Anda di halaman 1dari 7

Artikel : Khasiate Lidah Buaya Ora mung Kanggo kramas lan

tamba tatu
Masyarakat padha nenandur lidah buaya umume kanggo pasren utawa
rerenggan plataran utawa tanaman hias. Durung akeh kang migunakake
kanthi optimal kanggo kesehatan. Paling-paling mung dianggo
kramas.Bab iki amarga kurang pangertene masyarakat. Mula ing kene
penulis bakal ngaturake bab khasiate lidah buaya.
Wektu iki wis dadi trend masyarakat modern bali marang alam,antara liya
kanthi migunakakae tanaman minangka obat klebu ing kene lidah buaya
utawa basa Latine Aloe Vera.Ing negara maju kayata Amerika , Australia,
lan negara-negara ing Eropa, lidah buaya dipigunakake kanggo bahan
baku industri lan omben-omben kesehatan. Ing Indonesia uga wis akeh
kang padha mbudidaya Lidah Buaya. Wilayah penghasil lidah buaya kang
paling jembar yaiku Kalinantan Barat (Pontianak ),saengga kawentar
minagka kutha Lidah Buaya.
Adhedasar panaliten, godhong lidah buaya bisa dipigunakake minangka
anti i inflamasi utawa peradangan, anti jamur, anti bakteri, lan regenerasi
sel . Kejaba iku lidah buaya uga duweni khasiat ngudunake kadar gula
sajrone getih kanggo panandhang diabetes. , ngontrol tekanan getih,
ngrangsang kekebalan awak ngadhepi serangan lelara kanker, sarta
dipigunakake minangka nutrisi pendukung tumrap panandhang HIV. Lidah
buaya uga mbiyantu nyegah encok utawa rematik lan ngurangi
peradangan panggonan persendian lan sing wis kita sumurupi lidah buaya
nyegah rontoking rambut lan nambani tatu. Menawa ing ndalem ana
tanaman lidah buaya ora perlu bingung yen golek obat tatu. Kanggo
nambani ambeien utawa wasir lan radang tenggorokan uga bisa.
.Olehe migunakakae bisa wujud bahan seger utawa bahan dadi kayata
kapsul, jus pasta utawa makanan lan minuman kesehatan. Kembang lan
akare uga duwenu khasiat kanggo ngobati lelara. Yaiku tatu memar lan
muntah getih.Akare nduweni khasiat minangka obat cacing tamba
sembelit utawa angel bebuwang. Gel lidah buaya uga nduweni kasiat
ngatasi gangguan pencernaan, ngatur keasaman lambung, ngundhakake
kinerja lambung,gangguan panggonan usus liyane.
Bageyan kang duweni khasiat obat utamane yaiku cairan bening kaya
jeli.kanthi mbelah batang lidah buaya. Khasiat utamane yaiku anti
inflamasi,anti bakteri,anti jamur, lan mbiyantu regenerasi sel. Cairan
kuning ing perangan njabakulit lidah buaya biasane dipigunakake kanggo
obat pencahar komersiallan ngandhut zat kang jenenge aloin. Zat gizi lan
zat liyane kang kinandhut sajrone lidah buaya pancen cukup
akeh,saengga maedahi tumrap kasarasan.
Carane ngramu

Kanggo ngatasi wasir mundhuta godhong lidah buaya separo,1/2 cangkir


banyu mateng lan 2 sendok madu. Eri lidah buaya dibuwang. Godhong
kang wis ora ana erine kasebut dikumbah resik lan diparut. Sawise iku
disoki banyu mateng kasebut lan madu, dicampur lan diudak rata ,banjur
disaring. Olehe ngombe ramuan iki sedina kaping telu.
Kanggo nambani watuk rejan mundhuta 20 gram lidah buaya lan 40 cc
madu. Sawise dikumbah resik lan diilangi erine,gel lodah buaya dicampur
karo madu. Olehe ngombe sedina kaping pindho ,esuk lan sore.sawise
mangan
Kanggo ngudunake kolestrol bahane 30 gram lidah buaya dan 3 iji
who mengkudu utawa pace kang wisa mateng. Carane gawe : lidah buaya
dionceki lan dijus bebarengan karo pace ,banjur diwenehi banyu
sakcukupe lan digodhog nganggo banyu sakcukupe nganti umob. Sawise
iku diombe rikala anget sedina kaping pindho,esuk lan sore..
Tamba diabetes Mundhuta lidah buaya sapelepah lan banyu 3 gelas. Nulli
dikumbah resik.Dibuwang erinine,banjur diris-iris lan digodgog nganggo
banyu 3 gelas,banjur didadekake 1 gelas. Olehe ngombe sedina ping
telu a gelas.
Tamba eksim: Bahan : 5 gram lidah buaya ,100 gram temulawak 20
gram godhong pegagan, 5 gram laos.14 gram kencur. 10 gram godhong
sembung legi, 10 gram godhong meniran 10 gram godhong kates.24
gram widoro upas, 20 gram kayu manis lan 20 gram sangkobak. Kabeh
bahan didheplok alus lan ditambah banyu 400 ml,banjur disaring. Asil
saringan kasebut banjur diombe langsung ping pindho sedina ,esuk lan
sore
Tamba
asma
:
300
gram
lidah
buaya
dikumbah
resik,diparut,diperes banjur disaring. Asil saringane diombe
sedina kaping pindho ,esuk lan sore. Kanggo tamb watuk bocah
migunakake gel lidah buaya (dikumbah dhisik ),diombe esul lan
sore,saben sakombenan 1 sendok teh
Warna-warna penyajian
Saliyane ngunjuk utawa dhahar kanthi cara kang wis disebut ing dhuwur,
yaiku migunakake langsung bahan seger ,wektu iki uga akeh kang
mroduksi kanthi cara liya supaya awet tanpa ngurangi kasiate. Wektu iki
uga ana sing mbudidaya digawe cendhol dhawet. Menawa panjenengan
kerep mriksani pameran utawa bursa tanaman obat ing Ngayogyakarta
mesthi mergoki ana kios dhawet lidah buaya. Ana weteng rasane kepenak
banget,bisa ngurangi rasa sebah panggonan weteng.. Kepriye carane
gawe ? Gampang kok. Mundhuta 1 kg lidah buaya,dikumbah resik,banjur
dipundhut bageyan njero kang ngandhut lender. Sawise iku potongan
lidah buaya kasebut diwenehi uyah nuli diaduk-aduk saengga ilang
lendire. Sawise iku banjur dikumbah nganggo banyu resik nganti ambal

kaping pindho utawa ping telu nganti resik. Irisan kang wis resik mau
banjur digodhog nganggo banyu lan godhong pandhan nganti mateng
utawa umob. Kangge gawe sirup migunakake gula jawa dilaurutake ung
banyu 250 cc banyu lan digodhog nganti umob,semono uga santene
digawe pisah..
.Olehe nyawisake ,potongan lidah buaya dicemplungake ing gelas
lan ditambahake sirup gula jawa lan santen.
Cara liyane yaiku digawe selai . Bahan : Daging lidah buaya. ; 500 gram
gula pasir kanggo 1 kg. Daging lidah buaya,; asam askorbat o,1 % utawa
1 gram per liter banyu; natrium benzoate o,5 % utawa 5 gram per kg
daging lidah buaya. 3 gram ager-ager bubuk utawa bungkus. Carane
nggawe : Lidah buaya kang wis resik banjur dikum sajrone larutan asam
askorbat sajrone 15 menit, banjur ditirisake lan diremuk nganggo blender.
Lidah buaya kang wis remuk iki banjur dipanasi kanthi nambahake gula
pasir,asam sitrat lan ager-ager. Olehe manasake nganti umob kanthi
diaduk-aduk ,sawise iku diwenehi bahan pengawet benzoate. Sawise dadi
gel,olehe manasi diendhegake lan busa kang ana dhuwur dibuang. Selai
wis dadi lan siap dikemas nganggo botol.
Ana maneh kang diolah kanthi srana digawe teh Carane nggawe : Kulit
godhong lidah buaya dikumbah resik lan ditirisake,dipotong cilik-cilik
utawa dirajang kaya godhong tehbanjur dipepe sing panas utawa dioven.
Sawise dikeringake ,teh lidah buaya siap dikonsumsi kaya dene teh tubruk
utawa teh biasa. Uga bisa digawe bubuk,banjur dikemas sajrone kanthong
kertas kayadene teh celup.
: Dodol : Bahan : 1 kg daging daun lidah buaya; 700 gram tepung ketan
400 gram tepung beras;2 kg gula pasir 2 liter santen; 0,1 % asam
askorbat ( 1 gram kanggo 1 liter banyu utawa 0,1 gram kanggo 100 ml
banyu ); pewarna ijo prayoga sing alami nganggo godhong suji ); agerager sakcukupe. Carane nggawe : santen lan gula dimasak nganti kenthel.
Tepung ketan lan beras dicampurake ing larutan gula. Lidah buaya
dicemplungake, banjur diudak nganti ora lengket ing wajan. Sawise iku
diwenehi ager-ager lan pewarna lan dodol siap dikemas. Dodol lidah
buaya iki mujudake panganan khas Pontianak.
Kanggo omben-omben bisa digawe sirup lidah buaya lan serbat. Bahan
kang diperlokake kanggo nggawe sari lidah buaya yaiku : godhong lidah
buaya kang dijupuk daginge. Pilih sing during tuwa kanthi cirri : werna ijo,
bintik-bintik putih, perangan pinggir erine empuk lan pucet. Daging lidah
buaya dicampur nganggo banyu kanthi perbandingan : daging lidah buaya
: banyu 1 : 4, saumpama daging lidah buaya 100 gram banyune 400 ml.
Sabanjure daging lidah buaya lan banyu diblender nganti remuk
Sabanjure disaring nganggo kain saringan utawa saringan plastic Lebokna
ing cairan lidah buaya kasebut gula 10 15 %,asam sitrat 0,1 -0,2 %,uyah
0,025-0,1%,esen lan pewarna sakcukupe. Sabanjure dimasak sajrone suhu
85-90 derajat Celcius nganti 20-25 menit. Sajrone kahanan panas

,dilebokake ing botol-botol kang wis disterilake (digodhog sajrone banyu


nganti 1-2 jam ) kanthi nyisakake ruangan 1,5 2,5 cm saka ndhuwur
tutrup botol. Botol-botol kang wis isi kasebut 10 15 menit, banjur ditutup
rapet lan kareben adhem ing suhu ruangan..Panggonan botol diwenehi
etiket lan minuman sari lidah buaya bisa dipasarake Dene serbat lidah
buaya, carane nggawe : mundhuta 10 iji godhong lidah buaya,banyu 500
cc, 1 sendok makan kapur sirih kang dilarutake ing banyu 1.500.cc,150
gram gula pasir, 4 iji cengkeh, 3-5 cm kayu manis. Lidah buaya dionceki
lan dijupuk bageyan kang bening,banjur diiris cilik-cilik wujud dadu utawa
kubus. Sawise iku potongan lidah buaya dicemplungake ing larutan kapur
sirih sajrone 30 menit. Sawise 39 menit ditirisake lan disiram nganggo
banyu umob sakcukupe,nuli dikumbah nganti resik. Kanggo nggawe
sirupe ,migunakake banyu,gula,kayu manis lan cengkeh kang digodhong
nganti umob. Sawise umob potongan lidah buaya dicemplunge ing
godhogan sirup kasebut lan banjur diangkat lan siap diombe sawise
adhem. Uga bisa ditambahake es batu utawa es serut.
Peluang bisnis
Peluang bisnis lidah buaya wektu iki cukup gedhe.Apa maneh ing
Indoensia wis akeh kang mroduksi obat,kosmetikalan minuman kesehatan
nganggo bahan lidah buaya. Ing tataran donya bisnis lidah buaya nilai
penjualan lidah buaya 60 milyar dollar/tahun.. Emane ing Indonesia
budidaya lidah buaya during intensif kejaba ing Kalimantan barat. Kita
asring mrangguli isih akeh lemah kang nganggur during bisa
dipigunakake. Mula para petani uga perlu uga mikirake budi daya
tanaman lidah buaya. Ikii. Wondene teknogi tepat guna uga wis ana kaya
kang dhak aturtake ing dhuwur. Ing kalangan kelompok tani wanita uga
perlu nggarap tanaman iki. Nyatane ing tanah Jawa uga bisa thukul
gedhe-gedhe. Mesthine migunakake bibit unggul saka Kalimantan barat
Apa maneh lidah buaya uga tahan ing tanah kang kering. , Ing daerah
perkotaan bisa migunakae pot kang gedhe. Coba,menawa saben omah
padha nandur lidah buaya limang pot, menawa sak RT 40 omah ,bisa
ngasilake 200 pot lidah buaya. Ibu- ibu PKK bisa ngolah arupa
cendhol,teh,sirup lidah buaya,dodol lsp. ,saengga nambah nilai ekonomis
tanduran iki. . Dinas Pertanian Kabupaten utawa Kota perlu nyurung
wargane budidaya lidah buaya iki. Apa maneh tanaman lidah buaya
gampang lan relative ora mbutuhake investasi kang dhuwur. Bab iki
disebabake tanduran iki mujudake tanaman tahunan kang bisa dipanen
bola bali kanthi masa produksi 7-8 tahun. Mangga dicoba!******(Saka
warna-warna sumber : Lukyastirin D )

Artikel Bahasa Jawa Tentang Wayang Kulit


wayang kulit ngrupikaken satunggaling kesenian tradisional jawa ingkang
kalebet kesenian tuwa kedamel saking cucal utawi kulit kewan kados sapi,
mendho, ugo kewan sanes kagem mujutaken tokoh ing pewayangan.

Para ilmuwan anggadahi penggalih bilih kesenian wayang kulit sampun


dipun ginakaken dening masyarakat jawi kagem satunggaling hiburan
tebih sakderengipun agami hindu lan budha mlebet wonten ing tlatah
jawi. Kisah lan crita wonten pamentasan pewayangan ingkang anggadahi
filosofi tatanan lan tuntunan gesang ing masyarakat ingkang sae
ndadosaken kesenian menika salah satunggaling cara kagem nyebaraken
kebecikan kados tatanan saha hukom-hukom ing masyarakat.
Mboten kaget menawi agami ingkang mlebet ing tanah jawi kathah
ngginakaken kesenian tradisional menika satunggaling cara anggenipun
nyebarake piwulangannipun. Kados crita pewayangan ingkang kita
mangertosi samenika kathah ingkang nyitakaken dewa saha ajaran agami
saking nagari India kanthi lakon kang terkenal nun injih mahabharata
perang baratayudha.

Menawi kula panjenengan sami tingali wonten crita menika anggadahi


satunggaling pokok kanthi nyebaraken piwulangan kagem gesang ingkang
sae dening hubunganipun kalian sesami makhluk ugi hubunganipun kalian
kang Maha Kuwasa.

Perkembangan jaman lan tatanan gesang wonten masyarakat samenika


saestu sampun minggiraken kesenian wayang kulit saking tlatah hiburan.
Perkembangan teknologi langkung-langkung elektronik saestu saget
ngilangaken tradisi jawi menika saking tlatah jawi. Mila menika artikel
bahasa jawa tentang wayang kulit menika saget sami kita ginakaken
kagem satunggaling motivasi kita supados saget nguri-uri tradisi jawi
wayang kulit. Kanthi kesadaran kula panjengan sami anggenipun nguri-uri
tradisi jawi mugi saged nglestarekaken wayang kulit menika dumugi anak
wayah kita sedaya.

Demikian sedikit uraian artikel bahasa jawa tentang wayang kulit,


semoga bermanfaat dan menginspirasi kita semua untuk senantiasa
melestarikan kebudayaan jawa. Mohon maaf jika dalam artikel di atas
terdapat banyak kekurangan dan kekeliruan, mohon dimaklumi karena
masih dalam taraf belajar. Matur suwun.

Anda mungkin juga menyukai