Anda di halaman 1dari 1

Ing sawijining jaman, ana siji kerajan kang nduwe jeneng Medang Kamulan sing duweni raja

kanthi asma Prabu Dewata Cengkar sing buas lan dhemen mangan menungsa. Saben dina
Dewata Cengkar mangan sawong menungsa sing digawa saka Patih Jugul Enom. Kahanan kui
ndadekna rakyat keweden lan mengungsi kanrhi meneng-meneng menyang daerah liya.
Ing dusun Medang Kawit ana sawong pemuda nduwe jeneng Aji Saka sing sakti, sregep lan
gemati. Sawijining dina, Aji Saka nulunge simbah-simbah tuwa sing lagi digebugi dening
grombolan penyamur. Simbah tuwa sing akhire diangkat bapak dening Aji Saka kuwi jebulna
pengungsi saka Medang Kamulan. Krungu cerito babagan kebuasan Prabu Dewata Cengkar, Aji
Saka nduwe niat kanggo nulung rakyat Medang Kamulan. Kanthi ngenakake serban neng sirah
Aji Saka mangkat menyang Medang Kamulan.
Dalan nuju Medang Kamulan pancen ora mulus, Aji Saka sempet perang sajrone pitung dina
pitung bengi karo setan panunggu alas, amarga Aji Saka nolak didadekne budak saka setan
panunggu sajrone sapuluh taun sadurung diolehakekne ngliwati alas kuwi.
Nanging merga kesektiane, Aji Saka bisa ngendha saka semburan geni si setan lan sawektu
sakwise Aji Saka ndedonga, dumadakan ana sinar kuning cemlorot saka langit nibani setan
penghuni alas lan anggawe para setan ilang.
cerita rakyat jawa tengah dalam bahasa jawa Singkat cerito Aji Saka dugi datheng Medang
Kamulan sing katon sepi. Ing keraton, Prabu Dewata Cengkar lagi nesu amarga Patih Jugul
Enom ora nggawa tumbal menungsa kanggo sang Prabu.
Sawisi dugi dening keraton Medang Kamulang Aji Saka ngadhep Prabu Dewata Cengkar lan
nawarake piyambake supaya dipangan dening sang Prabu kanthi opah lemah saamba serban
sing digunakne dheweke.
Wektu dekne kabeh lagi ngukur lemah kaya panjaluke Aji Saka, dumadakan serban kang
sakdurunge dienggo ana sirah Aji Saka terus melar dawa nganti ambane ngluwihi amba saka
tlatah kerajan Prabu Dewata Cengkar. Prabu nesu sakwise ngerteni niat Aji Saka sayekti yaiku
kanggo mungkasani kekejemane.
Sawektu Prabu Dewata Cengkar lagi nesu, serban Aji Saka njiret ing awak sang Prabu. Banjur
awak Prabu Dewata Cengkar diuncalna Aji Saka lan tiba ana segara kidul banjur ilang digulung
ombak.
Aji Saka banjur dinobatkan dadi raja Medang Kamulan. Piyambake mboyong bapake angkat
menyang keraton. Mego pamerentahan kang adil lan wicaksana, Aji Saka bisa ndadekna kerajan
Medang Kamulan dening jaman paling makmur, jaman kang para rakyat urip tenang, tentram,
makmur lan raharja.

Anda mungkin juga menyukai