Anda di halaman 1dari 2

Anggota Kelompok : Emiliana Putri Apsari

(12)

: Ervinda Anggun Novitasari (13)


: Insania Mulia Junaedi
: Nisa Qurrota Aina
Kelas

(15)
(24)

: 8G

ASAL USUL DHUSUN SUNGGINGAN


Saderengipun wonten kerajaan Islam ing Demak wonten
kedadosan ingkang damel kaget sedaya masarakat Kudus.
Satunggaling dinten wonten prastawa ing satunggaling manungsa
ingkang asmanipun Kanjeng Sunan Sungging.
Ing satunggaling dinten, Kanjeng Sunan Sungging dolanan
layangan, panjenenganipun kagungan niat kangge ngubengi tlatah
nuswantara. Pramila piyambakipun mrebet-mrebet ing benang
layangipun, piyambakipun dumugi negeri Tiongkok. Ing negeri
Tiongkok panjenenganipun krami kaliyan tiyang wadon ing negeri
Tiongkok ngantos kagugan putra ingkang asmanipun The Liang Sing.
Sesampunipun The Liang Sing cekap yuswanipun. The Liang Sing
dipunparingi pitutur inggih menika The Liang Sing dipunutus kanjeng
sunan Sungging kangge kesah dhateng nuswantara.
Sesampunipun The Liang Sing dumugi ing negeri nuswantara,
kamangka sampun kumpul para wali ing satunggaling panggenan
kangge musawarah ing satunggaling dinten. Sunan Kudus
kawaruhan tamu sangking negeri Tiongkok. Dados dipuntimbali Kyai
Telingsing dipunutus damel kenang-kenangan kagge tamu saking
negeri Tiongkok. Kyai Telingsing damel kendhi kang wonten
lukisan/kaligrafi ing salebeting kendhi. Kendhi menika dipunaturaken
dening tamu Sunan Kudus. Kenang-kenanganipun namung kendhi,
lajeng kendhinipun dipunbalangaken. Salajengipun dipunbalangaken
kendhinipun pecah, lan wonten lukisan ing salebetipun. Seratan ing
kendhi ingkang dipun damel kyai Telingsing. Tamunipun langsung
pitados teng kyai telingsing, amargi Kyai telingsing pinter

nyinggung/ngelukis. Menawi menika dhusunipun dipunwastani


dhusun Sunggingan.

Anda mungkin juga menyukai