Anda di halaman 1dari 1

Pidato Bahasa Jawa

Sugeng Siang
Ingkang kinurmatan Ibu Kepala sekolah ugi Bapak Ibu Guru ingkang satuhu
luhuring budi lan rencang rencang kelas 6 ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedoyo ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha
Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito
sedoyo dumugi sakmeniko kito
sedoyo saged kempal wontening adicara
perpisahan sak meniko.
Kula, wakil saking rencang rencang kelas 6 ngaturaken maturnuwun inkang sak
ageng agengipun kagem Bapak/Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo
lan sak konco konco dhateng pawiyatan menika ingkang dangunipun enem
warsa.
Mboten keraos kulo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh
wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak luhu
rencang rencang nyuwun agenging pangapunten saking Bapak/Ibu guru
amargi wonten ing enem warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo
lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan
mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak/Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo
kelepatan kulo lan rencang rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrad sanget badhe nilaraken pawiyatan meniko
amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun sederek lan keluargo.
Namung amargi kulo lan rencang-rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh
wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang-rencang kedah
saget dening ikhlas nilaraken pawitan meniko.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten
kalepatan kulo nyuwun agenging angapunten.
Sugeng Siang

Nama
No : 12

: Erdyan olivio Rizqi

Anda mungkin juga menyukai