawitan múrwakani sêratan salajêngipún. Aksårå ‘ngå-bå' manawi kasêrat jangkêp, mracihnani wóntênipún niyat ‘ngajab bêcík', utawi ‘mangajapå bêcík'. Falsafah, values, mênåpå déné isinipún, mêngku pangajab supadós sadåyå ayahan ingkang badhé katindakakên lêlandhêsan niyat ingkang saé (tuwín tékat ingkang kiyat). Ingkang kaping kalíh, ‘ngudi' utawi mbudidaya mujúdkên samukawís ingkang dipún (ê)nêr. Têmbúng sanèsipún, mbudidåyå supadós visi, lan gêgayuhan ingkang kajångkå sagêd kasêmbadan. Pramilå wóntên pêpiridan ingkang nuntún dhatêng kasêmbadaníng sêdyå, sadåyå ayahan prayogi dipún: jångkå, (utawi) jinångkå, (lajêng) jinangkah, supadós jinangkúng déníng Allah Subhanahuwataala. Mênika mracihnani bilíh ‘ngèlmu panjångkå' (pêrêncanaan) supadós dipún têngênakên. Visi utawi gêgambaran kaanan ingkang saé (adi, éndah) prêlu dipún têtêpakên; kalajêngakên prêlunipún ‘misi' supadós sadåyå ingkang kajångkå sagêd kasêmbadan.
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

46

Budåyå Jawi nêngênakên babagan mênikå. Pramilå, manawi badhé nindakakên ayahan (ingkang wigatós), ngawóntênakên ‘wilujêngan' supadós tumapaking damêl wiwít ‘purwå-madyå-wasånå' sagêd kasêmbadan kanthi saé, rahayu, niskålå. Sadåyå ingkang katindakakên trêp kaliyan kaanan, mawas wêkdal tuwin panggènan, linambaran lampah ‘anggêlar pêmandêng tuwín pêmanthêng'. Ingkang kapíng tigå, Pamaréntah tuwín bêbrayan ingkang wóntên pundi kémawón prêlu ‘saiyêg saékå pråyå' mbangún pråjå supadós murakabi tumrap masyarakat, bångså lan nagari, jumbúh lan trêp kaliyan Jatidhiri Bångså. Sadåyå élêmèn pêmêrintahan (éksêkutif, légíslatif), lan bêbrayan ingkang arupi ‘institusi' mênåpå kémawón, upaminipún: paguyuban, pahêman, pêrhimpunan, pêrsatuan, ‘lêmbaga swadaya masyarakat', partai politik lan sanès-sanèsipún, prêlu mbudidåyå andayakakên (empowering, empowerment) potènsi ingkang wóntên kalêbêt (n)jawi rangkah, tataran provinsi, nagari tuwín brayan global. Sadåyå potènsi prayogi dipúndayakakên tumuju kahanan ingkang majêng, adíl, makmúr, mandiri, lan kawêntar, lêlandhêsan jatidhiri bångså. Ewah-éwahan Jaman lan krisis Múlti Dimènsi Manungså ingkang kalairakên ing alam donya dumadós sakíng éwah-éwahan ingkang lumintu. Kawiwitan sakíng éwah-éwahan (sang) 'kålå' wiwít dêtík, mênít, jam, dintên, pasaran, wulan, lan taún, salajêngipún, njangkah lan nêmbús rangkah (ruang, space) ingkang têbanipún wiyar sangêt. Ewah-éwahan dumadós, lan nêmah lingkungan alam ingkang arupi: bumi, lèpèn, toyå, håwå, mångså, têtanêman, (flora), kéwan, rajakåyå, sato iwèn (fauna), pangupå jiwå, panggêsangan, papan, pakarangan, pêmukiman, pasabinan, lan sanès-sanèsipún. Kajawi mênika, éwah-éwahan ugi nêmah lingkungan manungså ingkang arupi: jinis, cacah, pikiran, watak, basa, sastra, idiologi, politik, ékonomi, hukúm, pamaréntahan, lan sanès-sanèsipún. Ewah-éwahan nêmah sistêm kabudayan ingkang têbanipún jêmbar sangêt. Sadåyå tansah ébah-éwah mbótên wóntên ingkang mandhêg. Ewah-éwahan budåyå ingkang dumadós, ambanyu mili, wóntên ingkang cêpêt, wóntên ingkang rêndhêt, wóntên ingkang ical, lan sanès-sanèsipún. Kaanan ing donya mbótên wóntên ingkang langgêng, ingkang langgêng inggíh éwahéwahan mênika. Jaman samangké, lampahíng éwah-éwahan kapårå cêpêt, amargi kapêcút déníng tèknologi, informasi, modèrnisasi lan globalisasi. Ewahíng kaanan wóntên ingkang dipún mangêrtosi lumantar ngèlmu panjångkå (prakiraan, prédiksi), anangíng ugi wóntên ingkang angèl dipún mangêrtósi. Kalêbêt kawóntênan alam arupi musibah ingkang warni-warni, wóntênipún lindhu, tsunami, banjír bandhang, angín lésus, kóbóngan, flu manúk, lumpúh layúh, kirang gisi, DBD, pagêblúg, lan sanès-sanèsipún. Sapérangan wóntên ingkang sagêd dipún mangêrtósi; namúng wóntên sapérangan ingkang mbótên sagêd dipún prédiksi, malah kapårå samar, amargi kasêngkêr, lan kawêngku déníng panguwaósipún Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Kawåså, Gusti Ingkang Múrba, lan Maséså jagad saisinipún. Ewahíng kaanan ugi kadayan déníng pêmbangunan ingkang katindakakên.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

47

Ayahan pêmbangunan ing éra ordê baru kasíl mbangún babagan fisik, inggíh mênika: mbangún gêdhóng, mal-mal, pasar-pasar modèrn, èstate-resort, hunian eksklusif, hotèlhotèl ingkang inggíl, lan asri, griya sakit ingkang modèrn, lan sanès-sanèsipún. Sadåyå ngatingalakên kawóntênan ingkang majêng, modèrn, tèknologi-nipún canggíh, sarwå computerized, lan sanès-sanèsipún. Lambang-lambang kalairan ingkang kasêbat ultra modèrn, lan canggíh sampún mrambah lan mratah mbótên namúng ing kithå malah sampún dumugi tlatah padésan. Namúng prêlu kawuningan bilíh pêmbangunan ingkang sampún lumampah wiwít ordê baru, kasurung faham ‘developmentalisme'. Faham ‘developmentalisme secularis' langkúng agêng pêngaruhipún katimbang faham ‘developmentalisme humanis'. Lampahipún faham ‘developmentalisme secularis' cêlak kaliyan faham kapitalisme lan individualisme, ingkang ndayani kaanan ingkang nêngênakên babagan kalairan. Ayahan pêmbangunan ugi kadayan idiologi ‘fragmatisme' ingkang asipat ‘jangka pèndèk', kirang mandêng lan ngudi babagan ingkang asipat ‘jangka panjang'. Pêmandêng lan pêmanthêng ingkang adhêdhasar faham idealisme kirang dipún ginakakên amargi nêngênakên bab-bab ingkang 'praktis pragmatis'. Samangké, éwah-éwahan budaya ingkang kadayan déníng globalisasi, nuwúhakên ombyaking jaman (mainstream) ing babagan kalairan, karagan, lan kadonyan. Babagan karagan ugi pênting namúng dayanipún' lajêng kirang ngudi babagan kajiwan lan alam kalanggêngan. Budåyå ingkang nêngênakên kadonyan (materialisme) langkúng agêng dayanipún katimbang búdåyå kajiwan útawi lampah spiritual. Globalisasi ingkang isinipún intêraksi budåyå måncå karånå majênging iptèk, mbótên sadåyå ngasilakên kaanan ingkang saé. Sapérangan malah wóntên ingkang nuwuhakên dampak utawi imbas ingkang awón. Kaanan ingkang mrihatósakên asring kabiwarakakên wóntên ing média cétak tuwín tayangan média èlèktronika. Wóntên ing koran Météór, Pós Kota, Pós Soré, Pósmo, kriminal, lan sanès-sanèsipún, asríng kagambar kanthi vulgar. Samantên ugi wóntên ing giyaran TV rubrik Busêr, Brutal, Kriminal, Kanal, Tikam, lan sanès-sanèsipún ngêtingalakên kawóntênan ingkang damêl mirís tuwin girisíng manah. Asring katingalakên adêgan pornografi, pornoaksi, ngumbar syahwat, pêrsêlingkuhan, pêrkosaan, miras, narkoba, anak mêjahi ibunipún, bapak mêjahi anak, putu mêjahi êmbahipún, tumindak wêngís, pêlanggaran HAM, pêngadilan massa, térór bóm, lan sanès-sanèsipún. Krisís kamanungsan (dehumanisasi), sampún lumampah lan mrambah wóntên ing têngahing bêbrayan. Kaanan 'krisis kamanungsan' ingkang makatên, katambahan kaanan ékonomi ingkang karaós awrat. Krisis monêtèr ingkang kawiwitan taún 1997, dumugi samangké kawóntênanipún dèrèng pulíh lan taksíh mrihatósakên, katitik sakíng wóntênipún: pêrtumbuhan ingkang stagnan, utang luar nêgêri, pêngangguran, pêmutusan hubungan kêrja (phk), kêmiskinan, KKN ingkang ‘ngrêmbaka', money laundring, skandal BLBI, wós impór, pênyêlundupan, ilegal logging, mlórótipún èkspór, alas ingkang risak, prêkawis freepot,

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

48

panèn ingkang gagal utawi puso, lan sanès-sanèsipún. Kawóntênan krisis ékonomi ingkang makatên katambahan kaanan ingkang mrihatósakên ing babagan sosial lan budåyå. Salajêngipún, wóntên ing têngahíng bêbrayan, ingkang sinêbat ‘multi organization society", katambahan lampahipún faham démokrasi, kapårå nambahi rumit ayahan pamaréntahan lan pêmbangunan. Faham démokrasi ngusúng babagan ingkang sapérangan karaósakên saé, namúng kanyatanipún bèntên kaliyan ingkang dipún gånthå. Kêadilan lan kêmakmuran dèrèng sagêd dipúnwujúdakên. Démokrasi ngusúng préskripsi, inggíh mênikå: pamaréntahan ‘dari rakyat, olèh rakyat, untúk rakyat', prêlunipún wakíl-wakíl ing lêmbaga pêrwakilan législatif), prêlunipún partai-partai, prêlunipún pamarintahan ingkang dipún awasi (cheks and balances), lan prêlunipún hukúm ingkang jêjêg (supremasi hukúm). Démokrasi mbêtahakên kadiwasan, ngúrmati pamanggih ingkang bèntên, lan ngúrmati hukúm. Ewå sêmantên cak-cakanipún cêngkah kaliyan prinsip-prinsip démokrasi (sêjati). Tuladhanipún, manawi kawón ing pêmilihan umúm utawi pilkada kathah ingkang mbótên lêgåwå lajêng ngancam, démo agêng-agêngan, wóntên ingkang ngrisak utawi tumindak anarkis. Préskripsi (moral) wóntên ing paham démokrasi pinanggih bèntên kaliyan ingkang wóntên lapangan. Kiprahipún pårå élite politik ingkang gèntlemen, rêsík, lan jujúr, karaósakên taksíh têbih sakíng kanyatan. Wóntên ing jagad politik (praktis), wóntên kaanan: ngrêmbakanipún budåyå démo, ngancam, mêksa, pêngêrahan massa, lan sanès-sanèsipún. Budåyå politik ingkang lumampah katingal kêbak kónflik, pêrang tanding, lan sanèssanèsipún. Tåtåkråmå lan sopan santún politik sampún mblêrêt. Kaanan politik asríng ébah, éwah lan mbótên stabil. Wóntên ing pamêrintahan kathah pêraturan pêrundang-undangan ingkang sipatipún situasional. Undang-undang ingkang dèrèng mêdal aturan pêlaksanaan-ipún badhé dipún 'yudicial review' utawi kadhêsêk badhé dipún rêvisi. Pramila wóntên ing kabupatèn/kitha asríng nuwúhakên prêkawís. Cak-cakanipún otonomi daérah kapårå kêbablasên. Kathah pêpalang ingkang lajêng ngrêrêndhêt lampah, amargi kêdah nút tatacårå ingkang sinêbat 'démokratis'. Démokrasi ingkang cêlak kaliyan faham libêralismê cak-cakanipún lajêng kêbablasên. Démokrasi dipúntafsirakên sagêd 'bébas' tumindak punåpå kémawón, kalêbêt sagêd 'ngrisak' mênåpå kémawón. Mbangún Pråjå Lêlandhêsan Jati Dhiri Bångså Wêkdal samangké Indonesia taksih ngadhêpi krisis multi dimènsi. Campúr adukíng prêkawís ing bidang ékonomi, politik, hukúm, pamaréntahan, sosial, budåyå lan sanèssanèsipún, katrajang ombak globalisasi ingkang dayanipún agêng sangêt. Globalisasi ingkang malêbêt ing TV ngusúng budåyå måncå ingkang bèntên kaliyan budåyå Indonesia. Ombak globalisasi sapérangan mbêta virus ingkang kadayan sakíng idiologi

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

49

individualisme, kapitalismê, matêrialismê, lan hédonismê. Kajawi mênika globalisasi ugi mbêtå sampah budåyå måncå ingkang sapérangan mbótên trêp kaliyan budåyå Bångså. Globalisasi lan intêraksi budåyå asíng ingkang lumampah wóntên ingkang nabrak nilai-nilai (values) ingkang saé. Nilai-nilai ingkang saé, lan taksíh dipún rungkêbi sagêt risak katêrak budåyå asing. Gêlaring globalisasi ingkang karaós ndhêsêg-ngrangsêg, sagêd ‘ngrubúhakên' Jatidhiri Bångså ingkang sampún kagêgêm, karêgêm, lan kadarbé dumugi samangké. Krisis utawi tragèdi kamanungsan ingkang kêdadósan ing sapérangan tlatah, nggambarakên kawóntênan ingkang têbih kaliyan kaanan 'adil dan bêradab'. Kaanan ingkang arupi Kêmiskinan, Kêbodóhan, Kêtêrbêlakangan (K3) ugi dèrèng sagêt dipúnêntasakên. Wóntênipún gêrakan saparatis ('Acèh', Papua) ingkang kêpéngín mêrdikå lan misah sakíng NKRI inggíh dèrèng sagêt dipún udhari. Wawasan kabangsan karaósakên luntúr, kadayan, lan kadhêsêk kaliyan faham individualismê, libêralismê, kapitalismê, matêrialismê, lan hêdonismê. Dumugi titi wanci samangké Ibu Pêrtiwi taksíh nandhang krisis multi dimènsi. Taksih kathah prêkawis ingkang nggubêl lan dèrèng sagêd dipún udhari. Kajawi mênika prahara alam arupi musibah ingkang manéka warni taksíh kadadósan ing sapérangan tlatah bumi Nuswantårå. Gêgandhèngan kaliyan kaanan kasêbat, prêlu wóntênipún ayahan Mbangún Pråjå ingkang sinèrgis ing tataran pusat, provinsi, kabupatèn, kithå, kêcamatan, dumugi tataran kalurahan, lan RW/RT. Salajêngipún, manawi dipún jingglêng kanthi prêmati, ayahan 'Mbangún Praja' wêkdal samangké karaósakên angèl lan rumít (complicated). Prêkawís ingkang badhé dipún udhari sampún rumít, tuwín campúr adhúk. Babagan politik campúr kaliyan babagan ékonomi, sosial, budåyå, hukúm, pamaréntahan, kêamanan, lan sanès-sanèsipún. Kajawi mênika wóntên prêkawís ingkang kalêbêt wóntên ing tataran nasional utawi régional. Kathah prêkawís ingkang mbótên sagêd dipún udhari kanthi cêpêt, amargi prêlu kajångkå gangsal taúnan, sadåså tahúnan, utawi sêlangkúng taúnan. Dumugi wêkdal mênika sampún kathah pamanggíh pårå pakar ingkang prêlu dipún dadósakên réferènsi kagêm ngêntasakên krisís multi dimènsi. Kajawi mênika wóntên wulangan ingkang prêlu kapêthík sakíng sêjarah jaman Ordê Lama lan Ordê Baru. Pêngalaman sêjarah ing måncå nagari sapérangan ugi sagêd dipún dadósakên réfêrènsi. Upaminipún kadós pundi pêmbangunan ing China, Jêpang, India lan Malaysia wóntên ing alam global. Ayahan 'Mbangún Praja', scope tuwín têbanipún jêmbar sangêt, mbótên namúng mbangún babagan idiologi, politik, sosial, ékonomi, hukúm, lan sanès-sanèsipún. Konsèp (concept) lan èsènsi (content) Mbangún Pråjå nggadhahi cakupan mbótên namúng babagan lair, pérangan batín, pérangan watak, utawi kajiwan ugi kacakúp. Mbangún Pråjå nyakúp ayahan kanggé mujudakên kaanan ingkang saé, inggíh mênikå mbangún babagan watak, 'harkat, lan martabat'.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

50

Mbangún Pråjå nyakúp ayahan supadós 'harkat lan martabatipún' institusi èksékutif, législatif, yudikatif, langkúng saé, rêsík, jujúr, pangandikanipún saé, tumindakipún saé, disiplin, ngugêmi aturan, mbótên KKN, lan sanès-sanèsipún. Mbangún Pråjå ugi nyakúp ayahan supadós bêbadan, pahêman, paguyuban, LSM, partai, komitê, asosiasi, pêrhimpunan lan sanès-sanèsipún nggadhahi watak, harkat lan martabat ingkang saé. Kónsèp tuwín substansi mbangún watak, harkat lan martabat sampún malêbêt wóntên ing kónsèp 'good governance lan good corporated governance'. Taksíh sêsambêtan kaliyan ayahan Mbangún Pråjå, wóntên ing babagan administrasi, manajêmên lan kêpêmimpinan wóntên réfêrènsi ingkang prêlu dipún jingglêngi. Sampún wêkdalipún pårå pêmimpín utawi élite politik langkúng nêngênakên babagan étika, moral, jujúr, adíl, lan profèsional. Kajawi mênika élite politik prêlu anggadhahi watak ingkang sagêd ngrêmbakakên sêmangat nasionalismê lan patriotismê ingkang agêng. Ngadhêpi éwah-éwahan jaman lan wóntênipún krisis multi dimènsi, wóntên pakar ingkang ngêndikakakên prêlunipún pêmimpín-pêmimpín ingkang anggadahi kompêtènsi manusiawi (la competence humaine), kompetènsi tèknis (la competence technique), tuwin kompetènsi memutuskan (la competence decisionelle). Kómpêtènsi mujúdakên satunggaling bab ingkang pêntíng, lan wigatós (sangêt) kagêm sarånå ngêntasakên krisis multi dimènsi. Wóntên ing tataran pundi kémawón, utawi komunitas pundi kémawón prêlu nêngênakên lan mapanakên sumbêr daya manusia (SDM) ingkang nggadhahi kómpêtènsi. Kómpêtènsi sambêt lan rakêt kalian babagan ingkang sinêbat kêcêrdasan émosional lan spiritual (EQ, ESQ). Sampún wêkdalipún nêngênakên, lan mapanakên pêmimpín ingkang anggadhahi intêgritas ingkang sagêd ngrêmbakakakên watak rukún tuwín ngiyatakên sêmangat Bhineka Tunggal Ika. Sampún wêkdalipún nêngênakên ayahan ingkang sinêbat mbangún watak lan karaktêr bångså (nation and characters building). Wawasan kabangsan prêlu dipún kiyatakên (malíh) linambaran tékad ingkang kiyat ngadhêpi éwah-éwahan jaman. Ayahan pêmbangunan ingkang nêngênakên watak, budi pêkêrti, lan karaktêr bangsa, prêlu dipún dayakakên malíh. Kajawi mbangún watak lan karaktêr Bangsa, ayahan pêmbangunan linambaran wawasan budåyå lan jatidhiri bångså prêlu dipún têngênakên. Budaya måncånagari ingkang mbêtå virus budåyå lan ngusúng idiologi libêralismê, individualismê, kapitalismê, lan hêdonismê, prêlu dipún tanggapi kaliyan idiologi ingkang laír wóntên ing bumi Nuswantara. Kanthi punikå, prêlu dipún dayakakên malíh sadåyå potènsi, falsafah, lan wulangan, ingkang jumbúh lan trêp kaliyan jatidhiri Bångså. Pêngalaman sêjarah nêdahakên bilíh Bångså Indonesia sagêd nampi budåyå måncå. Budåyå lan tèknologi ingkang saé, modèrn, lan trêp kaliyan kaanan ing ngriki inggíh prêlu dipun ginakakên. Namúng virus budåyå måncå ingkang awón lan mbótên trêp kaliyan kaanan, prêlu dipún sêlèksi.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

51

Salajêngipún sapérangan budaya måncå ingkang ngrubúhakên jatidhiri Bångså kêdah dipún adhêpi, lan dipún 'pêrangi'. Gêgandhèngan kaliyan prêkawis-prêkawis kasêbat, ayahan Mbangún Pråjå, ayahan pamaréntahan tuwín pêmbangunan ingkang lêlandhêsan jatidhiri Bångså prêlu dipúndayakakên malíh wóntên ing tataran provinsi, kabupatèn lan kithå. Ayahan Mbangún Pråjå ing tataran Provinsi, kabupatèn/kithå, prêlu dipún tingkatakên kualitasipún. Kualitas manajêmen pamaréntahan lan pêmbangunan prêlu dipún pandêng lan dipún wawas kanthi prêmati. Ayahan pêmbangunan ingkang asipat intêgral ingkang nêngênakên pêndidikan lan kabudayaan, prêlu dipún jêmbarakên têbanipún. Kajawi mênika, wawasan ingkang mandêng nilai-nilai utawi ndayakakên kêarifan lokal prayogi dipún njingglêngi lan dipúndayakakên. Gêgandhèngan kaliyan babagan mênika wóntên bab-bab ingkang prêlu dipún taliti, dipúnpilah, tuwín dipúnpilíh, inggíh mênika: Kaping Sêpisan, Pancasila minangka jatidhiriníng Bångså prêlu dipún sinau malíh, dipún cêcêp, tuwín dipún amalakên wóntên ing bêbrayan. Pancasila ingkang nggadhahi nilai-nilai ingkang saé, adi, lan luhúr, prêlu dipún wujúdakên wóntên ing têngahíng bêbrayan. Nilai-nilai ingkang wóntên ing Pancasila prêlu dipún wujúdakên wóntên ing bêbrayan wiwít tataran pusat dumugi tataran daérah. Réformasi ingkang kålå samantên 'apriori' lajêng njabut P4, prêlu dipun review malíh. Manawi kålå samantên dipún anggêp 'indoktrinasi', lan sipatipún 'top down', ingkang kirang trêp, métodê-nipún, mêsthinipún babagan mênikå ingkang prêlu dipún sampurnakakên. Mbótên malah njabút sadåyå nilai-nilai lan substansi ingkang wóntên ing Pancasila. Kaping kalíh, ayahan Mbangún Pråjå prayogi dipúnjêmbarakên têbanipún malêbêt ing ranah mbangún watak, harkat lan martabat. Jalúr pêndidikan lan kabudayan prêlu dipún dadósakên prioritas ayahan pêmbangunan. Pêmbangunan watak (nation and charactêr building) prêlu dipún utamêkakên, supadós sêmangat kabangsan, nasionalismê lan patriotismê kagigah, lan sagêd ngrêmbaka wóntên ing pamulangan (formal, nonformal, lan informal). Wulangan budi pakarti, tåtåkråmå, lan sopan santún, prêlu kacakúp lan kawóntênakên malíh. Kapíng tigå, ing babagan administrasi, manajêmên lan kêpêmimpinan prêlu nêngênakên lan mapanakên parågå utawi SDM ingkang nggadhahi kómpêtènsi manusiawi (la competence humaine), kómpêtènsi tèknis (la competence technique), lan kómpêtènsi mutúsakên (la competence decisionelle). Kapíng sêkawan, nilai-nilai ingkang wóntên ing budåyå, sastrå, lan 'Jagad Jåwå', prêlu dipún dhudhah, dipún taliti, dipún-intrêprétasi, dipún pilah, dipún pilih, salajêngipún dipún dayakakên wóntên ing manajêmên pamaréntahan lan pêmbangunan, wiwít tataran pêrêncanaan

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

52

dumugi pêngawasan. Kapíng gangsal, warisan lan (h)arta kåyå kabudayan prêlu dipún jingglêng, lan dipúndayakakên kanggé kêmajêngan brayan ing pundi kémawón. Pótènsi warga (ètnis) Tiónghwa, Arab, lan ètnis sanès-sanèsipún prêlu langkúng dipún dayakakên malíh. Pêmandêng ingkang sipat 'multikulturalismê' prêlu dipún têngênakên Kapíng ênêm, wóntên pamanggíh wêwatón tradisi Jawi, inggíh mênika prêlunipún 'ruwatan' (ruhwat) supadós sagêd ngicali lan mbucal sukêrta ingkang taksíh kasandhang. Ayahan 'Ruwatan' prêlu dipún jêmbarakên têbanipún. Sintên kémawón ingkang (rumaós) taksíh wóntên rêrêgêd utawi dèrèng rêsík ati tuwín, pikiranipún, prêlu dipún 'ruwat' supadós sadaya sêsukêr sagêd dipúnrêsiki, utawi dipúnicali. Mungkasi andaran kula, kathi lêlandhêsan ajaran agami, lan budåyå Jawi, mugi-mugi ayahan 'Mbangún Pråjå kanggé Nanggapi Ewah-éwahan jaman' sagêd jinångkå, jinangkah kanthi saé, miwah murakabi tumrap sadåyå brayan, mliginipún ing tlatah Jåwå Têngah. Mugi Allah Subhanahuwataala ngijabahi sadaya panyuwún Panjênêngan mênåpå déné kulå. Amin. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

23. Ndhudhah Sastrå Jåwå ngênani Sila-sila ånå ing Pancasila Pancasila lair ånå ing dinå Jumat Wagé tanggal siji sasi Juni taún sèwu sangang atús patang pulúh lima. Mênåwå ditlusuri ånå ing primbon lan pawukon, tanggal siji Juni sèwu sangang atús patang pulúh lima wukuné Kuningan, déwané Bêthari Sri síng duwé watak asíh lan wêlasan. Dina Jumat Wagé ing wuku iku duwé watak kukúh, santoså, sumuci, sabarang gawé kudu bêcik, rêsík lan liya-liyané. Såpå waé sing laír ånå dinå iku (umumé) duwé watak apík sanadyan nduwèni sêngkålå utåwå kêkurangané. Bab watak manungså, mênåwå ånå síng kurang utåwå got?ang, yå ora åpå-åpå; amargå ånå ing donyå iki ora ånå síng sêmpurnå. Síng (måhå) sêmpurnå yå múng Gusti Allah Síng Måhå Kawåså. Tanggal siji sasi Juni tahún sèwu sangang atús patang pulúh limå biså dianggêp kanugrahan såkå Gústi Allah. Ånå dinå iku Búng Karnå njlèntrèhaké ngênani Pancasila minångkå dhasaríng nagårå utåwå pondasiné nagårå. Nêgårå didêgaké lêlandhêsan Pancasila. Manåwå ditliti Pancasila nduwèni nilai-nilai (values) síng akèh bangêt, jumbúh, lan
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

53

trêp karo jati-dhiriné Bångså Indonesia síng pluralistík. Ewoníng pulo kawêngku ing bumi Nuswantårå. Atusan suku síng nduwèni båså ibu utåwå båså ètnis nambahi tamansari Indonesia luwih èdhi lan asri kabèh mau paringané Gusti Allah síng Maha Murba lan Masésa jagat síng prêlu disyukuri. Åpåmanèh lumantar Búng Karno, bêbarêngan karo akèhíng parågå pådhå bêbådrå ngêdêgaké Nêgårå, trús mêrdikå síng adhêdhasar Pancasila. Kanugrahan síng prêlu disyukuri ing sabên wêktu. Gêgayutan karo sila-sila ånå ing Pancasila síng dadi dhasaríng nêgårå, akèh bangêt wulang Jåwå síng prayogå di dhudhah lan dingêrtèni. Kêtuhanan Yang Maha Esa Wiwít jaman kunå suku bångså ing bumi Nuswantårå prêcåyå ananíng Dhat síng nyíptå, mranåtå, murbå lan maséså. Síng prêlu digêgêm, dirêgêm lan diprêcåyå laír tumús ing batín yåkuwi anané Gusti Allah Síng Måhå Murbå lan Maséså mobah mosiké jagat (saisiné) iki. Ngênani bab iki, dèníng Búng Karno dipilíh dadi sila utåwå dhasar síng sinêbút Kêtuhanan Yang Maha Esa. Sabanjuré dipapanaké dadi sila síng nomêr siji. Ånå ing sêrat Wulang Rèh tinêmu wulangan síng muni: '...kapíng lima dunúngíng sêmbah punikå mríng Gusti kang murbå ing pati kalawan uríp, miwah sandhang lawan pangan...'. Ana ing pupúh sabanjuré tinulís: '..pådhå nêtêpånå ugi, kabèh paréntahé sarak, trusnå laír batiné, salat limang wêktu, tan kêna tininggalan...'. Mêthík såkå sêrat Wulang Rèh akèh wulangan síng biså dadi landhêsan lan gujêngan supåyå pådå prêcåyå lan nindakaké dhawúhé Allah. Kabèh tumuju supåyå tansah nyêmbah, manêmbah lan ngabêkti marang Allah síng Maha Wêlas lan Maha Asíh. Ånå ing Sêrat Wédhåtåmå tinêmu wulangan: '.. sêmbah katri kang sayêkti katúr mríng Hyang Suksmå suksmanên saari-ari, arahên dipún kacukúp...'. Ånå ing pupúh sabanjuré sinêbút: '..sêmbah rågå puniku, pakartiné wong amagang laku, suciné akarånå waríh, kang wús lumrah limang wêktu..'. Ånå manèh síng jinêjêr ånå ing Wédhåtåmå: '..mangkono ingkang tanamtu, tampå nugrahaníng Widhi, marmå tå kulúp dèn biså basuki ujar ing janmi..'.; '.. pasamuan ing gaibíng kang Maha Suci kasikêp ing tyas, kacakup kasat måtå lair batos..' Sabanjuré ana ing Sêrat Déwåruci, uniné: '..nangíng aywa darbé sirèki, pakarêman liyanirå, sartå ing Hyang Agúng..'. Ånå ugå kang kasêbút ing Sêrat Partawigênå: '..åjå pêgat manuju, barang prakarané bumi, atasénå maríng Hyang Jagad Pratingkah..'. Wêwaton cuplikan ånå ing sêrat-sêrat Wulang Rèh, Wédhåtåmå, Déwå Ruci, lan Partawigênå, nilai-nilai sing kacakúp ånå sila Kêtuhanan Yang Maha Esa akèh bangêt. Apamanèh yèn njingglêngi bukuné (suwargi) Råmå Doyosantoså síng asêsirah 'Unsúr Réligius dalam Sastra', akèh bangêt wulangan síng bisa nuntún såpå waé supåyå pådå luwíh iman lan taqwa marang Gusti Allah Síng Måhå Agúng lan Måhå Kawåså. Akèh bangêt sastrå Jåwå síng biså diwåcå, dijingglêngi, dirasakaké, ditindakaké, dicakaké, diamalaké supåyå luwíh ngrêti, élíng, ngibadah lan ngabêkti marang Gusti

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

54

Allah Síng Måhå Agúng. Mênåwå kêpéngín síng luwíh jêro, bêblês, cublês, dhuwúr lan luhúr biså måcå ånå ing sastrå Jåwå ngênani bab sangkan paraning dumadi, bab awang-awang uwúng-uwúng, ananing dhat, wahananing dhat, bab kê-Allahan, kajiwan lan liyå-liyané síng dianggit ora múng pårå pujånggå, sarjånå (sujånå) såkå tanah Jåwå nangíng ugå tinulis dèníng sarjånå såkå måncånagårå. Buku síng njlèntrèhaké bab-bab síng magêpokan karo sila Kêtuhanan Yang Maha Esa tinêmu akèh bangêt, ora múng atusan malah kêpårå luwíh. Ånå ing tulisan ringkês iki dipilih síng baku waé. Tuladhané, suwargi Radèn Ngabèhi Ronggowarsito ånå ing buku 'Wiríd Hidayat Jati' síng rupå têmbang têrus dijlèntrèhaké dadi buku andaran utawa wêdharan. Kajåbå såkå iku, akèh sarjånå walåndå, yåkuwi Råmå Zoêt-muldêr síng nganggít buku 'Manunggalíng Kawulå lan Gusti', J Bakkêr ånå ing buku Agama-agama Asli di Indonesia lan liyå-liyané. Pak Poêh nulís buku síng irah-irahané 'Sangkan Paran', Båpå Sunarno Sisworahardjo ånå ing buku 'Sastrå Djéndråyuníngrat' lan liyå-liyané. Iku durúng buku-buku kuno síng cacahé akèh bangêt. Sabanjuré, mêt?ík ånå ing sêrat 'Musa-waratanipun Pårå Wali' ngêmot 13 pupúh síng rinakít ånå ing têmbang Asmårådånå, Sinom, DHandhanggulå, Maskumambang, Dúrmå, Kinant?i, Púcúng, Gambúh, lan Pangkúr, akèh bangêt wulangan ngênani 'ngèlmu lan laku' síng tumuju marang Allah Síng Måhå Agung. Dhudhah-dhudhah ånå ing sastrå Jåwå síng ngêmot babagan sangkan paraning dumadi, babagan síng lungíd lan rumít tinêmu akèh bangêt. Pêpindhané sumúr síng bêníng banyuné ora bakal êntèk yèn ditimba. Mulå ånå têtêmbungan síng uniné 'karkatíng tyas katuju jibar-jibur adús banyu wayu' síng biså nambahi nyês, anyês lan nyênyêgêr cíptå råså karså. Kêjåbå såkå iku lêlumban ånå ing jagadíng sastrå Jåwå síng ngêmot babagan kêIllahian biså dadi sarånå kanggo rêsik-rêsik ati (qalb). Malah ana síng kåndhå bakal biså nambahi prêmånå, waskithå, jiwå lan rågå, awak lan tumindak utåmå. Ngadhêpi kaanan bångså wêktu iki, anané musibah alam síng wêrna-wêrna sila nomêr siji Kêtuhanan Yang Maha Esa prêlu dadi kiblat lan undêraning laku. Elíng, dzikír lan nyêmbah marang Pangéran prêlu dadi laku síng tlatèn, atúl lan tabêri. Niat, krêntêg lan laku supåyå tansah dêdongå lan ngibadah marang Gusti Allah kanthi luwíh bêcík prêlu dilaksanakaké rinå kalawan wêngi. Laku manêmbah lan ngibadah marang Gusti Allah prêlu ditambahi nganggo laku amaliah marang såpå waé síng lagi nandhang susah. Sêsanti 'mamayu hayuníng sasåmå' prêlu dadi landhêsan lan gujêngan. Ngênani bab iki tinêmu ånå ing ranah sila nomêr loro yakuwi 'Kêmanusiaan yang Adil dan Bêradab'. Kêmanusiaan yang Adil dan Bêradab Sila síng nomêr loro ånå ing Pancasila yåkuwi ‘Kêmanusiaan yang adíl dan bêradab'. Ånå nilai-nilai ing sila iki yåkuwi ngakoni anané manúngså síng ciniptå déníng Gusti Allah. Sawisé ciníptå prêlu ngawulå, kumawulå, ngibadah, lan manêmbah marang Gusti Síng Maha Kawåså.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

55

Mula sila síng nomor loro ora biså dipisahaké karo sila síng nomêr siji. Ånå Gusti ånå kawulå, ånå kawulå ånå Gusti. Ånå alam donya iki, manúngså ora bisa urip ijèn, mbutúhaké manungså liyané. Karånå iku nduwèni hak lan kuwajiban ånå ing bêbrayan. Wiwít brayan cilík ing kulåwargå, lingkungan, RT, RW, kalurahan, têkan tataran nagårå lan donyå. Têbané wiwít tataran lokal têkan brayan global. Kêjåbå kuwajiban síng prêlu ditêngênaké, manúngså nduwèni hak síng kudu diakoni, diúrmati, lan dilindhungi. Åpå manèh hak síng asipat asasi, tuladhané ngênani karagan (warêg, waras, wasís, wutúh, sandhang, papan lan kêmakmúran), bab kajiwan, kaslamêtan, katêntrêman lan liya-liyané. Hak lan kuwajiban ora biså dipisahaké. Babagan loro níng siji, babagan siji níng sêjatiné loro. Mulå ånå têmbúng måncå síng digunakaké yåkuwi mono-dualistik utåwå loro loroníng atunggal. Pêpindhané kaya surúh lumah lan kurêpé yèn sinawang béda rupané yèn ginigit pådhå rasané. Bab iki dadi pêntíng amargå nagårå síng adhêdhasar Pancasila prêlu njamín wargané supåyå dadi (luwíh) adil, makmúr, tåtå, têntrêm, ayêm, lair batin, donyå têkan akhérat. Mula trêp karo kaanan síng sinêbút bêradab, ‘kêmanusiaan yang adil dan bêradab'. Hak lan kêwajiban prêlu lumaku bêbarêngan lan kudu timbang. Mulå nyambúng karo bab adíl supåyå dadi wargå síng biså tinåtå supåyå tumåtå. Kanggo mujúdaké bab iku prêlu pranatan utawa hukúm síng tinulis (Undang-undang) lan hukúm síng ora tinulis, arupå anggêr-anggêr utåwå paugêran. Laku jantrané nagårå kudu njunjúng lan njêjêgaké undang-undang. Hukúm dipapanaké ånå ing papan luhúr síng sinêbut suprêmasi hukúm. Hukúm, pranatan lan paugêran dadi sarånå kanggo mujúdaké kêadilan tumrap wargå bångså supåyå uripé ‘bêradab'. Sawijiníng kaanan síng apík ora ånå wargå síng bodho, mlarat, nganggúr, ngêmís, lårå, påpå, sêngsårå, lan liyå-liyané. Mênåwå wêktu iki isíh ånå kaanan síng durung apík prêlu ditanggulangi. K 3 (kêbodohan, kêmiskinan dan kêtidakadilan) kudu ditanggulangi. Nagårå duwé kuwajiban mêrangi K3, lan mbudidåyå mujúdaké kaanan síng luwíh adíl makmúr. Kabèh èlêmèn masyarakat duwé kuwajiban mujúdaké kaanan iki. Bêbrayan síng rupå paguyuban, pahêman, LSM, asosiasi, pêrkumpulan, pêrhimpunan, partai politik lan liya-liyané ugå duwèni kuwajiban mujúdaké kaanan síng luwíh apík, luwíh adíl lan makmúr. KKN (korupsi, kolusi, lan népotismê) síng gawé ruginé nagårå kudu dipêrangi, amargå dadi pêpalang síng ngrêndhêt-ngrêndhêti laku kanggo mujúdaké kaanan mau. Mlêbuné faham démokrasi síng bébas uga dijamín, nangíng kudu têtêp landhêsan hukúm lan undang-undang. Bébas kênå waé, nangíng åjå kêbablasên. Ånå ing nagårå síng adhêdhasar Pancasila kudu wêwaton undang-undang utåwå pranatan. Kabèh wargå nduwèni kêbébasan nangíng ora bisa tumindak sakarêpé dhéwé. Kaanan prêlu ditåtå supåyå nilai-nilai síng kacakúp ånå ing sila 'kêmanusiaan yang adíl dan bêradab' biså lan kasíl diwujúdaké.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

56

Gêgandhèngan karo bab iki, akèh bangêt wulang Jåwå síng biså dadi réfêrènsi kanggo mujúdaké kaanan síng jumbúh karo sila síng nomêr loro iki. Ånå ing andharan iki, amargå papan utåwå kolom síng rupak, ånå wulang rupå pêt?ilan-pêt?ilan såkå sêrat Wulang Rèh, Wédhåtåmå, Partawigênå, lan liyå-liyané. Ånå ing sêrat Wulang Rèh tinulis: '...dipún sami ambantíng sariranirå, cêgah dhahar kalawan gulíng, darapon sudåå, nêpsu kang ngåmbrå-åmbrå, lêrêmå ing tyasirèki..' Ånå ing pupúh iki, mèpèr håwå nêpsu utåwå 'pêngêndalian diri' dadi pérangan síng wigati. Nêpsu-nêpsu síng rupå åpå waé prêlu dikêndhalèni, åjå diumbar ånå ngêndi êndi. Ånå ing pupúh sabanjuré sinêbút:'.. åjå sirå niru tindak tan bêcík, nadyan wong liyå, lamún pamurúké bêcík, miwah tindaké prayogå, iku pantês sira tirwå ..'. Tumindak bêcík lan patuladhan dadi wêlingan síng prêlu dibundhêli. Ånå ing kéné nilai-nilai têmbúng utåwå konsèp 'åjå dumèh' ugå wís kacakúp. Sabanjuré ånå ing pupúh liyané tinulis: '..ånå tå silíh bêbasan, pådhå sinauwå ugi, lårå sajroníng kêpénak, lan sukå sajroníng prihatín....'. Ånå ing pupúh liyané sinêbút: '..sabarang gawé dipún élíng, nganggowå têpå salirå, paréntah kang sabênêré, åjå anggêp kumawåså, amríh dèn wêdènånå, déné tå wong kang luhúng, nggoné mangku marang bålå..' Ånå ing kéné, têpåslirå dadi watak síng prêlu dicakaké ånå ing bêbrayan. Manåwå lagi kuwåså åjå kumawåså, lamún duwé wêwênang åjå sawênang-wênang, síng bisa 'momong, momor lan momot' marang síng dipimpín. Sabanjuré ånå ing Sêrat Wédhåtåmå tinulís: '..sabarang tindak tandúk, tumindaké tan sakadaripún, dèn ngaksama kasisipaning sasami..' Banjúr katêrusaké ånå ing pupúh liyané: '...nangíng janmå ingkang waspadèng sêmu , sinamún ing samudånå sasadon ingadu manís..' Ing pupúh iki ånå wêlingan supåyå tansah élíng, waspådå, ngrêti, lan tanggap ing sêmu. Têmbúngé liyå, síng biså mêmangún karyénak tyasíng sasama. Yèn landhêp åjå natoni, yèn pintêr åjå mintêri. Sabanjuré ing sêrat Partawigênå ånå pupúh síng uniné: '..sêdyå ambêg rahayu, budi sarta asíh sêsami..' Asíh ing sêsami ånå ing pêdhalangan utåwå pêwayangan ånå pêpindhan síng uniné: 'awèh pangan marang wong kaluwèn, awèh sandhang marang wong kawudan, awèh payúng marang wong kodanan, lan mènèhi têkên marang wong kalunyon'. Sabanjuré ånå ing pupúh liyané tinulis: '..lawan åjå galak sirèng lat?i, anggúng dudukå tan pangapurå, mimisúh saru wuwúsé..' Bab adíl ugå kasêbút ing pupúh síng muni: '.. babon ingkang marang kaluhuran, apurå parikramané, adil pan suku bau..' Ånå ing pasrawungan ånå têtêmbúngan 'åjå êmban cindhé êmban siladan', síng waråtå, síng adíl, síng murakabi kabèh. Ånå manèh ing pupúh sabanjuré, uniné: '..salah munå lawan muni, sinêksèn liringíng ulat, yêkti trusa jroníng budi..' Ånå ing kéné, niyat lan tékat 'mamayu hayuníng sasåmå', rukún, lan ngúrmati liyan dadi bab síng wigati bangêt. Uríp ånå têngahíng bêbrayan prêlu njågå kaanan síng sêlaras, sêrasi lan timbang. Åjå såpå sirå såpå ingsún.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

57

Mênåwå ngucap åjå nandhês lan gawé larané ati. Síng pådhå rukún lan åjå cêcongkrahan. Mula ånå unèn-unèn yåkuwi: 'rukún agawé santoså crah agawé bubrah'. Ånå ing wêktu iki mujúdaké kaanan rukún ora gampang, malah kapårå angèl. Andharan bab rukún malêbu ånå ing ranah sila nomêr têlu, yakuwi Pêrsatuan Indonesia. Pêrsatuan Indonesia Sila katêlu ånå ing Pancasila yåkuwi Pêrsatuan Indonesia. Indonesia síng siji, nyawiji, lan manunggal. Indonesia dumadi såkå éwoning pulo kayåtå Sumatra, Riau, Jawa, Bali, Lombok, Kalimantan, Sulawêsi, Maluku, Irian (Papua), lan liyå-liyané, síng mapan wiwít såkå Sabang têkan Mérauké. Kajåbå såkå iku, Indonesia kadadèn såkå atusan suku bångså síng banjúr mêrdikå adhêdhasar Pancasila. Amargå kêdadèn såkå atusan suku mulå duwé gêgêbêngan síng tinêmu bédå. Ånå síng ngrasúk agåmå Islam, Kristên, Kat?olik, Hindu, Budha, Kong Hu Cu, aliran kajiwan lan kêpêrcayaan liyané. Bab båså (ètnis) tinêmu atusan. Síng akèh pênuturé yakuwi: Acèh, Batak, Minang, Jawa, Sundha, Bêtawi, Mêdura, Bali, Banjar, lan liyåliyané. Kajåbå såkå iku, ånå ing bumi Nuswantårå uga tinêmu adat istiadat, tradisi, sêni lan budåyå síng bédå-bédå. Ing bumi Jåwå waé tinêmu sêni lan budaya Pasundhan, Bêtawi, Cirêbon. Pêsisiran (pérangan kulon têkan wétan), Banyumasan, Surakartan, Ngayogyakartan, Surabayan, Mêduran, Banyuwangèn, lan satêrusé. Babagan wêwangunan ugå tinêmu manékå warnå, rupå mêsjíd, gréjå, klênt?èng, purå, candhi (Shiwa, Hindhu, lan Buda), lan liya-liyané. Ånå manèh síng rupå omah wangún joglo, limasan, srotong, trojogan, klabang nyandêr, lan liya-liyané. Ånå síng rupå Karaton utåwå pêtilasan karaton síng cacahé akèh, kurang luwíh suwidak iji. Kaanan ing Indonesia síng manékå warnå mau prêlu disyukuri, amargå pêparingané Gusti Allah, Gusti síng Måhå Murbå lan Maséså Jagad. Kabèh kawêngku ånå sajroníng nagårå Indonesia síng mêrdikå adhêdhasar Pancasila. Karånå iku trêp bangêt manåwå duwé sêsanti 'Bhineka Tunggal Ika'. Bédå-bédå níng siji, siji níng bédå-bédå. Mpu Tantular ngríptå sêsanti síng ngédabédabi, yakuwi 'Bhineka Tunggal Ika tan Hana Dharma Mangrwa'. Sêsanti síng èsènsi-né jumbúh karo kaanan ånå ngêndi waé, kalêbu ing bumi Nuswantårå iki. Kaanan síng sipat bhineka mau winêngku déníng Gusti Allah síng Måhå Kawåså. Wís dadi pêpêst?èn manåwå bumi Nuswantårå iki pluralistik. Mulå prêlu ditåmpå manåwå kaanan síng pluralistik iku bêrkah, rahmat, lan paringané Gusti Allah síng Måhå Wêlas lan Måhå Asíh. Karånå iku prayogå ditåmpå, disyukuri, disênêngi, lan ditrêsnani. Sila nomêr têlu ånå ing Pancasila nyurúng supåyå duwé pêmandêng 'Wawasan Nusantara'. Wawasan síng nuntún supaya mandêng Indonesia sing wutúh, ora prêt?il-prêtil (parsial).

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

58

Gêgandhèngan karo sila Pêrsatuan Indonesia, ånå wulang Jåwå síng prêlu didhudhah. Ånå ing sêrat Tripåmå ånå parågå wayang síng pantês dadi patuladhan, yåkuwi Sumantri (Patih Suwondo), Basukarnå lan Kumbokarno. Kasêbút ånå ing têmbang dhandhanggulå síng muni: '..aran patíh Suwåndå, lêlabuhanipún, kang ginêlúng tri prakårå, gunå kåyå puruné dèn antêpi, nuhoni trah utåmå ...". Ånå ing pupúh liyané, kasêbút: '..Kumbakarnå kinèn mangsah jurít, mríng råkå sira tan nglênggånå, nglabuhi kasatriané, ing tékad datan purún, amúng cípta labúh nagari, punagi mati ngrånå'. Ånå ing pupúh sabanjuré, kasêbut: '...Suryaputrå narpati Ngawånggå, lan Pandhåwå tur kadangé, nèng nagri ngastinå, kinarya gul-agul, Bratayuda ingêdêkkên sénapati, dèn mungsúhkên lan kadang pribadi..'. Wêwaton sêrat Tripåmå, akèh bangêt wulangan ngênani lêlabuhan kanggo nagårå sing nêngênaké 'kêpêntingan' nagårå katimbang kêpêntingané pribadi, utawa sêdulúr. Parågå têlu mau duwé watak lan spirit nasionalismê síng gêdhé bangêt. Kêpêntingan nasional dipapanaké ånå papan síng luwíh dhuwúr. Sabanjuré ånå ing sêrat Partawigênå ugå kasêbút: '... lèhíng watakingsún, manunå utamèng pråjå, amikirå kamuktin, iku baé payogå, ..'. Ånå ing pupúh liyané kasêbút:'.. asriníng prajanira, gumantung anèng mas maník, sarêgêpå ambêciki prajanirå,.'. Ånå manèh:'..åjå bot ing patinirå, nglabuhi slamêtíng nagri, ..', ..sanadyan tiwas, sirå matiya nèng madyaníng jurít, iku wis wajíbipún, ..'. Wulang Jåwå ånå ing sêrat Tripamå lan Partawigênå nuntún prajurit lan pårå nayåkå pråjå supåyå pådhå trêsnå lan labúh nagårå. Mênåwå prêlu ditohi pati. Labúh nagårå dipapanaké ånå sakdhuwuré kêpêntingan pribadi. Naliti sêrat-sêrat síng rinipta déníng Sri Mangkunagårå akèh wulangan síng nyurúng sêmangat kabangsan. Malah ora múng tinêmu ånå ing sastrå tinulis nanging ånå kang ora tinulis. Tuladhané unèn-unèn síng diripta déning Sri Mangkunagara I, yåkuwi '..rumångså mèlu handarbèni, wajíb mèlu hangrungkêbi, mulat sarirå hangråså wani.' Ånå manèh arupå tutúr kang tinular, yakuwi pangandikané Pangéran Sambêrnyåwå nalikå kasasar têkan désa Pulé (kumpulé?) Wonogiri. Pangandikané: '.wís-wís nggèr, mangan ora mangan waton ngumpúl, tiji tibèh, mati siji mati kabèh, múkti siji múkti kabèh'. Mênåwå dijingglêngi, ånå nilai-nilai utåwå values síng antêp síng nyurúng sêmangat karukunan lan kabangsan. Ngênani bab iki jumbúh karo pêpiridan rukún agawé santoså, crah agawé bubrah. Pangandikané Pangéran Sambêrnyåwå biså dadi tulådhå síng nggugah sêmangat nasionalismê, watak trêsnå lan mbélani nagårå, sêmangat 'Pêrsatuan dan Kêsatuan Bangsa'. Kabèh bab kang ånå ing sila katêlu Pêrsatuan Indonesia prêlu luwíh didayakaké kanggo ngadhêpi kaanan wêktu iki. Nilai-nilai ånå ing sêsanti Bhineka Tunggal Ika prêlu didayakaké manèh. Kêrakyatan yang Dipimpín olèh Hikmat Kêbijaksanaan Dalam Pêrmusyawaratan / Pêrwakilan Sila síng nomêr papat ånå ing Pancasila yåkuwi 'Kêrakyatan yang dipimpín olèh híkmat

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

59

kêbijaksanaan dalam Pêrmusyawaratan/Pêrwakilan'. Babagan kêrakyatan dipapanaké ånå ing papan síng wigati. Ngênani bab iki, Pêmbukaan UUD 1945 nandhêsaké anané prinsip nagårå síng 'bêrkêdaulatan rakyat'. Prinsip síng dianut wêwaton dasar filsafat nagårå, yåkuwi nagårå ora biså dipisahaké karo rakyat, rakyat ora biså dipisahaké karo nagårå. Nagårå dimêrdikakaké déníng rakyat, ditåtå déníng rakyat lan prêlu mujúdaké katêntrêman, kaadilan lan kamakmuran kanggo rakyat. Ånå ing kéné prinsip démokrasi dipapanaké minångkå landhêsan (politik) kanggo ngatúr nagara. Filsafat démokrasi mapanaké manungsa ånå ing papan síng dhuwúr (luhúr). Manungså minångkå umaté Gusti Allah dilunggúhaké ånå papan síng trêp karo kalungguhané, harkat lan martabaté. Månungså diakoni lan diúrmati pribadhiné, pikirané, lan hak-haké. Hak síng palíng azasi yåkuwi mardikå, bébas muni, lan bébas ngudhar gagasan. Nagårå démokrasi njamín manungså pådhå kumpúl, bêrsêrikat, ngêdêgaké organisasi, utåwå parté politik. Nagårå mènèhi hak marang rakyaté kanggo nyalúraké aspirasi-né ånå ing babagan åpå waé. Démokrasi ugå ditêgêsi 'såkå rakyat, déníng rakyat, lan kanggo rakyat'. Rakyat dipapanaké dadi babagan síng wigati. Ånå prinsip síng dipêpundhi yåkuwi 'laku jantrané' nagårå dirêmbúg déníng rakyat lan ditåtå kanggo rakyat. Kabèh kapêrluan nagårå kanggo rakyat. Rakyat duwèni daulat lan hak ngatúr nagårå lumantar musyawarah lan mufakat. Institusi utåwå bêbadan síng makili, mêngku, lan mêngkoni sinêbút Déwan Pêrwakilan Rakyat, Majêlis Pêrwakilan Rakyat, Déwan Pêrwakilan Daérah síng dumadi såkå wakil-wakli rakyat. Ånå ing tataran Provinsi, Kabupatèn lan Kut?å, rakyat duwèni bêbadan sing makili yåkuwi Déwan Pêrwakilan Rakyat Daérah. Bêbadan-babadan mau duwé ayahan (tugas), hak lan kuwijaban síng diatur déníng Undang-undang. Wêwaton Undang-undang, bêbadan mau duwé hak gawé pêraturan, duwé hak takon marang bêbadan èksêkutif, duwé hak anggaran, lan duwé hak-hak liyané síng diatúr ånå ing Pêraturan Tata Têrtib. Ånå ing wêktu iki (sawisé réformasi), cak-cakané prinsip démokrasi sapérangan ånå síng laras karo kaanan, nangíng sapérangan ånå síng cêngkah karo kaanan. Malah kadhang kålå ånå síng rådå kêbablasên. Akèh babagan síng isíh nggubêl lan dadi prêkara amargå lagi kêmarúk ing babagan politik (èphoria). Cak-cakné ånå ing bêbrayan ora kabèh wêwaton prinsip '...yang dipimpín olèh 'híkmat kêbijaksanaan dalam pêrmusyawaratan/pêrwakilan'. Bab síng mêst?iné wêwaton 'hikmat kêbijaksanaan', sapérangan akèh síng dilalèkaké. Démokrasi pancèn cêdhak karo politik. Cak-cakané ora biså dipisahaké karo kêpêntingan utåwå intêrès politik. Bab iki síng njalari dadi drêdah, ruwêt, udrêg-udrêgan, tanding-tandingan. Pêrang tandhing akèh síng kêdadèn amarga arêp ngêcak-aké prinsip démokrasi. Akèh politisi síng durúng ngêrti filsafaté démokrasi (sêjati) síng kudu ngúrmati såpå

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

60

waé, ing bababagan åpå waé. Ndhudhah wulang Jåwå ngênani sila sing nomêr papat ånå ing Pancasila tinêmu ånå ing Sêrat Wulang Rèh: '...masahå mamasúh budi, lairé anêtêpi ing rèh kasatriyanipún, susilå anoragå'. Ånå ing kéné diprayogakaké mèpèr sarirå,lan håwå nafsu bisa nindakaké darmané, duwé watak lan tumindak kang bêcík, utåwå susilå anoragå. Ånå ing pupúh liyané: '...prigên têmên ing martanirèki, kang bisa ambobot, ing bot répot amríh sujanané'. Ånå ing pupúh iku ånå wulangan supåyå tabêri ing ayahan, síng biså nimbang lan mbobot tumrap åpå waé supåyå dadi sujånå síng wataké apík. Ånå ing Sêrat Partawigênå: '... åjå gúng gorå ing sabdå, iku gawé salah surúp'. Ånå ing kéné diprayogakaké mênåwå muni åjå bantêr-bantêr lan nandhês amargå biså sêlíng surúp lan ndrawasi. Ånå ing pupúh liyané: '..ånå wong kang agawé bungah, wêkasan bungah pribadi, iku radèn kèngêr patrap dadi tunå '. Ing kéné diélingaké supåyå pådhå gawé sênêng, nangíng dudu kanggo awaké dhéwé, supaya wêkasané ora kuciwa. Wulang Jåwå ing babagan démokrasi ora tinêmu akèh, nangíng tinêmu ånå ing unènunèn supåyå pådhå duwé watak síng apík ånå ing bêbrayan. Kêadilan Sosial bagi Sêluruh Rakyat Indonesia Sila nomêr limå ånå ing Pancasila, yåkuwi 'Kêadilan Sosial bagi Sêlurúh Rakyat Indonesia'. Ånå ing sila iki kacakúp babagan adil tumrap såpå waé. Nagårå prêlu lan kudu nyêdiakaké kabèh babagan síng sipat kêpêntingan umúm. Kêpêntingan kanggo kabèh warga nagårå síng ora bisa dibédak-bédakaké. Nagårå prêlu lan kudu adíl supåyå bisa murakabi kabèh brayan síng ånå ing bumi Nuswantårå. Ånå ing 'Pêmbukaan UUD 1945' ugå ditandhêsaké prêluné adíl ora múng kanggo kêpêntingan umúm, nangíng ugå kacakup tumrap kêpêntingan pribadi síng sipaté khusus. Wargå nagårå duwèni bab síng sipat pribadi, duwé kulåwargå, bab suku (ètnis), lan sipat golongan, síng prêlu dipikír, dirêngkúh, lan digatèkaké kanthi adíl. Nagårå kudu adíl, åjå 'êmban chindhé êmban siladan'. Marang såpå waé kudu dianggêp lan disikêpi pådhå, waråtå, lan paramartå. Watak adíl síng sipat paramartå dadi babagan síng prêlu dipapanaké déníng nagårå ånå ing papan kang luhúr. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

61

24. Payúng Hukúm Båså Jåwå, Åpå wis prêlu? Tanggal 21 Fébruari 2006 kêpungkúr, Bapak Gubêrnur Mardiyantó nglantik Panitia Kongrès Båså Jåwå IV taún 2006. Sawisé upacara paripúrnå ånå wartawan sing takón. Pitakóné: åpå prêlu Pêraturan Daérah sing biså dadi payúng hukúm kanggo mbudidåyå nguri-uri båså Jåwå?. Pak Gubêrnúr ngêndikå mênåwå 'durúng prêlu'. Pangandikané Pak Gub bênêr alias ora klèru. Isih ånå bab sing prêlu ditliti lan di-analisis kanthi prêmati. Prêlu lan orané Pêraturan Daérah ngênani båså Jåwå pancèn gumantúng masyarakat lan pamaréntah. Gumantúng karo institusi èksêkutif, lêmbaga législatif, lan masyarakat. Brayan, komité, partai, paguyuban, patêmbayan lan liyå-liyané ånå ing masyarakat têbané jêmbar bangêt. Ånå sing asipat sosial, budåyå, ékonomi, politik, hukúm lan liyå-liyané. Kabèh brayan mau duwé wakil-wakil ånå ing DPR lan DPRD. Lumantar manékå warnå brayan kasêbút åpå wis ånå aspirasi prêluné payúng hukúm kanggo nglêstarèkaké lan handayakaké (empowerment) båså lan sastrå Jåwå. Pitakónan sabanjuré, åpå kulåwargå lan kabèh braya(n) masyarakat isih nguri-uri båså Jåwå. Åpå kawulå mudhå isih sênêng, nyinau, lan nggunakaké båså Jåwå?. Ngênani bab iki, kawulå mudhå lan båså Jåwå dadi babagan pênting sing prêlu disurvey luwih dhisik. Sawisé kabèh dingrêtèni banjúr ditimbang-timbang åpå pancèn prêlu payúng hukúm arupå Pêraturan Daérah. Ånå ing ranah pêrundang- undangan duwé syarat sing prêlu dicukupi. Tuladhané, manåwå arêp gawé Undang-undang sing têbané jêmbar prêlu wêwatón data sing akurat. Data dikumpúlaké, dipilah-pilah têrús dianalisis. Asilé rupa buku sing dijênêngi naskah akademik. Buku sing sipaté ilmiah wêwatón data sing gayút karo kaanané båså Jåwå wêktu iki. Maju munduré lan owah gingsiré båså Jåwå, ånå ing tangané pakar sing nggilút båså lan sastrå Jåwå. Pårå sarjana båså lan sastrå Jåwå prêlu nliti bab iki. Wêwatón naskah akadêmik kasêbút, tumuli dadi têtimbangan prêlu lan orané Pêraturan Daérah sing mayungi ayahan handayakaké båså Jåwå. Lêlandhêsan karo bab iku, minångkå ayahan sêpisan, kudu ånå asil studi sing motrèt kaanan aktual båså Jåwå wêktu iki. Åpå wis ånå asil pênêlitian ngênani bab iki? Skripsi utåwå tésis lulusan S1 jurusan båså Jåwå ånå ing UNS, UNNES, UNY, lan liyåliyané, akèh sing biså dadi réfêrènsi. Pênêlitian sing komplit ugå wis ditindakaké déning Båpå Prof Dr Edi Subrótó. Mêthik såkå buku asil studi pakar såkå UNS kasêbút pancèn wis trawåcå mênåwå kaanan båså Jåwå wêktu iki wis mlórót kualitasé. Åpåmanèh ånå ing kuthå-kuthå gêdé. Têmbúng-têmbúng sing digunakaké campúr båså Indonesia. Båså Jawané akèh sing wis ora têmåtå. Båså Jawané wis gadho-gadho.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

62

Nanging ånå pakar sing ngêndika: gadho-gadho ya ora åpå-åpå. Manåwå ‘dirasakaké' malah kêpara pêpak lan énak (?). Kaanan nggunakaké båså Jåwå ing brayan kuthå pancèn wis mlórót kualitasé. Åpåmanèh ånå ing bêbrayan ‘Anak Baru Gêdé' (ABG). Basané wis campúr bawúr. Mulå yå sah-sah waé mênåwå ånå usulan utåwå tulådhå ånå ing båså gaul, têmbungé: nganggo båså Jåwå plis (please) dhèh. Kênå åpå klèru? Biså lan lan sah waé. Åpåmanèh ånå ing jagad pasrawungan nganggo têmbúng pisuhan bisa lan lumrah. Tuladhané, arèk-arèk Suróbóyó ajêg misúh nganggo uni ‘..dancúk kówé'. Nggunakaké pisuhan wis mratah lan lumrah ånå ing swasånå sing égalitèr lan akrab supåyå luwih rakêt lan rumakêt. Nggunakaké båså Jåwå sing campúr nganggo båså Indonesia utåwå båså måncå yå sahsah waé. Sing pênting bisa dingêrtèni. Mulå manåwå ånå ing giyaran TV ånå pambiwårå (pênyiar) sing nganggo têmbúng '.... rainé ...( jênêng pêjabat) awan mau kétók sumringah..'.. ‘dhèwèké mbèk bojoné ..' lan satêrusé, ya biså ditampå. Båså pêsisiran pancèn tinêmu bèdå karo båså Nêgari Gúng sing têbané ånå tlatah Surakarta lan Ngayogyakartå Hadiningrat. Tumrap brayan Surakartan biså waé mênåwå tulådhå mau dianggêp båså Jawané wis rusak kurang trêp karo kaanan. Kaanan ngêndi ? Mênåwå ånå ing pêsisir åpåmanèh sing wis égalitèr ora åpå-åpå. Nanging mênåwå ånå ing tlatah Surakarta utamané njêro Kratón pancèn ora trêp. Luwih prayogå nganggo têmbúng ‘... pasuryané (jênêng pêjabat) kawistårå rênå ing pênggalih.....' lan satêrusé. Kaanan båså Jåwå ing kuthå tinêmu bédå karo kaanan ing padésan. Sabên dinané (mèh) kabèh bocah utåwå kawulå mudhå nggunakaké båså Jåwå. Båså Jåwå isih dicakaké kanggo komunikasi sabên dinané. Kaanan båså Jåwå ing padésan isih urip, diuri-diuri lan digunakaké kanggo komunikasi sabên dinané. Survey sing nyakúp kaanan båså Jåwå wêktu iki dadi pênting kanggo nyusún têtimbangan prêluné payúng hukúm arupå Pêraturan Daérah. Sabanjuré wêwatón dudutan utåwå kêsimpulan Kongres Båså Jåwå III taún 2001 ing Ngayogyakarta ånå rékomèndasi prêluné Pêrda kasêbút. Nanging amargå kêpalangan karo kaanan sing manékå warnå niat lan ayahan kanggo nyusún payúng hukúm dadi kandhêg. Wêktu iki tumrap brayan ing bumi Nuswantårå wis duwé payúng hukúm sing luwih antêp lan mantêp yåkuwi pasal 32 UUD sing wis di-amandemen. Uniné: ' 'Nêgara mênghormati dan mêmêlihara bahasa daérah sêbagai kêkayaan budaya nasional'. Bab anané payúng hukúm arupå Pêraturan Daérah pancèn prêlu sinau ånå ing brayan lan tlatah Pasundan. Pamaréntah tataran Provinsi Jawa Barat wis duwé Pêraturan Daérah cacah têlu. Yåkuwi: (1) Perda Nomor 5 Tahun 2003 tentang Pemeliharaan Bahasa, Sastra dan Aksara daerah; (2) Perda Nomor 6 Tahun 2003 tentang Pemeliharaan Kesenian; (3) Perda Nomor 7 Tahun 2003 tentang Pengelolaan

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

63

Kepurbakalaan, Kesejarahan, Nilai Tradisional dan Museum. Masyarakat lan kabèh brayan ing tlatah Pasundhan wis duwé payúng hukúm rupå Pêrda cacah têlu sing mantêp. Landhêsan hukúm kanggo handayakaké båså, sastrå lan aksårå Sunda wis ånå. Payúng hukúm sing ngatúr kêsênian, kêpúrbakalaan, kêsêjarahan lan nilai tradisi wis ånå. Pêrda têlu-têluné wis nyakúp lan ngukúp bab båså, sastrå lan budåyå. Åpå pamaréntah Jawa Têngah sing dumadi såkå pêrangkat êksêkutif lan législatif prêlu sinau mênyang Jawa Barat? Tak kirå ora ånå alané sinau lan nyinau pamaréntah provinsi liyå sing wis 'maju'. Malah kapårå prayogå, apik lan bêcik. Kapan Jawa Têngah duwé payúng hukúm bab baså, sastrå, lan budåyå? Såpå sing kawogan handayakaké båså lan sastrå Jåwå?. Åpå luwih bêcik sawisé Kongres Båså Jawa IV taun 2006? Mugå-mugå waé. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

25. Rêncana lan Stratêgi Kanggo ndayakaké Basa lan Sastra Jawa Supåyå rêncana lan stratêgi kanggo ndayakaké båså lan sastrå Jåwå luwíh mantêp prêlu landhêsan hukúm síng kuwat. Ånå ing tataran nasional prêlu Undang-undang ngênani båså minångkå pêraturan pêlaksanaan såkå UUD Tahun 1945 (amandêmèn pasal 32). Nagårå prêlu nêtêpaké garís kawicaksanan ngênani program lan ayahan kanggo ngúrmati lan nglêstarèkaké båså daérah. Garís kawicaksanan ngênani båså daérah prêlu nyambúng lan jumbúh karo kawicaksanan ngênani båså Nasional lan båså måncå (asíng). Fungsi båså-båså daérah síng ånå bumi Nuswantårå prêlu diprênahaké ånå ing papan síng samêsthiné. Manåwå wêktu iki båså daérah wís diakoni minångkå ‘kêkayaan budåyå Bångså' wêwatón amandêmèn pasal 32 UUD Tahún 1945, kawicaksanan síng asipat opêrasional prêlu ditandhêsaké ånå Undang-undang, Pêraturan Pêmêrintah, lan Pêraturan Daérah. Tataran sabanjúré, Pêmêrintah Provinsi, Kabupatèn lan Kota wêwatón kawicaksanan otonomi daérah, diwajibaké nyusún program lan ayahan kanggo ndayakaké båså lan sastrå daérah. Partisipasi masyarakat. Rêncana lan stratêgi kanggo ndayakaké båså lan sastrå Jåwå prêlu dingêrtèni lan disêngkuyúng déníng masyarakat. Masyarakat Jåwå síng wêktu iki cacahé kurang luwíh ånå 70 yuta mujúdaké potènsi síng gêdhé bangêt. Pênutúr båså Jåwå síng sumêbar ånå ing bumi nuswantårå lan måncå nagårå biså dadi kêkuwatan síng ngédab-édabi. Gêgandhèngan karo kaanan iki ånå síng prêlu di-studi, yåkuwi: åpå kabèh pênutúr båså
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

64

Jåwå mau isíh padha trêsna marang båså Jåwå. Babagan råså trêsnå karo båså (language loyalty) dadi pérangan síng pêntíng bangêt. Råså trêsnå karo båså dadi modal dasar kanggo ndayakaké båså lan sastrå Jåwå ånå têngahíng bêbrayan síng têrús obah lan owah. Manåwå katrêsnan karo basané ringkíh, amargå kawula mudhå luwíh sênêng nggunakaké båså Indonesia lan båså måncå, kaanan dadi kurang trêp lan bisa dadi pêpalang kanggo ndayakaké båså Jåwå. Rêncana lan stratêgi kanggo ndayakaké båså lan sastrå Jåwå prêlu modal dasar síng kukúh yåkuwi rupå kêtrêsnan marang båså lan sastrå Jåwå. Karånå iku prêlu ånå bêbadan utawa institusi síng didhapúk ånå ing tataran Provinsi, Kabupatèn lan Kota. Bêbadan síng (arêp) dibêntúk prêlu dipandhégani déníng pårå pakar båså lan budåyå såkå Univêrsitas/Institut/ Fakultas/ Jurusan/Program Studi, wakil såkå birokrasi pêmêríntahan, anggota DPRD, Karaton, wiraswasta, pårå praktisi båså lan budåyå, pårå panggilút lan pandhêmên båså lan budåyå. Wakíl-wakíl síng arêp mandhégani ånå ing bêbadan iki syaraté ora múng pintêr níng yå kobêr. Amargå wêwatón pêngalaman síng wís lumaku, akèh bangêt bêbadan síng dumadi såkå wóng síng pintêr-pintêr nangíng akèh síng ora kobêr. Institusi utåwå bêbadan síng arêp dianani bisa waé dijênêngi Déwan Bahasa Jawa utåwå Déwan Kêbudayaan Jawa síng tugas pokók lan fungsiné mbiyantu Gubêrnúr, Bupati lan Walikota ing babagan: (1) pênêlitian utåwå studi ngênani båså, sastrå lan budåyå; (2) nyusún kawicaksanan ing babagan båså, sastrå lan budåyå Jåwå; (3) nyusún ayahan ing babagan pêndidikan/pêlatihan, utåwå kúrsús-kúrsús ngênani båså, sastrå, lan budåyå Jåwå; (4) mbiyantu ayahan fasilitasi lan koordinasi karo kabèh institusi síng gêgayutan karo pêmbinaan båså, sastrå lan budåyå Jåwå, ånå ing sêkolahan, kulåwargå lan masyarakat; (5) nindakaké ayahan évaluasi síng njingglêngi lumakuné båså, sastrå lan budåyå Jåwå. Sabanjúré supåyå biså murakabi tumrap bêbrayan, bêbadan síng dibêntúk prêlu diwragadi nganggo anggaran saka APBD Provinsi, Kabupatèn lan Kota. Anggaran prêlu cukúp lan jumbúh karo program utåwå ayahan síng arêp diacakaké. Jêr basuki pancèn mawa béyå. Têbané Rênstra. Rêncana lan stratêgi ndayakaké båså lan sastrå Jåwå prêlu nyakúp kabèh ayahan ana ing sêkolahan, kulåwargå, pamulangan informal, lan ånå ing lingkungan masyarakat. Kabèh prêlu ngukúp sakèhíng unsúr síng siji-sijiné ora biså dipisahaké. Program pêmbêlajaran ånå ing sêkolahan kudu nyambúng karo ayahan ånå ing kulåwargå lan masyarakat.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

65

Kabèh prêkårå síng nggubêl båså Jåwå ånå ing sêkolahan kudu dingêrtèni lan diinvêntarisasi. Kaanan guru, kualitas lan kómpêtènsi guru, métodê ngajar, kurikulum, bahan ajar, buku pêlajaran, buku wacan, kaanan muríd, lan liya-liyané prêlu dingêrtèni lan kabèh prêkårå síng ånå kudu diudhari. Faktór guru lan bahan ajar båså lan sastrå Jåwå dadi pérangan síng pêntíng. Kêpriyé carané mujúdaké wulangan båså jåwå síng disênêngi muríd, dadi pérangan síng pêntíng. Akèh bangêt bab síng kudu diowahi lan disêmpúrnakaké. Bahan ajar båså Jåwå ‘gagrag anyar' síng trêp karo kaanan wêktu iki prêlu diwujúdaké. Rênstra kanggo ndayakaké båså lan sastrå Jåwå ånå ing sêkolahan prêlu dipapanaké dadi program síng wigati bangêt. Kanggo nyêngkuyúng cak-cakané rênstra båså lan sastrå Jåwå ing sêkolahan prêlu disêngkuyúng anané garís kawicaksanan ngênani pêrbukuan. Buku wulangan lan buku wacan båså Jåwå kudu cukúp lan prêlu disubsidi déníng Pêmêríntah. Buku-buku båså Jåwå kudu luwíh akèh lan murah rêgané. Pêrpustakaan síng isi buku-buku båså lan Sastrå Jåwå prêlu diragadi kanthi cukup. Babagan alokasi anggaran kanggo ngragadi kabèh ayahan ngênani båså lan sastrå Jåwå ånå ing sêkolahan prêlu cukup. Ngênani bab iki trêp karo anané garís kawicaksanan ngênani alokasi anggaran ing sèktór pêndidikan gunggungé di-pathók 20 % såkå APBN. Karånå iku rênstra kanggo ndayakaké båså lan sastrå Jåwå ing sêkolahan prêlu disusún lan diragadi såkå pérangan biaya opêrasional sêkolah. Tujuan lan sasaran ndayakaké båså lan sastrå jåwå ing sêkolahan kudu nyambúng lan sinkrón karo sasaran ana ing kulåwargå lan masyarakat. Kaanan síng arêp diwujúdaké yåkuwi cak-cakané båså Jåwå síng luwíh apík, trêp karo kaanan síng luwíh maju. Kêjåbå såkå iku aprésiasi masyarakat marang båså lan sastrå Jåwå prêlu digugah. Ayahan ing masyarakat síng rupå kúrsús panatacara lan pamêdhar sabdå prêlu diévaluasi. Båså rinênggå síng digunakaké ånå ing Upacara Pêngantèn prêlu dilarasaké karo kaanan síng têrús lumaku. Båså rinêngga síng dicakaké ora prêlu ndakik-ndakik nangíng prêlu mawas papan lan kaanan. Mawas wêktu, mawas papan lan mawas kaanan dadi bab síng prêlu digatèkaké tumrap sapa waé síng nggilút båså Jåwå. Rênstra båså lan sastrå Jåwå prêlu sinèrgis karo ayahan ånå ing média massa lan média èlèktronika. Båså lan sastrå Jåwå ånå ing kålåwarti prêlu di-studi lan digatèkaké. Kanggo ngadhêpi ombak globalisasi, kålåwarti båså Jåwå prêlu diwènèhi subsidi supåyå biså lêstari. Rubrik-rubrik síng ngaggo båså, sastrå, lan budåyå Jåwå, ‘Ginêm Jawi', lan liya-liyané ana ing TV lan Radio prêlu têrus di sêmpúrnakaké. Karånå iku, rênstra kanggo ndayakaké båså lan sastrå Jåwå prêlu dijêmbaraké têbané. Båså Jåwå pêrlu digunakaké ånå ing birokrasi pêmêrintahan ånå ing forum-forum síng ora rêsmi.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

66

Tuladha nggunakaké båså Jåwå déníng pårå pêjabat dadi bab síng pêntíng supåyå ditiru déníng masyarakat lingkungané. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

26. Rêncana lan Stratêgi Kanggo ndayakaké Båså lan Sastrå Jåwå (1) Kanggo nglêstarèkaké båså lan sastrå Jåwå ånå ing wêktu iki, prêlu rêncana síng sipaté stratêgis (rênstra). Rênstra síng disusún kudu nyakúp kabèh ayahan kanggo ‘ndayakaké' båså lan sastrå Jåwå. Ånå ing ngèlmu pêrêncanaan, Rênstra dadi bab síng wigati síng kudu ånå. Rênstra prêlu kajångkå, upamané limang taunan, sêpulúh taunan, limalas taunan, róng pulúh taunan lan satêrusé. Babagan wêktu dadi pêntíng lan prêlu mandêng lan njångkå kabèh kaanan síng arêp têkå. Limang taún manèh båså Jåwå arêp mênangi jaman åpå? Sêpulúh taun manèh båså lan sastrå Jåwå arêp kaprabawan åpå?. Ånå têngahíng bêbrayan síng maju lan modèrn båså lan sastrå Jåwå åpå isíh murakabi? Akèh bangêt pitakónan síng prêlu dijawab lan dijlèntrèhaké kanggo bahan informasi tumrap såpå waé síng arêp gawé rênstra. Ngèlmu panjångkå (prédiction) dadi bab wigati síng biså dadi katrangan ngênani kaanan síng arêp kêdadèn. Sapérangan pênganggêp utåwå asumsi prêlu dipilíh utåwå ditêtêpaké. Saliyané iku kabèh asíl studi ngênani båså Jåwå prêlu dingêrtèni kêpiyé kaanané båså Jåwå. Båså Jåwå åpå isíh digunakaké kanthi bêcík ånå ing bêbrayan. Kaanané isíh apik åpå wís mrihatinaké amargå kadhêsêk karo båså Indonesia lan båsåbåså asíng liyané. Kaanan båså Jåwå síng sanyatané (factual) dadi pérangan síng pênting kanggo nyusún rênstra. Prêluné Rêncana lan Stratêgi Akèh prêkara síng nggubêl båså Jåwå kang prêlu di-studi, dijingglêngi lan di-analisis, sabanjuré prêlu dipilah wêwatón pêmandêng lan pêmanthêng (aproach) síng trêp karo kaanan. Mawas kaanan, papan lan wêktu dadi piranti síng pênting kanggo gawé rênstra. Ånå ing ngèlmu pêrêncanaan akèh babagan síng bisa dadi pathókan. Prêlu nêr, utåwå blêgêré kaanan (síng apík, éndah lan múrwat) síng arêp diwujúdaké. Têmbungé liyå prêluné visi lan misi kanggo nglêstarèkaké båså lan sastrå Jåwå. Ånå manèh piranti utåwå formula síng biså digunakaké kanggo ndhudhah prêkårå síng nggubêl båså Jåwå. Upamané nggunakaké bab-bab síng ‘ånå' ing isiné têmbúng ‘kêkêpan' (kêkuatan, kêlêmahan, pêluang dan ancaman). Analisis kêkêpan ajêg digunakaké ånå ing ngèlmu pêrêncanaan. Karånå iku prêlu di-studi dåyå kêkuatané båså lan sastrå Jåwå.
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

67

Kêjåbå såkå iku båså, sastrå Jåwå åpå ånå síng ringkíh lan dadi pêpalang kanggo ngadhêpi kêmajuwaning jaman. Åpå ånå bab-bab síng malah cêngkah karo sipat-sipat modèrn síng sarwå maju, profèsional, ngê-‘donyå' (go-intêrnasional) lan liya-liyané. Båså lan sastra Jåwå síng malêbu ånå ing jaman global pancèn dadi prêkårå síng ora ènthèng. Ånå éwóníng båså síng digunakaké déníng bångså-bångså ing alam donyå iki. Wêwatón cacahíng pênutúr, båså Jåwå pancèn mapan ana tataran 11 sawisé båså-båså Mandarín, Spanyól, Inggrís, Bêngali, Hindi, Pórtugis, Rusia, Jêpang, Jêrman, lan Wu (Cin). Sabanjuré, kanggo ngadhêpi globalisasi síng kêsurúng majuníng tèknologi, åpå båså lan sastrå Jåwå isíh duwé potènsi kanggo mujúdaké kaanan (panguripan) síng luwíh: apík, adíl, makmúr, maju (modèrn?), têmåtå, lan mandirêng. Pitakónan síng ugå prêlu yåkuwi: åpå båså lan sastrå Jåwå biså ngudhari (sapérangan) kaanan krisis wêktu iki síng sipaté wís multi dimènsi. Åpå ånå sumbangané båså lan sastrå Jåwå kanggo mujúdaké stabilitas ékonomi lan politik wêktu iki. Kêjåbå såkå iku åpå båså lan sastrå Jåwå biså didayakaké kanggo ndadani watak utawa karaktêr bångså síng nyakúp bab unggah-ungguh, sopan santún lan budi pakarti síng wêktu iki wís mblêrêt. Akèh bangêt pitakónan síng prêlu dijêmbaraké têbané supaya båså lan sastrå Jåwå migunani tumrap pamaréntahan lan pêmbangunan. Karånå iku prêlu didhudhah lan dipilah supåyå bisa murakabi tumrap bêbrayan. Tantangan globalisasi Ombak globalisasi dadi tantangan síng ora cilík. Globalisasi duwé dåyå síng gêdhé lan ngédab-édabi. Karånå iku ånå sing kuwatír mênåwå båså Jåwå bakal kèli lan kéntír ånå têngahíng globalisasi. Ora múng båså lan sastrå Jåwå, wóng Jåwå, lan budåyå Jåwå yå arêp kêpalangan karo dayané globalisasi. Globalisasi dadi tantangan síng gêdhé bangêt. Karånå iku, banjúr ånå pangudåråså síng nguwatiraké uripé båså, sastrå lan budåyå Jåwå. Ånå síng pésimis lan ngandhakaké mênawa båså Jåwå mêngkis-mêngkis lan ngêntèni patiné. Rêndhêt utåwå cêpêt båså Jawa ora bakal dicakaké ånå padinan amarga kuno, ora biså kanggo golèk dhuwít, kêtinggalan jaman lan liya-liyané. Kajåbå såkå iku sapérangan ånå síng optimis lan ngandhaké mênawa båså Jåwå ora bakal mati. Saugêr isíh ånå wóng Jåwå, båså Jåwå ora bakal mati. Basa Jåwå ora bakal mati amarga akèh bangêt síng isíh trêsnå karo båså lan sastrå Jåwå. Båså Jåwå ora bakal kêlindhês karo globalisasi. Båså lan sastrå Jåwå isíh têtêp lêstari amargå nduwèni potènsi síng ora cilík. Ånå njêroné båså lan sastrå Jåwå akèh bangêt wulangan síng adi lan luhúr. Wêwatón sêjarah síng wís lumaku, båså, sastrå lan budåyå Jåwå duwé nilai-nilai (values) síng bisa dadi ‘magnet' tumrap såpå waé. Mulå ora anèh mênåwå akèh wóng såkå mancanagara kêtarík lan kêpéngín nyinau båså lan sastrå Jåwå.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

68

Karånå iku akèh sarjana måncå síng banjúr kêsêngsêm karo basané, sastrané lan budayané wóng Jåwå. Båså, sastrå, lan budåyå Jåwå dianggêp duwèni potènsi síng biså nyumbang tumrap pêmbangunan watak lan karaktêr bångså. Ånå ing ngèlmu pêrêncanaan ånå tudúh supåyå dingêrtèni bab-bab síng dadi pêpalang. Akèh kawula mudå lan pårå muríd síng nganggêp manawa båså Jåwå kalêbu angèl dipahami. Malah ånå asíl studi síng ngandhakaké mênåwå kawulå mudhå isíh sênêng karo båså Jåwå. Émané, akèh kawula mudhå basané akèh síng ‘rusak' campúr karo båså Indonesia. Kaanan síng mrihatinaké tinêmu ing kuthå-kuthå. Mulå ånå síng ngarani akèh bangêt kawula mudhå síng wis wêdi nggunakaké båså Jåwå. Ånå ing padinan akèh síng wís nggunakaké båså Indonesia. Kaanan iki biså dadi pêpalang lan ngancam uripé båså Jåwå ing kuthå-kuthå. Båså Jåwå kadhêsêk karo båså Indonesia utåwå båså Inggrís, Mandarin, Jêpang lan liya-liyané, amargå biså kanggo golèk pêgawéyan. Akèh sabab síng sipaté ékonomi síng tundhoné biså ngancam uripé båså Jåwå. Globalisasi ékonomi síng orièntasiné tumuju marang pasar utåwå bisnís dadi pêpalang tumrap uripé båså Jåwå. Wêwatón pêmandêng síng isiné ‘kêkêpan' kasêbút, prêlu anané rêncana lan stratêgi (rênstra) síng nuntún kabèh ayahan kanggo nglêstarèkaké båså lan sastrå Jåwå. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

27. Rêncana lan Stratêgi Kanggo ndayakaké Båså lan Sastrå Jåwå (2) Ombak globalisasi síng kêsurúng karo majuníng tèknologi infórmasi biså dadi pêpalang tumrap båså, sastrå lan budåyå Jåwå. Mlêbuné budåyå måncånagårå sing digåwå lumantar TV lan intêrnèt dayané ngédabédabi. Sistêm budåyå måncå nggåwå pola pikír, gaya hidúp, sistêm tèknologi, lan liyaliyané síng banjúr ndayani panguripané wóng Jåwå. Lumêbuné budåyå måncå sapérangan ånå síng migunani tumrap panguripan. Nangíng ånå bab-bab síng biså ngancam lan ngrusak tatanan budåyå Jåwå. Ngadhêpi prêkårå iki prêlu bangêt anané stratêgi kêbudayaan síng ugå ngêmót stratêgi kanggo nguri-uri lan dayakaké båså lan sastrå Jåwå. Rênstra síng isiné ayahan-ayahan kanggo ndayakaké båså Jåwå kudu dadi pérangan síng wigati ånå ing stratêgi kabudayan. Stratêgi kabudayan dadi pênting bangêt amargå bakal mayungi kabèh ayahan síng sambúng karo unsúr-unsúr kabudayan, yåkuwi: sistim ékonomi, sistêm tèknologi, réligi, sistêm prånåtå sosial, kêkêrabatan, adat istiadat, lan liya-liyané. Bab budåyå dadi pêntíng bangêt amargå wóng måncånagårå utåwå turís tumêkå ing
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

69

Jåwå iki, tataran sêpisan amargå kêtarík karo budayané. Tataran kapindho banjúr kêpéngín ngêrti lan nyinau båså Jawané síng digunakaké ånå padinan mliginé ing tradisi, adat istiadat, upåcårå, lan jinís-jinís sêni budåyå liyané. Orièntasi stratêgi Sadurúngé nyusún rênstra båså Jåwå ånå bab-bab síng prêlu dadi têtimbangan. Sêpisan, potènsi síng diduwèni båså lan sastrå Jåwå ånå ing budåyå Jåwå. Båså lan sastrå Jåwå wís dadi lambang (symból) jatidhiri budåyå Jåwå. Akèh bangêt nilai (values) síng biså nuntún lan nguwataké budi pakarti lan budayané wóng Jåwå. Karånå iku orièntasi stratêgi nguri-uri båså lan sastrå Jåwå prêlu lan kudu manunggal karo stratêgi budåyå Jåwå. Lêlandhêsan karo bab iku kabèh ayahan ngênani båså Jåwå prêlu tumuju marang tujuwan lan sasaran (1) mujúdaké manéka warna (diversitas) budåyå Jåwå; (2) nguwataké jatidhiri Jåwå ånå ing ranah Indonesia; (3) mêmangún babagan kajiwan, budi pakarti lan watak síng jumbúh lan adaptif karo kaanan síng têrús obah lan owah; (4) mêmangún råså pangråså ing babagan båså (kêpêkaan linguistis) síng jumbúh karo ayahan nguri-uri lan ndayakaké båså lan sastrå Jåwå; (5) ngudhari kabèh prêkara sing nggubêl båså lan sastrå Jåwå. Tujuwan lan sasaran kasêbút prêlu luwih nêngênaké kawula mudhå ånå ing sêkolahan, kulåwargå, lan masyarakat. Sêpisan manèh prêlu ditandhêsaké mênåwå rênstra ngênani båså lan sastrå Jåwå kudu dadi pérangan síng pênting ånå ing stratêgi kabudayan Jåwå kanggo mbangún kabudayan Indonesia. Rêncana lan stratêgi ndayakaké båså lan sastrå Jåwå síng arêp disusún prêlu manunggal karo program utåwå ayahan otonomi daerah. Kawicaksanan ngênani otonomi daérah dadi program síng nyurúng kabèh ayahan kanggo ndayakaké artå kåyå kabudayaan síng ånå daérah. Lumakuné ayahan otonomi daérah dadi landhêsan sing mantêp kanggo ndayakaké båså lan sastrå Jåwå. Jumbúh karo program otonomi daérah, rênstra ngênani båså Jåwå prêlu nggatèkaké anané kawasan budåyå (sub-sub culture) síng ånå ing tataran wilayah wiwít provinsi têkan kabupatèn lan kuthå. Ånå ing Provinsi Jawa Têngah tinêmu kawasan budåyå Surakarta, Pêsisír Kulón (wiwít Brêbês têkan Batang), Pêsisír Wétan wiwít Kêndhal têkan Rêmbang), Bagêlên (èx Karésidènan Kêdu), lan kawasan budaya Banyumasan. Karånå iku rênstra båså Jåwå síng arêp disusun prêlu nggatèkaké kawasan-kawasan budåyå kasêbút. Kajåbå såkå iku anané manéka warnå dialèk prêlu dadi têtimbangan. Fénoména utåwå anané manéka warna ‘båså', kayåtå båså panginyóngan, båså Têgal, båså pêsisiran kulón utawa wétan, båså Surakartan, lan liyå-liyané prêlu digatèkaké. Prêluné payúng hukúm

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

70

Rêncana lan stratêgi ndayakaké båså lan sastrå Jåwå prêlu duwé landhêsan hukúm síng kuwat. Sanadyan wís ånå amandêmèn UUD 1945 mliginé pasal 31 lan pasal 32 isíh prêlu pêraturan pêlaksanaan bisa rupa Undang-undang, Pêraturan Pêmêrintah lan liyå-liyané. Kabèh pêraturan mau dadi landhêsan síng ngatúr cak-cakané ånå ing provinsi, kabupatèn lan kuthå. Sanadyan wís ånå landhêsan rupå Pêraturan Daérah ngênani Rêncana dan Stratêgi Pêmbangunan Daérah, utåwå Arah Kêbijaksanaan Umúm Pêmbangunan Daérah, babagan kabudayan sipaté mligi lan wigati. Pêraturan Daérah síng isiné ngêmót rêncana lan stratêgi kabudayan wís prêlu lan kudu ånå. Kalêbu ing kéné rênstra kanggo ndayakaké båså lan Sastrå Jåwå. Ånå ing Pêrda iki tujuwan lan sasarané kudu cêthå, kalêbu visi lan misi síng nuntún kabèh ayahan ngênani båså, sastrå lan budåyå Jåwå. Visi lan misi prêlu disusún wêwatón niat, sêmangat, lan tékad síng kuwat. Upamané tékad supåyå båså lan sastrå Jåwå biså dadi sarånå síng kuwat kanggo mbangún jatidiri bångså. Mênåwå wêktu iki båså Inggris wís dadi lambang globalisasi kanggo sarånå ngrêmbakané ilmu pêngêtahuan lan tèknologi, sabanjúré båså Arab wís dadi lambang nguwataké iman lan taqwa, åpå båså lan sastra Jåwå biså dadi lambang kanggo mbangún budi pakarti luhúr? Wêwatón akèhing kaanan síng sinêbút krisis multi dimènsi síng rupå krisis-krisis: ètika, moral, kêpêmimpinan, kêtêladanan, lan liyå-liyané, åpå båså lan sastrå Jåwå biså dadi sarånå kanggo mbangún kapribadhèn bångså síng duwèni watak lan budi pakarti luhúr? Nanggapi anané pluralismê lan mulitikulturalismê , åpå båså lan sastrå Jåwå biså dadi sarånå síng nyakêtaké lan ngrakêtaké pêrsatuan lan kêsatuan Bangsa síng wêktu iki ringkih kaanané? Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

28. Sosialisasi Asilipún Kongrès Båså Jåwå - KBJ IV ing Sêmarang Kongrès Båså Jåwi (KBJ) IV sampún dipún lêksanakakên tanggal 10 dumugi tanggal 14 Sèptèmbêr 2006. Kongrès mutusakên bab-bab ingkang prêlu dipún ayahi déníng Badan/Dinas/Kantór ingkang tugas pokókipun sêsambêtan kaliyan båså Jåwi. Kajawi mênikå ugi mutúsakên bab-bab tuwin ayahan-ayahan wóntên ing pêndidikan formal, pêndidikan nónfórmal lan infórmal, kêarifan lokal tuwín pêmbêrdayaan båså lan sastrå jåwå. Wóntên ing ranah kawicaksanan umúm, dipún tandhêsakên bilíh båså Jåwi prêlu dipundayakakên kanthi landhêsan hukúm ingkang kiyat. Adhêdhasar UUD 1945 amandêmèn pasal 32, prêlu dipún susún Undang-undang ingkang ngatúr babagan båså. Båså-båså Daérah, prêlu dipún papanakên kanthi trêp kaliyan båså Indonesia tuwín
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

71

båså Asíng. Wóntên ing tataran Provinsi utawi Kabupatèn/Kota prêlu payúng hukúm arupi Pêraturan Daérah. Sêsambêtan kaliyan bab-bab kasêbat wóntên bab ingkang wigatós inggíh mênikå draft ‘Rancangan Undang Undang (RUU) têntang Bahasa'. Départêmèn Pêndidikan Nasional (Dèpdiknas) sampún ngawóntênakên parêpatan ingkang ngrêmbag RUU kasêbat. Pramila, RUU ingkang dipún susún prêlu dipún taliti mênåpå sampún trêp kaliyan kaanan båså lan sastrå Jawi wêkdal mênikå. Pasal-pasal ingkang wóntên ing RUU prêlu dipún jingglêngi. Upaminipún, kadós pundi pamaréntah ngatúr båså-båså Daérah wóntên satêngahíng masyarakat ingkang ngginakakên båså Indonesia tuwín båså Asíng? Dunúngipún båså Daérah mênåpå (sampún) jumbúh kaliyan aspirasi masyarakat ingkang wóntên?. Kajawi mênika, RUU ngéngingi Båså prêlu dipún biwarakakên dumugi tataran Kabupatèn/Kota. Sosialisasi ngéngingi RUU Båså prêlu dipún wóntênakên supadós sagêd nampúng aspirasi wóntên ing tataran ngandhap (grassroot). Salajêngipún putusan utawi rékomèndasi KBJ IV ingkang nandhêsakên prêlunipun Pêrda ngéngingi Båså lan Sastrå Jawi prayogi dipún rêmbag. Pêrda båså Jawi mênåpå (cêkap) wóntên tataran Provinsi mênåpå dumugi Kabupatèn/ Kota. Manawi Pêrda tataran Provinsi sampún nyakúp kawóntênan utawa varian-varian båså ingkang wóntên, inggíh mbótên prêlu Pêrda tataran Kabupatèn/Kota. Pêrda ingkang ngatúr båså lan sastrå Jåwi saèstu wigatós supadós sadåyå ayahan ingkang sambêt kaliyan båså lan sastrå Jawi nggadhahi landhêsan hukúm ingkang kiyat. Kawicaksanan ngéngingi otonomi daérah njurúng supadós Pamaréntah Daérah ngayahi urusan ingkang sambêt kaliyan båså Jawi. Sosialisasi ngéngingi putusan tuwín rékomèndasi kongrès prêlu dipún wóntênakên supadós asilipun kongrès dipún mangêrtósi déníng sadåyå élêmèn ingkang sêsambêtan kaliyan båså Jawi. Sosialisasi asíl kongrès tumrap Guru ing tataran SD, SMP, SMA/SMK/MA prêlu dipún wóntênakên. Guru minångkå parågå wóntên ing pêndidikan formal prêlu dipún prioritasakên amargi pêntíng wóntên ing prosès pêmbêlajaran. Kathah bab-bab ingkang prêlu dipún mangêrtósi déníng pårå guru. Upaminipún, guru prêlu ngginakakên tèknologi informasi lan prêlunipun ayahan ingkang inovatif lan kréatif wóntên ing prosès pêmbêlajaran. Kajawi mênikå, bahan ajar utawi buku tèks båså Jawi prêlu dipún sêmpurnakakên. Jumbúh kaliyan asíl kongrès, unggah-ungguh båså kanggé nåtå lan ngécakakên pêndidikan budi pakarti prêlu dipún tambah wóntên ing pamulangan. Budi pakarti ingkang samangké karaósakên mblêrêt prêlu dipún tambah wóntên ing pamulangan. Kualitas utawi profèsionalitas guru pêntíng wóntên ing pamulangan SD dumugi SMA/SMK/MA. Kanthi mênika guru båså Jawi prêlu dipún tatar supadós langkúng mumpuni utawi

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

72

mulang båså Jawi. Kathah sangêt putusan utawi rékomèndasi kongrès wóntên ing ranah pêndidikan fórmal, ingkang prêlu dipún mangêrtósi déning pårå guru. Sosialisasi asíl kongrès supadós ndayakakên Musyawarah Guru Mata Pêlajaran (MGMP) båså Jawi ingkang sampún wóntên. Sosialisasi asíl kongrès wóntên ing ranah pêndidikan nónfórmal tuwin infórmal inggih prêlu dipún laksanakakên. Sadåyå pahêman, paguyuban, sanggar-sanggar, komité båså Jawi, pårå pranåtåcårå, pårå pênggilut båså lan sastrå Jawi prêlu mangêrtós asil-asilipún kongrès. Kathah putusan lan rékomèndasi kongrès ingkang prêlu dipún mangêrtósi dumugi lingkungan kulåwargå. Wóntên ing lingkungan kulåwargå dipún prayogèkakên ngginakakên båså Jawi sabên dintênipún. Wóntên ing parêpatan RT utawi RW dipún ajak supadós ngginakakên båså Jawi. Kajawi mênika, pårå pênyiar TV, RRI tuwin radio swasta ugi prêlu ndhèrèk sosialisasi supadós asil-asilipun kongrès dipún mangêrtósi. Gêgandhèngan kaliyan pêntingipún båså Jawi wóntên ing TV, RRI tuwín Radio Swasta, kúrsús utawi diklat ingkang mligi kagêm pênyiar prêlu dipún wóntêni. Rubrik-rubrik båså lan sastrå Jawi wóntên ing TV prêlu dipún tambah. Sadayanipún supadós ayahan ingkang sambêt kaliyan båså Jawi wóntên pêndidikan nónfórmal lan infórmal sagêd mrambah lan lumampah sêsarêngan kaliyan wóntên ing pêndidikan fórmal. Minångkå kêsimpulan utawi dudutan, sosialisasi asilipún kongrès prêlu énggal dipun laksanakakên supadós båså Jawi dipún uri-uri, lêstari lan murakabi tumrap bêbrayan Jawi. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

29. Ayahan Sasampunipún Kongrès Båså Jawi - KBJ (1) Kóngrès Basa Jawa (KBJ) IV Taún 2006 ingkang lumampah tanggal 10 dumugi 14 Sèptèmbêr 2006 sampún paripurnå. Kathah pangandikan, panukartå, saran, tuwín komêntar ingkang kapirêng. Wóntên ingkang têmbúngipún sêkécå manawi dipún raósakên. Wóntên ingkang ngalêm lan nyalami. Lumantar ‘ès-èm-ès' kathah ingkang ngêndikakakên bilíh KBJ IV lumampah saé lan suksès. Mbótên sadåyå ngalêm namúng ugi wóntên kritik ingkang pêdhês lan nandhês. Kajawi mênika wóntên panyaruwé bilíh KBJ IV èlitis lan sipatipún ritual. Anggaranipún sêkawan sêprapat milyar. Mêsthinipún sagêd kagêm mbangún gêdhúnggêdhúng SD ingkang risak. Sapérangan anggaran sagêt kagêm ngragati program réhabilitasi tuwin rékónstrúksi ing tlatah ingkang kêtrajang lindhu, lan sanès-sanèsipún. Sadåyå panyaruwé, saran, tuwín panukartå prêlu dipún tampi kagêm mawas dhiri utawi
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

73

réfêrènsi. Wóntên ing alam donya panci mbótên wóntên ingkang sampurnå. Mênåpå malíh damêlanipún manungså. Sagêd dipún pêsthèkakên wóntên ingkang cicír, cèwêt, utawi wóntên ingkang kirang. Nanggapi bab-bab mênikå prayógi dipún lêrêmakên. Kathah hikmah ingkang sagêd dipún pêthík lan dipún dadósakên kåcå brênggålå. Sadåyå prêlu dipún wangsulakên dhatêng jatidhiri Jawi ingkang rêmên nêngênakên mawas dhiri. Mawas dhiri prêlu dadós piranti kanggé nanggapi kaanan lan prêkawís ingkang nêmah båså Jawi. Sasampunipún lampah mawas dhiri prayógi jumangkah ayahan salajêngipún. Pitakènanipún: paska kóngrès båså Jawi lajêng badhé mênåpå? Wós lan wóh-ipún kóngrès. Substansi wóntên ing KBJ sagêd dipún jingglêng malíh wóntên ing makalah ing komisi-komisi: Pêndidikan Fórmal, Pêndidikan Infórmal lan Nón-fórmal, Kêarifan Lokal, tuwín Pêmbêrdayaan Bahasa dan Sastra Daérah. Namúng ingkang wigati inggíh mênika wóh-ipún kóngrès ingkang rupi Putusan tuwín Rékomèndasi. Wêwatón putusan lan rékomèndasi kóngrès kathah ayahan ingkang prêlu dipún adani wóntên ing Jawa Timúr, DIY, Jawa Têngah, lan tlatah sanès-sanèsipún. Sêdåyå bêbadan ing tataran pusat inggih mênika départêmèn-départêmèn lan tataran daérah inggíh mênikå Dinas utawi Kantór ingkang tugasipún magêpókan kaliyan båså, sastrå lan kabudayan prêlu jumangkah ngayahi putusan tuwín rékomèndasi kóngrès. Kawicaksanan otonomi daérah sagêd dadós landhêsan tumrap sadåyå ayahan ngêngingi båså lan sastra daérah. Salajêngipún, ingkang rupi kawicaksanan ingkang sipat umúm inggíh mênikå. Kapíng Sêpisan, panyuwúnan dhatêng Pêmêrintah Pusat prêlunipun Undang-undang (UU) ngéngingi Båså Daérah. UU ingkang dhasaripún amandêmèn pasal 32 UUD 1945 sakalangkúng pênting minångkå landhêsan hukúm ingkang ngatúr babagan båså nasional, båså daérah tuwin båså måncånagari. Kaping kalíh, prêlunipún payúng hukúm arupi Pêraturan Daérah (Pêrda) ing tataran propinsi minångkå landhêsan hukúm sadåyå ayahan ndayakakên båså lan sastrå Jawi. Wêwatón Pêrda mênikå rêncana utawi program pêmbinaan pêlêstarian båså, sastrå, lan aksårå Jawi langkúng jêlas lan kiyat. Kapíng tiga, ing tataran Propinsi prêlu dipún bêntúk Déwan Båså Jawi. Tugas pókók tuwin fungsi (tupóksi) Déwan Bahasa Jawi prêlu dipún rumusakên tuwin dipún kukuhakên supadós énggal jumangkah ngayahi tugas ingkang sêsambêtan kaliyan båså lan sastrå Jawi. Kapíng sêkawan, prêlunipun rêncana lan stratêgi kanggé ndayakakên båså lan sastrå Jawi wóntên ing tigang propinsi (Jawa Timúr, DIY lan Jawa Têngah) ingkang dipún kukúhakên mawi landhêsan Kêputusan Bêrsama Tiga Gubêrnúr.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

74

Kapíng gangsal, sadåyå ayahan kanggé ndayakakên båså lan sastrå Jawi prêlu sinèrgis antawisipún pêmêrintah Propinsi Jawa Timúr, DIY, Jawa Timúr, propinsi-propinsi sanèsipún, tuwín pêmêrintah Surinamê, New Caledonia, Malaysia lan sanès-sanèsipún. Kajawi mênika wóntên 4 (sêkawan) ayahan ingkang pêntíng wóntên ing ranah Pêndidikan Fórmal, inggíh mênika.
• • • •

1. Piwucalan båså Jawi wóntên ing tataran SD/MI, SMP/MTs, SMA/SMK/MA; 2. Pêmêrintah Propinsi Jawa Timúr, DIY, lan Jawa Têngah prêlu nyiapkan fórmasi lan ngangkat guru båså Jawi; 3. Sakêdhík mbåkå sakêdhík guru båså Jawi dipún tangani déníng lulusan pêndidikan fórmal båså lan sastrå Jawi; 4. Prêlu nyêdiyakakên buku ajar ingkang cêkap tuwín lólós sêlèksi déníng tim pênilai ingkang indêpèndên;

Salajêngipún wóntên 3 (tiga) rékomèndasi ing ranah Pêndidikan Infórmal lan Nónfórmal, inggíh mênika.
• • •

1. Ngrêmbakakakên sanggar-sanggar sastrå Jawi minångkå wadhah panggulå wênthah ing babagan baså lan sastrå Jawi; 2. Ayahan ndayakakên båså lan sastrå Jawi lumantar lomba, sarasèhan, tuwin kúrsús-kúrsús; 3. Bêbadan kêagamaan, kêmasyarakatan tuwin kabudayan prêlu nyêngkuyúng sadåyå ayahan ing babagan båså lan sastrå Jawi; Ayahan ingkang dadós rékomèndasi kóngrès wóntên ing komisi Pêndidikan Fórmal, Infórmal, tuwín Nónfórmal mbótên sagêd dipún pisahakên kaliyan putusan kóngrès ingkang dadós pancadan, antawisipún inggíh mênikå. Sêpisan, pasinaón båså Jawi wajíb dipún wulangakên wóntên ing sêkolah-sêkolahan SD/MI, SMP/MTs, tuwin SMA/SMK/MA. Pasinaón wóntên ing sêkolahan kêdah kóntèkstual, prêlu ndayakakên tèknologi infórmasi, tuwín nêngênakên métodhê énggal ingkang kréatif. Kajawi mênikå pasinaón babagan unggah-ungguh tuwín budipakarti prêlu dipúncakakên; Kapíng kalíh, sakêdhík mbåkå sakêdhík guru ingkang mulang båså Jawi prêlu nggadhahi pêndidikan fórmal båså lan sastrå Jawi. Kómpêtènsi guru båså Jawi prêlu dipún indhakakên tuwin dadós kawigatósan ingkang murwat; Kapíng tigå, babagan buku ajar båså Jawi ingkang kêdah cêkap tuwín lulús sêlèksi déning tim ingkang indêpèndên. Sadåyå ubarampé wóntên ing pamulangan båså Jawi prêlu cêkap supadós nyurúng kêtrampilan ngginakakên båså Jawi; Kapíng sêkawan, mrayogèkakên supadós sadåyå kulåwargå Jawi ngginakakên båså Jawi wóntên ing sêsrawungan sabên dintênipún.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

75

Kanggé njurúng ayahan mênikå, sanggar-sanggar utawi paguyuban-paguyuban båså lan sastrå Jawi prêlu dipún dayakakên tuwín dipún wóntênakên lomba-lomba, sarasèhan, lan kúrsús-kúrsús; Kapíng gangsal, sadåyå bêbadan utawi lêmbaga kêagamaan, kêmasyarakatan, lan kabudayan prêlu nyêngkuyúng sadåyå ayahan kanggé ndayakakên båså lan sastrå Jawi. Salajêngipún, rékómèndasi kóngrès wóntên ing komisi Kêarifan Lokal mrayógèkakên supadós kêarifan lokal minångkå asèt budåyå Jawi dipún invêntarisasi, dipún wujudakên, tuwín dipún aprésiasi wóntên ing lingkungan masyarakat, bångså lan nagari lêlandhêsan Bhineka Tunggal Ika. Rékómèndasi kóngrès wóntên ing komisi Pêmbêrdayaan Bahasa dan Sastra Jawa, inggih mênikå.
• •

• • •

1. Prêlunipun rêncana stratêgis kanggé ndayakakên båså lan sastrå Jawi wóntên ing Jawa Timúr, DIY, tuwín Jawa Têngah 2. Dinas-dinas ingkang tugas pókókipun sêsambêtan kaliyan båså lan sastrå Jawi tigang propinsi prêlu sêsarêngan ndayakakên båså lan sastrå Jawi ingkang trêp kaliyan kaanan lêlandhêsan rêncana stratêgis; 3. Prêlu dipún dhapúk Déwan Båså Jawi wóntên ing tigang Propinsi tuwin énggal jumangkah sêsarêngan kaliyan unsúr pêrguruan tinggi, paguyuban, sanggarsanggar, tuwín dinas-dinas ingkang tugas pókókipún sêsambêtan kaliyan babagan båså lan sastrå Jawi; 4. Pêmêrintah Propinsi Jawa Timúr, DIY, tuwín Jawa Têngah prêlu mbangún laman (wèb sitê) babagan båså, sastrå, lan budåyå Jawi. 5. Ganjaran utawi pisungsúng tumrap pårå nimpuna/panggilút båså lan sastrå Jawi ingkang sampún wóntên prêlu dipún tingkatakên malíh; 6. Nandhêsakên prêlunipun payúng hukúm arupi UU, Pêraturan Pêmêrintah, tuwín Pêraturan Daérah ngéngingi båså lan sastrå Jawi; Kóngrès ugi nêtêpakên rékomèndasi bilíh Kóngrès Basa Jawi (KBJ) V Taún 2011 prêlu dipún wóntênakên ing Jawa Timúr. Sadèrèngipún Kóngrès Basa Jawi prêlu dipún dhapúk Badan Pêkêrja Kóngrès Basa Jawi. Kajawi mênikå, sadèrèngipún Kóngrès Båså Jawi prêlu dipún wóntênakên Kóngrès Budåyå Jawi. Pêmêrintah Propinsi Jawa Timúr, DIY, tuwin Jawa Têngah supadós dadós pangarsa lan njångkå tumapakipun Kóngrès Budayå Jawi. Wóntên pérangan salajêngipún, putusan kóngrès ugi nandhêsakên prêlunipun ayahan tindak lanjút, inggih mênikå.

• •

1. Sadåyå putusan tuwín rékomèndasi Kóngrès Basa Jawi IV Taún 2004 prêlu dipún cakakên wóntên ing Propinsi Jawa Timúr, DIY, tuwín Jawa Têngah; 2. Déwan Bahasa Jawa tigang Propinsi prêlu ngawóntênakên ayahan sosialisasi lan évaluasi sadåyå putusan tuwín rékomèndasi kóngrès, ingkang dipún ragadi sakíng Anggaran Pêndapatan dan Bêlanja Daérah (APBD).

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

76

Njingglêng sadåyå putusan tuwin rékomèndasi kóngrès kasêbat, kathah sangêt ayahan ingkang prêlu dipún wóntêni. Déwan Båså Jawi, unsúr Pêrguruan Tinggi, sanggar sanggar, paguyuban-paguyuban, tuwín Badan/Dinas ingkang sêsambêtan kaliyan båså, sastrå lan budåyå Jawi prêlu ngawóntênakên parêpatan lan jumangkah ngayahi rékomèndasi kóngrès. Sadåyå prêlu saiyêg saéka pråyå tuwín sinèrgis ngayahi sadåyå putusan tuwín rékomèndasi kóngrès. Sêsanti ‘jêr basuki måwå béyå' prêlu dadós gujêngan tumapakíng ayahan wóntên ing taún anggaran 2007. Lêlandhêsan prinsip ‘ambêg paramartå', prêlu dipún susún ayahan ingkang prêlu dipún têngênakên tuwín dipún pacak wóntên ing taún anggaran 2007, taún 2008, taún 2009, tuwín taún-taún salajêngipún. Sadayanipún prêlu dadós kawigatósan supadós båså, sastra, lan budåyå Jawi sagêd dipún dayakakên tuwín murakabi tumrap bêbrayan, masyarakat bångså lan nagari.Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

31. Dinå Kêmís - Båså Jåwå Dèrèng wóntên kalíh minggu sasampunipún Kongrès Båså Jåwå (KBJ) paripúrnå, Gubêrnúr Jawa Têngah nggarisakên kawicaksanan bilíh ing dintên Kêmís sadåyå Pêgawai Nêgêri Sipil (PNS) tataran Provinsi supadós ngginakakên båså Jawi. Satunggalíng putusan ingkang trêp kaliyan kaanan sasampunipún kongrès båså Jawi dipún adani. Gubêrnúr Mardiyantó milíh dintên Kêmís amargi ing dintên mênikå sadåyå PNS ngagêm busånå bathík utawi lurík. Busånå khas ingkang dipún damêl déning pårå pêngrajin ing tlatah Wónógiri, Surakarta, Sêmarang, Pêkalóngan, Pêmalang, Jêpårå, Lasêm lan sanès-sanèsipún. Kawicaksanan ingkang makatên dhampakipún saé. Mbótên namúng ing babagan båså, namúng inggíh ing babagan kêmajêngan industri rumah tangga. Próduk industri ingkang ngasilakên bathík utawi lurík lajêng tambah. Dhampak salajêngipún, pårå pêngrajin lajêng mindhak pênghasilanipún. Kawicaksanan ngginakakên busånå bathík utawi lurík ing dintên kêmís lajêng nyurúng ékonomi masyarakat ing babagan pangupå jiwå utawi lapangan kêrja. Ing babagan ékonomi mikro manfaatipún saé tumrap pårå pêngrajin ingkang kålå sêmantên kaananipún mrihatósakên. Kajawi mênika motif bathík lajêng tambah ngrêmbåkå. Motif bathík mbótên namúng populèr motif Wónógiri, Surakarta, Pêkalóngan, namung lajêng nggigah motif Sêmarangan, Lasêm lan sanès-sanèsipún. Mbótên namúng bathík, produksi lurík Pêmalang tuwín Tråså (Jêpårå) ingkang têbanipún dumugi pulo Bali lajêng mindhak. Kóntraksi ékonomi ing Kabupatèn utawi kitha tlatah Jawa Têngah lajêng kagigah lan
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

77

kadayan déníng kawicaksanan kålå wau. Kawicaksanan ing dintên Kêmís ngginakakên båså Jawi inggíh trêp kaliyan kaanan samangké. Nyatanipún mbótên namúng laré-laré kémawón ingkang angèl ngginakakên båså Jawi. Malah kathah pêjabat ingkang gróthal-grathúl ngginakakên båså Jawi. Båså Jawinipún lajêng gadho-gadho campúr kaliyan båså Indonesia. Cak-cakanipún båså Jawi ingkang makatên pinanggih wóntên ing kithå-kithå ingkang bèntên manawi katandhingakên kaliyan ing padhusunan. Kathah Pak Camat utawi Pak Lurah ingkang lancar ngginakakên båså Jawi. Inggíh amargi asríng dipún ginakakên, båså Jawinipún lajêng saé lan lancar. Babagan praktèk ngginakakên båså Jawi jumbúh kaliyan paribasan 'witíng biså jalaran såkå kulinå'. Manawi kulinå ngginakakên båså Jawi inggih lajêng trampíl lan lancar. Kawicaksanan dintên Kêmís ngginakakên båså Jawi ing kantór-kantór dipún tanggapi saé déníng masyarakat. Malah wóntên ingkang usúl supadós ing sêkolahan-sêkolahan inggíh ngginakakên båså Jawi. Wóntên malíh usulan arupi pamrayogi supadós wóntên ing swasana mbótên rêsmi ngginakakên båså Jawi. Mbótên namúng kantór-kantór pamarintah, ing sêkolahan-sêkolahan, kantór-kantór swasta, utawi pêrusahaan inggíh prêlu dipún usulakên. Manawi wóntên kawicaksanan bilíh ing swåsånå mbótên rêsmi ngginakakên båså Jawi dhampakipún agêng sangêt tumrap båså Jawi. Kawóntênan makatên kêdadósan ing tlatah Pasundhan ingkang ngginakakên båså Sundha ing swåsånå mbótên rêsmi. Malah mbótên namúng mênikå, ing hotèl-hotèl utawi rèstóran kapirêng têmbang têmbang Sundhå ingkang mratah ing sabên tlatah. Lumantar kasèt utawi CD, kathah gêndhíng-gêndhíng pasundhan, upaminipún dêgúng, kêthúk thilu, cianjuran, angklúng, rampak kêndhang, lan sanès-sanèsipún ingkang dipún sêtèl. Dhampakipún saé mbótên namúng indhaking prodúksi kasèt namúng inggíh ing babagan kréatifitas sêni. Kajawi mênikå swåsånå ingkang khas sundha lajêng karaósakên sabên dintênipún. Swasånå ingkang makatên sagêd ngiyatakên jatidhiri ingkang khas pasundhan ingkang bèntên kaliyan tlatah-tlatah sanèsipún. Ing babagan båså mênåpå déné sêni budåyå, Jawa Têngah prayogi 'niru' ing bumi pasundhan. Upaminipun ing babagan pêraturan pêrundang-undangan, Pamarintah Provinsi Jawa Barat sampún gadhah Pêraturan Daérah ingkang cacahipún tiga, inggíh mênikå: (1) Pêrda Nómór 5 Tahun 2003 têntang Pêmêliharaan Bahasa, Sastra dan Aksara Daérah; (2) Pêrda Nómór 6 Tahun 2003 têntang Pêmêliharaan Kêsênian; (3) Pêrda Nómór 7 Tahun 2003 têntang Pêngêlolaan Kêpurbakalaan, Kêsêjarahan, Nilai Tradisional dan Muséum. Déwan Pêrwakilan Rakyat Provinsi Jawa Têngah tuwín Badan/Dinas/Kantór ingkang kawógan prêlu maós tigang Pêraturan Daérah kasêbat.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

78

Mbótên wóntên awónipún manawi ngawóntênakên studi bandíng kagêm nyusún Rancangan Pêraturan Daérah nêgêngingi båså Jawi. Trêp utawi jumbúh kaliyan putusan KBJ IV taún 2006 ingkang nandhêsakên prêlunipun payúng hukúm arupi PERDA ingkang ngatúr ayahan ndayakakên båså Jawi. Manawi Pêrda sampún dipún susún tuwín dipún kukúhakên ayahan ndayakakên båså Jawi langkúng kiyat. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

32. Kêarifan Lokal (1) Ånå sub topík síng dipilíh ing Kongrès Basa Jawa (KBJ) IV taún 2006, yåkuwi ‘kêarifan lokal'. Ånå ing ranah kabudayan, kêarifan lokal dadi pérangan wigati amargå cakêt lan rakêt karo babagan nilai (values) síng adi (luhúr, luhúng). Sinêbút kêarifan lokal amargå duwèni sipat unik, apík, onjå lan unggúl. Têmbúngé måncå sinêbút local gènius. Jênêngé waé kêarifan lokal mulå akèh tinêmu ånå ing tataran ‘lokal'. Munggahé, biså tinêmu ånå ing tataran utåwå kawasan règional. Kêarifan lokal bisa tinêmu ånå ing tataran kabupatèn utåwå provinsi. Têbané jêmbar, tinêmu akèh, lan biså dadi gujêngan kanggo ngudhari prêkara (pêrsoalan) síng ånå. Kêarifan lokal bisa dadi ‘sikap kandêl' ngadhêpi kaanan síng lagi kasandhang. Kajåbå såkå iku kêarifan lokal biså dadi sangu kanggo ngadhêpi kêsusahan. Malah bisa kanggo mulihaké kaanan (kajiwan) tumrap síng lagi susah, umpamané bêncana alam síng matumpå-tumpå. Kêarifan lokal biså dadi sarånå ngudhari prêkårå síng sêpélé. Nangíng ugå ånå kêarifan lokal síng biså dadi pancatan kanggo ngudhari prêkårå gêdhé, umpamané prêkårå utawa pêrsoalan nagårå. Ånå ing KBJ IV topik ngênani kêarifan lokal didêlêng lan dipandêng karo substansi (sêsanti) ‘bhinéka tunggal ika'. Pitakónan síng prêlu diusúng yåkuwi: åpå ånå kêarifan lokal síng bisa njurúng sêmangat bhinéka tunggal ika?. Akèh bangêt babagan síng nudúhaké prêluné kêarifan lokal didhudhah lan didayakaké kanggo ngudhari prêkårå bångså lan nagårå wêktu iki. Mênåwå wêktu iki akèh drêdah ing babagan politik, åpå ånå kêarifan lokal síng biså dicakaké kanggo ngudhari lan ndadani kaanan politik, ékonomi, sosial lan kêmasyarakatan. Åpå ånå kêarifan lokal síng biså dadi gujêngan kanggo ngadhêpi akèhing bancånå ing taún-taún kêpungkúr iki?. Karånå iku, putusan KBJ IV Taún 2006 mrayogakaké prêluné kêarifan lokal diinvêntarisasi lan diidèntifikasi. Sumbêr kêarifan lokal Kêarian lokal duwèni sumbêr, yåkuwi tradhisi síng diuri-uri. Kêjåbå såkå iku kêarifan lokal ugå tinêmu ånå ing adat istiadat.
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

79

Ånå ing bêbrayan Jåwå, antarané tradhisi lan adat istiadat dianggêp padha. Adat ngêmót babagan aturan, paugêran utåwå pranatan síng ora tinulís. Mulå banjúr ånå síng diarani hukúm adat. Ånå ing bêbrayan, tradhisi ditêgêsi pådhå karo adat istiadat síng lumaku rún têmurún. Ånå tradhisi lisan ånå tradhisi síng tinulís. Ki Juru Martani II ånå ing bukuné ‘Tradhisi Sosial' njlèntrèhaké bab tradhisi komplit bangêt. Têmbúng tradhisi dumadi såkå têmbúng ing båså Latin yakuwi tradere. utåwå såkå têmbúng båså Inggris tradition, transmit, handing down, síng têgêsé ‘síng diparingaké'. Bab wigati síng diparingaké såkå ndhuwúr mêngisór. Såpå síng maringaké? Síng maringaké yåkuwi Gusti Allah Síng Måhå Luhúr. Åpå síng diparíngaké? Manút andarané Ki Jurumartani, babagan síng diparingaké rupå wisdom. Dudu human wisdom såkå obahing pakarti manungså, nanging wisdom divine in origin , Prinsip Yang Têrtinggi (Supreme Principle) síng sipat kudús (Hagia Sophia). Prinsip-prinsip síng diparingaké yåkuwi dóktrin síng isiné ajaran, wulangan, pangawikan, utåwå tuntunan. Babagan síng diparingaké biså dipilah dadi loro yåkuwi dóktrin réligi lan dóktrin métapisika. Têbané akèh bangêt amargå nyakúp tradhisi síng dituntún déning agåmå-agåmå síng ånå ing donyå. Akèh bangêt tradhisi síng ngêmót wulangan, ajaran, wêwalêr, utåwå tuntunan síng dibiwarakaké, lan diprênahaké déníng pårå Nabi lan pårå Wali. Kajåbå såkå iku ånå tradisi síng dituntún déníng ajaran métapisikå. Karånå iku tradhisi nyakúp samubarang síng wigati, duwèni njilai síng sakral, adi lan luhúng amargå paringané Gusti Allah Síng Måhå Luhúr. Karånå iku têbané jêmbar lan nyakúp bab-bab síng sambúng karo panguripan. Panguripan ånå ing alam donya síng biså nuntún kaanan ånå ing akhérat. Wêwatón sêjarah kabudayan ing pulo Jåwå tinêmu tradhisi síng akèh. Ånå síng rupa tradhisi lisan síng lumaku rún têmurún. Tradhisi lisan síng lumaku banjúr ngrêmbaka amargå ånå tutúr síng tinular. Yå amargå obahíng kaanan ånå tradhisi lisan síng owah utåwå ilang. Nangíng ugå ånå tradhisi lisan síng diuri-uri lan dilêstarèkaké. Kêjaba tradhisi lisan ugå ånå tradhisi tulís. Akèh tradhisi síng tinêmu ånå ing manuskrip-manuskrip, naskah-naskah kuno, sastrå-sastrå (Jawa) kuno. Isiné akèh síng ngêmót wulangan síng sakral, adi (luhúr, luhúng) síng dibiwarakaké utåwå ditulís déníng pårå mpu lan pujånggå. Tradhisi síng dituntún déníng ajaran agåmå utåwå ajaran métapisika dadi tuk utåwå sumbêr kêarifan lokal síng migunani panguripan. Biså dadi landhêsan utåwå gujêngan kanggo ngadhêpi kaanan. Kêarifan Lokal (2) Ånå sêpulúh makalah síng diandharaké ånå ing komisi Kêarifan Lokal rikålå KBJ IV Taún 2006. Båpå Soêtómo WE njlèntrèhaké bab Kêarifan Bangsa síng ånå ing tuturan Basa Jawa. Akèh bangêt tuturan båså Jåwå síng wujúdé sanêpå, wangsalan, wulangan, wêwalêr,

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

80

janji utåwå prasêtyå, lan liya-liyané síng duwé suråså utåwå nilai síng adi luhúr (luhúng). Mênåwå dijingglêng ånå wós síng sipat spiritual lan babagan ånå ing alam donya. Ånå síng bisa dicakaké ånå ing ranah pêndidikan, pêmêrintahan lan kêmasyarakatan. Ånå ing ranah pêndhidhikan tinêmu wulangan såkå Suwardi Suryaningrat yåkuwi ‘ing ngarsa sung tulådhå, ing madyå mangún karså, tut wuri handayani'. Sêsanti såkå Ki Hajar Déwantara iki dadi kawêntar ora mung ånå ing pasinaón nanging cócók mênåwå dicakaké ånå ing pêmêrintahan. Pårå pêmimpín pêmêrintahan diprayogakaké biså ngêcakaké kanthi bêcik. Mênåwå lagi ånå ngarêp síng biså mènèhi tulådhå síng bêcik. Mênåwå ånå ing têngahing bêbrayan síng bisa nyurúng lan nggugah sêmangat. Mênåwå kêpênêran lagi ånå mburi síng biså mrêbawani utåwå ndayani síng dipimpín. Ånå ing ranah pêmêrintahan ånå manèh tuturan kanggo pårå pêmimpín síng prêlu duwé watak têgúh ing janji, síng sinêbút ‘bêrbudi båwå laksånå'. Pêmimpín prêlu nêtêpi síng dadi ujaré. Åjå duwé ujar síng banjúr ditêmbungi méncla ménclé, ésúk dhêlé soré témpé, soré dhêlé ésúk témpé. Wós utåwå nilai ånå ing tuturan ‘bêrbudi båwå laksånå' mênåwå ora dicakaké bisa ngrubúhaké kawibawan. Ånå manèh tuturan utåwå wulangan såkå Radèn Mas Panji Sósrókartónó yåkuwi: ‘nglurúg tanpå bålå, sêkti tanpå aji, mênang tanpå ngasóraké, lan sugih tanpå båndhå'. Mênåwå ditaliti tuturan kasêbút bisa dadi landhêsan ånå ing politik utåwå ayahan diplomasi. Ånå ing ranah politik, sêsanti mênang tanpå ngasóraké biså ditêmbungi nganggo basa manca, yakuwi ‘win-win solution'. Båpå Soêtomo WE ugå mêthík wulangan såkå Sêrat Wêdhåtåmå anggitané Sri Mangkunagårå IV yåkuwi ‘ilmu iku kalakóné kanthi laku/ lêkasé lawan kas/ têgêsé kas nyantósani/ satyå budyå pangêkêsé dúr angkårå//. Ånå wulangan yåkuwi ilmu síng biså dadi pawitan utåwå piranti kanggo mujúdaké gêgayuhan. Kanggo mujúdaké gêgayuhan prêlu laku síng tabêri lan atul. Syair anggitané Sri Mangkunagårå IV duwé pèrspèktif ora múng lahiriyah nanging ugå batiniyah. Lair lan batín dadi babagan síng ora biså dipisahaké. Laku batiniyah síng diwulangaké yåkuwi supåyå biså mbudidaya ngêkês dúr angkårå. Watak dúr angkårå kudu disíngkiri. Têmbungé liyå síng biså ngêndhalèni håwå nêpsu. Síng biså mèpèr håwå nêpsu. Åjå malah ngumbar nêpsu. Ånå ing komisi Kêarifan Lokal ugå diandharaké tulisané Båpå Puji Santoså síng sêsirah ‘Estétika Kasunyatan' ånå ing Sêrat Warisan langgêng karyané R.Sunartó Mêrtówardóyó. Isiné ngênani pêndhidhikan kajiwan síng ngusúng sêmangat bhinéka tunggal ika. Sawijining réfêrènsi kêarifan lokal síng khas Jåwå kanggo nggayúh kaanan kasunyatan munggahé têkan ‘kasunyatan jati'. Sabanjuré Ki Purwadi ngandharaké makalah síng irah-irahané ‘Kêarifan Lokal Båså dan Sastrå Jåwå dalam rangka Kêhidupan Bêrbangsa yang Bêr bhinéka tunggal ika'.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

81

Ånå ing kéné Ki Purwadi miwiti såkå sêjarah kasusastran Jåwå wiwít såkå jaman Mataram kuno nganti têkan politik kabangsan Majapahít. Akèh (bangêt) bab utawa prinsip-prinsip síng didhudhah såkå sêrat-sêrat síng ånå jaman iku. Sêsanti Bhinéka tunggal ika karyané Mpu Tantular dadi artåkåyå kabudayan síng duwèni nilai síng adi luhúr (luhúng) lan ngédab-édabi. Akèh bangêt prinsip lan nilai-nilai ånå ing kabudayan Jåwå síng biså dadi gujêngan utåwå pawitan ngadhêpi alam global. Ayahan dokumèntasi lan invèntarisasi ngênani kêarifan lokal såkå túk Jåwå bisa nyumbang utawa mènèhi kóntribusi tumrap pêradaban donya. Isíh nyambúng karo bab local gènius, Båpå Ayu Sutartó ngandharaké ånå makalah síng asêsirah ‘Kêarifan Lokal, Kêbhinékaan, dan Rékónsiliasi Nasional'. Mandêng omah gêdhé síng diarani Indonésia ora pas manåwå nganggo wawasan tunggal amargå kaanané manékå warnå. Dumadiné Indonésia amarga kaanan síng ora homogin nanging hétêrogin. Têkan wêktu iki Indonésia isih ngadhêpi prêkårå (pêrsoalan) bångså síng ora cilík malah kapårå rumit. Akèhing prêkårå, kónflík, lan pêpénginan arêp misah såkå tlatah Indonésia amargå kurang kónsistên ngêcakaké nilai-nilai síng ånå ing sêsanti bhinéka tunggal ika. Karånå iku anané bhinéka tunggal ika prêlu disyukuri minångkå bêrkah paringané Gusti Allah. Róh bhinéka tunggal ika síng wís ånå wiwít jaman majapahít têkan wêktu saiki iki prêlu diyakini biså dadi dåyå kabudayan síng ngrukunaké lan ngrakêtaké suku-suku bångså ing Indonésia. Bhinéka tunggal ika manút Båpå Ayu Sutartó minangka sawijiníng kêarifan lokal síng migunani, murakabi, lan gêdhé paédahé tumrap bangsa Indonésia. Akèh bangêt kêarifan lokal síng biså didhudhah ånå ing kabudayan Jåwå síng biså didayakaké kanggo kêpêntingan bångså. Masyarakat Jåwå prêlu dadi pêlópór síng biså nyumbang lan ngêcakaké nilai-nilai utåwå kêarifan lokal kanggo kêpêntingan pêrsatuan lan kêsatuan bangsa. Kêarifan Lokal (3) Bhinéka tunggal ika biså dipandêng såkå pirang-pirang bab. Wiwít såkå kanyatan rikålå Mpu Tantular mandêng lan nanggapi kaanan wêktu iku nganti têkan kaanan wêktu iki. Rikålå jaman Mpu Tantular wóng-wóng síng ngrungkêbi ‘agåmå' Siwa lan Buda pådå uríp bêbarêngan, guyúb rukún, samad sinamadan, malah ånå síng pådhå bêbésanan. Ånå ing sêsrawungan tinêmu kaanan síng bisa dikandhakaké nyawiji pådå mangún brayan síng laras. Anggóné pådhå ngibadah linambaran ‘agåmå' Siwa lan Buda tinêmu apík ora ånå cêcongkrahan. Wêwatón kaanan iku banjúr laír sêsanti ‘Bhinéka tunggal ika tan hånå darma mangrwa'. Sêsanti bhinéka tunggal ika sadurúngé kamardikan dijingglêng déníng Búng Karnó. Kaanan sanyatané (das sèin) ånå ing bumi Nuswantårå tinêmu bhinéka utåwå warnåwarnå. Sabanjúré kaanan Ika (nyawiji, manunggal) déníng Búng Karnó ditêmbungi

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

82

utåwå dipandêng minångkå das sóllen, utåwå kaanan síng arêp diwujúdaké. Sawijiníng kaanan síng éndah síng arêp dijångkå, yaiku pêrsatuan lan kêsatuan bangså. Karånå iku, Búng Karnó lan pårå parågå síng arêp ngêdêgaké kamardikan banjúr mapanaké bhinéka tunggal ika nyawiji karo lambang nêgårå rupå manúk Garudhå. Bhinéka tunggal ika dadi têngêr utåwå lambang síng têbané nêmbús jaman têkan jaman global wêktu iki. Kaanan multi ètnic tinêmu ånå ing donyå wêktu iki. Sabanjuré kaanan síng sinêbut multi kulturalismê biså diarani trêp utåwå jumbúh karo sêsanti bhinéka. Sawijiníng kaanan síng tinêmu bédå-bédå síng banjúr nglairaké budåyå síng bédå-bédå. Sabanjuré supåyå bisa mujúdaké kaanan nyawiji utåwå manunggal prayogå nyêcêp wulangané Mpu Tantular. Tantular-ismê déníng Ir Suyamtó didhudhah amargå duwèni nilai-nilai (values) síng sipaté univêrsal. Karana iku, spirit utåwå sêmangat bhinéka tunggal ika mujúdaké kêarifan lokal (local gènius) síng laír ånå ing bumi Jåwå karyané Mpu Tantular. Spirit bhinéka tunggal ika ugå bisa dadi landhêsan utåwå pancadan tumrap ayahan pêmêrintahan lan pêmbangunan. Mênåwå kaanané bédå-bédå luwíh trêp mênåwå nganggo stratêgi síng bédå-bédå. Sabanjuré kanggo mujúdaké kaanan supåyå ‘pêrsatuan lan kêsatuan' bångså biså diwujúdaké prêlu landhêsan sêsanti utåwå sêmangat ‘tunggal ika'. Mênåwå bab iki dicakaké ånå ing pêmêrintahan, prinsip otonomi síng arêp diwujúdaké kudu kawêngku ånå ing sajroníng nagårå síng nyawiji utåwå manunggal. Bhinéka ora bisa dipisahaké karo tunggal ika. Tunggal ika ora biså ninggalaké kaanan síng bhinéka. Pêmandêng utåwå wawasan síng sipat bhinéka kudu diimbangi karo pêmandêng utåwå wawasan kê-tunggal-ika-an. Ånå pérangan kawicaksanan síng kudu sêragam. Nangíng ugå prêlu garis kawicaksanan síng bédå síng kudu dicakaké ånå tlatah síng ciriné bédå-bédå. Ånå ing babagan ndayakaké båså lan sastrå Jåwå, sêsanti lan sêmangat bhinéka tunggal ika prêlu ditêngênaké. Ngênani bab iki, Ibu Kisyani Laksónó njlèntrèhaké ånå ing makalahé síng sêsirah ‘Pêngêmbangan Bahasa dan Sastra Jawa Dalam Pèrspèktif Kêbhinékatunggalikaan'. Akèh bangêt andharané síng nyambúngaké båså lan sastrå Jåwå karo filsafat panguripan. Têmbang Jåwå duwèni wós lan filosofi ånå ing siklus panguripané wóng Jåwå, yakuwi ånå ing têmbang-têmbang: Mijíl, Maskumambang, Sinóm, Asmaradånå, Kinanthi, DHandhanggulå, Gambúh, Dúrmå, Pangkúr, Mêgatrúh lan Púcúng. Siklus panguripan wiwít laír tumêka ing pati digambaraké ånå têmbang-têmbang kasêbút. Kaanan råså-pangråså, kaéndahan, émosi lan èksprèsi, watak utåwå karaktêr dilambangi ånå ing têmbang-têmbang mau. Ndhudhah wulangan lan kêarifan lokal síng ånå ing têmbang Jåwå tinêmu akèh bangêt. Akèh bangêt wulangan Jåwå síng biså nuntún supåyå tumindak síng bêcík, utåmå, arif lan wicaksånå. Kêarifan lokal ånå ing têmbang-têmbang Jawa prêlu di-invêntarisasi, dipilah lan dipilih supåyå dadi gujêngan kanggo ngadhêpi kaanan. Wulangan båså Jåwå prêlu ditåtå lan disêmpúrnakaké wiwít tataran SD, SMP, SMA/SMK/MA supåyå potènsi kêarifan lokal síng ånå ing båså lan sastrå Jåwå

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

83

dingêrtèni ånå ing pamulangan sêkolahan. Ibu Kisyani Laksónó ugå njlèntrèhaké papan lan dunungé båså Jåwå lan båså Indonésia minångkå båså nasional. Båså Indonésia prêlu dingêrtèni minångkå båså síng biså nyawijèkaké bêbrayan utåwå masyarakat síng tinêmu bédå-bédå kaanané. Ånå ing swasånå síng rêsmi kênêgaraan prêlu nganggo båså Indonésia. Nangíng ånå ing swasånå síng ora rêsmi biså waé migunakaké båså Jåwå utåwå båsåbåså daérah liyané. Lumakuné båså-båså ånå ing Indonésia prêlu dipandêng wêwatón papan lan kaanan. Båså Jåwå lan båså dhaérah liyané prêlu dipapanaké ånå tataran kawicaksanan síng pådhå. Åjå êmban cindhé êmban siladan. Åjå múng nêngênaké båså Indonésia lan nglalèkaké utåwå minggíraké båså Jåwå lan båså Dhaérah liyané. Båpå Arif Budi Wuriantó ugå ngandharaké ånå makalahé síng sêsirah Pêngêmbangan Potènsi Lokal Sêbagai dasar Modèl Pêmbêlajaran Multikultural Bahasa dan Sastra Jawa Pada Jênjang Pêndidikan Dasar. Kêarifan lokal síng ånå ing båså lan sastrå Jåwå duwèni kêkuatan sosial síng gêdhé bangêt. Kabèh mau nyambúng karo potènsi budaya Jåwå síng prêlu diwulangaké ånå sêkolahan supåyå dadi póndasi watak síng kukúh kanggo ngadhêpi kaanan síng bédå-bédå. Multikulturalismê prêlu dingêrtèni wiwit tataran sêkolah dasar supåyå mêngkoné muríd-muríd pådhå nyêcêp bab wawasan multikulutral, spirit utåwå sêmangat bhinéka tunggal ika. Ånå sambungé karo bab iku, wawasan bhinéka tunggal ika prêlu ditêngênaké amargå ånå ing tlatah Jåwå waé tinêmu varian-varian båså Jåwå síng ora pådhå. Ånå båså Banyumasan utåwå panginyóngan, ånå båså Têgal, båså pêsisiran (kulón lan wétan), båså Surakarta, Ngayogyakarta, Suróbóyó, Mêdurå, båså Usíng, lan liyaliyané. Karånå iku, ayahan lan program kanggo ndayakaké båså Jåwå prêlu landhêsan utåwå lambaran anané varian-varian båså kasêbút. Kêarifan Lokal (4) Kêarifan lokal ånå síng nêgêsi ‘dåyå kêkuatan' kanggo nanggapi kaanan åpå waé síng lagi lumaku síng sipat pribadhi, utåwå kaanan masyarakat. Têbané bisa sipat mikro utåwå makro supåyå biså mujudaké kaanan síng apík ånå tataran lokal, régional, lan nasional. Ngênani bab iki, Soêtrisman ånå ing KBJ njlèntrèhaké makalahé síng sêsirah ‘Kêarifan Lokal yang Mêngusung Sêmangat Bhinéka tunggal ika'. Wêwatón sêjarah akèh bangêt kêarifan lokal síng biså didhudhah. Sêjarah kabudayaan síng lumaku ånå ing Indonésia dadi sumbêr kêarifan lokal. Cacahé akèh bangêt síng biså dadi landhêsan kanggo ngadhêpi kaanan síng rupå åpå waé. Ndhudhah kêarifan lokal ånå ing Jawa Têngah, Dinas Pêndidikan dan Kêbudayaan wis tau nindakaké ayahan invêntarisasi lumantar proyèk IDKD (Invêntarisasi dan Dokumèntasi Kêbudayaan Daérah). Måcå lan jingglêng lapóran ngênani proyèk iki akèh kêarifan lokal síng wis kasíl diinvêntarisasi.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

84

Kêarifan lokal akèh tinêmu ånå ing tradisi, critå rakyat, sistêm gótóng róyóng, adat istiadat, ungkapan tradisional ngênani sila-sila ana ing Pancasila, unèn-unèn, pêpiridan lan liya-liyané. Ngênani kêarifan lokal, Arif Budi Wuriantó ugå njlèntrèhaké bab ‘Pêngêmbangan Potènsi Lokal Sêbagai Dasar Modèl Pêmbêlajaran Multi Kultural Bahasa dan Sastra Jawa'. Ugå dikandhakaké ånå makalahé manåwå kêarifan lokal akèh tinêmu ånå ing tradisi lokal, båså lan sastrå, sistêm kêpêrcayaan, norma, nilai, pêrilaku, lan tradhisi-tradhisi budåyå síng lumaku. Potènsi lokal síng ånå prêlu didhudhah, dipilah lan dipilíh kanggo bahan ajar ånå ing prosès pêmbêlajaran síng sipaté multi kultural. Potènsi síng ånå ing båså, sastrå, lan budåyå prêlu didayakaké kanggo mbangún kêtahanan budåyå ngadhêpi jaman global. Sabanjuré mêthík såkå wawasané pakar Donny GahraL Adian, ånå ing ranah biorégional tinêmu basic values síng biså dadi modhal sosial kanggo mujúdaké lêstariné budåyå. Potènsi utåwå kêarifan lokal síng warnå-warnå wujudé prêlu dipandêng nganggo wawasan nasional. Wawasan lokal prêlu diganêpi nganggo wawasan nasional, amargå siji-sijiné ora biså dipisahaké. Kêarifan lokal síng ånå mujúdaké idèntitas utåwå jatidhiri budåyå bångså síng bhinéka. Sabanjuré amargå kêarifan lokal mau duwèni nilai-nilai filosofis síng sipaté univêrsal mulå biså dadi dåyå kêkuatan kanggo ngadhêpi globalisasi. Têmbungé nganggo båså måncå síng populèr yåkuwi ‘act locally, think globally'. Jumangkah (wêwatón) kaanan lokal nangíng mikír utåwå mandêng alam global. Bab kêarifan lokal pancèn ndudút ati amargå ora múng pakar såkå bumi Nuswantårå nanging akèh bangêt pakar såkå manca nagårå síng nyinau bab kêarifan lokal. Kabèh mau wêwatón kaanan síng såyå maju lan kêpårå cêpêt lakuné. Akèh bangêt andharané Jóhn Naisbit ånå ing bukuné ‘Global Paradox'. Dikandhakaké manåwå kaanan ånå ing donyå wêktu iki ora ånå síng pådhå (homogin) nangíng malah hétêrogin. Sipat multi ètnik lan multi kultural tinêmu akèh ånå ing sabên nagårå. Ngadhêpi globalisasi kaanan síng manéka warnå biså diarani wis dadi kanyatan síng ora biså diilangi. Karånå iku sêsanti ‘act locally think globally' dadi paradigma anyar síng biså dadi gujêngan kanggo nanggapi owah-owahan jaman. Isíh nyambúng karo kêarifan lokal, sadurungé KBJ digêlar, Déwan Risêt Daérah, ngadani diskusi síng têmané ‘Sumbangan Kêarifan Lokal Jawa untúk Kêséhatan Mèntal Pasca Bêncana Alam'. Síng rådå ndudút ati andharané Ibu Endang Ekówarni, profésór dóktór psikologi såkå Univêrsitas Gadjah Mada. Bu Endang ngandharaké bab Kêarifan Lokal Jåwå síng magêpókan karo kaanan sawisé bancånå lindhu nêmah tlatah Bantúl lan Klatèn. Kaanan kajiwan síng nêmah tlatah mau digambaraké: gêtêr, susah, bingúng, têmlawúng, was, samar, judhêg, sumpêg, lan kêkês. Sawijiníng kaanan masyarakat síng nggrantês lan nyêdhihaké. Kajåbå såkå iku ugå digambaraké anané patrap síng: ikhlas, sabar, pasrah, sumarah, mupús, lan ånå sapérangan síng nglokro. Sawisé iku tumuli ånå krêntêg: obah, polah, rukún, guyúb, lan banjúr saiyêg saékå pråyå ngadhêpi kaanan. Ngadhêpi kaanan síng nêmah mau ånå motivasi utåwå krêntêg síng rupå kêarifan lokal Jåwå, síng têmbungé:

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

85

(1) ‘sanadyan pasrah lan sumarah níng yå kudu obah lan polah'; (2) ‘kawóntênan kêdah dipún tampi amargi sadåyå nglampahi mbótên miyambaki'. Dijlèntrèhakên déning Bu Endang, manåwå akèh kêarifan lokal Jåwå síng biså nuntún kanggo ngadhêpi kaanan. Kêarifan lokal síng rupa spiritualitas Jåwå nduwèni dåyå kêkuwatan síng ngédab-édabi. Dåyå kêkuwatané kasurúng déning råså, lan suråså supåyå tansah éling marang Gusti Ingkang Måhå Kawåså. Kabèh prêlu ngèlingi manåwå mobah mosiking alam kawêngku déníng panguwasaning Gusti Ingkang Murbèng Jagad. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

33. Sumbangan Båså lan Budåyå Jåwå Tumrap Manajêmên Durung suwé iki ånå ing Sêmarang diadani sarasèhan síng ngrêmbug babagan sumbangan Jåwå tumrap Manajêmên. Åpå ånå sumbangan båså lan budåyå Jåwå tumrap manajêmên, síng wêktu iki kêpårå maju nututi majuníng jaman modèrn. Prayogå mênåwå digolèki lan dijingglêngi. Ånå ing sarasèhan mau aku miwiti såkå andharan bab ‘Wóng Jåwå, Budåyå Jåwå lan Jagad Jåwå'. Têbané jêmbar bangêt, amarga ‘wóng Jåwå' wêktu iki ora múng síng ånå ing pulo Jåwå. Wóng Jåwå wís tambah, mrambah lan mratah ånå êndi-êndi; kalêbu ånå ing bumi Surinamê iki. Wóng Jåwå ora biså pisah karo sêjarahé wiwít jaman kunó têkan saiki. Prof Dr Koêntjåråningrat[1] ånå ing bukuné Kêbudayaan Jåwå ngrujúk tulisané Th Pigêaud, BJ Schrieke lan WF Wertheim njlèntrèhaké bab anané unsúr budåyå Jåwå, yåkuwi: båså, sistêm tèknologi, sistêm ékonomi, organisasi sosial, sistêm réligi lan sêni budåyå. Kêjåbå iku ugå di andharaké anané ‘variasi régional' utåwå ‘sub kultur' ing pulo Jåwå, yakuwi: Bantên, Sundå, Pêsisír Kulón, Banyumasan, Bagêlên, Nêgari Gúng (Surakarta lan Ngayogyakarta), Pêsisír Wétan, Mancånagari, Mêdurå lan Sabrang Wétan. Karånå iku Budåyå Jåwå têbané jêmbar lan jêro bangêt, upåmå sumúr mênåwå ditimba banyuné ora bakal asat. Gêgandhèngan karo babagan iku ånå pitakónan síng pêrlu digatèkaké : ‘åpå ånå sumbangan båså lan budåyå Jåwå tumrap manajêmên' ?. Wóng Jawa lan Budaya Jawa åpå wís malêbu ‘forum' global? Globalisasi pêrlu ditêgêsi minångkå kaanan síng kêdadèn sawisé bångså-bångså ing donya iki pådhå sêsambungan ing babagan sosial, ékonomi lan politik. Dr Sri Hastanto[2] ånå ing tulisané ngandhakaké yèn ngungak sêjarah Jåwå, ukiran ing candi Bóróbudúr ånå síng tinêmu ing Madagaskar. Pujånggå Jåwå anggóné nulís crita Panji Inu Kêrtapati ugå tinêmu ing Thailand lan Cambodia, kanthi sêbutan Ino. Kakawín Ramayana lan Mahabarata såkå India malêbu
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

86

ing tanah Jåwå; kabudayan Cina uga malêbu ing bumi Jåwå lan sapituruté. Malah kêpårå akèh tulisan utåwå buku síng ditulís déníng sarjana mancånagårå ngênani bab sastrå lan budåyå Jåwå. JHC Kêrn lan WH Rassers [3] akèh naliti bab båså Sanskêrta, båså Kawi lan kabudayan ‘Timúr', yakuwi : Kawi Studien, de Panji Roman, The Cultural Hero, A Structural Study of Religion in Java, lan liyå-liyané. Ånå ing buku ‘Sastrå Jåwå'[4] akèh bangêt ngêmót akèhíng sarjana måncå síng nulís lan naliti bab wóng Jåwå lan budåyå Jåwå. PJ Zoetmulder ugå nulís buku síng misuwúr antarané yakuwi ‘Kalangwan' lan kamus ‘Old Javanese English Dictionary'. JJ Rass ngênani sastrå jåwå ånå ing bukuné ‘ Maatschappij en Letterkunde op Java', GWJ Drews ånå ing ‘The Roman of king Anglingdarmo', JFC Gericke lan T Roorda ånå ing ‘Het Oud Javaansch-Nederlandsch Woordenboek', JMW Bakker ånå ing buku ‘ Ahama Asli Indonésia, Niels Mulder ånå buku ‘Kêbatinan dan Cara Hidup Orang Jawa', Frans Magnis Susénó nganani ‘Étika Jawa', Denys Lombard ånå ing buku ‘Nusa Jawa: Silang Budaya'. M Clara van Groênêdael ånå ing buku ‘Dalang di Balík Wayang' lan isíh akèh bangêt manèh tulisan utawa buku ngênani budåyå Jåwå. Kumpulan layang pårå Ratu marang para sakhabaté ana ing måncånagårå síng sinêbut ‘Thê Goldên Lettêrs', lan kumpulan layang-layangé Ibu Kartini ånå ing buku ‘Habis Gêlap Têrbitlah Têrang', biså dadi tåndhå mênåwå Wóng Jåwå lan Budåyå Jåwå wís malêbu ing forum global. Sumbangan Båså lan Budåyå Jåwå tumrap Manajêmên Manajêmên wêktu iki kêpårå maju ora múng mligi bab prosèsé wiwít såkå ‘pêrêncanaan, pêngorganisasian, pêlaksanaan lan pêngawasan', nangíng wís malêbu ånå ing tataran utåwå ranah pêmêrintahan lan pêmbangunan wilayah/ daérah. Orièntasiné ora múng ‘one sided' nanging wis ‘multiple sided' gumantúng karo cakcakané. Ngadhêpi kaanan utåwå jaman síng maju, sumbangan ing babagan ilmu pêngêtahuan lan tèknologi tumrap manajamên akèh bangêt. Piranti studi síng rupå analisis wís akèh bangêt, yåkuwi analisis : ‘short term, long term, lingstra, telstra, MIS, decision making process' lan liyå-liyané, dadi piranti síng pênting tumrap manajêmên. Karånå iku åpå ånå sumbangan båså lan budåyå Jåwå tumrap manajêmên ?. DR RMA Sudi Yatmana [5] milah bab-bab síng ånå sambúng rakêté karo båså lan sastrå, yåkuwi : aksårå Jåwå, babad, riwayat, carita gancaran, caritå cêkak, caritå ginurít, salokå, novèl, ésèi, naskah-naskah, manuskrip, primbón, wêjangan, andharan, pitutur, pêpali, sulúk, kidungan, têmbang lan liya-liyané. Ånå ing båså lan sastrå Jåwå akèh ‘ngèlmu' síng biså disinau, yåkuwi : filsafat Jåwå, étika Jåwå, kêbatinan, kêjawèn, kawaskithan, kalantipan, kajiwan, kanuragan, gunå kasantikan, pawukón, pétúng, palintangan, ramalan, jångkå, pralambang, ngèlmu wêwangunan (arsitèktúr) lan liyå-liyané isíh akèh bangêt. Wulangan Jawa síng ånå ing Tradisi [6], adat istiadat, upåcårå (ritus, ritual), pêwayangan lan pêdhalangan (sêni widya, sêni riptå, sêni sastrå, sêni pèntas), têtêmbungan utåwå ‘ungkapan tradisional' lan liya-liyané bisa dadi sumbêr kanggo njingglêngi sumbangan Jåwå tumrap manajêmên. Sêpisan,

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

87

nilai-nilai filsafati síng ånå ing sêsanti ‘mamayu hayuning bawånå', síng mbanjúr tambah dadi ‘mamayu hayuning nuså bångså, mamayu hayuníng sasåmå'. Wêwatón sêsanti iku ånå wulangan Jawa supåyå pådå ‘sadar kósmís', biså njågå, ngapikaké, nglêstarèkaké lingkungan (echo systêm). Ånå ing manajêmên pêmbangunan sinêbut pêmbangunan síng lumaku lêstari utåwå ‘langgêng' (sustainable development). Kapindho, ånå ing pêwayangan lan pêdhalangan akèh bangêt wulangan síng biså disumbangaké tumrap manajêmên . Wêwatón crita Ramayana ånå prinsip síng sinêbut ‘Astha Brata', wulangan cacah wólu supåyå bisa duwé watak hambêging : ‘kismå, tirtå, samirånå, samodrå, cåndrå, baskårå, dahånå lan kartikå'. Yåkuwi watak-watak: trêsnå, lomå, asíh, susilå anorågå, adíl, sabar, momór lan momót, madhangi, mratani lan bêngkas angkårå amúrkå. Watak Ratu ugå sinêbut ånå ing pocapan dalang : ...‘déné utamané Nata bêrbudi bawa laksana'. Ratu utawa pêmimpín kudu ngugêmi lan mêmundhi sumpah, janji, prasêtyå, prinsip lan paugêran, têmbungé liya : ‘Sabdå Pandhita Ratu tan kênå wolawali'. Ratu utawa pêmimpín kudu njaga ilaté : åjå méncla-ménclé, åjå ésúk dhêlé soré témpé. Katêlu, nilai-nilai síng ånå ing kakawin, naskah-naskah, sêrat-sêrat, manuskríp Jåwå pêrlu digolèki, tuladhané yåkuwi sêsanti ‘Åjå Dumèh' , lamún sirå nduwèni panguwåså åjå ‘kumawåså', lamún sirå duwé wêwênang åjå ‘sêwênang-wênang'. Nilai-nilai síng ånå sêsanti ‘Åjå Dumèh' gayút bangêt karo watak-watak lan kharaktêr pêmimpín síng prayogå ‘andhap asor, lêmbah manah lan nguwóngaké wóng'. Sri Mangkunagara IV [7] nulís ånå piwulang tumrap pårå nayåkå pråjå lan punggawa ånå ing têmbang Dhandhanggulå ‘Wêrdiníngkang warsitå jinarwi, wrúh ing khukúm iku watakirå, adóh marang kanisthané, pamicårå punikå, wèh rêsêpé ingkang miyarså, tåtåkråmå punikå, ngêdóhkên panyêndhu, kagunan iku kinaryå, ngupå boga déné kêlakuan bêcík, wèh rahayuníng rågå'. Ånå manèh wulangan såkå Sri Mangkunagårå I yakuwi Tri Darmå : ‘rumångså mèlu handarbèni, wajíb mèlu hangrungkêbi, mulat sarirå hangråså wani'. Kêjåbå såkå iku, Mabês TNI ugå nêtêpaké 11 (sêwêlas) asas kêpêmimpinan TNI síng dijupúk såkå båså lan sastrå Jåwå, yakuwi : ‘Takwa, Ing Ngarså súng Tulådhå, Ing Madyå Mangún Karså, Tút Wuri Handayani, Waspådå Purbå Waséså, Ambêg Parama Årtå, Prasåjå, Satyå, Gêmi Nastiti, Bêlåkå lan Lêgåwå'. Ånå manèh wulangan Jåwå síng pas bangêt mênåwå dicakakê ånå pêmêrintahan yåkuwi nilai-nilai síng ånå têmbúng ‘njågå pråjå'. Konsèp njågå pråjå ora múng nåtå babagan pêmêrintahan, njågå katêtêntrêman, gawé Undang-undang lan liya-liyané, nanging wís malêbu ånå ing tataran njågå kawibawan, watak harkat lan martabat pårå nayåkå pråjå lan punggåwå. Prajané lêmbaga èksêkutif kudu dijågå, prajané lêgislatif lan yudikatif ugå kudu dijågå. Drs RMP Sósrókartónó [8] mènèhi wulangan, yåkuwi nilai-nilai síng ånå ing sêsanti : (1) ‘nglurúg tanpå bålå, mênang tanpå ngasóraké, digdåyå tanpå aji, sugíh tanpå båndhå' (2) anglurúg tanpå bålå, tanpå gaman, ambêdhah tanpå pêrang, tanpå pêdhang, mênang tanpå mêjahi, tanpå nyakiti, wênang tanpå ngrusak ayu, tan ngrusak adíl, yèn

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

88

unggúl, sujúd bêkti marang sêsami'. (3) lêladi Sasaminíng Dumadi, Mamayu Hayuníng Sasaminíng Umat, Mamayu hayuníng Jagad, Ngawula Dhatêng Kawulaníng Gusti, Mamayu hayuníng Uríp'. Ånå ing babagan manajêmên politik síng kalêbu angèl lan rumit, ånå têtêmbungan síng pêrlu digatèkaké, yåkuwi : ‘kriwikan dadi grojogan, dhandhang diunèkaké kóntúl, kóntúl diúnèkaké dhandhang, ésúk dhêlé soré témpé, méncla-ménclé, cidra ing janji, ujaré mbolak mbalík mbulêt, njåbå putíh njêro irêng, mélík géndhóng lali, ånå dóm sumurúp ing banyu, nabók nyilíh tangan, mbidhúng apirowang', lan liya-liyané. Sabanjuré ånå ugå têtêmbungan síng prayogå di ngrêtèni lan dirasakaké, yåkuwi : ‘sêpi ing pamríh ramé ing gawé', ‘gótóng róyóng holopís kóntúl barís', ‘åjå rumångså biså, bisåå rumångså', ‘tan mélík tan nampík', ‘manêmbah, manunggal, makarti, makåryå, mandhirêng', ‘têpå sarirå mulat sarirå, élíng prêcåyå, trêsnå, têmên, adíl, budi luhúr, ‘rukún agawé santoså, crah agawé bubrah', lan liya-liyané. Kapat, tradisi slamêtan utåwå wilujêngan tumrap wóng Jåwå bisa dadi wulangan. Sadurungé miwiti pakaryan dianani slamêtan kanthi lambaran panyuwunan supåyå kabèh ayahan wiwít purwå, madyå, wasånå tinêmu slamêt, hayu, rahayu niskålå. Sawisé kabèh rampúng diadani syukuran síng ujubé ngaturaké panuwún marang Gusti Allah Síng Måhå Kuwåså. Wulangan Jåwå tumrap pêrêncanaan tinêmu ana ing ‘tanggap ka', yakuwi wulangan supaya aja : ‘kêdhuwurên, kêdawan, kêgêdhèn êmpyak kurang cagak, kakèhên, kêbangêtên, kabablasên' lan liya-liyané. Ånå manèh wulangan ånå ing têtêmbungan: ‘kêsusu sêlak åpå', ‘kêsuwèn ngêntèni åpå', ‘alón-alón ning kêlakón', síng rikat ning åjå kêbat kliwat', ‘síng gêmi nastiti ngati-ati', ‘åjå mindho gawèni', ‘síng rigên mugên lan têgên', ‘síng titi, rúkti rumanti', lan liyåliyané. Drs Darmantó Jatman SU [9] ugå ngandharaké bab nilai-nilai budåyå Jåwå síng gayút karo pêngawasan, yåkuwi prêluné ‘mawas diri' síng inik Jåwå minångkå prosès njingglêngi ‘diri pribadi' (self control, self assesmênt), lan anané nilai utåwå konsèp : ‘nuturi, ngandhani, ngélikaké', ‘élik-élik, alók-alók, èlèk-èlèk', ‘ngono ya ngono ning ya åjå ngono' lan liya-liyané. Drs Sutadi [10] ugå njlèntrèhaké bab pêngawasan cårå Jåwå, nganggo cara laku ‘namúr kawulå', utawa ngirím parågå síng dadi ‘têlik sandi', kanggo ngrêtèni kaanan síng sanyatané. Konsèp jåwå síng gayút karo pêngawasan, yakuwi : ‘Déså måwå Cårå, Nêgårå måwå Tåtå', Síng Såpå salah Sèlèh', Mênåwå Kasinungan Panguwåså åjå Kumawåså, Jêjêg jujúr iku jêjêring Manungså' , lan liya-liyané. Nilai-nilai étík lan moral síng migunani lan gayút karo pêngawasan uga tinêmu ånå ing : ‘prasêtyå, janji, ikrar, sumpah, pêpali, wêwalêr' lan liya-liyané. Båså lan Budåyå Jåwå akèh síng biså disinau, dijingglêngi lan ditêliti supåyå biså disumbangaké tumrap manajêmên. Kêmajuan babagan ilmu pêngêtahuan lan tèknologi prêlu disinau lan dicakaké tumrap manajêmên, supaya luwíh cêpêt, rancag, têpat lan akurat.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

89

Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah
[1] Koentjaraningrat, Prof Dr, Kebudayaan Jawa, PN Balai Pustaka, 1984 [2] Sri Hastanto, Dr, Peran Seni Budaya dalam Kehidupan Global, makalah, 2005 [3] JHC Kern,and Rassers, Ciwa dan Budha, Jambatan, 1982 [4] Pusat Bahasa, Sastra Jawa, Suatu Tinjauan Umum, Balai Pustaka, 2001 [5] Sutadi, Drs H lan RMA Sudi Yatmana, DR, Blencong 45, Aneka Ilmu, 2005 [6] Hardjono, Prof Mr, Tradisi Sosial, Fakultas Sosial Politik, UGM, 1965 [7] Karkana, Karangan Pilihan KGPAA Mangkunagara IV, Yayasan Centhini, 1992 [8] Sosrokartono, Drs RMP, Kumpulan Renungan Rebo Pahing, 1977 [9] Darmanto Jatman, Drs SU, Pengawasan Cara Jawa, makalah, 2004 [10] Sutadi, Drs, Pengawasan Menurut Budaya Jawa, makalah, 2004

34. Aksårå Jåwå Prêlu Malêbu Alam Global Carakan utawå aksårå Jåwå akèh tinêmu ånå ing Suråkartå lan Ngayogyåkartå. Aksårå Jåwå ngrênggani jênêng bangsal ånå ing Karatón, jênêng gêdhóng, jênêng ruwangan, jênêng pasar, jênêng dalan, têtêngêr, hastånå, gapurå, sêsanti, lan liyå-liyané. Ånå síng disandhingi karo aksårå latín, nangíng ånå ugå síng ora digandhèngi nganggo aksårå latín. Wujúd lan cakriké wêrnå-wêrnå yåkuwi: kandêl-tipisé, jêjêg-dhóyóngé, gêdhé-ciliké, pêsagi-bundêré, lêmu utåwå kuruné. Malah ånå kaligrafi aksårå Jåwå ånå ing gambar Sêmar, Tógóg, busånå bathík lan liyå-liyané. Buku-buku síng ditulís nganggo aksårå Jåwå ugå akèh tinêmu ånå ing muséúmmuséúm, kapustakan Karatón, Kapústakan Nasional, Arsip Nasional, lan ånå ing jagad pamulangan síng nggilut båså lan sastrå Jawa. Kajåbå såkå iku ugå tinêmu ånå ing kapústakan Univêrsitas ing måncånagårå síng cacahé akèh bangêt. Kabèh mau mujúdaké ’artå kåyå’ ing babagan båså, sastrå, lan budåyå Jåwå síng isíh ånå. Aksårå Jåwå dadi lambang jatidhiriné wóng Jåwå síng prêlu dipandêng, diuri-uri lan dilêstarèkaké. Wêwatón sujarah síng ånå, aksårå Jåwå wús lumaku pirang-pirang abad kawiwitan såkå aksårå síng digunakaké ånå ing båså Jåwå Kunå, båså Kawi, båså Têngahan, lan Jåwå Anyar. Anané évolusi aksårå Jåwå kadayan såkå sastrå síng wús kawuri, yåkuwi sastrå Hindhu. Nganti wêktu iki, ånå pérangan síng isíh digunakaké yaiku aksårå ’múrdå’ síng mula bukané saka aksara Mahaprana síng pocapané nganggo abab síng mantêb. Karånå iku, måntrå síng túk-é såkå agåmå Hindhu ugå ndayani aksårå Jåwå síng digunakaké. Évolusi aksårå Jåwå ora mandhêg nangíng têrús lumaku jumbúh karo obahíng jaman. Ånå pêrangan síng lêstari, nangíng ugå ånå pérangan síng ngalami owah-owahan ing babagan cakrik, ukêlan, lan céngkók síng wujudé kåyå aksårå Jåwå wêktu iki. Manåwå dijingglêng, aksårå Jåwå duwèni pamór síng éndah lan mrêbawani. Wêwatón buku Sêrat Sastrå Harjéndrå, aksårå Jåwå nduwèni filsafat síng biså nuntún

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

90

marang kawiryan lan kaluhuran. Aksårå Jåwå wêktu iki kênå diarani isíh lêstari nangíng akèh kawulå mudhå síng wús nyingkúr lan nglalèkaké. Akèh síng pådhå ’wutå aksårå Jåwå’ amargå wêdi nyinau aksårå Jåwå síng rumit lan angèl. Ånå pêpalang síng nggubêl aksårå Jåwå ånå satêngah-ing jaman síng sangsaya maju. Karana iku banjúr ånå tékad lan rékadåyå supaya aksårå Jåwå têtêp lêstari. Aksårå Jåwå prêlu nút ing jaman kalakóné, nút ing papan kadadéyané, lan nút ing båwå wêdharané. Aksårå Jåwå prêlu malêbu alam global jumbúh karo putusan Kongrès Båså Jåwå IV Taún 2006. Nganti wêktu iki wús ngrêmbåkå anané situs utåwå wèb site ngênani hå nå cå rå kå. Ayahan komputêrisasi aksårå Jåwå uga diadani déníng pårå nimpuna utåwå pakar ing babagan tèknologi infórmasi. Bêbarêngan karo kêmajuwan jaman síng pilaré tèknologi infórmasi, aksårå Jåwå prêlu di-révitalisasi utåwå didayakaké ånå ing bêbrayan global. Parêpatan lan sarasèhan ing babagan iki wús diadani rambah kapíng pitu ånå ing Jåwå Têngah, DIY, Jåwå Timúr, lan Jakarta. Pårå pangarsa bêbadan, paguyuban, pårå nimpunå, lan pårå pakar tèknologi infórmasi síng nggilút susastrå Jåwå wús gumólóng tékadé prêluné aksårå Jåwå nduwèni character sèt ana ing mêsin komputêr. Ayahan stratêgis ngênani babagan iki yaiku prêluné aksårå Jåwå didaftaraké ånå Unicode Consortium lan Unèsco. Pangajabé, supåyå aksårå Jåwå biså madêg jajar karo aksårå-aksårå tradisi-onal donya liyané ing alam global. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

35. Aksårå Jåwå wís Dikómputêrisasi Wóng Jåwå wêktu iki akèh síng nandhang wutå aksårå Jåwå saliyané aksårå latín, Mangkono pangandikané Wakíl Gubêrnúr Jawa Têngah, Båpå Ali Mufis, rikålå nåmpå pårå sutrêsnå båså lan aksårå Jåwå ånå Gubêrnuran minggu kapungkúr. Aksårå Jåwå (AJ) prêlu ditaliti manèh åpå biså didayakaké ånå ing jaman global wêktu iki. Båpå Ali Mufiz uga nandhêsaké prêluné pårå nimpunå utåwå pakar båså Jåwå naliti pigunané AJ ånå ing jaman síng sangsåyå maju iki. Manåwå isíh ånå mupangaté, prêlu didayakaké utåwå di-révitalisasi ånå ing bêbrayan. Kajåbå såkå iku manawa ånå gagasan AJ didaftaraké ånå Unicode Consortium supåyå ngliwati prosêdur síng runtút. Pårå pakar båså Jawa prêlu duwèni pêrsèpsi síng pådhå supåyå mêngkoné lancar lan kasíl. Kaanan ngênani AJ ing dinå Jumat Wagé kapungkúr dadi pirêmbugan pårå sutrêsnå båså lan budåyå Jåwå. Ånå gagasan apík síng diusúlaké. ’Wêwatón asíl panalitèn kulå, sampún wêkdalipún aksårå Jawi dipún révitalisasi’.
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

91

Mangkono pangandikané Båpå Ir Hadi Wåråtåmå MSEc pakar AJ såkå ITB Bandúng. Diandharaké manåwå pikiran utåwå gagasan ndayakaké AJ wís dirêmbúg sadurungé kongrès båså Jåwå taún 2006 kapungkúr. Pårå pakar wís pådhå njingglêng lan ngrêmbug AJ lumantar sarasèhan lan workshop síng diadani rambah kapíng têlu. AJ nganti têkan wêktu iki lumaku ora múng atusan taún nangíng ngalami évolusi éwónan taún. Båpå Hadi Wåråtåmå ugå ngandharaké prêluné AJ malêbu prosès unicoding síng dipandhégani pårå pakar aksårå ing UNESCO-PBB. Gêgandhèngan karo bab iku, pårå sutrêsnå båså Jåwå prêlu njurúng lan jumangkah bêbarêngan supåyå AJ duwèni tataran pådhå karo aksårå-aksårå tradisional liyané ing donyå iki. ’ AJ prêlu nggadhahi charactêr sèt wóntên ing mêsín kómputêr’ mangkono pangajabé Båpå Hadi Wåråtåmå.Rikålå audiènsi karo Wakíl Gubêrnúr ugå dijlèntrèhaké bab kómputêrisasi AJ déníng Ki Dêmang Sókówatèn, pakar kómputêrisasi AJ såkå Jakarta. Ki Dêmang ngêndikakaké manåwå kómputêrisasi AJ síng diasilaké amargå akèhíng kóntribusi utåwå pisumbang såkå pårå sutrêsnå båså lan para pakar tèknologi infórmasi. Kajåbå såkå iku kómputêrisasi AJ sing wís kasil diwujúdaké wêwatón panalitèn ånå ing tlatah Lómbók, Bali, Jawa Timúr, Suråkartå, Ngayogyåkartå, Póndhók Pêsantrèn Góntór, lan liyå-liyané. Sumbêr réfêrènsi síng digunakaké ugå akèh , wiwít Wêwatón Sriwêdari 1926, Ragam Aksårå Jåwå Ngayogyåkartå, Sêrat Sastrå Harjéndrå, lan buku-buku såkå Walåndå. Wêktu iki wis kasíl diwujúdaké cårå ngómputêr aksårå Jåwå síng gampang bangêt. ’Nyêrat aksårå Jawi wóntên kómputêr mênikå gampíl lan ngrêmênakên. Aksaranipún èdi lan éndah. Aksårå Jawi wóntên ing kómputêr badhé kula paringi nami ’fónt Ajisåkå’. Mangkono pangandikané Ki Dêmang Sókówatèn. Ånå ing pirêmbugan minggu kapungkúr, kacathêt akèh bangêt wawasan, usulan, pamrayogå, lan panukartå ngênani Révitalisasi lan Kómputêrisasi AJ. Pårå sutrêsnå båså Jåwå akèh síng duwé pangarêp-arêp supåyå AJ diwåcå, disinau, disênêngi lan ditulís manèh. Malah ånå síng duwé tékat supåyå AJ åjå múng dadi sêsanti lan ditulís ånå ing plangplang jênêng dalan, ånå ing gapurå, gêdhúng-gêdhúng, lan wêwangunan liyané. AJ prêlu malêbu ånå ing alam global. Aksårå Jåwå prêlu malêbu lan ngrêmbåkå ånå ing jaringan intêrnèt. Mugå-mugå bisa kasêmbadan. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

92

36. Båså Jåwå ’Campúrsari’ Wêktu iki ånå prêkårå utåwå probléma sing nggubêl båså Jåwå. Mliginé båså Jåwå síng digunakaké déníng kawulå mudhå. Ånå ing tlatah padésan, båså Jåwå síng digunakaké kênå diarani luwíh bêcík katimbang ing kuthå. Båså Jåwå síng digunakaké kawulå mudhå ånå ing kuthå wís mrihatinaké. Prêkårå síng nggubêl ora múng tinêmu ånå ing ranah kulawårgå nangíng ugå ånå ing bêbrayan utåwå lingkungan masyarakat. Ånå ing jagad pamulangan tinêmu kaanan síng mèh pådhå. Prêkårå síng ånå nglimputi bab-bab síng magêpókan karo guru, kómpêtènsi lan métodê síng dicakaké ånå pamulangan, buku ajar, buku wacan, lan liyå-liyané. Undêraning prêkårå ånå cak-cakan migunakaké ’båså Jåwå’. Båså Jåwå síng digunakaké kênå diarani wís mlórót kualitasé. Têmbúng-têmbúng síng digunakaké campúr-campúr. Cak-cakaníng ukårå ånå síng ngarani kurang trêp. Kadhangkålå, malah ånå síng nyêbal såkå paugêran. Akèh tulådhå síng nguwataké kaanan iki. Ånå ing pirêmbugan tinêmu: ’kålå wau dalu kulå mirsani pêrtandingan sépak bola Chelsea kaliyan Manchester United’. Ånå manèh: ’Bu, kulå siram riyín nggíh. Niki kawulå kêsusu. Bibar siram, têrús tindak kuliah’. Ngadhêpi kaanan iki prêlu ånå síng mrênahaké. Manåwå tinêmu ånå ing kulåwargå, råmå-ibuné prêlu mbênêraké. Saumpåmå tinêmu ånå pamulangan, guru wajíb ngandhani. Guru duwèni kêwajiban mènèhi wulangan êndi síng bênêr lan êndi síng salah. Kaanan liyané tinêmu ånå ing kuthå-kuthå gêdhé. Têmbúng-têmbúng síng digunakaké campúr karo têmbúng Indonésia utåwå têmbúng måncå. Ånå sawijiníng pacêlathón tinêmu: ‘Mas, sésúk aku diingatkan yå. Aku arêp ngêchèk bangunan anyar ånå Sidosari Town House. Ånå manèh conto síng lucu lan ngguyókaké. Pênyiar sawijiníng tivi swasta martakaké: ’awan mau pak... (nyêbút pêjabat kuthå) rainé kétók sumringah. Sawisé ngrêsmèkaké gêdhúng anyar, pak... mbèk bojoné têrús bali lunggúh’. Ånå manèh conto síng tinulis ånå hand phone: ’Pak, niki kulå di-sms Kadinas supåyå niliki cluster-cluster síng dinggo paméran produk unggulan. Kula kónduré dalu. Pún nggèh’. Tinêmu manèh ånå ing pirêmbugan sawisé nóntón wayang pèngêtan dinå Båså Ibu Intêrnasional 21 Fébruari kapungkúr. ’Aku surprised sawisé Si Amar ndhalang. Umuré lagi pitúng taún wís pintêr mayang’. Banjúr ånå síng nambahi: ’Si Amar kuwi dalang cilík, níng duwé próspèk apík. Kêdêpan biså dadi dalang kondhang’. Kaanan nggunakaké têmbúng wêrnå-wêrnå wís dadi fénoména anyar. Biså waé dianggêp anèh, ’nylênèh’, utåwå nyêbal karo paugêran. Nangíng kanyatané pancèn tinêmu mangkono. Kabèh prêlu ditåmpå wêwatón wawasan síng jêmbar lan ati sabar. Mênåwå papané bisa nåmpå yå ora åpå-åpå. Manåwå síng diajak rêmbugan ngrêti lan biså nåmpå yå ora åpå-åpå. Akèh bangêt cathêtan, komêntar, utåwå panyaruwé ngênani bab iki.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

93

Ånå síng sarujúk nangíng ugå ånå síng ora. Alêsan lan landhêsané wêrnå-wêrnå. Ånå síng wêwatón prêluné nggunakaké båså síng bênêr, pênêr, runtút, lan apík. Nangíng ugå ånå síng mènèhi pamrayogå supåyå tolèran. Landhêsan, têtimbangan, lan pawadané wêrnå-wêrnå. Ånå panguripan utåwå bêbrayan síng duwèni sipat dwi bahasa (dwi lingual) utåwå multy lingual lumrah waé manåwå ånå kaanan kasêbút. Båså-basa síng ånå mêsthi duwèni dåyå síng ndayani cak-cakaníng ukårå. Åpå manèh ånå ing alam démokratis wêktu iki, nggunakaké båså Jåwå, campúr inggrís, låndå, arab, mandarín, lan liyå-liyané biså lan sah-sah waé. Nganti têkan wêktu iki, båså Jåwå ’campúrsari’ (?) wís mrambah lan mratah mliginé ånå ing kuthå-kuthå. Båså Jåwå campúrsari wís tinêmu ånå ing ranah kulåwargå, masyarakat, utåwå ånå ing sêkolahan. Nanggapi prêkara utåwå fénoména anyar iki ånå pamrayogå síng biså dadi gujêngan. Bab cak-cakaníng ukårå prêlu mawas papan, panggónan, kaanan, lan wêktu. Nggunakaké båså Jåwå síng bênêr, pênêr, lan apík ora gampang. Mbutúhaké wêktu síng rådå suwé. Kajåbå såkå iku uga mbutúhaké kawicaksanan, rêncana lan stratêgi ånå ing ranah kulåwargå, sêkolahan lan bêbrayan utåwå lingkungan masyarakat. Kabèh prêlu obah lan nggugah supåyå båså Jåwå bali gumrégah. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

37. Kusumaníng Bångså Tanggal 10 Novèmbêr dipuntêtêpakên minångkå Hari Pahlawan. Pèngêtan utawi upåcårå dintên pahlawan dipún wóntêni ing sabên tlatah. Cak-cakanipún warni-warni. Wóntên ingkang arupi upåcårå ing kantór-kantór, sarasèhan, nancêpakên têtêngêr bambu runcíng, rênungan suci, utawi ziarah ing Makam Pahlawan, Sadåyå kålå wau mujúdakên pèngêtan kanggé ngúrmati agêngíng lêlabêtan pahlawan dhumatêng bångså lan nagari. Dumugi wêkdal samangké, cacahipún pahlawan mbótên namúng éwón, nangíng malah yutan ingkang gugúr ing palagan, utawi surút ing alam kalanggêngan. Sédanipún pårå pahlawan mbótên sagêt dipúnpisahakên kaliyan lêlabêtan utawi sujarah pêrjuwangan-ipún. Lêlabêtanipún dipunúrmati utawi dipúnpèngêti ing sabên wêkdal. Kanthi mênikå lajêng dipúnpilíh cårå utawi tåtåcårå kanggé ngèngêt-èngêt utawi ngúrmati pahlawan. Tumrap para punggåwå pangêmbatíng pråjå dipún wóntêni upåcårå, rênungan suci, ziarah utawi nyêkar wóntên makam pahlawan. Kumandhangíng sangkakala ngrênggani swasånå rênungan suci ing makam pahlawan. Pårå sastrawan ugi ngúrmati pahlawan kanthi nganggít puji-pujian, syair, lêlagón utawi himnê ingkang mligi dipún pisungsúng-akên dhatêng pårå pahlawan. Lumantar syair ingkang kasêrat, mujúdakên tåndhå yêkti kanggé ngúrmati miwah
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

94

ngagúngakên asmanipún pårå pahlawan. Kanggé ngurmati pårå kusumaníng bångså kathah sangêt têtêngêr ingkang dipún damêl. Rupinipún warna warni lan kathah ingkang pinanggíh ing sabên tlatah. Inggíh mênikå arupi monumèn, astånå, têtêngêr, cåndrå sangkålå, patúng, dhiorama lan sanès-sanèsipún. Supadós mbótên kêpatèn óbór, wóntên ing pamulangan kathah gambar pahlawan ingkang kapacak wóntên ruang kêlas. Kajawi mênika kanggé mèngêti dintên pahlawan inggíh dipún wóntêni drama ingkang paraganipún ngginakakên simbol-simbol pêrjuwangan. Upaminipún manggúl bambu runcíng, ngagêm pita, brós utawi lêncana ingkang rupinipun abrít pêthak lan sanès-sanèsipún. Buku-buku ngèngingi pêrjuwangan pårå pahlawan ugi dipúncêtak supadós dadós waósan ingkang sagêt nêdahakên lan ngèngêt jiwå lan sêmangat pahlawan, mliginipun dhatêng pårå siswa ing pamulangan. Bêbadan éksêkutif lan législatif inggíh wóntên ingkang nêtêpakên nami ratan kanthi nyêrat asmanipún pahlawan wóntên ing plang-plang pinggír margi. Ingkang sadayanipún supadós dadós pangèngêt-èngêt tumrap pahlawan ingkang kathah lêlabêtanipún dhatêng nuså lan bångså. Wóntên malíh cårå kanggé ngèngêt-èngêt pårå kusumaníng bångså kanthi maringi nami Taman Makam Pahlawan, inggíh mênika: Giri Tunggal, Ratna Nagara, Kusuma Nagara, Ratna Bantala lan sanès-sanèsipún. Têmbúng-têmbúng kêmbang, sêkar, púspå, ratna, lan sanès-sanèsipún dipúnpilíh kagêm nami utawi sêsêbatan TMP. Wêrdi lan suraósipún supadós pårå pahlawan ingkang sumaré ambabar lan nyêbar dåyå panga-ribåwå ingkang ambêtipún wangi lan arúm. Wóntên satêngahíng pèngêtan dintên pahlawan wêkdal mênikå, wóntên babagan ingkang pantês dipúndadósakên tulådhå utawi kaca brênggålå. Sakíng sujarah kamardikan taún 1945, kathah sangêt babagan ingkang prêlu dipúnpindêng. Sêsanti ingkang cacahipún kathah sangêt, upaminipún: ’mêrdéka atau mati’, sêpi ing pamríh ramé ing gawé, gótóng róyóng holopís kontúl barís, rawé-rawé rantas malangmalang putúng, rukún agawé santosa, crah agawé bubrah, lan sanès-sanèsipún sampún nyawiji wóntên pêrjuwangan taún 1945. Watak utawi étós nasional-ismê, patriótismê, héroismê, sêmangat sêtya kawan lan sanès-sanès-ipún sagêd dipún-trêpakên kaliyan kawóntênan wêkdal samangké. Nilai-nilai taún 1945, kalêbêt ing ngriki nilai kêpahlawanan ingkang cacahipún kathah sangêt, sagêt dadós bundhêlan kanggé ngadhêpi kaanan wêkdal samangké. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

95

38. Piwulang, Pitutúr lan Piwêlíng wontên Måcåpat
Wêkdal samangké wóntên kaanan ingkang nêmah têmbang Jawi. Inggíh awít kadayan éwah-éwahan jaman, ingkang ngrêmbåkå lêlagón póp, róck, utawi ndhangdhut. Pårå kawulå mudhå langkúng cakêt kaliyan wiråmå póp lan ndhangdhut katimbang nêmbang pucúng, gambúh, pangkúr, kinanthi, dhandhanggula lan sanès-sanèsipun. Ing tlatah padhusunan sampún awís-awís kapirêng kanèman nyêkar måcåpat. Upami dipungiyarakên wóntên ing télévisi, parågå ingkang nyêkar måcåpat umumipun ingkang kalêbêt sêpúh. Swantên lan wiramanipún wóntên ingkang karaós awrat, pélo, lan bléro. Têmbang Jawi sampún kadhêsêk déníng kêmajêngan jaman. Malêbêtipún budåyå måncå lumantar télévisi ’minggírakên’ sastrå lan budåyå Jawi. Wiråmå barat, róck lan ndhangdut ingkang ngobahakên pérangan badan langkúng populèr katimbang måcåpat ingkang alús lan wóntên wiramanipún. Sapérangan kanèman wóntên ingkang nganggêp bilíh måcåpat mênikå kinå ingkang kêtinggalan jaman. Éwå samantên sagêt dipún wastani bilíh sêkar måcåpat dèrèng ical kalindhês majêngíng jaman. Taksíh wóntên ingkang nrêsnani sêkar måcåpat. Têmbang Jawi ingkang sinêbat måcåpat taksíh dipún sêkarakên wóntên ing swasånå ingkang tinamtu. Wóntên ing pasinaón ingkang nggilút båså, sastrå lan budåyå Jawi, måcåpat taksíh dipún wulangakên. Sêkar måcåpat ugi dipún têmbangakên wóntên ing sanggar-sanggar pamulangan båså Jawi. Wóntên ing klênèngan, para pradånggå lan wiråswårå ngungêlakên båwå múrwakani sêkar. Wóntên ing jagad pêwayangan, Garèng kaliyan Pétrúk asríng jêjogèdan lan nêmbang Púcúng, Pangkúr, Kinanthi, utawi Gambúh. Kajawi mênika, måcåpat inggíh dipún sêkarakên wóntên pahargyan pêngantèn. Pårå kadang pambiwårå wóntên ingkang nyêkar mligi kagêm risang Pangantèn. Isinipún warni-warni wóntên ingkang arupi pitutúr luhúr kagêm Sri Pêngantèn ingkang badhé mangún kulåwargå énggal. Wêwatón buku Mbómbóng Manah anggitanipún R.Tedjohadisumarto, têmbang Jawi kapérang wóntên gangsal gólóngan, inggíh mênika: lagu Dolanan, sêkar Måcåpat, sêkar Têngahan, sêkar Agêng, lan sêkar Gêndhíng. Kawastanan sêkar måcåpat amargi anggènipún nyêkarakên kapêdhót sêkawan-sêkawan wanda. Sêkar måcåpat kalêbêt sêkar alit yasanipún Prabu Banjaransari ing Sigalúh nalikå taún Jawi 1191. Sêkar måcåpat pinanggíh ing buku-buku ingkang sinawúng ing sêkar wiwít jaman kawuri dumugi sapunikå. Mulå bukanipun kasêrat ing båså kawi ingkang arupi kakawin. Namúng wóntên pamanggíh bilíh sêkar måcåpat mênikå anggitanipún pårå Wali. Pramila lajêng wóntên sastrå ingkang arupi sulúk lan wiríd. Pårå Wali bêbådrå lan nindakakên ayahan ingkang adi (luhúr, luhúng) inggih mênikå syiar Islam lumantar sêkar måcåpat. Sêkar måcåpat déning pårå Wali dipún budidåyå supadós wós-ipun jumbúh lan gambúh kaliyan ajaran Islam. Nuansa Islam kathah ingkang pinanggíh wóntên ing sêkar måcåpat. Salajêngipún déníng pårå pujangga mliginipún ing Karatón Suråkartå utawi Purå Mangkunagaran, sêkar måcåpat dipún sêrat utawi dipún gubah ingkang cacahipún kathah sangêt.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

96

Mindêng lan mandêng sêkar måcåpat ingkang wóntên, kathah sangêt piwulang, piwêlíng, pêpèngêt, utawi pitutúr luhúr ing babagan watak utawi kapribadhèn. Têbanipún jêmbar, mrambah, lan minggah dumugi ranah ’kêIllahian’, kawrúh ing babagan kajiwan, kawaskithan, ngèlmu, laku, budi pakarti, udånagara, tåtåkråmå, unggahungguh, lan sanès-sanèsipun. Wós lan suraós ingkang wóntên ing nglêbêtipún sêkar måcåpat sagêd dadós sumbêr piwulang, piwêlíng, lan pitutúr, kanggé mbangún watak lan karaktêr bångsa.

Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

39. Panåtåcårå
Anggêr wong biså gunêman nganggo nalar lan båså kang runtút, lumrah bae biså dadi panåtåcårå , sanadyan múng panåtåcårå tataran cêndhek utåwå prasåjå bangêt. Wondene yen kêpengín dadi panåtåcårå sing apík, butúh kabisan sartå katrampilan mligi kang cukúp. Mangkono iku adate ora gampang. Såyå yen nêdyå dadi panåtåcårå síng mumpuni, iyå butúh sarwåsarwi kabisan, katrampilan, lan kaluwêsan kang mumpuni. Isíh ditambah maneh biså njumbúhake wahyaníng mångså kålå, gumêlaríng êmpan papan, åpådene bawaníng kahanan kang trêp nalikå panåtåcårå ngayahi pakaryane. O, iyå, lan mêsthi bae butúh tumuruníng kabêgjan lan kanugrahan kang dadi karså sartå kaparêng-E. Tumêkaning dinå iki panåtåcårå thukúl tuwúh ngrêmbåkå ngênút ing jaman kalakone, manút ing papan kadadeyanne, lan miturút ing gunå paedahe. Ånå panåtåcårå kang múng kåyådene panggiyar (penyiar), pamåcå wårå-wårå, pambiwårå (announcer), reporter, pembawa acara, juru imbau, lan sabangsane kuwi. Yen adhedhasar istilahe, panåtåcårå, cethå yåkuwi panåtå cårå utåwå panåtå acårå, gamblang sartå tandhese parågå síng tinanggenah nåtå acårå, nglantarake cak lakuníng acårå ing kawigaten tinamtu, kayåtå patemon, pahargyan, lan upåcårå. Kajåbå kang kasebút kuwi ånå panåtåcårå síng makaryå kanthi sinergi karo síng ngayahi babagan perlengkapan, pangrenggå papan, catering, fotografer, pangrenggå busånå, utamane karo warganíng panitya dalah síng amengku gati. Panåtåcårå banjúr kåyådene manager síng ngecakake prinsip management, wiwít melu gawe rancangan, ndhapúk parågå lan ayahan, melu nindakake, sateruse nitipríkså prosese, sartå nimbang nglelimbang asilíng pakaryan. Panåtåcårå síng mumpuni ora múng minångkå manager, ngiras ngirús official, ngregem skenariyo, dadi sutradhara, pengarah acara, apadene biså nindakake ayahan jumbúh ing kawigatene. Wose panåtåcårå tumuli melu dadi tetungguling parågå sing amúrbå amaseså púrwå madyå wasananíng kawigaten, nguwasani event utåwå upåcårå kang ginelar, to master the ceremony, wenang ingaran master of ceremony. Saiki ånå fenomena panåtåcårå ugå jejer entertainer síng nyembadani entertainment bebarengan karo pemain musik, niyågå, penyanyi, pesindhen, dalasan parågå dhagelan. Panatåcårå dadi profesi angabehi, pakaryan kang nyenengake, kapårå ndemenakake,

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

97

migunani túr ngrejekeni. Panåtåcårå kudu biså nggunakake båså síng apík lan edi. Nalika ngayahi jejibahan panåtåcårå ngudi, ngulír pikír, ngikal tembúng ukårå lan båså kang trep bener lan becík, dijumbúhake karo såpå síng pådhå midhangetake, såpå lan åpå síng digunem, dicundhúkake karo panggonan, wektu lan kahanane. Tulådhå, ing madyaníng pårå kawulå mudhå salumrahe, panåtåcårå síng wís unggúl pinunjúl ora muni mangkene : “Nuwún, kaparengnå matúr, tinebihnå ing godhå pangrencånå miwah sapudhendhaning sesiku ingkang sinandhang ing jaman sarwenå. Pårå rawúh ingkang mahambeg berbudi båwå laksånå ing sanggyaníng laksitåtåmå denirå memardi rehíng kayuwanan dalasan pepunton peparingíng gesang deníng Ingkang Amúrbå Amaseså Sesiningrat Pramudita.” Ora. Kajåba kawrúh dhasar babagan kawrúh umúm, teknologi, filsafat, kapitayan, kagunan båså lan sastrå, perlu lambaran kajiwan (logika, etika, estitika). Seneng gladhen asíh asuh asah karo sesamaníng kadang profesi panåtåcårå. Mugå pådhå biså dadi panåtåcårå síng mumpuni, kanthi bleger jejer, tindak tandúk, sumarambah tandang grayang, karenggep ing saptama iki : 1. Magåtrå : wewujudan, rupå, adi ing sarirå, edi ing busånå, teges luwes sartå pantes. 2. Malaksånå : mlaku sapecak, sajangkah, ditåtå runtút, manteb mrabu mrabåwå ; ora ingah-ingih, ora wigah-wigih. 3. Maswasthå : ngadeg jejeg, ora kendho, ora dhoyong, leté sikíl kiwå tengen ora keciyuten ora kamban. 4. Marågå : ora rongeh, ora edheg, ora gumeter ; kapårå anteb anteng, obahíng awak, sirah, gulu, tangan prasåjå, pasemoníng rai nggambar wigating ati. 5. Malaghåwå : trampíl kapårå trengginas ; ora remben ngleler ; ora angas gas-gasan. Cag-ceg, lancar gancar sembådå ing karyå. 6. Matanggap : tanggap ing swasånå, biså girang gembira mesem ngguyu marang kang antúk kabegjan kanugrahan mirunggan ; biså kucem luyu susah sedhih belasungkåwå marang kang nandhang duhkitå. 7. Mawwat : tanggúh tatag tanggon prapteng ngendon. Seger saras jiwå rågå ngentasi purwå madyå wasananíng sedyå, siddhakaryyå. Panåtåcårå wús dadyå ayahanirå lêladi ing bråyå sêsåmå angrêgêm sartå anindakaké saptåmå blêgêr jêjêr jênêg mrabåwå jajag jumbúh jogíng jiwå rågå tindak tandúk solah båwå anorågå prasåjå sarwapigunå ngikal ngudhar têmbúng ukårå lan båså kacócógagé karo tataran kang pådhå miyarså iråmå srêg trêp manékå mawarnå mêmbat mêntúl mamêt wardåyå anuju prånå tanpå kuciwå ngadi sarirå ngèdi busånå mangulah êmpan papan mångså kålå anyrambah angukúp anyakúp wahyaníng swasånå anglantar anggancar angróncé sêdyå wigati “angrêgêm sartå anindakaké saptåmå ”minångkå gêgêbênganíng pakarti miwah pangudi
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

98

iku dadi utamaning sêsanti Déníng : Råmå Sudi Yatmånå

40. Têmbang Dolanan Wóntên Satêngahíng Globalisasi Wêkdal samangké kathah laré ingkang mbótên mangêrtós utawi ngiwakakên lêlagón utawi têmbang dolanan. Têmbang dolanan ing kithå lan sapérangan ing tlatah padésan wóntên ingkang dipún lirwakakên, amargi kadayan lagu Indonésia, têmbang póp, ndhang-ndhut, tuwin lagu saking måncå nagari sanèsipún. Dayanipún lagu póp lan ndhangdhut agêng sangêt lajêng ndhêsêk lan minggirakên têmbang utawi lêlagón dolanan. Laré-laré samangké, mliginipún ing kuthå-kuthå sampún awís-awís nêmbang lêlagón dolanan. Kawóntênan makatên bèntên sangêt kaliyan kawóntênan sasampunipún kamardikan. Wóntên ing pamulangan Sêkolah Rakyat (SR), Sêkolah Guru Bawah (SGB), dalah Sêkolah Guru Atas (SGA), têmbang dolanan dipún wulangakên kanthi saèstu. Calón guru dipún siapakên kanthi saèstu supadós mumpuni nêmbang utawi nyêkar. Tujuwanipun supadós mangkénipun laré-laré ingkang dipún wulang sagêt pintêr tuwín baút nêmbang. Kathah sangêt têmbang dolanan ingkang kålå samantên dipún wulangakên wóntên sêkolahan-sêkolahan tataran andhap. Wêwatón buku ingkang irah-irahanipún ’Mbómbóng Manah’ anggitanipún R. Tédjo Hadisumarto (sampún sawargi), wóntên atusan têmbang ingkang kapacak. Cakupanipun nglimputi lagu dolanan, sêkar måcåpat, sêkar têngahan, sêkar agêng, lan gêndhíng. Isi lan cakupanipún kathah ingkang sêsambêtan kaliyan jagad pamulangan. Maós tuwín migatósakên buku ’Mbómbóng Manah’ mliginipún lêlagón dolanan kathah bab ingkang migunani tumrap laré-laré. Lumantar lagu dolanan, laré-laré dipún kênalakên kaliyan sato kéwan, sato iwèn, thêthukulan, têtanêman, bêbrayan, lingkungan alam, lan sanès-sanèsipún. Laré-laré lajêng sênêng, bingah, sigrak, nggadhahi raós bómbóng, tuwín sagêd kagigah manahipún. Kawóntênan ingkang makatên sagêd mimbuhi lan njurúng kawóntênan ingkang saé tumrap kajiwan. Babagan kajiwan dipúntêngênakên tuwín dipúnpapanakên wóntên ing tataran ingkang wigatós ing jagad pamulangan. Sasampunipuan laré-laré wóntên ing pamulangan nguwaósi têmbang utawi lêlagón dolanan, kalajêngakên tataran sinau sêkar måcåpat. Kasêbat sêkar måcåpat amargi anggènipún nyêkarakên kapêdhót sêkawan-sêkawan wåndå. Kathah sangêt sêkar måcåpat ingkang wósipún piwulang ing babagan tåtåkrami, udånagari, watak, tuwín budi pakarti.
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

99

Majêngíng jaman ingkang kasurúng déníng tèknologi infórmasi dadós pêpalang lampahipun têmbang dolanan tuwín sêkar-sêkar sanèsipún. Dayanipún modèrniasi lan globalisasi sakalangkúng agêng mbótên namúng minggirakên lêlagón dolanan. Sadåyå unsúr budåyå Jawi kadayan ombak globalisasi. Lumantar média télévisi dåyå pêngaruhipun langkúng cêpêt. Giyaran télévisi ingkang rintên dalu mbótên wóntên pêdhótipún, ndayani sadåyå unsúr budåyå ingkang wóntên. Unsúr-unsúr budåyå Jawi ingkang arupi lêlagón dolanan, têmbang måcåpat, dolanan laré, dêdongèngan, wayang wóng, kêthoprak, lan sanès-sanèsipún kadayan déníng globalisasi. Wóntên pérangan ingkang kasilêp, kalindhês, utawi ical, namúng inggíh wóntên pérangan ingkang taksíh lêstari. Kawóntênan ing tlatah padésan pinanggih bèntên kaliyan ing kitha. Taksíh kathah pérangan budåyå ing padésan ingkang taksíh gêsang tuwin dipún lêstarèkakên. Kalêbêt ing ngriki têmbang dolanan ingkang taksih dipún uri-uri. Lêlagón ingkang cakêt lan rakêt kaliyan donyanipún laré taksíh dipún têmbangakên. Lêlagón ingkang taksíh wóntên pigunananipún lajêng nuwúhakên krêntêg mêmêtri. Undêranipun prêkawís wóntên ing pigunanipún têmbang tumrap laré-laré. Manawi wóntên têmbang dolanan ingkang sampún têbíh kaliyan dónyanipún laré-laré inggíh lajêng dipún kiwakakên. Têmbang dolanan laré mbótên sagêd dipún pisahakên kaliyan båså ingkang dipún pigunakakên. Kanthi mênikå prêkawis ingkang nêmah båså Jawi lajêng ndayani lêlagón dolanan. Manawi båså Jawi kirang dipún rêmêni amargi karaós angèl, lajêng ndayani dhatêng têmbang dolanan. Prêkawís ingkang nêmah båså Jawi lajêng ndayani laré-laré anggènipún nêmbang lêlagón dolanan. Wêwatón têtimbangan mênikå, båså Jawi dadós babagan ingkang wigati. Pasinaón båså Jawi ing sêkolahan prêlu dipún tåtå malíh. Wóntên ing ngriki têmbang utawi lêlagón dolanan prêlu dipúnwulangakên. Lêlagón utawi têmbang dolanan mbótên sagêd dipún pisahakên kaliyan babagan sêni. Ngês lan saéníng lêlagón manawi dipún iringi gamêlan utawi gångså. Kajawi mênika wóntên lêlagón dolanan ingkang prêlu dipún têmbangakên kaliyan njogèd. Piwulangan karawitan lan sêni tari prêlu dipún wulangakên sêsarêngan kaliyan têmbang dolanan. Têmbang dolanan karaós kirang jangkêp manawi mbótên wóntên tari lan ungêlíng gångså. Salajêngipún, kanggé ngadhêpi ombak globalisasi dipún bêtahakên aprésiasi lan piranti tèknologi kanggé nggarap têmbang dolanan. Rêkaman têmbang dolanan lumantar kasèt lan compact disk prêlu dipún damêl langkúng kathah. Giyaran ngéngingi têmbang dolanan wóntên télévisi inggíh prêlu dipún jadwal kanthi têratúr. Kajawi mênikå, lomba utawi festival lagu dolanan inggíh prêlu dipún wóntêni sabên taún. Kanthi mênika, lêlagón utawi têmbang dolanan mbótên badhé kêsilêp ombak

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

100

globalisasi. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

41. Tradisi Sungkêm Wóntên ing budåyå utawi falsafah Jawi kathah bab ingkang wigatós tumrap kulåwargå lan bêbrayan. Túk lan wós-ipún wóntên ing raós lan watak élíng. Upaminipún élíng dhatêng Gusti Ingkang Måhå Kawåså, råmå, ibu, éyang, pårå alim lan ngulåmå, kadang sêntånå, mitrå, guru, pårå pangêmbatíng pråjå, lan pêmimpín sanèsipún. Têbanipún raós élíng sagêt malêmbar dhatêng tlatah padhusunan, papan kalairan, pundhèn, patilasan, pasabinan, patêgilan, miwah lingkungan alam sanèsipún. Sadåyå ingkang hanggadhahi tabêt, sambêt, miwah labêt, lajêng mbabar lan nuwúhakên raós élíng ingkang mbótên sagêt ical. Kalêbêt ing ngriki raós élíng dhatêng pårå lêluhúr lan pårå pêpundhèn ingkang sampún kondúr ing têpêt suci miwah élíng dhatêng sangkan paraníng dumadi.Mustikanipún budåyå Jawi ingkang arupi raós élíng têbanipún jêmbar sangêt. Raós élíng cakêt lan rakêt kaliyan mênåpå kémawón ingkang sagêt nggugah raós lan krêntêg kêpéngín sowan, mêrtuwi, ngúrmati, ngabêkti, miwah misungsúngakên mênåpå kémawón ingkang sagêt damêl rênaníng panggalíh. Têtunggulíng budåyå Jawi ingkang arupi raós élíng mujúdakên satunggalíng kêarifan lokal (local genius) ingkang taksíh lêstari. Dåyå kêkiyatanipún ngédab-édabi ingkang lajêng nuwúhakên tèkad nguri-uri tuwín nglêstarèkakên. Tåtåcaranipún lajêng dipúntrêpakên kaliyan papan, kawóntênan utawi wêkdal ingkang saé, mliginipún ingkang sambêt kaliyan dintên-dintên agêng wóntên ing ajaran agami. Tradisi sungkêm kalêbêt pérangan budaya Jawi ingkang dumugi wêkdal samangké taksíh dipúnuri-uri tuwín dipúnlêstarèkakên déning bêbrayan Jawi. Pramilå inggíh lajêng mbótên anèh manawi lajêng wóntên kaanan ingkang sinêbat mudhik. Kaanan mudhík ingkang sabên taún såyå kathah lajêng nuwúhakên prêkawís ingkang warni-warni. Wóntên kawóntênan jêjêl riyêl ing sêtasiún, têrminal bís, bandara utawi pêlabuhan, lalu lintas ingkang macêt, bêbåyå utawi kacilakan ing margi, lan sanès-sanèsipún; ingkang sadayanipún lajêng pikantúk kawigatósan déníng pamaréntah. Kahanan makatên lumam-pah dangu sangêt lan dumadós ing sabên taún. Pramilå lajêng wóntên pamanggíh manawi mudhik sampún dadós budåyå tumrap bêbrayan Jawi ingkang angèl dipúnicali. Tradisi sungkêman sampún lumampah dangu sangêt, cakêt lan rakêt kaliyan dintên agúng agami Islam inggíh mênikå Idúl Fitri. Sungkêman dipún wóntêni ing swasånå Idúl Fitri sasampunipún umat Islam nglampahi siyam miwah mèpèr håwå nafsu ing wulan Ramadhan. Pårå putra utawi wayah nindakakên sungkêm, kónjêm, lan ngabêkti dhatêng Sri Susuhunan, Pangagêng Puró, éyang, råmå-ibu sadhèrèk sêpúh lan sanès-sanèsipún.
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

101

Lumantar adicårå sungkêman, råmå-ibu tuwin pårå-pårå ingkang kalêbêt sêpúh rumaós dipún bêktèni lan dipúnurmati déníng putrå wayah utawi kanèman sanèsipún. Wós utawi substansi ing tradisi sungkêman nyakúp lan ngukúp bab wigatós inggíh mênikå dêdósan utawi kalêpatan ingkang kasuwún supadós dipúnapurå. Swasana ’apurå ingapuran’ dipún wujúdakên wóntên ing dintên riyadi linambaran panyuwunan dhatêng Allah Subhanahuwata’ala supadós nglêbúr dêdósan lan kalêpatan ingkang sampún dipún tindakakên. Tradisi sungkêm ingkang ngrêgêm nilai (values) ingkang saé, éndah, lan murakabi tumrap bêbrayan sampún nyawiji ing dintên agúng Idúl Fitri tuwin manjíng ing swasånå halal bi halal utawi silaturahmi tumrap masyarakat Jawi. Tradisi sung-kêman ingkang sampún dadós jatidiri masyarakat Jawi mbótên badhé ical kabucal jaman global. Mugi-mugi makatên. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

42. Wayang Wóng prêlu Magitå-gitå Cancút Taliwåndå Dumadiné sêni ånå ing kabudayan Jåwå wús lumaku wiwít jaman kawuri nganti têkan wêktu iki. Babagan sêni pancèn orå bisa dipisahaké karo kabudayan. Lumakuné sêni ånå têngahíng bêbrayan mratandhani luhúr-asóríng kabudayan. Dumadiné sêni kalêbu ing kéné síng wujúd sêni tari dadi pratåndhå majuníng kabudayan. Ngrêmbakané sêni biså dadi lambang makartiníng cíptå, råså, lan karså síng nglairaké kaéndahan. Jagad kabudayan biså kawêntar amargå gumrêgahíng sêni lan budåyå. Sêni lan budåyå síng diuri-uri lan dilêstarèkaké biså dadi ’hartå-kåyå’ síng bisa ngluhúraké kabudayan bångså. Arumíng bångså biså kawujúd såkå ngrêmbakaníng sêni lan budåyå, kalêbu ing kéné sêni síng rupa sêni tari. Wêwatón sujarah síng wús lumaku, sêni síng kawêngku ånå ing budåyå Jåwå tinêmuné akèh bangêt. Manåwå ditêlusuri nduwèni sumbêr såkå kasusastran Jåwå síng cacahé ora sêthithík. Kajåbå såkå iku wóh-ing ’ngèlmu sêni’ ugå kawujúd såkå laku. Karana iku akèh bangêt sêni síng lair såkå laku utåmå. Manåwå dijingglêng ånå síng mêngku falsafah utåwå nilai-nilai (values) síng adi, éndah lan luhúr. Manåwå di-invêntarisasi akèh bangêt sêni síng nduwèni falsafah síng biså dadi sumbêr wulangan kanggo mbangún pribadhi lan watak utåmå. Adhêdhasar andharané Ibu Edi Sêdyawati, sêni tari Jåwå akèh síng laír såkå tradhisi ing Karatón Suråkartå lan Ngayogyåkartå. Sêni tari síng rinipta déníng Råjå-råjå ing Karatón Suråkartå lan Ngayogyåkartå akèh bangêt. Sêni tari síng nduwèni sumbêr såkå pêwayangan ugå tinêmu, jåiku kawiwitan såkå wayang wóng Sri Wêdari lan wayang wóng Mangkunagaran.
http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

102

Sêni tari síng laír ånå karatón banjúr mrambah lan mratah têkan sanjabané karatón. Pérangan sêni síng wujúd pêrtunjukan rakyat banjúr ngrêmbåkå têkan sanjabané karatón. Sawisé pêrang donya sêpisan nganti jaman kamardikan, akèh paguyuban síng nglêluri sêni budåyå Jåwå lumantar wayang wóng. Péntas wayang wóng orå winatês ånå ing Jawa Têngah nangíng mrambah têkan Jawa Timur, Lampúng, lan liyå-liyané. Kawitané såkå pêntas sawêtårå dinå banjúr pindhah papan liyané, síng banjúr sinêbút wayang wóng ’tóbóng’. Malah ånå síng pêntas nganggo sarånå gêbêr síng ambané múng pitúng mètêr. Kahanan wêktu iku sipaté prasåjå nangíng trús ngrêmbaka amargå disênêngi lan dikangêni déníng masyarakat. Saliyané Sri Wêdari, kacathêt paguyuban-paguyuban wayang wóng síng banjúr kawêntar, yaiku: Ngèsti Pandówó, Cíptó Kawêdar, Sêdyó Wandówó, Bharata lan liyaliyané. Anané wayang wóng síng wús lumaku udakårå saabad suwéné ånå síng ilang utåwå mati, nanging ugå ånå síng têtêp lêstari têkan wêktu iki. Déning parågå síng sinêbút sutradara, pangarså produksi, utåwå bintang panggúng síng ånå, wayang wóng dibudidåyå supåyå têtêp lêstari. Akèh bangêt kréasi utawa inovasi lumantar tèknologi síng didayakaké ånå péntas. Rupå-rupå garapan síng sinêbút sêni kitsch dikêmas ånå ing pagêlaran. Trík-trík tèknologi dicakaké ånå ing péntas supåyå disênêngi lan dikangêni déníng pênóntón. Kanggo nggayêngaké swasånå yayasan Sêkar Budaya Nusantara nyoba lumêbuné artis lan sélébritis ana ing pagêlaran wayang wóng. Gêgandhèngan karo obahíng jaman tinêmu pêpalang síng nggubêl wayang wóng. Sapérangan kawulå mudha ånå síng wús nyingkúr wayang wóng. Sêpiné pênóntón dadi pêpalang ’uripé’ wayang wóng. Film-film, sinêtrón, infotainmênt, lan program-program tivi liyané biså minggíraké wayang wóng. Wayang wóng wêktu iki kênå diarani lagi ngadhêpi krisis síng nguwatiraké. Supåyå biså têtêp lêstari ånå alam global wêktu iki, wayang wóng prêlu antúk kawigatèn déníng pamaréntah, pårå nimpunå ing karatón, pakar síng ånå ing Institut Sêni, sêniman, budayawan, swasta, lan stake holders liyané. Kabèh pérangan síng cakêt lan rakêt karo wayang wóng prêlu magitå-gitå cancút taliwåndå ngadhêpi prêkårå síng ånå. Déníng : Ki Sutadi Pangarså Pêrsatuan Pêdalangan Indonésia Komisariat Jawa Têngah

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&view=article&id=853&Itemid=753

103

You're Reading a Free Preview

Mengunduh
scribd
/*********** DO NOT ALTER ANYTHING BELOW THIS LINE ! ************/ var s_code=s.t();if(s_code)document.write(s_code)//-->