Anda di halaman 1dari 4

TUKANG KORAN

Babak 1
Katon mbejejer omah-omah kang apik ing perumahan. Katon resik lan rapi tenan.
Andi ketok lumaku ing dalan karo adol koran. Deweke terus lumaku lan akhire
ana ing ngarep e omahe Reza.

Andi : Koran, koran, koran. Koran paklek bulek, koran bulek...


Reza : Koran.... ( mlayu metu tekan omahe ) tuku korane, piro siji?
Andi : Murah mas. Amung Rp3.500,-
Reza : Oh, ngono. Iki duwit e
Andi: Wah duitmu gedhe ra ana susuk e? piye iki?
Reza : Rapopo, Jupuken bae, sek akeh ndek njero sing koyok ngono (karo nuding
duwek mau)
Andi : Lek pancen ngono matur suwun low yo. Oh iki loh korane (Ngekekno
koran menyang Reza)
Reza : Yowes, ngalih kono. Ojo suwe-suwe menyang kene! mambu
Andi : Iyo, suwun tenan yo
Reza : Iyo, iyo. Ndang ngaliho kono!

Babak 2
Katon lingkungan kang rusuh lan mambu tenan. Sampah. Andi mlaku menyang
omahe kang ana ing kampong kuwi.

Andi : Buk e,,,bukbukaku moleh


Bu Siti: ( Cepet-cepet metu tekan omah lan mbukake lawang gawe Andi) Kowe
wes bali le?
Andi : (Melbu menyang omah barengan Bu Siti) Enggeh bu, dinten niki kulo
angsal arta kang katah.
Bu Siti: Wah, sip tenan lek ngono. Endi duite?
Andi: (Karo njupuk saka kesake lan njupuk dhuwit asil saka ngedol korane lan
maringno menyang bu Siti) Niki bu
Bu Siti : Hah, akeh tenan iki! (Ngetokake ekspresi kang kaget)

Andi : Niku ingkang tumbas anaknipun wong sugih, deweke ngomong jupuken
bae sisane.
Bu Siti : wah kok apik tenan arek iku? Wes ngomong matur suwun?.
Andi : Inggih bu, deweke pancen apik. Nanging sombong tenan, mantun tumbas
koran kulo langsung di usir.
Bu Siti : Oh ngono ya. Tibake wong sugih ing endi-endi podo bae.yo piye maneh
maneh le? Wong pancen kudu sabar.
Andi: Pun ngomongne liyan bu.. mangke duso
Bu Siti: Oh iyo, sing penting wes diweneh i satus ewu yowes gek ndang adus
kono! Byuh mambu kringet
Andi: Enggeh bu

Babak 3
Andi dodolan koran kaya biasane, njajakno ing kompleks omahe Reza
nanging..

Andi: Koran, koran, koran. Koran paklek bulek, koran bulek...


(Ciiiitttt..... ana mobil mandeg jegreg ing ngarepe Andi lan nyerempet deweke)
Ana wong wadon metu tekan mobill kuwi lan cepet-cepet ndeleng keadaan Andi
Bu Nikita: byuh rapopo ta le?
Andi: Mboten menapa bu
Bu Nikita: Nyang rumah sakit bae yo?
Andi: Mboten bu, kulo mboten menopo namung keseleo sekedik
Bu Nikita: lha kuwi, sikilmu abuh ki. Yowes ayo melbu omah
(andi langsung dituntun bu nikita)
Bu Nikita: Sek ojo akeh obah tak pijet e sikilmu!
Andi: aduhduhduhduh (andi kelaran)
(Moro-moro ana suara sikil tekan ndhuwur)
Reza: Loh buk lapo arek iki kok iso ana ing kene?
Bu Nikita: Hush gaoleh ngomong kaya ngono. Arek iki ing kene amarga ibu. Ibu
mau nyerempet
Reza: Tapi iki arek mlarat bu.. gak sak level aku awak dewe!!
Bu Nikita: heh ibu ra tau ngajari koyo ngono!
Andi: Yoh aku metu!

Bu Nikita: Loh le rinio aku during mari ngobati awakmu


(Andi mlaku metu ambek nyeret sikile amarga sek lara)
Reza: lha ! Apik lah ! ra rusuh-rusuhi omah ku
Bu Nikita: Astagfirullah Reza Saaken bocah kuwi
Reza: Jarno bu mangke bilih mboten dingotenaken, isa-isa nggolek-nggolek
kesempatan, cek entuk welas asih saka ibu, banjur diparingi duit saka ibu
(Bu Nikita ngejar Andi lan ora ngereken omongane anake, nanging bu Nikita ora
sampek ketemu Andi)

Babak 4
Andi moleh ambek nyeret sikile sing lara
Andi: Bu Andi bali bu
Bu Siti: (Mbukak lawang lan kaget ndeleng keadaane Andi) Le sikilmu kok
babras kabeh kuwi
kenopo?
Andi: Enggeh bu niki banjur keserempet mobil bu?
Bu Siti: Kok isa loh le?
Andi: Nikuwau kula mboten ati-ati bileh mlampah. Ingkang nabrak tiyang
komplek biasane
kula dodol koran
Bu Siti: lha terus sopo sing nyrempet?
Andi: ibuk e bocah wingi, sing kolu critani wingi.
Bu Siti: Oalah, cah sugih sing menehi duit wingi ta? Byuh kok pancet ae wong
sugih ki
Andi: Tapi ibukne ki apik low buk, wong kulo mawon di pijet. Nanging pas anake
metu kulo langsung di usir
Bu Siti: Yaweslah syukur ibuk e apik le
Andi: Enggeh buuu

Babak 5
Reza lagi keliling-keliling nggae motore sing anyar nanging

(Gedubrraaaakkkk!!! Suara motore Reza kang nabrak wit)


Reza: Aduhhh!

(Ing kono ana Andi kang lagi nawakake koran, wektu ngrungokno suara iku Andi
cepet-cepet mlayu)
Andi: Ana opo kae? Loh Reza!!
(Cepet-cepet Andi nulungi Reza lan digawa menyang rumah sakit)
Sawise Reza sadar.
Bu Nikita: Walah le le makane talah nyetir sepedah iku gausah kakekan pola,
untung wae ono si
Andi sing nggowo kowe mengang rumah sakit
Reza: Loh tenan bu Andi sing nggawa aku mrene?
Bu Nikita: Iyo le
Reza: Endi bu saiki si Andi? Aku pingin ngomong ambek dheweke
(Bu Nikita nyeluk Andi gawe ngomong karo Reza)
Andi: Opa za?
Reza: An selama iki aku wes berprasangka buruk menyang awakmu, aku njaluk
sepura sak
akeh-akehe
Andi: Walah Za Za masio awakmu gak njaluk sepura menyang awakmu aku wes
nyepurani
awakmu sak during-durung e
Reza: Suwun tenan yo An suwuuuunnnn, awakmu pancen wong kang apik
Andi: Iyo podo-podo Za

TAMAT

Anda mungkin juga menyukai