Anda di halaman 1dari 2

Assalamu'alaikum.. Wr. Wb.

Alhamdulillaahi robbil alamiin, wassolaatu wassalaamualaa asrofil anbiyaa ii wal mursaliin


sayyidina muhammadin, waala alihi waashabihi ajmain, robbi srohli sodri wahsirli amri
wahlul ukdatammi lisaani yafkohul kauli amma badu.
Hadhorotil muhtaromin poro alim 'ulma" sesepoh bini sepoh agami engkang kawulo tenggotenggo fatwah soho mauidhoh hasanahipon.
Bapak Kepala desa soho sak stafipon engkang insya Alloh kito taati
Bapak Shohibul hajjah engkang kawulo hormati
Segenap panitia engkang kawulo hormati
Hadirin hadirot engkang kawulo mulyakaken
Sak derengengipon kawulo mator, punopo engkang dados tugas kawulo, langkung rumiyen
monggo kito sareng-sareng tansyah muji syukur ing ngarso dalem Alloh SWT, engkang
sampon maringi kenikmatan dumateng kito sedoyo, arupi nikmat iman,islam soho kesehatan,
sahinggo kito sedoyo saget akrawuhi acara pengaosan ( tergantung apa acaranya) ing wedal
siang ( untuk siang ) dalu (untuk malam) kanti keadaan iman islam soho sehat wal afiyat.
mugi-mugi kanti ucapan syukor kolo wau kito dipon tambahi nikmatipun. amin allohumma
amin.
Nomer kalih ipun Sholawat soho salam monggo sareng-sareng kito aturaken dumateng
junjungan kito nabi agung muhammad SAW kanti waosan Allohumma sholli 'ala Sayyidina
muhammad wa ala alihi sayyidina muhammad. engkang sampon mbeto ajaran agami islam
sangking jaman jahilliyah ngantos jaman sak meniko.mugi-mugi kanti waosan solawat kolo
wau, mbenjang ing yaumil qiyyamat kito angsal syafaatipun lan kito di akeni dados umatipon
amin allohumma amin
Nomer tigo nipon teng mriki kawulo sebagai pembawa acara bade maosaken susunan acarao
engkang bade kalampah ing siang meniko.
acoro engkang no setunggal inggeh meniko pembukaan, pengaosan ayat-ayat suci alqur"an
dumawah acoro engkang no kaleh. wondene tahlil umum menempati adicoro engkang no
tigo. sambutan-sambutan menempati adicoro engkang no sekawan. wondene istirahat
menempati adicoro engkang no gangsal. Mauidhoh hasanah menempati adicoro engkang no
enem. wondene penutup/doa menempati adicoro engkang pamungkasan.
Hadirin,hadirot engkang kawulo mulyakaken.
Mekatenlah acoro engkang bade kalampah ing siang meniko, sak derengipon acoro-acoro ing
siang meniko kito milai monggo kito sareng-sareng kito bikak kanti waosan surotul fatihah,
alaniatushholihah alfatihah ( baca surat fatihah) selepas membaca fatihah. mator suwon atas
waosan surotul fatihah panjenengan sami, mugi-mugi kanti waosan surotul fatihah kolo wau
saget nglancaraken acoro ing siang meniko. lan mugi-mugi kanti waosan surotul fatihah kolo
wau ndadosanken amal kesaenan kito sedoyo amin allohumma amin.
Hadirin hadirot engkang kawulo mulyak aken
wondene adicoro engkang nomer kalih inggih meniko Pengaosan ayat-ayat suci Al Qur"an
engkang bade di pon waos sederek .....(nama yang akan membaca) Setelah selesai yang bac
di lanjutkan ....mekatenlah pengaosan ayat-ayat suci AL Qur"an, mugi-mugi kanti waosan
kolo wau nambahi iman kito sedoyo amin allohumma amin.

Hadirin,hadirot engkang kawulo mulyakaken.


adapun adicoro engkang nomer tigo inggeh meniko tahlil umum. wondene tahlil umum ing
dalu meniko engkang bade dipon ru ussi bapak ,,,,,(sebut namanya) dumateng
panjenenganipon kawulo aturaken ( tunggu sampai tahlil selesai setelah itu mekatenlah tahlil
umu, mugi-mugi kanti waosan kolo wau ndados aken amal kesahenan kito sedoyo. kito
sedoyo amin allohumma amin.
Hadirin,hadirot engkang kawulo mulyakaken.
wondene adicoro engkang nomer sekawan inggih meniko sambuta sakeng bapak kepala
desa, engdalu meniko engkang bade dipon aturaken bapak ( isi......)
Hadirin,hadirot engkang kawulo mulyakaken.
adapun adicoro engkang nomer 5 inggih meniko istirahat. tunggu beberapa saat ,,,,,kira-kira
10-30 menit tergantung keadaan.
Hadirin,hadirot engkang kawulo mulyakaken.
acoro istirahat kawulo kinten sampon cekap. wondene adicoro engkang no 6 inggeh meniko
Mauidhoh hasanah, adapun mauidhoh hasanah ingdalu meniko engkang bade dipon
beberaken Romo KH........ dumateng panjenenganipon kawulo aturake. ( tunggu sampai
ceramah selesai) di lanjutkan.
Hadirin,hadirot engkang kawulo mulyakaken.
mekatenlah mauidhoh hasanah engkang sampon dipon beberaken romo KH....... mugi-mugi
kanti penjelasan soho beberanipon kolowau saget nambahi ilmu kito, nambahi pengetahuan
kito. amin allohumma amin.
Hadirin,hadirot engkang kawulo mulyakaken.
wondene adicoro engkang pamungkasan inggeh meniko penutop. monggo acoro ingdalu
meniko sareng-sareng kito tutop kanti waosan hamdalah alhamdulillahirobbil "alamin.
mekatenlah acoro engkang sampon kalampah ing dalu muniko,mugi-mugi saget nambahi
ilmu soho manfaat bkagem kito sdoyo. kawulo sebagai pranoto acoro mbok bilih wonten
klenta klentunipon kawulo mator. kawulo pribadi nyuwon agunge pangapuro, akhiril kalam

Assalamu'alaikum.. Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai